Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 14

”Iki Hukum soal Bait”

”Iki Hukum soal Bait”

YÈHÈZKIÈL 43:12

INTINÉ: Sing isa dipelajari karo wong-wong Yahudi jaman mbiyèn saka wahyu soal bait lan manfaaté wahyu kuwi kanggo awaké dhéwé

1, 2. (a) Ing Bab 13, awaké dhéwé wis sinau apa waé soal bait sing didelok Yèhèzkièl? (b) Pertanyaan apa waé sing arep dibahas ing bab iki?

 ING Bab 13, awaké dhéwé wis sinau nèk bait sing didelok Yèhèzkièl dudu bait rohani sing dijelaské Rasul Paulus pirang-pirang atus taun sakwisé jamané Yèhèzkièl. Awaké dhéwé ya wis sinau tujuané Yéhuwah mènèhi wahyu soal bait, yaiku bèn umaté ngerti nèk pathokané Yéhuwah soal ibadah sing murni kuwi penting banget. Mung wong-wong sing manut karo pathokan kuwi sing isa cedhak manèh karo Yéhuwah. Mula Yéhuwah ngomong, ”Iki hukum soal bait.” Ing ayat iki, Yéhuwah nganti nyebutké kata hukum ping loro merga kuwi penting banget.​—Wacanen Yèhèzkièl 43:12.

2 Saiki, ana loro pertanyaan sing arep dibahas. Pertama: Saka wahyu soal bait, apa waé sing isa dipelajari wong-wong Yahudi jamané Yèhèzkièl soal pathokané ibadah sing murni? Nèk pertanyaan kuwi wis kejawab, awaké dhéwé isa ngerti jawaban saka pertanyaan sing keloro: Apa manfaaté wahyu kuwi kanggo awaké dhéwé?

Apa sing Isa Dipelajari Wong-Wong Yahudi Jaman Mbiyèn saka Wahyu Kuwi?

3. Kenapa wong-wong Yahudi isa dadi isin wektu dikandhani soal baité Yéhuwah sing ana ing gunung sing dhuwur?

3 Bèn isa njawab pertanyaan sing pertama, ayo dibahas apa waé sing menarik saka wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl. Gunung sing dhuwur. Wong-wong Yahudi mungkin dadi kèlingan karo ramalané Yésaya soal ibadah marang Yéhuwah sing akhiré bakal dadi murni manèh. (Yés. 2:2) Nah, apa sing isa dipelajari wong-wong kuwi wektu dikandhani nèk baité Yéhuwah ana ing gunung sing dhuwur banget? Wong-wong kuwi dadi ngerti nèk ibadah sing murni kudu diluhurké lan dianggep sing paling unggul. Ibadah sing murni sakjané wis dadi sing paling unggul, merga sumberé saka Yéhuwah, sing ”luwih unggul timbang kabèh allah liyané”. (Mzm. 97:9) Ning, bola-bali wong-wong Yahudi malah nyepèlèkké ibadah sing murni lan nggawé kuwi dadi najis. Kuwi kelakon nganti atusan taun. Mula, wong-wong sing tulus atiné mesthi dadi isin wektu ndelok baité Yéhuwah ana ing panggonan sing dhuwur banget lan diluhurké.

4, 5. Apa sing isa dipelajari wong-wong Yahudi jamané Yèhèzkièl saka keterangan soal gerbang-gerbang sing dhuwur?

4 Gerbang-gerbang sing dhuwur. Pas éntuk wahyu iki, Yèhèzkièl pertama-tama ndelok ana malaékat sing lagi ngukur gerbang-gerbang bait. Gerbang-gerbang kuwi dhuwuré kira-kira 30 mèter. (Yèh. 40:14) Terus, ing dalan mlebuné ana ruang-ruang penjaga. Apa sing isa dipelajari karo wong-wong Yahudi sing nyinaoni dénah bait iki? Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl, ”Kowé kudu tliti nggatèkké dalan mlebu menyang bait.” Kenapa? Merga wong-wong Yahudi nggawa wong-wong sing ’ora disunat lan atiné ora resik’ mlebu ing baité Yéhuwah. Akibaté apa? Yéhuwah ngomong, ”Wong-wong kuwi nggawé najis bait-Ku.”​—Yèh. 44:5, 7.

