Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 16B

Sambat lan Susah, Mènèhi Tandha, Ngancurké—Kapan lan Apa Maksudé?

Sambat lan Susah, Mènèhi Tandha, Ngancurké—Kapan lan Apa Maksudé?

Wahyu sing ditulis ing Yèhèzkièl bab 9 ya kelakon ing jamané awaké dhéwé. Apa maksudé wahyu sing ditulis Yèhèzkièl kuwi? Awaké dhéwé perlu sinau soal kuwi bèn isa ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn

”Sambat lan susah”

KAPAN: Pas akhir jaman, sakdurungé sengsara gedhé

APA MAKSUDÉ: Wong-wong kudu bener-bener ora seneng karo apa sing jahat. Kuwi kudu kétok saka omongan lan tumindaké. Wong-wong kuwi kudu nampa kabar apik, niru sipat-sipaté Yésus, nggawé janji ngabdi lan dibaptis, lan terus ndhukung sedulur-seduluré Yésus

”Mènèhi tandha”

KAPAN: Pas sengsara gedhé

APA MAKSUDÉ: Wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis nggambarké Yésus sing bakal teka kanggo ngadili wong-wong. Wong-wong sing dianggep domba berarti wong-wong kuwi diwènèhi tandha. Wong-wong kuwi dadi bagéan saka kumpulan gedhé sing bakal dislametké pas Armagédon

”Ngancurké”

KAPAN: Pas Armagédon

APA MAKSUDÉ: Yésus karo pasukané, yaiku para malaékat lan 144.000 wong sing dadi raja bareng karo Yésus ing swarga, bakal matèni wong-wong sing jahat lan nylametké wong-wong sing setya