Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 9

”Aku Bakal Nggawé Kabèh Wong Kuwi Bersatu”

”Aku Bakal Nggawé Kabèh Wong Kuwi Bersatu”

YÈHÈZKIÈL 11:19

INTINÉ: Ramalan soal ibadah sing dadi murni manèh sing dibahas ing buku Yèhèzkièl

1-3. Piyé wong Babilon ngécé umaté Yéhuwah, lan apa sebabé?

 BAYANGNA njenengan dadi wong Yahudi sing setya nyembah Yéhuwah sing manggon ing Babilon. Wong Yahudi wis ditawan ing Babilon kira-kira 50 taun. Pas dina sabat, biasané njenengan ngibadah marang Yéhuwah bareng karo liyané. Njenengan ngliwati dalan sing ramé. Ing kono, ana akèh kuil sing megah. Ing kuil-kuil, wong-wong padha mènèhké korban lan nyanyi kanggo déwa-déwa, misalé déwa Marduk.

2 Njenengan karo liyané ngumpul ing panggonan sing sepi, misalé pinggir kali. * Ing kono, njenengan isa ndonga, nyanyi, lan sinau soal Gusti Allah bareng-bareng. Pas ndonga, njenengan krungu swara prau ing kali. Njenengan ngrasa ayem merga keadaané tenang banget. Njenengan berharap ora ana wong Babilon sing ngganggu wektu njenengan lagi ngibadah. Ngapa kok wong Babilon seneng ngganggu wong Yahudi?

3 Wong Babilon kerep menang perang. Wong-wong kuwi mikir nèk isa menang perang merga dibantu déwa-déwané. Wong-wong kuwi nganggep déwa Marduk luwih kuwat timbang Yéhuwah merga wong-wong kuwi berhasil ngalahké Yérusalèm. Wong-wong kuwi ngécé Gusti Allahé njenengan lan umaté. Wong-wong kuwi ngécé, ”Hé kowé, coba kowé nyanyi lagu soal Zion.” (Mzm. 137:3) Akèh mazmur digawé dienggo ngrayakké kemenangané Zion utawa Yérusalèm merga wis berhasil ngalahké mungsuh-mungsuhé Yéhuwah. Mungkin, mazmur-mazmur kuwi sing digunakké wong Babilon kanggo ngécé wong Yahudi. Ana Mazmur sing ngomongké soal wong Babilon, ’Wong-wong kuwi wis nggawé Yérusalèm dadi reruntuhan. Aku diécé lan dirèmèhké wong-wong ing sekitarku.’​—Mzm. 79:1, 3, 4.

4, 5. (a) Ing ramalané Yèhèzkièl, ana janji apa? (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Apa sing bakal dibahas ing bab iki?

4 Wong-wong Yahudi sing murtad ya ngécé njenengan merga njenengan isih percaya karo Yéhuwah lan nabi-nabiné. Meskipun diécé, njenengan sak keluarga tetep ngrasa seneng lan tenang merga isa ndonga, nyanyi bareng, lan maca ayat-ayat. (Mzm. 94:19; Rm. 15:4) Terus bayangna, pas acara ibadah, ana wong sing nggawa gulungan sing isiné ramalané Yèhèzkièl. Njenengan seneng banget wektu krungu janjiné Yéhuwah nèk umaté bakal bali ing Yérusalèm. Wektu ramalan kuwi diwacakké, njenengan dadi semangat banget. Njenengan berharap sukmbèn njenengan sak keluarga isa bali ing Yérusalèm lan nggawé ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh.

5 Ramalané Yèhèzkièl kerep banget nyritakké soal janji nèk ibadah marang Yéhuwah bakal dadi murni manèh. Ayo mbahas janji-janji kuwi. Apa sing dialami wong Yahudi sing ditawan wektu janji-janji kuwi kelakon? Piyé janji-janji kuwi kelakon jaman saiki? Janji apa waé sing bakal kelakon manèh sukmbèn?

