Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 2A

Ramalané Yèhèzkièl

Ramalané Yèhèzkièl

RAMALAN KUWI APA?

Ing Alkitab, kata kerja Ibrani nava, diterjemahké dadi ”ngramal”. Kata kuwi maksudé nyampèkké berita, hukuman, ajaran, utawa préntah saka Gusti Allah. Kata kuwi ya berarti nyampèkké berita saka Gusti Allah soal apa sing bakal kelakon. Kabèh kuwi ana ing ramalané Yèhèzkièl.​—Yèh. 3:10, 11; 11:4-8; 14:6, 7; 37:9, 10; 38:1-4.

CARANÉ RAMALAN KUWI DISAMPÈKKÉ

  • WAHYU

  • PERUMPAMAAN

  • PERAGAAN

Ing buku Yèhèzkièl, ana ramalan sing disampèkké liwat wahyu, perumpamaan, crita, lan peragaan.

PIYÉ RAMALAN KUWI KELAKON?

Ana ramalané Yèhèzkièl sing kelakon luwih saka ping pisan. Misalé, ramalan-ramalan sing nyritakké nèk umaté Gusti Allah bakal dibébaské kelakon wektu bangsa Israèl bali ing Tanah Perjanjian. Tapi, kaya sing dibahas ing Bab 9, ramalan-ramalan kuwi ya kelakon ing jaman saiki lan bakal kelakon ing masa depan.

Mbiyèn, awaké dhéwé kerep nggolèki gambaran lan persamaan saka ramalané Yèhèzkièl. Tapi, buku iki ora bakal nyebutké nèk wong, barang, panggonan, utawa peristiwa tertentu kuwi gambaran sing ana persamaané, kecuali Alkitab dhéwé sing njelaské. * Buku iki njelaské nèk ramalané Yèhèzkièl ora mung kelakon ing jaman mbiyèn, tapi ya kelakon ing jaman saiki lan ing masa depan. Saka buku iki, awaké dhéwé ya bakal ngerti apa sing isa disinaoni saka berita sing disampèkké Yèhèzkièl, termasuk saka wong-wong, panggonan, lan peristiwa sing dicritakké.

^ par. 12 Bèn isa ngerti keterangan soal gambaran lan persamaan [padanan], deloken Menara Pengawal 15 Maret 2015 halaman 9-10 paragraf 7-12 lan bagéan ”Pertanyaan Pembaca” halaman 17-18.