Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 1A

Ibadah Kuwi Maksudé Apa?

Ibadah Kuwi Maksudé Apa?

Ibadah kuwi maksudé ”tumindak sing nduduhké nèk ngajèni lan sayang karo sing dianggep gusti allah”. Ing Alkitab, kata sing diterjemahké dadi ”nyembah” utawa ”ngibadah” kuwi isa berarti ngajèni utawa manut karo ciptaan tertentu. (Mat. 28:9) Kuwi ya isa berarti nyembah Gusti Allah utawa déwa tertentu. (Yoh. 4:23, 24) Awaké dhéwé isa ngerti arti sing dimaksud nèk nggatèkké apa sing lagi dirembug.

Mung Yéhuwah sing pantes disembah merga Dhèwèké kuwi sing nyiptakké kabèh lan sing nduwé hak kanggo mréntah. (Why. 4:10, 11) Nyembah Yéhuwah kuwi maksudé ngluhurké jenengé lan ngakoni nèk Dhèwèké nduwé hak kanggo mréntah. (Mzm. 86:9; Mat. 6:9, 10) Buku Yèhèzkièl kerep mbahas soal jenengé Yéhuwah lan haké Yéhuwah kanggo mréntah. Ing buku Yèhèzkièl, istilah ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah” disebutké ping 217 lan kata-kata ”ngerti nèk Aku iki Yéhuwah” disebutké ping 55.​—Yèh. 2:4; 6:7.

Awaké dhéwé sayang lan ngajèni Yéhuwah. Tapi, kuwi thok ora cukup. Tumindaké awaké dhéwé ya kudu nduduhké nèk awaké dhéwé ngibadah marang Yéhuwah. (Yak. 2:26) Wektu nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé janji nèk bakal bener-bener manut karo Yéhuwah sing Mahakuwasa lan ngluhurké jenengé. Saka jawabané Yésus ing godhaan sing ketelu, awaké dhéwé isa ngerti nèk nyembah Yéhuwah kuwi berarti ”ngabdi” marang Dhèwèké. (Mat. 4:10) Merga nyembah Yéhuwah, awaké dhéwé bakal semangat ngabdi marang Dhèwèké. * (PT. 10:12) Wektu awaké dhéwé ngabdi marang Gusti Allah, awaké dhéwé bakal gelem nggawé pengorbanan kanggo nindakké kegiatan-kegiatan sing ana hubungané karo ibadah. Contoné apa?

Kegiatan sing ana hubungané karo ibadah kuwi ana akèh. Misalé, nginjil, teka ngibadah lan mèlu mènèhi koméntar, mbangun lan ngrawat panggonan ibadah, nindakké ibadah keluarga, mènèhi bantuan kanggo sedulur-sedulur sing kena bencana, dadi rélawan ing kebaktian, utawa nglayani ing Bètel. Kuwi kabèh berharga banget kanggo Yéhuwah. (Ibr. 13:16; Yak. 1:27) Nèk ngutamakké ibadah, awaké dhéwé bakal ”nindakké tugas suci awan lan bengi”. Awaké dhéwé mesthi seneng wektu ngibadah marang Yéhuwah.​—Why. 7:15.

^ par. 5 Salah siji kata Ibrani sing artiné nyembah kuwi ya isa berarti ngabdi. Dadi, nyembah kuwi berarti ngabdi.