5 Wong-wong sing ”ora disunat” berarti ora manut karo préntahé Yéhuwah sing diwènèhké pas jamané Abraham. (PD. 17:9, 10; Km. 12:1-3) Tapi sing dilakoni wong-wong sing ’atiné ora resik’ luwih parah manèh. Wong-wong kuwi ndableg, ora gelem dikandhani, lan malah sengaja ora manut karo Yéhuwah. Wong-wong sing kaya ngono kuduné ora éntuk mlebu ing baité Yéhuwah sing suci. Tapi, ing baité Yéhuwah mbiyèn, akèh sing ngakuné ngibadah marang Yéhuwah ning kelakuané ora nggenah, padahal Yéhuwah ora seneng karo wong-wong sing kaya ngono. Dadi, apa sing isa dipelajari saka keterangan soal gerbang-gerbang sing dhuwur lan ruang-ruang penjaga? Yéhuwah ora bakal meneng waé nèk ana sing nggawé najis baité. Nèk ibadahé péngin ditampa karo Yéhuwah, wong-wong kudu bener-bener manut karo pathokan-pathokané Yéhuwah sing unggul.

6, 7. (a) Apa sing isa dipelajari wong-wong Yahudi jaman mbiyèn saka keterangan soal témbok ing sekelilingé bait? (b) Piyé keadaané baité Yéhuwah ing Yérusalèm mbiyèn? (Deloken cathetan ngisor.)

6 Témbok ing sekelilingé bait. Témbok ing sekelilingé bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya menarik. Yèhèzkièl ngomong nèk témboké kuwi dawané 500 tongkat (1.555 mèter) lan ambané ya 500 tongkat (1.555 mèter). (Yèh. 42:15-20) Padahal, baité kuwi ukurané mung 500 hasta (259 mèter) ping 500 hasta (259 mèter). (Yèh. 45:2) Dadi, ana dhaérah sing luas ing sekelilingé bait, tapi isih ing njeroné témbok. * Apa sing isa dipelajari saka keterangan iki?

7 Yéhuwah ngomong, ”Saiki, wong-wong kuwi kudu setya manèh marang Aku lan mbuwang nganti adoh kabèh brahalané sing mbiyèn disembah kaya raja. Aku bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi saklawasé.” (Yèh. 43:9) Dadi, Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl dhaérah sing luas ing sekelilingé bait kuwi merga péngin ngandhani umaté: ”Kabèh sing najis ora éntuk cedhak-cedhak karo bait-Ku.” Wong-wong kudu njaga ibadahé tetep murni bèn Yéhuwah gelem manggon bareng lan mberkahi wong-wong kuwi.

8, 9. Apa sing isa dipelajari wong-wong Yahudi saka omongané Yéhuwah marang wong-wong sing nduwé wewenang?

8 Wong-wong sing nduwé wewenang dikandhan-kandhani karo Yéhuwah. Yéhuwah kuwi tegas, tapi tetep adil lan apikan. Misalé, Yéhuwah ngandhani apa sing bakal dialami karo wong-wong Lèwi sing mèlu ngedohi Yéhuwah pas wong-wong Israèl nyembah brahala. Tapi, Yéhuwah muji para imam Lèwi keturunané Zadok sing ’tetep nindakké tugasé ing bait’. (Yèh. 44:10, 12-16) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya ngandhan-ngandhani para pemimpin ing Israèl.​—Yèh. 45:9.

9 Dadi, wong-wong sing diwènèhi wewenang karo Yéhuwah lan dilantik dadi pengawas kudu tanggung jawab karo tugasé. Wong-wong kuwi pancèn isih butuh dikandhan-kandhani lan dinaséhati. Tapi, wong-wong kuwi kuduné dadi conto. Wong-wong kuwi kuduné bener-bener manut karo pathokané Yéhuwah.

10, 11. Apa buktiné nèk wong-wong jamané Yèhèzkièl ngetrapké pathokan-pathokan sing ana ing wahyu soal bait?

