Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 1

”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing Kudu Mbok Sembah”

”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing Kudu Mbok Sembah”

MATIUS 4:10

INTINÉ: Alesané wong-wong saiki kudu nindakké ibadah sing murni

1, 2. Piyé critané kok Yésus isa ana ing Padhang Belantara Yudéa taun 29 M, lan apa waé sing kelakon ing kono? (Deloken gambar ing awal bab.)

 KIRA-KIRA akhir Oktober utawa awal November taun 29 M, Yésus dibaptis lan dilantik roh suci. Bar kuwi, dhèwèké dituntun roh suci menyang Padhang Belantara Yudéa sing ana ing sisih loré Laut Mati. Panggonan kuwi gersang, akèh watuné, lan ana jurangé. Ing kono, wis 40 dina Yésus pasa, ndonga, lan mikirké apa sing diwulangké Yéhuwah marang dhèwèké. Mungkin, wektu kuwi Yéhuwah ya omong-omongan karo Yésus bèn Yésus isa siap nindakké tugasé.

2 Terus, pas Yésus ngelih, Sétan marani dhèwèké. Peristiwa sing kelakon sakwisé kuwi ana hubungané karo njenengan lan kabèh sing péngin nindakké ibadah sing murni.

”Nèk Kowé Pancèn Anaké Gusti Allah . . . ”

3, 4. (a) Wektu mulai nggodha Yésus, Sétan ngomong apa, lan sakjané maksudé Sétan kuwi apa? (b) Piyé carané Sétan nggodha awaké dhéwé?

3 Wacanen Matius 4:1-7. Wektu mulai nggodha Yésus, Sétan ngomong, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah.” Kata-kata kuwi diucapké Sétan ing godhaan sing pertama lan keloro. Apa kuwi berarti Sétan ora percaya nèk Yésus kuwi anaké Gusti Allah? Ora ngono. Sakdurungé mbrontak, Sétan kuwi anaké Gusti Allah. Dadi, dhèwèké mesthi ngerti nèk Yésus kuwi anaké Gusti Allah sing pertama. (Kol. 1:15) Sétan mesthi ya ngerti nèk pas Yésus dibaptis, Yéhuwah ngomong ngéné saka swarga, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.” (Mat. 3:17) Sétan mungkin péngin bèn Yésus ora yakin nèk Bapaké kuwi bener-bener perduli karo dhèwèké lan isa dipercaya. Misalé, wektu Sétan ngongkon Yésus ngubah watu dadi roti, kuwi sakjané maksudé kaya ngéné, ’Kowé kan anaké Gusti Allah, ning kok Bapakmu ora mènèhi apa-apa bèn isa mbok pangan ing padhang belantara iki?’ Terus, wektu Sétan ngongkon Yésus anjlog saka ndhuwur bait, kuwi sakjané maksudé kaya ngéné, ’Kowé kan anaké Gusti Allah, mosok kowé ora percaya nèk Bapakmu bakal nglindhungi kowé?’

4 Saiki, Sétan ya nggodha awaké dhéwé nganggo cara kaya ngono. (2 Kor. 2:11) Sétan terus ngamati awaké dhéwé. Dhèwèké bakal nggodha wektu awaké dhéwé lagi lemah utawa ora semangat. Biasané, Sétan nggunakké cara sing alus. (2 Kor. 11:14) Sétan péngin bèn awaké dhéwé mikir nèk Yéhuwah ora sayang karo awaké dhéwé. Sétan ya péngin bèn awaké dhéwé mikir nèk Yéhuwah ora isa dipercaya lan ora bakal nepati janji-janjiné. Ning, sakjané kuwi kabèh ora bener. (Yoh. 8:44) Mula, piyé carané bèn awaké dhéwé aja nganti mikir kaya ngono?

5. Piyé carané Yésus nolak godhaané Sétan sing pertama lan keloro?

5 Awaké dhéwé isa niru carané Yésus nolak godhaané Sétan sing pertama lan keloro. Yésus yakin nèk Bapaké bener-bener sayang karo dhèwèké. Yésus ya percaya banget karo Bapaké. Buktiné, Yésus langsung nolak godhaané Sétan lan ngutip kata-katané Bapaké. Yésus ngutip ayat-ayat sing ana jenengé Yéhuwah. (PT. 6:16; 8:3) Arti jenengé Yéhuwah nduduhké nèk Gusti Allah mesthi bakal nepati kabèh janjiné. Dadi, wektu Yésus nggunakké jenengé Bapaké, kuwi mbuktèkké nèk dhèwèké percaya banget karo Bapaké. *

6, 7. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa nolak godhaané Sétan sing alus?