”Wong-Wong Kuwi Bakal Digawa Lunga Dadi Tawanan”

6. Apa buktiné nèk Yéhuwah wis bola-bali ngélikké umaté sing ora manut karo Dhèwèké?

6 Yèhèzkièl nyampèkké hukumané Yéhuwah kanggo umaté merga wong-wong kuwi ora manut karo Yéhuwah. Yéhuwah ngomong, ”Wong-wong kuwi bakal digawa lunga dadi tawanan.” (Yèh. 12:11) Kaya sing wis dibahas ing Bab 6, Yèhèzkièl ya meragakké hukuman kuwi. Sakjané, kira-kira 1.000 taun sakdurungé, yaiku pas jamané Musa, Yéhuwah wis tau ngélikké bangsa Israèl. Nèk bangsa kuwi ora manut karo Dhèwèké, bangsa kuwi bakal ditawan. (PT. 28:36, 37) Nabi-nabi liyané, misalé Yésaya lan Yérémia, ya wis tau ngélikké bangsa Israèl.​—Yés. 39:5-7; Yér. 20:3-6.

7. Piyé Yéhuwah ngukum umaté?

7 Ning, wong Israèl tetep ndableg meskipun wis diélikké ping bola-bali. Yéhuwah sedhih banget merga wong Israèl mbrontak, nyembah brahala, ora setya, lan bejat merga terpengaruh gembala-gembala sing jahat. Mula, wektu bangsa kuwi ngalami kelaparan, Yéhuwah meneng waé. Sakjané, dhaérahé bangsa Israèl kuwi ana ”akèh susu lan maduné”. Dadi nèk nganti ngalami kelaparan, kuwi ngisin-isini banget. (Yèh. 20:6, 7) Terus, kaya sing wis diramalké, Yéhuwah ngukum bangsa kuwi. Taun 607 SM, Nébukhadnézar raja Babilon nyerang Yérusalèm. Kutha kuwi lan baité dihancurké. Éwonan wong Yahudi sing isih urip ditawan ing Babilon. Ing kono, wong Yahudi diécé lan diganggu wong Babilon kaya sing wis dibahas ing awal bab.

8, 9. Piyé Yéhuwah ngélikké jemaat Kristen soal wong murtad?

8 Apa jemaat Kristen tau ngalami keadaan sing padha kaya wong Yahudi sing ditawan ing Babilon? Ya. Kaya wong Yahudi jaman mbiyèn, jemaat Kristen ya wis diélikké kèt awal. Yésus tau ngomong, ”Kowé kudu waspada karo nabi-nabi palsu sing marani kowé. Wong-wong kuwi éthok-éthok dadi domba, padahal asliné serigala sing rakus.” (Mat. 7:15) Pirang-pirang taun bar kuwi, jemaat Kristen ya tau diélikké Rasul Paulus, ”Aku ngerti nèk sakwisé aku lunga, bakal ana wong-wong sing kaya serigala-serigala sing kejem ing antaramu. Wong-wong kuwi ora bakal nduwé rasa mesakké marang jemaat. Malah, saka antaramu dhéwé bakal ana wong-wong sing mulangké ajaran sesat bèn murid-murid dadi pengikuté wong-wong kuwi.”​—Kis. 20:29, 30.

9 Wektu kuwi, wong Kristen dikandhani bèn ngerti wong murtad kuwi kaya apa, lan dikongkon ngedohi wong-wong sing kaya ngono. Para pinituwa ya dikongkon ngetokké wong murtad saka jemaat. (1 Tim. 1:19; 2 Tim. 2:16-19; 2 Ptr. 2:1-3; 2 Yoh. 10) Tapi kaya wong Israèl lan wong Yéhuda jaman mbiyèn, akèh wong Kristen suwé-suwé dadi ndableg meskipun wis diélikké ping bola-bali. Kira-kira taun 100 M, wong murtad dadi saya akèh. Ana akèh wong Kristen sing mbrontak lan kelakuané bejat. Wektu kuwi, mung Yohanes rasul sing isih urip lan sing isa nyegah bèn wong murtad ora tambah akèh. (2 Tés. 2:6-8; 1 Yoh. 2:18) Bar Yohanes mati, terus piyé keadaané?

10, 11. Piyé perumpamaané Yésus soal gandum lan alang-alang kelakon mulai taun 100 M?

