Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 10B

Apa Hubungané ”Balung-Balung sing Garing” karo ”Seksi Loro”?

Apa Hubungané ”Balung-Balung sing Garing” karo ”Seksi Loro”?

TAUN 1919, ana loro ramalan sing kelakon, yaiku ramalan soal ”balung-balung sing garing” lan soal ”seksi loro”. Wahyu soal ”balung-balung sing garing” ngramalké nèk sakwisé wektu sing suwé banget (nganti atusan taun), umaté Gusti Allah sing jumlahé akèh banget bakal ”urip manèh”. (Yèh. 37:2-4; Why. 11:1-3, 7-13) Ramalan soal ”seksi loro” nduduhké nèk sakwisé wektu sing sedhéla (saka akhir 1914 nganti awal 1919), beberapa umaté Gusti Allah bakal ’urip manèh’. Peristiwa diuripké manèh ing loro ramalan kuwi mung kiasan. Ramalan kuwi loro-loroné kelakon taun 1919, wektu Yéhuwah nggawé wong-wong sing dipilih munggah swarga ”ngadeg”, maksudé dibébaské saka agama palsu lan nggabung dadi siji ing jemaat Kristen sing wis digawé murni.​—Yèh. 37:10.

Ning, loro ramalan kuwi ana bédané. Ramalan soal ”balung-balung sing garing” nduduhké nèk sing ”urip manèh” kuwi kabèh wong sing dipilih munggah swarga sing isih urip ing bumi. Tapi, ing ramalan soal ”seksi loro”, sing ’urip manèh’ kuwi mung beberapa wong sing dipilih munggah swarga, yaiku wong-wong sing mimpin organisasi sing dilantik dadi ”budhak sing setya lan wicaksana”.​—Mat. 24:45; Why. 11:6. *

”Lembah kuwi kebak balung”​—Yèh. 37:1

  1. SAKWISÉ 100 M

    Sakwisé 100 M: Wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga keadaané kaya wong sing dipatèni, kuwi digambarké kaya ”lembah” sing ”kebak balung”

  2. AWAL 1919

    1919: ”Balung-balung sing garing” urip manèh wektu kabèh wong sing dipilih munggah swarga dibébaské saka agama palsu lan nggabung dadi siji ing jemaat Kristen sing digawé murni

”Seksi Loro”​—Why. 11:3

  1. AKHIR 1914

    nginjil ”nganggo kain goni”

    1914: ”Seksi loro” nginjil ”nganggo kain goni” nganti telu setengah taun, bar kuwi ”dipatèni”

  2. keadaané kaya wong sing dipatèni

  3. AWAL 1919

    1919: ”Seksi loro” urip manèh wektu beberapa wong sing dipilih munggah swarga, yaiku sing mimpin organisasi, dilantik dadi ”budhak sing setya lan wicaksana”

^ par. 4 Deloken Menara Pengawal Maret 2016, ”Pertanyaan Pembaca”.