Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 4

”Malaékat sing Nduwé Wajah Papat” Nggambarké Apa?

”Malaékat sing Nduwé Wajah Papat” Nggambarké Apa?

YÈHÈZKIÈL 1:15

INTINÉ: Keterangan soal malaékat papat lan sing isa disinaoni saka malaékat-malaékat kuwi

1, 2. Ngapa kok Yéhuwah kadhang-kadhang nggunakké gambar wektu mulang manungsa?

 BAYANGNA ana keluarga sing lagi sinau soal Yéhuwah bareng karo anaké sing isih cilik. Bapaké nggunakké gambar-gambar bèn anaké isa luwih paham apa sing lagi disinaoni. Anaké seneng banget lan isa nyritakké apa sing lagi disinaoni. Kuwi berarti bapaké berhasil ngajari anaké. Sakjané, pengetahuan Alkitab soal Yéhuwah kuwi angèl dipahami karo anaké sing isih cilik. Tapi merga bapaké nggunakké gambar, anaké dadi isa paham soal kuwi.

2 Kaya bapak kuwi, Yéhuwah ya nggunakké gambar kanggo mbantu manungsa bèn isa ngerti soal swarga merga kuwi angèl dipahami lan ora isa didelok. Misalé, Yéhuwah mènèhi wahyu marang Yèhèzkièl bèn dhèwèké isa ngerti soal Yéhuwah. Ing Bab 3, awaké dhéwé wis mbahas salah siji bagéan saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl. Saiki, awaké dhéwé bakal mbahas bagéan liyané saka wahyu kuwi sing isa mbantu awaké dhéwé tambah cedhak karo Yéhuwah.

’Ana sing Kétok Kaya Malaékat Jumlahé Ana Papat’

3. (a) Nurut Yèhèzkièl 1:4, 5, Yèhèzkièl ndelok apa? (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Nèk nggatèkké kata-kata sing kerep digunakké Yèhèzkièl, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

3 Wacanen Yèhèzkièl 1:4, 5. Yèhèzkièl ngomong nèk ”ana sing kétok kaya malaékat” sing ”jumlahé ana papat” lan wajahé kaya manungsa lan kéwan. Yèhèzkièl ngupaya njelaské apa sing didelok kuwi nggunakké kata ”ana sing kétok kaya” malaékat. Ing Yèhèzkièl bab 1, Yèhèzkièl kerep nggunakké kata ”kaya” lan ”kétok kaya”. (Yèh. 1:13, 24, 26) Dadi, Yèhèzkièl ngerti nèk sing didelok kuwi mung gambaran saka sesuatu sing ora kétok ing swarga.

4. (a) Piyé perasaané Yèhèzkièl wektu ndelok wahyu kuwi? (b) Yèhèzkièl ngerti apa soal kerub-kerub?

4 Yèhèzkièl mesthi nggumun banget wektu ndelok lan ngrungokké wahyu saka Gusti Allah. Malaékat papat sing didelok Yèhèzkièl kuwi kétok kaya ”bara sing murub”. Malaékat-malaékat kuwi maburé cepet banget kaya ”kilat”. Swara sayapé malaékat-malaékat kuwi kaya ”grojogan”. Pas malaékat-malaékat kuwi gerak, swara sayapé kaya ”pasukan tentara”. (Yèh. 1:13, 14, 24-28; deloken kothak ”Aku Lagi Nggatèkké Malaékat-Malaékat Kuwi”.) Wektu éntuk wahyu manèh, Yèhèzkièl nyebut malaékat papat kuwi ”kerub-kerub”. (Yèh. 10:2) Merga Yèhèzkièl kuwi anaké imam, dhèwèké mesthi ngerti nèk kerub-kerub kuwi pelayané Gusti Allah sing ana ing cedhaké Gusti Allah.​—1 Bb. 28:18; Mzm. 18:10.

”Saben Malaékat kuwi Wajahé Ana Papat”

5. (a) Ngapa kok wajah papat saka saben kerub isa nduduhké nèk Yéhuwah kuwi kuwasané gedhé lan pantes diluhurké? (b) Ngapa kok keterangané Yèhèzkièl soal papat ciptaan kuwi ngélingké awaké dhéwé karo arti jenengé Yéhuwah? (Deloken cathetan ngisor.)