10 Sakwisé Yohanes mati, perumpamaané Yésus soal gandum lan alang-alang mulai kelakon. (Wacanen Matius 13:24-30.) Kaya sing wis disebutké Yésus, Sétan nyebar ”benih alang-alang” ing jemaat Kristen. ”Benih alang-alang” kuwi maksudé wong-wong Kristen palsu. Akibaté, wong murtad dadi tambah akèh. Wong-wong Kristen nyembah brahala, ngrayakké hari raya, mèlu kebiasaan kafir, percaya ajaran filsafat sing nganggep nèk Gusti Allah ora ana, lan percaya ajaran agama palsu. Yéhuwah mesthi sedhih banget merga jemaat sing dibentuk Yésus keadaané kaya ngono. Terus, Yéhuwah piyé? Yéhuwah meneng waé wektu umaté ditawan, kaya pas Dhèwèké ngukum wong Israèl mbiyèn. Kira-kira mulai taun 100 M, wong Kristen sing bener (gandum) lan wong Kristen sing palsu (alang-alang) angèl dibédakké. Sejak kuwi, jemaat Kristen ditawan Babilon Gedhé, utawa agama palsu sak donya. Wong-wong Kristen sing bener ora isa bébas ngibadah marang Yéhuwah merga para pemimpin agama palsu sing jahat. Terus, wong-wong Kristen palsu malah dadi bagéan saka agama palsu sak donya. Jumlahé tambah akèh nganti akhiré ana gréja-gréja sing ngaku Kristen.

11 Nganti atusan taun, pengaruhé gréja-gréja sing ngaku Kristen kuwat banget. Tapi tetep ana wong-wong Kristen sing bener, sing kaya ”gandum”. Kaya wong Yahudi sing ditawan sing disebutké ing Yèhèzkièl 6:9, wong-wong kuwi ora lali karo Gusti Allah. Ana sing ora setuju karo ajarané gréja. Akibaté, wong-wong kuwi diécé lan dianiaya. Apa Yéhuwah meneng waé ndelok keadaané kaya ngono? Ora. Kaya pas urusan karo wong Israèl jaman mbiyèn, Yéhuwah ora nesu terus. (Yér. 46:28) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya ngandhani nèk ana harapan kanggo umaté. Saiki ayo mbahas soal harapan saka Yéhuwah sing bakal mbébaské wong-wong Yahudi sing ditawan ing Babilon.

Wis atusan taun, wong-wong Kristen sing bener dianiaya karo wong-wong sing mèlu agama palsu (Deloken paragraf 10, 11)

”Aku Ora Bakal Nesu Manèh”

12, 13. Ngapa kok Yéhuwah ora nesu manèh karo umaté sing ditawan?

12 Meskipun Yéhuwah nesu karo umaté, Yéhuwah ora bakal nesu terus. Dhèwèké ngomong, ”Aku ora bakal nesu manèh. Aku ora bakal nesu, lan Aku bakal ngrasa puas. Sakwisé Aku rampung ngukum wong-wong kuwi, wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis ngomong nèk wong-wong kuwi kudu ngabdi mung marang Aku waé.” (Yèh. 5:13) Ngapa kok Yéhuwah akhiré ora nesu manèh?

13 Ing antarané wong-wong sing ditawan, isih ana wong-wong Yahudi sing setya karo Yéhuwah, misalé Yèhèzkièl, Danièl, lan telu kancané Danièl. Yéhuwah ya ngomong liwat Yèhèzkièl nèk ana umaté sing bakal mertobat. Wong-wong kuwi gela merga mbiyèn wis mbrontak nglawan Yéhuwah, mula wong-wong kuwi njaluk ngapura karo Yéhuwah. (Yèh. 6:8-10; 12:16) Danièl, sing isih urip wektu wong Yahudi ditawan nganti dibébaské saka Babilon, tau ndonga lan njaluk bèn wong Israèl diapura. Dongané dicathet ing Danièl bab 9. Perasaané Danièl mesthi padha karo perasaané wong Yahudi liyané sing péngin diapura lan diberkahi manèh karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi mesthi seneng banget wektu krungu ramalané Yèhèzkièl nèk wong-wong kuwi bakal dibébaské lan ibadah marang Yéhuwah bakal dadi murni manèh.

