Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 18A

Yéhuwah Ngandhani Nèk Bakal Ana Perang sing Gedhé Banget

Yéhuwah Ngandhani Nèk Bakal Ana Perang sing Gedhé Banget

Ing Alkitab, ana akèh ramalan sing nyebutké nèk Yéhuwah bakal nyingkirké wong-wong sing nglawan Dhèwèké lan sing arep nyerang umaté. Sing disebutké ing kéné mung beberapa ramalan thok. Gatèkna apa waé persamaané. Saka ramalan-ramalan iki kétok nèk Yéhuwah péngin kabèh wong isa dikandhani lan nduwé kesempatan kanggo berubah.

JAMAN ISRAÈL MBIYÈN

YÈHÈZKIÈL: ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Aku bakal nyebabké ana perang nglawan Gog ing kabèh gunung-Ku.’”​—Yèh. 38:18-23.

YÉRÉMIA: ”[Yéhuwah] bakal ngadili kabèh wong. Dhèwèké bakal nyerahké wong jahat bèn dipatèni nganggo pedhang.”​—Yér. 25:31-33.

DANIÈL: ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan sing . . . bakal ngancurké lan ngremuk kabèh kerajaan mau.”​—Dan. 2:44.

JAMANÉ PARA RASUL

YÉSUS: ”Bakal ana sengsara gedhé sing durung tau kelakon kèt permulaan donya.”​—Mat. 24:21, 22.

PAULUS: ”Yésus . . . bareng karo para malaékaté sing kuwat . . . bakal ngukum wong-wong sing ora kenal Gusti Allah.”​—2 Tés. 1:6-9.

PÉTRUS: ”Dinané Yéhuwah bakal teka kaya maling. . . . Bumi lan kabèh sing ditindakké manungsa ing bumi bakal kétok jelas.”​—2 Ptr. 3:10.

YOHANES: ”Saka lambéné [Yésus] metu pedhang sing dawa lan landhep, sing digunakké kanggo nyingkirké bangsa-bangsa.”​—Why. 19:11-18.

JAMAN SAIKI

Alkitab dadi buku sing paling akèh diterjemahké lan isa diwaca karo wong akèh

UMATÉ YÉHUWAH JAMAN SAIKI . . .

  • Ngedumké wacan-wacan dienggo sinau Alkitab sing wis diterjemahké nganggo basa sing akèh banget

  • Nginjil nganti milyaran jam saben taun