10 Awaké dhéwé pancèn ora ngerti piyé tanggepané wong-wong jamané Yèhèzkièl wektu dikandhani soal wahyu kuwi. Tapi, Alkitab nyritakké apa waé sing dilakoni wong-wong sakwisé dibébaské saka penawanan lan piyé pandhangané wong-wong kuwi soal ibadah sing murni. Dadi, apa wong-wong kuwi ngetrapké pathokan-pathokan sing ana ing wahyu soal bait? Ya. Sikapé wong-wong sing ngetrapké kuwi béda banget nèk dibandhingké karo sikapé nènèk moyangé sing mbiyèn mbrontak lan ditawan ing Babilon.

11 Pathokan-pathokan sing ana ing wahyu soal bait kuwi ya diwulangké karo wong-wong sing setya, kaya Nabi Hagai, Nabi Zakharia, Imam Ézra sing dadi penyalin, lan Gubernur Néhémia. (Ézr. 5:1, 2) Wong-wong kuwi mulang nèk ibadah sing murni kudu dianggep paling unggul, utawa luwih diutamakké, timbang bandha lan kepentingané dhéwé. (Hag. 1:3, 4) Wong-wong kuwi ya mulang nèk pathokan soal ibadah sing murni kudu bener-bener ditrapké. Misalé, Ézra lan Néhémia ngongkon wong-wong Israèl sing nduwé bojo wong asing kanggo ngusir bojoné. Wong-wong wédok asing kuwi wis nggawé wong Israèl ora setya karo Yéhuwah. (Wacanen Ézra 10:10, 11; Néh. 13:23-27, 30) Terus, apa isih ana wong-wong sing nyembah brahala? Ora. Mbiyèné wong-wong Israèl mémang bola-bali nyembah brahala. Tapi, sakwisé dibébaské saka penawanan, wong-wong kuwi dadi sengit karo penyembahan brahala. Lha terus, para imam lan para pemimpiné piyé? Kaya sing dijelaské ing wahyu sing ditampa Yèhèzkièl, wong-wong kuwi ya dikandhan-kandhani lan dinaséhati karo Yéhuwah. (Néh. 13:22, 28) Ana akèh sing gelem dikandhani lan manut karo Yéhuwah.—Ézr. 10:7-9, 12-14; Néh. 9:1-3, 38.

Pas kerja bareng karo umaté Yéhuwah, Néhémia ya mulang wong-wong kuwi soal ibadah murni (Deloken paragraf 11)

12. Apa waé berkahé Yéhuwah kanggo wong-wong Yahudi sing dibébaské saka penawanan?

12 Hasilé, Yéhuwah mberkahi umaté. Wong-wong dadi isa cedhak manèh karo Yéhuwah, séhat, lan uripé ayem. (Ézr. 6:19-22; Néh. 8:9-12; 12:27-30, 43) Kuwi kabèh kelakon merga wong-wong gelem ngetrapké pathokané Yéhuwah soal ibadah sing murni. Wong-wong kuwi rendah hati lan gelem ngetrapké kabèh sing dipelajari saka wahyu sing ditampa Yèhèzkièl. Dadi, apa waé manfaaté wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kanggo wong-wong Yahudi mbiyèn? (1) Wong-wong kuwi dadi ngerti piyé carané ngetrapké pathokan-pathokan soal ibadah sing murni. (2) Wong-wong kuwi dadi isa yakin nèk ibadah marang Yéhuwah bakal dadi murni manèh lan Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong sing terus nindakké ibadah sing murni. Tapi, saiki awaké dhéwé péngin ngerti apa manfaaté wahyu kuwi kanggo awaké dhéwé.

Apa Manfaaté Wahyu Kuwi kanggo Awaké Dhéwé?

13, 14. (a) Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl ya kelakon ing jamané awaké dhéwé? (b) Wahyu soal bait kuwi manfaaté apa waé kanggo awaké dhéwé? (Deloken kothak 13A, ”Bait Loro, Bédané Apa lan Artiné Apa”.)