14. Ngapa kok Yéhuwah mbébaské umaté sing ditawan?

14 Sakjané ana alesan sing luwih penting kanggo mbébaské wong Yahudi lan nggawé ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh. Wong Yahudi dibébaské dudu merga wong-wong kuwi pantes dibébaské, tapi merga wis wektuné jenengé Yéhuwah disucèkké ing antarané kabèh bangsa. (Yèh. 36:22) Wong Babilon kudu ngerti nèk kabèh déwané, termasuk déwa Marduk, ora isa nandhingi Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Saiki, ayo mbahas lima janjiné Yéhuwah sing disampèkké liwat Yèhèzkièl marang wong Yahudi sing ditawan. Awaké dhéwé bakal mbahas dhisik apa sing dialami wong Yahudi sing ditawan wektu janji-janji kuwi kelakon. Bar kuwi, awaké dhéwé bakal mbahas piyé janji-janji kuwi kelakon saiki lan ing masa depan.

15. Yéhuwah ngomong apa karo wong-wong Yahudi sing ditawan?

15 JANJI KE-1. Ora bakal ana manèh sing nyembah brahala utawa mèlu kebiasaan sing ana hubungané karo agama palsu. (Wacanen Yèhèzkièl 11:18; 12:24.) Kaya sing wis dibahas ing Bab 5, wong Yérusalèm mèlu-mèlu agama palsu, misalé nyembah brahala ing bait. Akibaté, wong-wong kuwi dadi bejat lan ora cedhak manèh karo Yéhuwah. Tapi liwat Yèhèzkièl, Yéhuwah ngomong nèk sukmbèn wong-wong Yahudi sing ditawan bakal ngibadah manèh marang Yéhuwah. Nèk ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh, wong-wong bakal nampa berkah-berkah liyané saka Yéhuwah.

16. Apa janjiné Yéhuwah soal tanah ing Israèl?

16 JANJI KE-2. Bali ing negara asalé. Yéhuwah ngomong, ”Aku bakal mènèhi kowé tanah Israèl.” (Yèh. 11:17) Wong Babilon sing nindhes umaté Gusti Allah ora mungkin ngéntukké wong-wong kuwi bali ing negarané. (Yés. 14:4, 17) Mula, wektu krungu janjiné Gusti Allah, wong-wong sing ditawan mesthi seneng banget. Terus, nèk wong-wong kuwi tetep setya karo Yéhuwah, tanah ing Israèl bakal subur lan hasil panèné bakal akèh. Wong-wong kuwi ora bakal kelaparan manèh.​—Wacanen Yèhèzkièl 36:30.

17. Apa janjiné Yéhuwah soal mènèhké persembahan?

17 JANJI KE-3. Persembahan bakal diwènèhké ing mézbahé Yéhuwah manèh. Kaya sing dibahas ing Bab 2, nurut Hukum Musa, mènèhké korban lan persembahan kuwi penting banget wektu ngibadah marang Yéhuwah. Nèk péngin persembahané ditampa Yéhuwah, para tawanan sing bali kudu tetep manut karo Yéhuwah lan mung nyembah Yéhuwah. Nèk persembahané ditampa, dosa-dosané bakal diapura lan wong-wong kuwi bakal tetep cedhak karo Gusti Allah. Yéhuwah janji, ”Kabèh wong Israèl, yaiku kowé kabèh, bakal nglayani Aku. Ing kana, Aku bakal seneng lan njaluk kowé mènèhké sumbangan lan persembahanmu sing paling apik, yaiku kabèh duwèkmu sing suci.” (Yèh. 20:40) Wektu ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh, umaté Gusti Allah bakal éntuk akèh berkah.

18. Piyé Yéhuwah ngopèni domba-dombané?

18 JANJI KE-4. Gembala-gembala sing jahat disingkirké. Salah siji alesané wong Israèl nglanggar préntahé Gusti Allah kuwi merga dipengaruhi para pemimpin Israèl sing bejat. Tapi, Yéhuwah ora meneng waé. Dhèwèké janji, ’Wong-wong kuwi ora bakal Tak ijinké angon domba-domba-Ku. Aku bakal nylametké domba-domba-Ku bèn ora dipangan wong-wong kuwi.’ Yéhuwah ya janji karo umaté, ”Aku bakal ngopèni domba-domba-Ku.” (Yèh. 34:10, 12) Piyé carané? Yéhuwah nglantik gembala-gembala sing nduwé iman lan setya karo Yéhuwah.