5 Wacanen Yèhèzkièl 1:6, 10. Yèhèzkièl ya ndelok nèk saben kerub kuwi nduwé wajah papat, yaiku wajah manungsa, singa, sapi lanang, lan elang. Wektu ndelok kuwi, Yèhèzkièl mesthi kagum merga dhèwèké isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi kuwasané gedhé lan pantes diluhurké. Kok isa? Apa hubungané? Singa kuwi kéwan sing gagah, sapi lanang kuwi kéwan sing kuwat, elang kuwi manuk sing hébat, lan manungsa kuwi ciptaané Yéhuwah sing paling istiméwa sing nguwasani kabèh ciptaan liyané ing bumi. Dadi, ciptaan-ciptaan kuwi hébat, kuwat, lan nduwé kuwasa. (Mzm. 8:4-6) Ning, papat ciptaan sing hébat kuwi ana ing ngisor takhtané Yéhuwah. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Mahakuwasa lan isa nggunakké ciptaané kanggo nindakké apa sing dikarepké. * Kuwi cocog karo kata-katané sing nulis Mazmur sing kandha nèk Yéhuwah kuwi ”mulya banget nganti ngluwihi langit lan bumi”.​—Mzm. 148:13.

Wajah papat saka kerub-kerub nduduhké nèk Yéhuwah kuwi pantes diluhurké, nduwé kuwasa sing gedhé, lan nduwé sipat-sipat liyané. (Deloken paragraf 5, 13)

6. Apa sing mungkin nggawé Yèhèzkièl ngerti artiné wajah papat kuwi?

6 Sakwisé ndelok wahyu kuwi, Yèhèzkièl mikirké apa artiné wajah papat kuwi. Yèhèzkièl mungkin éling nèk abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn tau nggunakké kéwan dienggo nggambarké sipat-sipaté manungsa. Misalé, Yakub kandha nèk Yéhuda kuwi kaya singa lan Bènyamin kaya serigala. (PD. 49:9, 27) Kok isa? Kuwi merga sipat-sipaté Yéhuda, Bènyamin, lan keturunané bakal kaya sipat-sipaté singa lan serigala. Dadi, merga mikirké conto-conto saka Kitab Suci, Yèhèzkièl mungkin dadi ngerti nèk wajahé kerub-kerub kuwi ya nggambarké sipat-sipat sing luar biasa. Sipat-sipat apa waé?

Sipat-sipaté Yéhuwah lan Para Malaékat

7, 8. Wajah singa, elang, sapi lanang, lan manungsa kerep dihubungké karo sipat apa?

7 Singa, elang, lan sapi lanang kerep dihubungké karo sipat apa? Bèn ngerti jawabané, ayo nggatèkké omongané para penulis Alkitab sing urip sakdurungé jamané Yèhèzkièl. Misalé, ana penulis Alkitab sing ngomong, ”Wong-wong sing kendel kaya singa.” (2 Sam. 17:10; WB. 28:1) ’Manuk elang mabur ing ndhuwur lan mripaté ndelok saka kadohan.’ (Ayb. 39:27, 29) ”Nèk ana sapi lanang sing kuwat, panènan dadi akèh.” (WB. 14:4) Nurut ayat-ayat kuwi lan keterangan ing wacan-wacan saka organisasi, wajah singa sing kendel nggambarké keadilan, wajah elang sing isa ndelok saka kadohan nggambarké kawicaksanan, lan wajah sapi lanang nggambarké kekuwatan sing luar biasa.

8 Terus, ”wajah manungsa” nggambarké apa? (Yèh. 10:14) Kuwi mesthi nggambarké sipat sing ora diduwèni kéwan. Ing bumi, mung manungsa sing isa nduduhké sipat kuwi merga manungsa diciptakké mirip karo Gusti Allah. (PD. 1:27) Sipat kuwi dijelaské ing préntahé Gusti Allah iki, ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu,” lan, ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.” (PT. 6:5; Km. 19:18) Nèk manut karo préntah kuwi, berarti awaké dhéwé niru Yéhuwah sing nresnani umaté. Rasul Yohanes kandha, ”Awaké dhéwé nresnani Gusti Allah, merga Gusti Allah luwih dhisik nresnani awaké dhéwé.” (1 Yoh 4:8, 19) Dadi, ”wajah manungsa” nggambarké katresnan.

9. Sapa waé sing nduwé sipat-sipat sing digambarké karo wajah papat saka kerub-kerub?

9 Sapa waé sing nduwé sipat-sipat kuwi? Awaké dhéwé wis ngerti nèk kerub-kerub kuwi nggambarké kabèh malaékaté Yéhuwah. Kuwi berarti kabèh malaékaté Yéhuwah sing setya nduwé sipat-sipat kuwi. (Why. 5:11) Merga Yéhuwah sing nyiptakké kerub-kerub, Yéhuwah mesthi ya nduwé sipat-sipat kuwi. (Mzm. 36:9) Mula, wajah papat kuwi ya nggambarké sipat-sipaté Yéhuwah. (Ayb. 37:23; Mzm. 99:4; WB. 2:6; Mi. 7:18) Piyé carané Yéhuwah nduduhké sipat-sipat sing luar biasa kuwi?