6 Awaké dhéwé ya isa nolak godhaané Sétan sing alus nèk ngendelké Alkitab lan mikirké arti jenengé Yéhuwah. Alkitab kandha nèk Yéhuwah sayang lan perduli karo umaté, apa manèh karo sing lagi sedhih. Nèk percaya karo omongané Alkitab soal kuwi, awaké dhéwé ora bakal percaya karo Sétan sing kandha nèk Yéhuwah ora sayang karo awaké dhéwé. (Mzm. 34:18; 1 Ptr. 5:8) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé kudu terus éling nèk kabèh sing ditindakké Yéhuwah mesthi cocog karo arti jenengé. Nèk terus éling soal kuwi, awaké dhéwé bakal percaya nèk Yéhuwah mesthi nepati kabèh janjiné.​—WB. 3:5, 6.

7 Sakjané, apa tujuan utamané Sétan? Dhèwèké péngin bèn awaké dhéwé ngapa? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk nggatèkké kata-katané Sétan wektu nggodha Yésus manèh.

”Sujud lan Nyembah Aku Sepisan Waé”

8. Ing godhaan sing ketelu, apa sing sakjané dikarepké Sétan?

8 Wacanen Matius 4:8-11. Ing godhaan sing ketelu, Sétan wis ora nggunakké cara sing alus. Dhèwèké terang-terangan ngomongké apa sing dikarepké. Sétan nduduhké ”kabèh pamréntahané manungsa ing donya lan kemuliaané” marang Yésus (mungkin liwat wahyu). Tapi, Sétan ora nduduhké èlèké pamréntahané manungsa. Terus Sétan ngomong, ”Kabèh iki bakal tak wènèhké kowé nèk kowé sujud lan nyembah aku sepisan waé.” * Kétok banget nèk Sétan péngin disembah. Sétan péngin bèn Yésus ora nyembah Bapaké, ning nyembah dhèwèké. Sétan péngin nggawé Yésus mikir nèk dhèwèké manut karo tawarané Sétan, dhèwèké bakal urip kepénak, sugih, lan nduwé kuwasa sing gedhé. Kuwi berarti Yésus ora perlu sengsara, nganggo mahkota duri, dipecut, lan mati ing cagak. Kabèh pamréntahan ing donya iki duwèké Sétan. Mula, Sétan isa nawakké kuwi marang Yésus. Yésus ya ngomong nèk Sétan kuwi sing nguwasani donya iki. (Yoh. 12:31; 1 Yoh. 5:19) Sétan mesthi bakal mènèhké apa waé bèn Yésus ora nyembah Bapaké manèh.

9. (a) Sétan péngin bèn umaté Yéhuwah ngapa, lan dhèwèké ngupaya nindakké apa? (b) Nèk ngibadah marang Yéhuwah, awaké dhéwé bakal nindakké apa? (Deloken kothak ”Ibadah Kuwi Maksudé Apa?”)

9 Saiki, Sétan ya péngin bèn awaké dhéwé nyembah dhèwèké utawa ora manut karo apa sing dikarepké Yéhuwah. Sétan kuwi ”allahé donya iki”. Kuwi berarti dhèwèké dadi allahé kabèh agama palsu sing disebut Babilon Gedhé. (2 Kor. 4:4) Sing mèlu agama palsu wis ana milyaran. Tapi, Sétan isih durung puas. Dhèwèké péngin bèn umaté Yéhuwah ora manut karo Yéhuwah. Sétan ngupaya bèn awaké dhéwé luwih ngutamakké nggolèk bandha lan kedudukan sing dhuwur. Sétan péngin bèn awaké dhéwé mikir nèk ora perlu dadi muridé Yésus timbang sengsara merga nindakké apa ”sing bener”. (1 Ptr. 3:14) Nèk awaké dhéwé ora nindakké ibadah sing murni lan mèlu-mèlu wong-wong ing donya iki, kuwi padha waé awaké dhéwé nyembah Sétan. Piyé carané bèn awaké dhéwé aja nganti kaya ngono?

