Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 15A

Mbakyu Adhi sing Dadi Pelacur

Mbakyu Adhi sing Dadi Pelacur

Ing Yèhèzkièl bab 23 dicritakké nèk Yéhuwah nesu karo umaté sing ora setya. Isiné bab iki mèh padha karo bab 16. Loro-loroné nyritakké perumpamaan soal mbakyu adhi sing dadi pelacur. Yérusalèm kuwi adhiné, terus Samaria kuwi mbakyuné. Ing rong bab kuwi dicritakké nèk mbakyuné dhisik sing dadi pelacur, terus adhiné mèlu-mèlu, malah luwih bejat. Ing bab 23, Yéhuwah ngandhani jenengé wong loro kuwi: Mbakyuné sing jenengé Ohola nggambarké Samaria, ibu kotané kerajaan Israèl sepuluh suku. Adhiné sing jenengé Oholiba nggambarké Yérusalèm, ibu kotané Yéhuda. *​—Yèh. 23:1-4.

Ing rong bab kuwi ya dicritakké nèk pelacur loro kuwi sakjané bojoné Yéhuwah, ning akhiré dadi ora setya. Tapi, ing kono disebutké nèk Yéhuwah mènèhi harapan. Ing bab 16 disebutké janjiné Yéhuwah nèk Dhèwèké bakal nampa umaté manèh. Ing bab 23 ora langsung disebutké kaya ngono, tapi ana janji sing mèh padha karo sing disebutké ing bab 16. Yéhuwah janji, ”Aku bakal nggawé kowé ora nindakké sing bejat manèh lan ora melacur manèh.”​—Yèh. 16:16, 20, 21, 37, 38, 41, 42; 23:4, 11, 22, 23, 27, 37.

Apa Wong Loro Kuwi Nggambarké Gréja-Gréja?

Mbiyèn, ing wacan-wacan saka organisasi dijelaské nèk Ohola lan Oholiba kuwi nggambarké gréja-gréja sing ngaku Kristen, yaiku Katolik lan Protèstan. Ning, sakwisé dipelajari lan dipikirké manèh karo ndonga, ternyata penjelasan kuwi ora pas. Apa gréja-gréja kuwi tau dadi bojoné Yéhuwah? Ora. Apa Yéhuwah tau nggawé perjanjian karo gréja-gréja? Ora. Gréja-gréja kuwi ora tau dadi bagéan saka Israèl rohani, yaiku wong-wong Kristen sing dilantik roh suci. Malah, wektu Yéhuwah nggawé ”perjanjian anyar” karo Israèl rohani liwat Yésus, gréja-gréja kuwi durung ana. (Yér. 31:31; Luk. 22:20) Gréja-gréja lagi ana sakwisé taun 300, suwé sakwisé para rasul mati. Gréja-gréja kuwi isiné wong-wong Kristen sing dadi murtad, sing digambarké kaya ”alang-alang” ing perumpamaané Yésus soal gandum lan alang-alang.​—Mat. 13:24-30.

Sakliyané kuwi, ing Alkitab dicritakké nèk Yérusalèm lan Samaria diwènèhi harapan arep ditampa manèh karo Yéhuwah. (Yèh. 16:41, 42, 53-55) Tapi, gréja-gréja ora diwènèhi harapan kaya ngono. Gréja-gréja kuwi bakalé disingkirké bareng karo agama palsu liyané.

Dadi, Ohola lan Oholiba ora nggambarké gréja-gréja. Tapi, saka critané Ohola lan Oholiba, awaké dhéwé dadi ngerti piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok wong-wong sing ngakuné ngibadah marang Yéhuwah, ning ora manut pathokané lan malah ngrusak jenengé Yéhuwah. Gréja-gréja sakjané ya kaya ngono. Gréja-gréja ngakuné dadi wakilé Gusti Allah. Gréja-gréja ya ngakuné dadi muridé Yésus, Anaké Yéhuwah, tapi gréja-gréja ngajarké nèk Yésus dadi bagéan saka Tritunggal. Gréja-gréja ya ora manut karo Yésus merga isih ”padha kaya wong-wong ing donya iki”. (Yoh. 15:19) Gréja-gréja kuwi bener-bener dadi bagéan saka ”pelacur gedhé” merga terus-terusan nyembah brahala lan mèlu-mèlu politik. (Why. 17:1) Mulané, gréja-gréja kuwi bakal disingkirké bareng karo agama palsu liyané.

^ par. 3 Ohola kuwi artiné ”Kémahé”. Kétoké, Israèl dijenengi kuwi merga wong-wong ing kono ngibadah ing kémah, utawa tempat ibadah, gawéané dhéwé, dudu ing baité Yéhuwah ing Yérusalèm. Nèk Oholiba artiné ”Kémah-Ku Ana ing Njeroné”. Jeneng kuwi cocog merga baité Yéhuwah ana ing Yérusalèm.