10, 11. Awaké dhéwé isa éntuk manfaat apa saka sipat-sipat utamané Yéhuwah?

10 Keadilan. Yéhuwah ”seneng karo tumindak sing adil” lan ”ora pilih kasih”. (Mzm. 37:28; PT. 10:17) Dadi, ora soal kedudukan utawa latar belakangé awaké dhéwé, awaké dhéwé isa dadi abdiné Yéhuwah lan nampa berkah sing ana saklawasé. Kawicaksanan. Merga Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing ”wicaksana”, Dhèwèké mènèhi awaké dhéwé Alkitab sing isiné naséhat-naséhat sing kebak ”kawicaksanan”. (Ayb. 9:4; WB. 2:7) Nèk manut karo naséhat-naséhat kuwi, awaké dhéwé dadi isa ngatasi masalah saben dina lan urip bahagia. Kuwasa. Merga ”nduwé kuwasa sing gedhé”, Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo mènèhi awaké dhéwé ”kekuwatan sing luar biasa”. Hasilé, awaké dhéwé isa terus kuwat ngadhepi masalah apa waé.​—Nah. 1:3; 2 Kor. 4:7; Mzm. 46:1.

11 Katresnan. Merga ”nduwé katresnan sing gedhé banget”, Yéhuwah ora bakal ninggalké abdiné sing setya. (Mzm. 103:8; 2 Sam. 22:26) Mungkin ana sing ora isa ngabdi marang Yéhuwah kaya mbiyèn manèh merga lara utawa wis tuwa. Kuwi isa nggawé sedhih. Ning, awaké dhéwé isa terhibur merga ngerti nèk Yéhuwah ora lali karo katresnan lan upayané awaké dhéwé kanggo nglayani Yéhuwah. (Ibr. 6:10) Awaké dhéwé wis éntuk manfaat merga Yéhuwah nduduhké keadilan, kawicaksanan, kuwasa, lan katresnan. Awaké dhéwé ya bakal terus éntuk manfaat saka sipat-sipat utamané Yéhuwah kuwi.

12. Apa awaké dhéwé isa ngerti kabèh sipaté Yéhuwah? Jelasna.

12 Awaké dhéwé kudu éling nèk manungsa mung ngerti ”sithik” soal sipat-sipaté Yéhuwah. (Ayb. 26:14) ”Awaké dhéwé ora isa paham sak kabèhé soal Sing Mahakuwasa” merga ”tumindaké hébat banget lan ora isa dipahami”. (Ayb. 37:23; Mzm. 145:3) Dadi, sipat-sipaté Yéhuwah kuwi ora isa diétung, lan saben sipat ana hubungané karo sipat-sipat liyané. (Wacanen Roma 11:33, 34.) Sakjané, wahyu sing didelok Yèhèzkièl ya nduduhké nèk sipat-sipaté Yéhuwah ora isa diétung. (Mzm. 139:17, 18) Saka ngendi awaké dhéwé isa ngerti soal kuwi?

”Wajahé Ana Papat lan Sayapé Ana Papat”

13, 14. (a) Wajah papat saka kerub-kerub kuwi secara keseluruhan nggambarké apa? (b) Kok isa wajah papat saka kerub-kerub kuwi ora mung nggambarké papat sipaté Yéhuwah?

13 Yèhèzkièl ndelok nèk saben kerub nduwé wajah papat. Kuwi artiné apa? Ing Alkitab, angka papat biasané nggambarké sesuatu sing lengkap utawa sing mencakup kabèh. (Yés. 11:12; Mat. 24:31; Why. 7:1) Wektu nyritakké wahyu iki, Yèhèzkièl kerep nyebutké angka papat. (Yèh. 1:5-18) Kaya sing wis disinaoni sakdurungé, kerub papat nggambarké kabèh malaékaté Yéhuwah sing setya. Dadi, wajah papat saka kerub-kerub kuwi secara keseluruhan nggambarké kabèh sipaté Yéhuwah. *

14 Kok isa wajah papat saka kerub-kerub kuwi ora mung nggambarké papat sipaté Yéhuwah? Awaké dhéwé isa mbandhingké kuwi karo rodha papat sing didelok Yèhèzkièl. Saben rodha kuwi pancèn luar biasa. Tapi, secara keseluruhan kabèh rodha kuwi dadi bagéan penting saka krétané Yéhuwah. Padha kaya kuwi, wajah papat saka kerub-kerub kuwi secara keseluruhan ora mung nggambarké papat sipaté Yéhuwah. Kabèh sipat kuwi dadi bagéan penting saka kepribadiané Yéhuwah sing luar biasa.