19. Apa janjiné Yéhuwah soal persatuan?

19 JANJI KE-5. Umaté Yéhuwah bersatu. Sakdurungé ditawan, umaté Yéhuwah sing setya mesthi sedhih wektu ndelok umaté Yéhuwah ora bersatu. Akèh sing dipengaruhi nabi-nabi palsu lan gembala-gembala sing bejat. Akibaté, wong-wong kuwi mbrontak nglawan nabi-nabi sing diutus Yéhuwah. Wong-wong kuwi padha mungsuhan lan malah mbentuk kelompok-kelompok dhéwé. Mula, janjiné Yéhuwah iki mesthi nyenengké umaté Yéhuwah sing setya, ”Aku bakal nggawé kabèh wong kuwi bersatu, lan wong-wong kuwi bakal Tak wènèhi sipat-sipat sing anyar.” (Yèh. 11:19) Nèk wong-wong sing dibébaské tetep setya karo Yéhuwah lan bersatu karo wong Yahudi liyané, ora ana mungsuh sing isa ngalahké wong-wong kuwi. Bangsa sing bersatu kuwi bakal nggawé Yéhuwah diluhurké manèh.

20, 21. Apa buktiné nèk wong Yahudi sing dibébaské ngrasakké kabèh janjiné Yéhuwah kelakon?

20 Apa wong Yahudi sing dibébaské saka Babilon ngrasakké kabèh janji kuwi kelakon? Yosua tau ngomong, ”Kabèh sing apik sing wis dijanjèkké Yéhuwah Gusti Allahmu wis ditepati. Kabèh wis kelakon. Ora ana siji-sijia sing ora ditepati.” (Yos. 23:14) Kaya pas jamané Yosua, janjiné Yéhuwah marang wong-wong sing dibébaské saka Babilon ya bakal ditepati.

21 Wong Yahudi wis ora nyembah brahala manèh lan ora mèlu-mèlu kebiasaan agama palsu sing najis. Wong-wong kuwi dadi isa cedhak manèh karo Yéhuwah. Akhiré, sing diarep-arep wong-wong kuwi kelakon. Wong-wong kuwi bali ing negara asalé lan urip bahagia. Pas wong Yahudi wis bali ing Yérusalèm, wong-wong kuwi mbangun manèh mézbah, terus mènèhké persembahan kanggo Yéhuwah. (Ézr. 3:2-6) Yéhuwah mènèhi berkah liyané, yaiku gembala-gembala sing apikan, contoné Ézra sing dadi imam lan penyalin, Gubernur Néhémia, Gubernur Zérubabèl, Imam Agung Yosua, Nabi Hagai, Nabi Zakharia, lan Nabi Maléakhi. Nèk wong Yahudi terus manut arahan lan petunjuké Yéhuwah, wong-wong kuwi bakal bersatu kaya sing wis diarep-arep kèt mbiyèn.​—Yés. 61:1-4; wacanen Yérémia 3:15.

22. Kok isa awaké dhéwé nyimpulké nèk janji-janjiné Yéhuwah bakal kelakon manèh?

22 Wong Yahudi sing ngrasakké dhéwé janji-janjiné Yéhuwah kelakon mesthi ngrasa dikuwatké. Ning, sakjané janji-janji kuwi ora mung kelakon ing jamané wong Yahudi. Janji-janji kuwi ya bakal kelakon ing jaman saiki. Kok isa awaké dhéwé nyimpulké kaya ngono? Janji-janjiné Yéhuwah bakal kelakon nèk umaté tetep manut. Sayangé, wong Yahudi suwé-suwé ora manut manèh lan mbrontak nglawan Yéhuwah. Kuwi berarti janjiné Yéhuwah durung kelakon kabèh. Tapi kaya sing diomongké Yosua, janjiné Yéhuwah mesthi kelakon kabèh. Dadi, awaké dhéwé isa nyimpulké nèk janji-janjiné Yéhuwah bakal kelakon manèh ing jaman saiki. Berkah saka janji-janji kuwi bakal dirasakké nganti saklawasé. Ayo dibahas piyé janji-janji kuwi kelakon manèh.

Yéhuwah ”Bakal Seneng” karo Umaté

23, 24. Kapan ”wektuné kabèh dipulihké” dimulai? Jelasna.