13 Apa wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl iki ya kelakon ing jamané awaké dhéwé? Ya. Kaya sing mau wis dibahas, bait sing didelok Yèhèzkièl ana ing ”gunung sing dhuwur banget”. Nah, kuwi mèh padha karo ramalané Yésaya sing njelaské nèk ”gunung panggonané omahé Yéhuwah bakal tetep kuwat lan luwih dhuwur timbang gunung liyané”. Terus, Yésaya ya nyebutké nèk ramalané kuwi bakal kelakon ”ing dina-dina terakhir”. (Yèh. 40:2; Yés. 2:2-4; deloken Mikha 4:1-4.) Dadi, kaya ramalané Yésaya, wahyu sing didelok Yèhèzkièl ya kelakon ing dina-dina terakhir. Kuwi kelakon kèt taun 1919 pas ibadah marang Yéhuwah mulai dadi murni manèh lan diluhurké, kaya-kaya didèlèhké ing gunung sing dhuwur. *

14 Dadi, wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya kelakon ing jamané awaké dhéwé. Kaya wong-wong Yahudi mbiyèn, awaké dhéwé saiki ya isa éntuk manfaat saka wahyu kuwi. Manfaaté apa waé? (1) Awaké dhéwé dadi ngerti piyé carané ngetrapké pathokan-pathokan soal ibadah sing murni. (2) Awaké dhéwé dadi isa yakin nèk ibadah marang Yéhuwah bakal dadi murni manèh lan Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong sing terus nindakké ibadah sing murni.

Pathokan soal Ibadah sing Murni ing Jamané Awaké Dhéwé

15. Pas sinau soal wahyu sing didelok Yèhèzkièl, awaké dhéwé kudu kèlingan soal apa?

15 Ayo saiki dibahas apa waé sing menarik saka wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl. Bayangna awaké dhéwé mlaku-mlaku ing bait kuwi karo Yèhèzkièl. Tapi, awaké dhéwé kudu kèlingan nèk bait sing didelok Yèhèzkièl iki dudu bait rohani. Dadi, awaké dhéwé mung péngin ngerti apa waé sing isa dipelajari saka wahyu kuwi sing isa ditrapké kanggo ibadahé awaké dhéwé. Apa waé sing isa dipelajari?

16. Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal ukuran-ukuran sing disebutké Yèhèzkièl? (Deloken gambar ing awal bab.)

16 Kenapa kok kabèh-kabèh diukur? Yèhèzkièl ndelok nèk wong lanang sing mengkilap kaya tembaga kuwi ngukur témbok, gerbang, ruang penjaga, halaman, lan mézbah sing ana ing bait. Pas maca rinciané ukuran-ukuran kuwi, mungkin awaké dhéwé dadi bingung. (Yèh. 40:1–42:20; 43:13, 14) Tapi, saka kono ana sing isa dipelajari. Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngerti nèk pathokané soal ibadah sing murni kuwi penting banget lan sing nduwé hak kanggo nentokké kuwi mung Yéhuwah, dudu manungsa. Dadi, wong-wong sing ngomong nèk kabèh ibadah ditampa karo Gusti Allah kuwi jelas-jelas salah. Sakliyané kuwi, merga kabèh-kabèh diukur nganti rinci, awaké dhéwé isa yakin nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi kelakon, termasuk janjiné nèk ibadah marang Dhèwèké bakal dadi murni manèh. Dadi, wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi nggawé awaké dhéwé yakin nèk ibadah marang Yéhuwah mesthi isa dadi murni manèh ing dina-dina terakhir iki.

Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal ukuran-ukuran ing bait? (Deloken paragraf 16)

17. Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal témbok ing sekelilingé bait?

17 Témbok ing sekelilingé bait. Kaya sing wis dibahas mau, saka keterangan soal témbok ing sekelilingé bait kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Yéhuwah péngin umaté njaga ibadahé tetep murni. Dadi, kabèh sing najis kudu disingkirké saka baité Yéhuwah. (Wacanen Yèhèzkièl 43:7-9.) Awaké dhéwé saiki ya kudu nggatèkké kuwi. Sakwisé umaté Yéhuwah dibébaské saka ajaran agama palsu, utawa Babilon Gedhé, Yésus nglantik budhak sing setya lan wicaksana taun 1919. Khususé sejak taun kuwi, umaté Yéhuwah bener-bener ngupaya kanggo nyingkirké ajaran-ajaran lan kebiasaan sing ana hubungané karo agama palsu. Awaké dhéwé mesthi péngin njaga bèn ibadah marang Yéhuwah isa tetep murni. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ora ngurusi urusan bisnis ing Balé Ibadah, merga urusan bisnis kuduné ora digabungké karo ibadah.​—Mrk. 11:15, 16.

