Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 2B

Yèhèzkièl—Peristiwa sing Dialami lan sing Kelakon ing Jamané

Yèhèzkièl—Peristiwa sing Dialami lan sing Kelakon ing Jamané

Jeneng Yèhèzkièl artiné ”Gusti Allah Nguwatké”. Isi ramalané Yèhèzkièl akèh-akèhé soal berita penghukuman. Tapi, sakjané berita utama sing disampèkké Yèhèzkièl kuwi sesuai karo arti jenengé lan isa nguwatké imané wong-wong sing péngin nindakké ibadah sing murni.

NABI-NABI ING JAMANÉ YÈHÈZKIÈL

  • YÉRÉMIA

    Keturunané imam, suwé nglayani ing Yérusalèm (647-580 SM)

  • HULDA

    Nglayani kira-kira taun 642 SM, pas buku Hukum Musa ditemokké ing bait

  • DANIÈL

    Keturunané suku Yéhuda, sukuné raja-raja. Digawa ing Babilon taun 617 SM

  • HABAKUK

    Kayané nglayani ing Yéhuda pas Yéhoyakim mulai mréntah dadi raja

  • OBAJA

    Ngramalké nèk Édom bakal dihukum. Ramalan kuwi kétoké disampèkké pas Yérusalèm dihancurké

KAPAN WONG-WONG KUWI NYAMPÈKKÉ RAMALAN? (KABÈH TAUN SM)

PERISTIWA PENTING SING DIALAMI YÈHÈZKIÈL (KABÈH TAUN SM)

  1. ±643: Lair

  2. 617: Ditawan ing Babilon

  3. 613: Mulai nyampèkké ramalan lan éntuk wahyu saka Yéhuwah

  4. 612: Éntuk wahyu soal wong Israèl sing nyembah déwa ing bait

  5. 611: Mulai nyampèkké berita penghukuman kanggo Yérusalèm

  6. 609: Bojoné mati, lan terakhir kali Yérusalèm dikepung

  7. 607: Éntuk kabar nèk Yérusalèm wis dihancurké

  8. 593: Éntuk wahyu soal bait

  9. 591: Ngramalké Nébukhadnézar nyerang Mesir. Yèhèzkièl rampung nulis bukuné

RAJA-RAJA YÉHUDA LAN BABILON

  1. 659-629: Yosia ngupaya bèn rakyaté nindakké ibadah sing murni, ning dhèwèké mati pas perang nglawan Firaun Nékho

  2. 628: Yéhoahaz, raja sing jahat, mréntah telung sasi lan ditangkep karo Firaun Nékho

  3. 628-618: Yéhoyakim kuwi raja sing jahat. Dhèwèké dadi abdiné Firaun Nékho

  4. 625: Nébukhadnézar ngalahké pasukan Mesir

  5. 620: Nébukhadnézar nyerang Yéhuda. Kuwi serangan sing pertama. Yéhoyakim dadi abdiné Nébukhadnézar ing Yérusalèm

  6. 618: Yéhoyakim mbrontak nglawan Nébukhadnézar lan kayané mati pas pasukan Babilon nyerang Tanah Perjanjian. Kuwi serangan sing keloro

  7. 617: Yéhoyakhin, sing disebut Yékonia, kuwi raja sing jahat. Dhèwèké mréntah telung sasi lan nyerah marang Nébukhadnézar

  8. 617-607: Zédékia dadi abdiné Nébukhadnézar. Zédékia kuwi raja sing jahat lan wedinan

  9. 609: Zédékia mbrontak nglawan Nébukhadnézar, terus Nébukhadnézar nyerang Yéhuda. Kuwi serangan sing ketelu

  10. 607: Nébukhadnézar nyerang Yérusalèm. Terus, dhèwèké nangkep Zédékia, nggawé Zédékia wuta, lan nggawa Zédékia ing Babilon