23 Saka Alkitab awaké dhéwé ngerti nèk akhir jaman dimulai taun 1914. Tapi, kuwi ora marahi umaté Yéhuwah kuwatir. Malah, awaké dhéwé seneng merga ing taun 1914, ”wektuné kabèh dipulihké” wis dimulai. (Kis. 3:21) Lha mémangé taun 1914 ana peristiwa apa? Yésus dilantik dadi Raja. Kok isa kuwi dadi tandha nèk kabèh mulai dipulihké? Yéhuwah janji karo Raja Daud nèk keturunané bakal mréntah saklawasé. (1 Bb. 17:11-14) Tapi, sejak Yérusalèm dihancurké Babilon taun 607 SM, ora ana keturunané Daud sing mréntah dadi raja.

24 Yésus sing disebut ”Anaké manungsa” kuwi keturunané Daud. Merga dhèwèké keturunané Raja Daud, dhèwèké nduwé hak sing sah kanggo mréntah dadi Raja. (Mat. 1:1; 16:13-16; Luk. 1:32, 33) Mula pas taun 1914, wektu Yéhuwah nglantik Yésus dadi Raja ing swarga, ”wektuné kabèh dipulihké” dimulai. Sejak kuwi, Yéhuwah ngongkon Raja sing sampurna kuwi bèn nggawé kabèh dipulihké.

25, 26. (a) Kapan umaté Gusti Allah dibébaské saka agama palsu? Jelasna. (Deloken kothak ”Taun 1919”.) (b) Ramalan apa sing kelakon manèh mulai taun 1919?

25 Sakwisé Yésus dadi Raja, Yésus karo Bapaké mriksa ibadahé umaté Gusti Allah ing bumi. (Mal. 3:1-5) Kaya perumpamaané Yésus soal gandum lan alang-alang, nganti suwé banget wong Kristen sing dipilih munggah swarga angèl dibédakké karo wong Kristen palsu. * Tapi sakwisé musim panèn sing dimulai taun 1914, wong Kristen sing dipilih munggah swarga isa dibédakké karo wong Kristen sing palsu. Sejak puluhan taun sakdurungé 1914, Siswa-Siswa Alkitab terus nduduhké ajaran sing salah saka gréja-gréja sing ngaku Kristen lan ora gelem dadi bagéan saka gréja-gréja kuwi. Wektu kuwi, Yéhuwah mulai nggawé ibadahé umaté dadi murni manèh. Dadi, pas awal taun 1919, beberapa taun sakwisé ”musim panèn” dimulai, umaté Gusti Allah bener-bener dibébaské saka Babilon Gedhé, yaiku agama palsu sak donya.​—Mat. 13:30

26 Ramalané Yèhèzkièl soal wong-wong bakal ngibadah marang Yéhuwah manèh ora mung kelakon pas jamané wong Yahudi. Tapi, ramalan kuwi ya kelakon manèh ing jaman saiki. Ayo dibahas bukti-buktiné.

27. Piyé critané umaté Gusti Allah mulai ora nyembah brahala?

27 JANJI KE-1. Ora ana manèh sing nyembah brahala lan mèlu-mèlu kebiasaan agama palsu. Kira-kira taun 1900, wong-wong Kristen sing bener ngumpul lan ora mèlu-mèlu manèh kebiasaan agama palsu. Wong-wong kuwi ngerti nèk ajaran tritunggal, neraka, lan ajaran sing salah soal wong mati asalé dudu saka Alkitab. Wong-wong kuwi ya ngerti nèk nggunakké patung termasuk nyembah brahala. Terus, akhiré wong-wong kuwi ngerti nèk nggunakké salib ya termasuk nyembah brahala.​—Yèh. 14:6.

28. Apa buktiné nèk umaté Gusti Allah ngrasakké firdaus rohani?

28 JANJI KE-2. Umaté Gusti Allah ngrasakké firdaus rohani. Sakwisé dibébaské saka agama palsu, wong Kristen sing bener ngrasakké firdaus rohani lan berkah-berkah saka Gusti Allah. Terus, wong-wong kuwi ya nampa akèh bahan kanggo sinau Alkitab bèn isa cedhak karo Yéhuwah. (Wacanen Yèhèzkièl 34:13, 14.) Kaya sing bakal dibahas ing Bab 19, Yéhuwah mènèhi berkah sing akèh banget, yaiku keterangan-keterangan saka Alkitab sing saya suwé saya akèh.​—Yèh. 11:17.