10. Piyé carané Yésus nolak godhaané Sétan sing ketelu, lan apa sebabé Yésus nolak godhaan kuwi?

10 Awaké dhéwé isa niru carané Yésus nolak godhaané Sétan sing ketelu. Merga setya banget karo Yéhuwah, Yésus langsung ngusir Sétan lan kandha, ”Lungaa, Sétan!” Padha kaya sing sakdurungé, Yésus ngutip ayat ing Pangandharing Torèt sing ana jenengé Gusti Allah. Yésus ngomong, ”Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.’” (Mat. 4:10; PT. 6:13) Yésus langsung nolak godhaané Sétan. Dhèwèké ora péngin suksès lan urip kepénak ing donya iki merga dhèwèké ngerti nèk kuwi kabèh mung sementara. Yésus ngerti nèk mung Bapaké sing kudu disembah. Yésus ya ngerti nèk dhèwèké ”nyembah” Sétan, senajan mung pisan waé, kuwi berarti dhèwèké manut karo Sétan. Yésus ora gelem nganggep Sétan gusti allahé. Akhiré, ”Iblis ninggalké Yésus.” *

”LUNGAA, SÉTAN!” (Deloken paragraf 10)

11. Piyé carané awaké dhéwé nglawan Sétan?

11 Yéhuwah nggawé manungsa isa bébas milih apa waé sing dikarepké. Kaya Yésus, awaké dhéwé isa milih nolak godhaané Sétan lan pengaruh saka donya sing jahat. Dadi, ora ana sing isa meksa awaké dhéwé bèn ora nyembah Yéhuwah. Sétan ya ora isa meksa. Nèk awaké dhéwé tetep setya lan nglawan Sétan ”nganggo iman sing kuwat”, kuwi sakjané awaké dhéwé lagi ngomong, ”Lungaa Sétan!” (1 Ptr. 5:9) Sakwisé Yésus nolak godhaané Sétan, Sétan langsung lunga. Sétan ya bakal lunga nèk awaké dhéwé nolak godhaané. Alkitab kandha, ”Kowé kudu nglawan Iblis, lan dhèwèké bakal mlayu saka kowé.”​—Yak. 4:7.

Awaké dhéwé isa milih nolak godhaané Sétan (Deloken paragraf 11, 19)

Sétan Péngin Kabèh Wong Ora Nindakké Ibadah sing Murni

12. Wektu ing Taman Èden, apa buktiné nèk Sétan péngin nggawé wong-wong ora ngibadah marang Yéhuwah manèh?

12 Saka godhaan sing ketelu, kétok nèk Sétan kuwi sing pertama kali péngin nggawé wong-wong ora ngibadah marang Yéhuwah manèh. Mbiyèn, wektu ing Taman Èden, Sétan mulai nduduhké nèk dhèwèké ora seneng Yéhuwah disembah. Dhèwèké péngin nguwasani manungsa. Kuwi kétok wektu dhèwèké nggodha Hawa bèn ora manut karo préntahé Yéhuwah. Terus, Hawa mempengaruhi Adam bèn mèlu-mèlu kaya ngono. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:1-5; 2 Kor. 11:3; Why. 12:9) Kuwi berarti Adam lan Hawa nyembah Sétan, senajan wong loro kuwi mungkin ora ngerti nèk Sétan sing mempengaruhi. Wektu mempengaruhi manungsa bèn mbrontak ing Èden, kuwi berarti Sétan nudhuh apa pancèn Yéhuwah nduwé hak kanggo mréntah. Kuwi ya berarti Sétan ngupaya nggawé manungsa ora nyembah Yéhuwah manèh. Kok isa?

13. Apa hubungané ibadah marang Yéhuwah karo haké Yéhuwah kanggo mréntah?

13 Ibadah marang Yéhuwah ana hubungané karo haké Yéhuwah kanggo mréntah. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing nduwé hak kanggo mréntah lan ”sing nyiptakké kabèh”. Mula, mung Dhèwèké sing pantes disembah. (Why. 4:11) Wektu Yéhuwah nyiptakké Adam lan Hawa ing Taman Èden, wong loro kuwi digawé sampurna merga kèt awal Yéhuwah péngin kabèh manungsa sing manggon ing bumi iki sampurna lan tulus nyembah Dhèwèké. (PD. 1:28) Tapi, Sétan ya péngin disembah senajan sing kuduné disembah kuwi mung Yéhuwah sing Mahakuwasa. Mula, Sétan nudhuh apa pancèn Yéhuwah nduwé hak kanggo mréntah.​—Yak. 1:14, 15.

