Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KOTHAK INFORMASI 20A

Tanahé Dibagi-bagi

Tanahé Dibagi-bagi

Yéhuwah njelaské batas-batasé Tanah Perjanjian bèn wong-wong sing ditawan yakin nèk tanah Israèl bakalé bener-bener isa dienggoni manèh. Saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki, ana loro sing isa dipelajari.

Kabèh nduwé panggonan lan tugas sing penting

Mbiyèn, kabèh sing dibébaské saka penawanan isa manggon ing Tanah Perjanjian lan éntuk warisan tanah. Saiki, umaté Yéhuwah kabèh ya isa manggon ing firdaus rohani lan nduwé tugas sing penting, ora soal tugasé kuwi akèh utawa sithik. Yéhuwah nganggep umaté kabèh berharga.

Tanahé dibagi rata

Yèhèzkièl ndelok nèk Tanah Perjanjian dibagi rata lan kabèh wong Israèl padha-padha éntuk tanah sing subur. Saiki, kabèh umaté Yéhuwah ya padha-padha éntuk berkah saka firdaus rohani.