29. Apa sing kelakon sejak taun 1919?

29 JANJI KE-3. Korban-korban diwènèhké ing mézbahé Yéhuwah manèh. Pas jamané para rasul, wong Kristen dikongkon mènèhké korban pujian kanggo Yéhuwah. Kuwi korban sing luwih berharga timbang korban kéwan. Korban pujian kuwi maksudé muji Yéhuwah lan ngandhani wong liya soal Yéhuwah. (Ibr. 13:15) Pas umaté Yéhuwah ditawan agama palsu nganti atusan taun, ora ana organisasi sing ngarahké umaté Yéhuwah kanggo mènèhké korban pujian. Tapi, pas arep dibébaské, umaté Yéhuwah mulai mènèhké korban pujian, maksudé wong-wong kuwi sregep nginjil lan teka ing pakumpulan ibadah. Sejak taun 1919, ”budhak sing setya lan wicaksana” ngatur bèn gawéan nginjil isa luwih diutamakké lan mènèhi petunjuk sing jelas soal gawéan nginjil. (Mat. 24:45-47) Saiki, ana akèh wong sing mènèhké korban pujian kanggo Yéhuwah.

30. Piyé carané Yésus mastèkké domba-dombané diopèni?

30 JANJI KE-4. Gembala-gembala sing jahat disingkirké. Kristus mbébaské umaté Gusti Allah saka gembala-gembala palsu sing bejat lan égois sing ana ing gréja-gréja sing ngaku Kristen. Ing jemaat Kristen, gembala-gembala sing kaya ngono ya disingkirké. (Yèh. 20:38) Yésus, Gembala sing Apik, mastèkké domba-dombané diopèni. Mula taun 1919, dhèwèké nglantik budhak sing setya lan wicaksana, yaiku beberapa wong sing dipilih munggah swarga. Wong-wong kuwi nduwé tanggung jawab kanggo ngopèni dombané Gusti Allah, carané yaiku nyedhiakké bahan-bahan kanggo sinau Alkitab. Terus, para pinituwa dilatih bèn isa ngopèni ”domba-dombané Gusti Allah”. (1 Ptr. 5:1, 2) Para gembala Kristen kudu manut petunjuké Yéhuwah lan Yésus Kristus sing dicathet ing Yèhèzkièl 34:15, 16.

31. Apa buktiné nèk Yéhuwah nepati janjiné sing dicathet ing Yèhèzkièl 11:19?

31 JANJI KE-5. Umaté Yéhuwah bersatu. Wis atusan taun gréja-gréja sing ngaku Kristen ora bersatu lan mungsuhan merga alirané béda-béda, malah nganti ana puluhan èwu aliran. Kuwi béda banget karo umaté Yéhuwah sing bersatu. Janjiné Yéhuwah sing disampèkké liwat Yèhèzkièl kelakon tenan, yaiku, ”Aku bakal nggawé kabèh wong kuwi bersatu.” (Yèh. 11:19) Murid-muridé Yésus sak donya asalé saka suku lan latar belakang sing béda-béda. Tapi, sing disinaoni wong-wong kuwi padha. Wong-wong kuwi ya nduwé tugas sing padha. Pas dina terakhir Yésus urip ing bumi, Yésus ndongakké bèn murid-muridé bersatu. (Wacanen Yohanes 17:11, 20-23.) Saiki, dongané Yésus kuwi wis dijawab Yéhuwah. Umaté Yéhuwah bener-bener bersatu.

32. Piyé perasaané njenengan wektu ndelok ramalané Yèhèzkièl soal ibadah sing murni kelakon? (Deloken kothak ”Ramalan soal Umaté Gusti Allah sing Ditawan lan Dibébaské”.)

32 Njenengan mesthi seneng ta merga isa ndelok dhéwé nèk ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh? Ramalané Yèhèzkièl saiki wis kelakon merga ibadahé awaké dhéwé wis dadi murni. Awaké dhéwé isa yakin nèk saiki Yéhuwah ”seneng” karo umaté, kaya sing wis diramalké liwat Yèhèzkièl. (Yèh. 20:41) Sakwisé atusan taun, akhiré umaté Gusti Allah dibébaské saka agama palsu lan isa nampa akèh bahan kanggo sinau Alkitab. Iki kesempatan sing istiméwa merga isa dadi umaté Yéhuwah lan ngluhurké Yéhuwah. Tapi sakjané, isih ana ramalané Yèhèzkièl sing bakal kelakon manèh.

