Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 16A

Apa Yérusalèm Kuwi Nggambarké Gréja-Gréja?

Apa Yérusalèm Kuwi Nggambarké Gréja-Gréja?

Mbiyèn, wacan-wacan saka organisasi njelaské nèk Yérusalèm sing ora setya kuwi nggambarké gréja-gréja sing ngaku Kristen. Pancèn apa sing dilakoni karo wong-wong sing ora setya ing Yérusalèm ya dilakoni karo gréja-gréja sing ngaku Kristen, misalé padha-padha nyembah brahala lan bejat kelakuané. Tapi saiki, wektu njelaské ramalan-ramalané Alkitab, wacan-wacan saka organisasi kadhang njelaské soal gambaran lan persamaané, tapi kadhang ya ora, kecuali kuwi mémang dijelaské ing Alkitab. Buku iki ya kaya ngono. Dadi, apa Alkitab njelaské nèk Yérusalèm cocog dienggo nggambarké gréja-gréja? Ora.

Coba pikirna iki: Yérusalèm mauné dadi panggonan kanggo ngibadah marang Yéhuwah, ning akhiré wong-wongé dadi ora setya. Tapi, gréja-gréja ora tau ngibadah marang Yéhuwah. Kèt gréja-gréja kuwi mulai ana, yaiku sakwisé taun 300, kabèh sing diajarké ing kono mung ajaran sing palsu.

Sakliyané kuwi, sakwisé dihancurké karo wong-wong Babilon, Yérusalèm ditampa manèh karo Yéhuwah, dibangun manèh, lan dadi panggonan kanggo ngibadah marang Yéhuwah manèh. Tapi, ibadahé gréja-gréja ora tau ditampa karo Yéhuwah. Terus, sakwisé dihancurké pas sengsara gedhé, gréja-gréja ora bakal ana manèh.

Dadi, apa kesimpulané? Pas maca soal apa sing dilakoni wong-wong sing ora setya ing Yérusalèm, awaké dhéwé mungkin mikir nèk kuwi ya dilakoni karo gréja-gréja sing ngaku Kristen. Tapi, ing Alkitab ora ana keterangan sing njelaské nèk Yérusalèm kuwi cocog dienggo nggambarké gréja-gréja sing ngaku Kristen.