18, 19. (a) Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal gerbang-gerbang sing dhuwur? (b) Piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé nèk ana sing ngomong nèk pathokané Yéhuwah kuwi kaku utawa salah? Wènèhana conto.

18 Gerbang-gerbang sing dhuwur. Saka keterangan soal gerbang-gerbang sing dhuwur, wong-wong Yahudi mbiyèn dadi ngerti nèk Yéhuwah wis nentokké pathokan, lan pathokan-pathokané Yéhuwah kuwi sing paling unggul. Dadi, apa sing isa awaké dhéwé pelajari? Awaké dhéwé kudu bener-bener ngupaya bèn kelakuané awaké dhéwé sesuai karo pathokan-pathokané Yéhuwah, merga awaké dhéwé saiki ngibadah ing bait rohani. (Rm. 12:9; 1 Ptr. 1:14, 15) Ing akhir jaman, Yéhuwah terus mènèhi keterangan-keterangan sing saya suwé saya jelas bèn umaté isa bener-bener manut karo pathokan-pathokané. * Misalé, wong-wong sing nindakké dosa lan ora gelem mertobat kudu ditokké saka jemaat. (1 Kor. 5:11-13) Terus, saka keterangan soal ruang-ruang penjaga sing ana ing dalan mlebu bait, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Yéhuwah ora bakal nampa ibadahé wong-wong sing ora manut karo pathokané. Nèk misalé ana sing nindakké dosa, dhèwèké mungkin isa teka ing Balé Ibadah, tapi ibadahé ora bakal ditampa karo Yéhuwah nèk dhèwèké durung mertobat. (Yak. 4:8) Dadi, Yéhuwah bakal njaga bèn ibadah marang Dhèwèké isa tetep murni senajan ing akhir jaman iki akèh sing kelakuané bejat lan ora nggenah.

19 Alkitab ngramalké nèk wong-wong ing donya iki bakal dadi saya bejat lan ora nggenah kelakuané. Alkitab ngomong, ”Wong-wong sing jahat lan tukang ngapusi bakal dadi saya jahat. Wong-wong kuwi bakal ngapusi wong-wong lan diapusi karo wong liya.” (2 Tim. 3:13) Saiki, akèh sing diapusi, utawa dipengaruhi, karo wong liya lan akhiré dadi mikir nèk pathokané Yéhuwah kuwi kaku banget, ketinggalan jaman, utawa malah salah. Lha nèk njenengan piyé? Apa njenengan ya gelem dipengaruhi? Misalé, nèk ana sing ngomong homosèksual kuwi ora salah, apa njenengan setuju? Utawa, apa njenengan setuju karo Yéhuwah, sing ngomong nèk tumindaké wong-wong sing nglakoni homosèksual kuwi ”njijiki”? Yéhuwah jelas-jelas ngomong nèk hubungan sèks sing ora pantes kuwi salah. (Rm. 1:24-27, 32) Dadi, nèk ana sing ngomong nèk pathokané Yéhuwah kuwi kaku utawa salah, awaké dhéwé isa ngéling-éling manèh gerbang-gerbang dhuwur sing ana ing wahyu soal bait. Ora soal wong liya ngomong apa, pathokan-pathokané Yéhuwah ora bakal berubah. Apa awaké dhéwé setuju karo pandhangané Yéhuwah lan gelem manut karo pathokan-pathokané?

