Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 7B

Kata-Kata Penting ing Buku Yèhèzkièl

Kata-Kata Penting ing Buku Yèhèzkièl

”Anaké Manungsa”

LUWIH SAKA PING 90

Yèhèzkièl disebut ”anaké manungsa” luwih saka ping 90. (Yèh. 2:1) Yéhuwah ngélingké Yèhèzkièl nèk dhèwèké mung manungsa biasa senajan nduwé tugas istiméwa. Ing Kitab Injil, Yésus ya disebut ”Anaké manungsa” kira-kira ping 80. Kuwi nduduhké nèk Yésus bener-bener manungsa wektu ing bumi, dudu malaékat sing wujudé manungsa.​—Mat. 8:20.

”. . . Bakal Ngerti Nèk Aku Iki Yéhuwah”

LUWIH SAKA PING 50

Liwat Yèhèzkièl, Yéhuwah ngomong nèk wong-wong ”bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah”. Kuwi ditulis luwih saka ping 50. Kuwi nduduhké nèk mung Yéhuwah sing kudu disembah.​—Yèh. 6:7.

”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah”

PING 217

Kata-kata ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah” ditulis ping 217. Gelar kuwi nduduhké nèk jenengé Yéhuwah kudu dihormati lan Yéhuwah kuwi sing paling unggul saka kabèh ciptaané.​—Yèh. 2:4.