Yéhuwah Cedhak karo Kabèh Abdiné sing Setya

15. Saka wahyu sing pertama, Yèhèzkièl isa ngerti soal apa?

15 Saka wahyu sing pertama iki, Yèhèzkièl isa sinau sesuatu sing penting soal hubungané karo Yéhuwah. Apa kuwi? Ing awal buku Yèhèzkièl, dhèwèké nulis nèk dhèwèké ana ”ing tanahé wong Khaldéa”. Terus, dhèwèké kandha, ”Ing kono, aku ngrasakké kekuwatané Yéhuwah.” (Yèh. 1:3) Yèhèzkièl kandha nèk dhèwèké nampa wahyu ing kono, yaiku ing Babilon, dudu Yérusalèm. * Dadi, Yèhèzkièl ngerti soal apa? Senajan Yèhèzkièl kuwi mung tawanan sing manggon adoh saka Yérusalèm lan baité Gusti Allah, Yéhuwah ora ninggalké dhèwèké. Ora soal kedudukané apa lan manggon ing endi, Yèhèzkièl tetep isa ngibadah marang Yéhuwah. Sing penting dhèwèké tulus lan péngin nyembah Yéhuwah.

16. (a) Ngapa kok wahyu sing didelok Yèhèzkièl ya isa nguwatké awaké dhéwé? (b) Apa sing nggawé njenengan péngin nglayani Yéhuwah saktulusé ati?

16 Sing disinaoni Yèhèzkièl kuwi ya isa nguwatké awaké dhéwé. Ora soal awaké dhéwé manggon ing endi, lagi ngadhepi masalah apa waé, utawa piyé keadaané, Yéhuwah bakal tetep cedhak nèk awaké dhéwé tulus ngabdi marang Dhèwèké. (Mzm. 25:14; Kis. 17:27) Katresnané Yéhuwah marang umaté gedhé banget, mula Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté. (Pa. 34:6) Ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé. (Mzm. 100:5; Rm. 8:35-39) Sakliyané kuwi, wahyu iki nduduhké nèk Yéhuwah kuwi suci lan kuwasané gedhé banget. Iki ngélingké awaké dhéwé nèk mung Yéhuwah sing pantes disembah. (Why. 4:9-11) Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga Yéhuwah mènèhi wahyu kaya ngono bèn awaké dhéwé ngerti soal Dhèwèké lan sipat-sipaté. Nèk ngerti luwih akèh soal sipat-sipaté Yéhuwah, awaké dhéwé bakal saya cedhak karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal ngupaya sak isa-isané kanggo muji lan nglayani Yéhuwah saktulusé ati.​—Luk. 10:27.

Ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé (Deloken paragraf 16)

17. Pertanyaan apa waé sing bakal dibahas ing bab-bab sakterusé?

17 Tapi, ing jamané Yèhèzkièl, ibadah marang Yéhuwah dadi ora murni manèh. Kok isa? Piyé tanggepané Yéhuwah? Apa hubungané peristiwa kuwi karo awaké dhéwé saiki? Pertanyaan-pertanyaan kuwi bakal dibahas ing bab-bab sakterusé.

^ par. 5 Keterangané Yèhèzkièl soal papat ciptaan kuwi ngélingké awaké dhéwé karo arti jenengé Yéhuwah, yaiku ”Sing Nyebabké Dadi”. Kuwi berarti Yéhuwah isa nyebabké kabèh ciptaané dadi apa waé sing dibutuhké bèn tujuané Yéhuwah kelakon.​—Deloken Lampiran A4 ing Terjemahan Donya Anyar.

^ par. 13 Wacan-wacan saka organisasi wis mbahas kira-kira 50 sipaté Yéhuwah.​—Deloken Indeks Publikasi Menara Pengawal ing bagéan ”Yehuwa”, subjudul ”Sifat-Sifat Berdasarkan Nama”.

^ par. 15 Ana komentator Alkitab sing kandha nèk kata ”ing kono” sing digunakké Yèhèzkièl nduduhké nèk Yèhèzkièl ”nggumun banget . . . Gusti Allah ana ing kono, yaiku ing Babilon. Kuwi mesthi bener-bener nguwatké Yèhèzkièl”.