Awaké dhéwé mènèhké ”korban pujian” wektu nindakké ibadah sing murni

20. Apa sing isa dipelajari karo ”kumpulan gedhé” saka keterangan soal halaman bait?

20 Halaman bait. Yèhèzkièl mesthi seneng merga ndelok halaman bait sing luas. Dadi sing isa ngibadah ing kono mesthi akèh banget. Saiki, wong-wong Kristen ngibadah ing bait sing luwih agung. Wong-wong Kristen sing dadi bagéan saka ”kumpulan gedhé” nyembah Yéhuwah ing halaman njaba bait rohaniné Yéhuwah, lan ana sing isa dipelajari karo wong-wong kuwi saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki. (Why. 7:9, 10, 14, 15) Yèhèzkièl ndelok ana ruang-ruang makan ing halaman njaba bait. Dadi, wong-wong sing nggawa persembahan kanggo korban kerukunan isa mangan persembahané ing kono. (Yèh. 40:17) Wong-wong kuwi isa kaya mangan bareng karo Yéhuwah. Berarti hubungané wong-wong kuwi karo Yéhuwah apik. Dadi, apa sing isa dipelajari saka keterangan kuwi? Saiki, awaké dhéwé ora mènèhké korban kerukunan manut Hukum Musa, kaya wong-wong Yahudi mbiyèn. Tapi, awaké dhéwé mènèhké ”korban pujian” wektu nindakké ibadah sing murni. Misalé, wektu nginjil lan wektu mènèhi koméntar lan nyanyi ing pakumpulan ibadah. (Ibr. 13:15) Awaké dhéwé ya isa menikmati keterangan-keterangan saka Alkitab sing isa nguwatké iman, sing disedhiakké karo Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi setuju karo kata-katané keturunané Korah sing nyanyi kanggo Yéhuwah, ”Sedina ing halaman omah-Mu kuwi luwih apik timbang sèwu dina ing panggonan liya.”​—Mzm. 84:10.

21. Apa waé sing isa dipelajari karo wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga saka keterangan soal para imam?

21 Para imam. Yèhèzkièl ndelok nèk gerbang halaman njero, yaiku sing diliwati karo para imam lan wong Lèwi, bentuk lan ukurané padha karo gerbang halaman njaba, yaiku sing diliwati karo wong-wong saka suku liyané. Kuwi berarti para imam ya kudu manut karo pathokan sing padha soal ibadah sing murni. Nèk saiki piyé? Saiki mémang ora ana wong Kristen sing dadi imam, tapi Alkitab ngomong nèk wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga kuwi disebut ”suku sing dipilih, imam sing dadi raja”. (1 Ptr. 2:9) Nèk mbiyèn, para imam ngibadahé ing halaman njero, tapi wong-wong saka suku liyané ngibadahé ing halaman njaba. Nèk saiki, wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga ngibadahé ora dipisahké karo wong-wong Kristen liyané. Tapi, wong-wong sing dipilih munggah swarga kuwi nduwé hubungan sing istiméwa karo Yéhuwah merga wong-wong kuwi wis diangkat dadi anak-anaké Gusti Allah. (Gal. 4:4-6) Sakliyané kuwi, kaya para imam ing jamané Yèhèzkièl, wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga ya kudu manut karo naséhat lan arahan. Dadi, ora soal dipilih munggah swarga apa ora, kabèh wong Kristen ”dadi sak kelompok, lan gembalané mung siji”.​—Wacanen Yohanes 10:16.

22, 23. (a) Apa sing isa dipelajari karo para pinituwa saka pemimpin sing dicritakké ing wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi? (b) Awaké dhéwé sukmbèn mungkin isa ngerti soal apa waé?

22 Pemimpin. Yèhèzkièl nyritakké nèk pemimpin nduwé tugas sing penting. Dhèwèké dudu imam, lan ing bait dhèwèké kudu manut karo para imam. Tugasé yaiku ngawasi wong-wong lan mbantu nyedhiakké persembahan-persembahan. (Yèh. 44:2, 3; 45:16, 17; 46:2) Dadi, apa sing isa dipelajari karo para pinituwa saka pemimpin sing dicritakké ing wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi? Kabèh pinituwa, termasuk pinituwa wilayah, ya kudu manut karo budhak sing setya. (Ibr. 13:17) Para pinituwa ya mbantu umaté Yéhuwah mènèhké korban-korban pujian ing pakumpulan ibadah lan wektu nginjil. (Éf. 4:11, 12) Terus, Yèhèzkièl ya nyritakké nèk para pemimpin Israèl tau dikandhan-kandhani karo Yéhuwah merga wong-wong kuwi kejem lan nindhes umaté Yéhuwah. (Yèh. 45:9) Dadi jelas, para pinituwa ya isih butuh naséhat lan arahan. Malah, para pinituwa seneng nèk isa dilatih karo Yéhuwah bèn isa dadi gembala lan pengawas sing luwih apik.​—Wacanen 1 Pétrus 5:1-3.