14. Apa Sétan berhasil nggawé wong-wong ora nyembah Yéhuwah manèh? Jelasna.

14 Sétan nggawé Adam lan Hawa ora setya karo Gusti Allah. Sakwisé kuwi, Sétan terus ngupaya bèn luwih akèh wong ora nyembah Yéhuwah manèh. Misalé, sakdurungé ana jemaat Kristen, Sétan terus nggodha umaté Yéhuwah. Sakwisé para rasul mati, Sétan mempengaruhi wong-wong bèn dadi murtad. Akibaté, ana sedulur-sedulur ing jemaat Kristen sing percaya karo ajaran sing salah. Wektu kuwi, wong-wong sing nyembah Yéhuwah kayané wis ora ana manèh. (Mat. 13:24-30, 36-43; Kis. 20:29, 30) Sakwisé taun 100 M, ajaran sing salah dadi saya akèh lan umaté Gusti Allah terpengaruh agama palsu utawa Babilon Gedhé. Tapi, apa Sétan berhasil nggawé wong-wong ora nyembah Yéhuwah manèh? Ora. Yéhuwah péngin wong-wong nyembah Dhèwèké. Ora ana sing isa nggawé tujuané Yéhuwah kuwi gagal, termasuk Sétan. (Yés. 46:10; 55:8-11) Kuwi ana hubungané karo jenengé Yéhuwah, lan kabèh sing ditindakké Yéhuwah mesthi cocog karo arti jenengé. Kabèh sing dikarepké Yéhuwah mesthi bakal kelakon.

Yésus Mbantu Wong-Wong Nindakké Ibadah sing Murni

15. Yéhuwah nggawé rencana apa bèn tujuané tetep kelakon?

15 Wektu Sétan, Adam, lan Hawa mbrontak ing Èden, Yéhuwah langsung nggawé rencana bèn tujuané tetep kelakon. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:14-19.) Pas Adam lan Hawa isih ing taman Èden, Yéhuwah wis nyebutké hukuman apa sing bakal ditampa karo sing mbrontak kuwi, urut saka sapa sing nggawé dosa dhisik, pertama Sétan, keloro Hawa, lan terakhir Adam. Wektu ngomong karo Sétan, Yéhuwah ngramalké nèk ana ’keturunan’ sing bakal nyingkirké akibat saka pemberontakan ing Èden. ’Keturunan’ kuwi bakal nggawé tujuané Yéhuwah kelakon, yaiku bèn wong-wong nindakké ibadah sing murni.

16. Sakwisé pemberontakan ing Èden, apa sing ditindakké Yéhuwah bèn tujuané kelakon?

16 Sakwisé pemberontakan ing Èden, Yéhuwah terus ngupaya bèn tujuané kelakon. Dhèwèké ngandhani manungsa sing ora sampurna carané bèn ibadahé ditampa Gusti Allah. Kuwi bakal dibahas ing Bab 2. (Ibr. 11:4–12:1) Yéhuwah ya nuntun para penulis Alkitab, misalé Yésaya, Yérémia, lan Yèhèzkièl, bèn ngramalké nèk wong-wong bakal nindakké ibadah sing murni manèh. Ramalan kuwi kerep banget dibahas ing Alkitab. ’Keturunan’ sing dijanjèkké Yéhuwah bakal nggawé ramalan-ramalan kuwi kelakon. Bagéan sing paling penting saka ’keturunan’ kuwi yaiku Yésus Kristus. (Gal. 3:16) Saka jawabané Yésus wektu nolak godhaané Sétan sing ketelu, kétok banget nèk Yésus péngin bèn wong-wong nindakké ibadah sing murni. Yéhuwah milih Yésus bèn nggawé kabèh ramalan mau kelakon. (2 Kor. 1:20; Why. 19:10) Yésus bakal mbébaské umaté Gusti Allah saka agama palsu lan mbantu wong-wong kuwi nindakké ibadah sing murni.

Apa Tékadé Njenengan?

17. Ngapa kok ramalan sing nyritakké nèk wong-wong bakal nindakké ibadah sing murni manèh isa nggawé awaké dhéwé seneng?

17 Awaké dhéwé ngerti nèk ing Alkitab ana ramalan-ramalan sing nyritakké nèk wong-wong bakal nindakké ibadah sing murni manèh. Nèk sinau luwih akèh soal ramalan kuwi, imané awaké dhéwé isa tambah kuwat. Ramalan-ramalan kuwi mesthi nggawé seneng merga awaké dhéwé ngarep-arep kabèh ciptaan ing bumi lan ing swarga ngibadah marang Gusti Yéhuwah sing Mahakuwasa. Ramalan-ramalan kuwi ya nyritakké soal janjiné Yéhuwah, yaiku nguripké manèh wong sing wis mati, nggawé bumi dadi firdaus, lan nggawé manungsa isa séhat lan urip saklawasé. Mula, awaké dhéwé mesthi péngin banget bèn kabèh ramalan kuwi kelakon.​—Yés. 33:24; 35:5, 6; Why. 20:12, 13; 21:3, 4.

18. Apa sing bakal dirembug ing buku iki?

18 Ing buku iki, awaké dhéwé bakal sinau soal ramalan-ramalan sing luar biasa sing ana ing buku Yèhèzkièl. Akèh-akèhé, ramalan-ramalan kuwi nyritakké nèk wong-wong bakal nindakké ibadah sing murni manèh. Awaké dhéwé bakal ngrembug apa hubungané ramalan-ramalan sing ana ing buku Yèhèzkièl karo ramalan liyané. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané Yésus nggawé bèn ramalan kuwi kelakon lan apa hubungané ramalan kuwi karo awaké dhéwé.​—Deloken kothak ”Keterangan Buku Yèhèzkièl”.

19. Apa tékadé awaké dhéwé, lan apa sebabé?

19 Wektu ing Padhang Belantara Yudéa taun 29 M, Sétan gagal nggawé Yésus ora nyembah Yéhuwah manèh. Saiki, Sétan ngupaya tenanan bèn awaké dhéwé ora nyembah Yéhuwah manèh. (Why. 12:12, 17) Muga-muga buku iki isa mbantu awaké dhéwé nduwé tékad sing luwih kuwat kanggo nolak godhaané Sétan. Muga-muga omongan lan tumindaké awaké dhéwé nduduhké nèk awaké dhéwé mung nyembah Yéhuwah. Kuwi sesuai karo ayat sing kandha, ”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah.” Nèk mung nyembah Yéhuwah, sukmbèn awaké dhéwé bakal ndelok apa sing dikarepké Yéhuwah akhiré kelakon. Wektu kuwi, kabèh ciptaan sing ana ing swarga lan ing bumi bakal ngibadah marang Yéhuwah, merga mung Yéhuwah sing pantes disembah.

^ par. 5 Jenengé Yéhuwah isa berarti ”Sing Nyebabké Dadi”. Arti kuwi cocog kanggo Yéhuwah merga Yéhuwah kuwi sing nyiptakké apa waé lan mesthi isa nggawé tujuané kelakon.

^ par. 8 Ana buku sing mbahas soal omongané Sétan kuwi. Buku kuwi kandha, ’Pas pertama kali nggodha manungsa, Sétan berhasil nggawé Adam lan Hawa ora setya. Wektu kuwi masalah utamané yaiku manut karo kepénginané Sétan apa Gusti Allah, maksudé kudu milih arep nyembah sing endi. Sétan kuwi sombong banget. Dhèwèké péngin disembah kaya Gusti Allah.’

^ par. 10 Godhaané Sétan sing ditulis ing Injil Lukas urutané béda karo sing ditulis ing Injil Matius. Sing ditulis ing Injil Matius kuwi sesuai karo urutan peristiwané. Apa buktiné? (1) Wektu arep nyritakké godhaan sing keloro, Matius nggunakké kata ”terus”. Kuwi berarti ana godhaan liyané sakdurungé kuwi. (2) Kaya sing ditulis ing Injil Matius, mesthiné Sétan nggunakké cara sing alus dhisik, yaiku wektu dhèwèké ngomong, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah.” Bar kuwi, Sétan lagi nggunakké cara sing terang-terangan wektu ngongkon Yésus nglanggar préntah pertama saka Sepuluh Préntah. (Pa. 20:2, 3) (3) Mesthiné, Yésus ngomong ”Lungaa Sétan!” ing godhaan sing ketelu utawa sing terakhir.​—Mat. 4:5, 10, 11.