23 Mengko ing Firdaus, Yéhuwah ya bakal nyedhiakké para pemimpin sing trampil lan apikan. Saiki waé para pinituwa ya lagi dilatih bèn isa dadi gembala sing trampil lan apikan. Dadi, akèh pinituwa sing mengko bakal dilantik dadi pemimpin ing donya anyar. (Mzm. 45:16) Mesthi nyenengké banget nèk ing donya anyar mengko awaké dhéwé isa diarahké karo para pinituwa sing wis dilatih kuwi. Saiki mungkin ana bagéan-bagéan saka wahyu sing ditampa Yèhèzkièl lan ramalan-ramalan liya soal ibadah sing murni sing awaké dhéwé durung pati paham. Mungkin sukmbèn awaké dhéwé isa luwih paham nèk menuruté Yéhuwah wektuné wis pas kanggo mènèhi penjelasan. Mungkin sukmbèn ana manèh sing isa dipelajari saka wahyu iki utawa ana beberapa bagéan sing kelakoné isih sukmbèn, sing saiki mungkin durung kepikir. Dadi ya dientèni waé.

Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal gerbang-gerbang sing dhuwur lan halaman-halaman bait? (Deloken paragraf 18-21)

Yéhuwah Mberkahi Ibadah sing Murni

24, 25. Ing wahyu sing ditampa Yèhèzkièl, berkah-berkahé Yéhuwah digambarké nganggo apa waé?

24 Saiki coba diéling-éling manèh peristiwa sing luar biasa sing didelok Yèhèzkièl pas éntuk wahyu. Cahaya kemuliaané Yéhuwah mlebu ing bait, lan Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal terus manggon ing kono, tapi syaraté wong-wong kudu terus manut karo pathokané Yéhuwah soal ibadah sing murni. (Yèh. 43:4-9) Terus, nèk Yéhuwah manggon ing bait, pengaruhé apa?

25 Nèk Yéhuwah mlebu lan manggon ing bait, umaté mesthi bakal éntuk berkah sing akèh banget. Ing wahyu sing ditampa Yèhèzkièl, berkah-berkahé Yéhuwah digambarké nganggo: (1) kali sing mili saka bait, sing banyuné marahi urip lan nggawé tanahé dadi subur, lan (2) tanah sing dibagi rata, sing ana baité ing tengah-tengahé. Nah, jaman saiki Yéhuwah ya wis mlebu ing bait rohaniné lan nggawé ibadahé dadi murni manèh. (Mal. 3:1-4) Dadi, apa sing isa dipelajari saka kali sing mili saka bait lan tanah sing dibagi rata? Kuwi bakal dibahas ing Bab 19 nganti 21 ing buku iki.

^ par. 6 Keadaané bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi béda banget karo keadaané baité Yéhuwah mbiyèn. Yéhuwah ngomong, ”Pas wong-wong kuwi ndèlèhké lawang-lawang kuilé ing jèjèré lawang bait-Ku, ndèlèhké kusèn-kusèn lawang kuilé ing jèjèré kusèn bait-Ku, lan nindakké kabèh sing Tak sengiti, wong-wong kuwi nduduhké nèk ora ngajèni jeneng-Ku sing suci. Aku karo wong-wong kuwi mung kepisah nganggo témbok.” (Yèh. 43:8) Ing Yérusalèm mbiyèn, baité Yéhuwah karo omahé wong-wong Israèl mung kepisah nganggo témbok. Pas wong-wong kuwi mulai ora manut karo Yéhuwah, brahala-brahalané digawa ing ngarepé baité Yéhuwah. Wong-wong kuwi pancèn kebangeten tenan.

^ par. 13 Wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl mèh padha karo ramalan-ramalan liya soal ibadah murni sing kelakoné ing dina-dina terakhir. Misalé, Yèhèzkièl 43:1-9 mèh padha karo Maléakhi 3:1-5, lan Yèhèzkièl 47:1-12 mèh padha karo Yoèl 3:18.

^ par. 18 Pancèn, bait rohani wis ana kèt taun 29 M pas Yésus dibaptis lan mulai nglakoni tugasé dadi Imam Agung. Tapi sakwisé para rasul mati, ibadah sing murni disepèlèkké karo wong akèh nganti pirang-pirang atus taun. Nah, kèt taun 1919, ibadah marang Yéhuwah mulai dadi murni manèh lan diluhurké.