”Kaya Taman Èden”

33-35. (a) Wektu krungu ramalan ing Yèhèzkièl 36:35, apa sing dipikirké Yèhèzkièl lan tawanan liyané? (b) Piyé ramalan kuwi kelakon saiki? (Deloken kothak ”Wektuné Kabèh Dipulihké”.)

33 Kaya sing wis dibahas sakdurungé, ”wektuné kabèh dipulihké” dimulai wektu Yésus dadi Raja taun 1914. Kuwi berarti ana manèh keturunané Daud sing mréntah dadi raja. (Yèh. 37:24) Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Yésus kanggo mbébaské umaté saka agama palsu lan mbantu wong-wong kuwi bèn ibadahé marang Yéhuwah dadi murni manèh. Apa tugasé Yésus wis rampung? Durung. Nganti sukmbèn, Yésus isih kudu ngrampungké tugasé. Saiki, ayo mbahas keterangan liyané saka ramalané Yèhèzkièl.

34 Salah sijiné yaiku, ”Wong-wong bakal kandha, ’Tanah sing telantar kuwi saiki dadi kaya Taman Èden.’” (Yèh. 36:35) Wektu krungu ramalan kuwi, apa sing dipikirké Yèhèzkièl lan tawanan liyané? Wong-wong kuwi ora mungkin mikir tanahé bakal dadi persis kaya Taman Èden mbiyèn. (PD. 2:8) Ning, wong-wong kuwi mesthi ngerti nèk sing dimaksud Yéhuwah kuwi tanahé bakal dadi subur lan apik banget.

35 Apa ramalan kuwi ya kelakon saiki? Merga donya iki isih dikuwasani Sétan, awaké dhéwé ngerti nèk ora mungkin buminé dadi firdaus saiki. Tapi, awaké dhéwé ngerti nèk kuwi maksudé firdaus rohani. Merga ngrasakké firdaus rohani, awaké dhéwé isa nglayani lan ngutamakké Yéhuwah. Suwé-suwé, firdaus rohani dadi tambah apik. Terus, apa sing bakal kelakon sukmbèn?

36, 37. Janji apa sing bakal kelakon ing Firdaus?

36 Sakwisé perang Armagédon, isih ana tugas sing kudu dirampungké Yésus. Pas Pamréntahan Sèwu Taun, Yésus bakal ngarahké manungsa bèn isa nggawé bumi iki dadi firdaus kaya Taman Èden. Kuwi sing dikarepké Yéhuwah kèt awal. (Luk. 23:43) Wektu kuwi manungsa bakal urip rukun lan ngrawat bumi iki bèn isa dadi panggonan sing apik. Ing panggonan endi waé, ora bakal ana bahaya. Bayangna keadaané wektu janjiné Yéhuwah iki kelakon, ”Aku bakal nggawé perjanjian damai karo domba-domba-Ku. Aku bakal nyingkirké kéwan-kéwan liar sing buas saka tanah kuwi bèn padha isa manggon aman ing padhang belantara lan turu ing hutan-hutan.”​—Yèh. 34:25.

37 Apa njenengan isa mbayangké keadaané sukmbèn? Njenengan isa lunga ing endi waé lan ora ngrasa wedi. Ora ana kéwan sing bakal nyerang njenengan. Ora bakal ana bahaya. Njenengan ora bakal kuwatir nèk arep mlaku-mlaku dhèwèkan ing tengah hutan. Njenengan isa ndelok pemandangan sing indah. Malah, njenengan ya isa turu angler ing kono lan tetep aman.

Bayangna njenengan isa ’turu ing hutan’ lan tetep aman (Deloken paragraf 36, 37)

38. Piyé perasaané njenengan wektu mbayangké janji ing Yèhèzkièl 28:26 kelakon?

38 Awaké dhéwé ya bakal ndelok janji iki kelakon, ”[Wong-wong kuwi] bakal manggon aman ing kono, terus mbangun omah lan nggawé kebon anggur. Pas Aku ngukum kabèh sing ana ing sekitaré, yaiku sing ngrèmèhké [wong-wong kuwi], [wong-wong kuwi] bakal manggon aman. [Wong-wong kuwi] bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé wong-wong kuwi.” (Yèh. 28:26) Sakwisé mungsuh-mungsuhé Yéhuwah disingkirké, awaké dhéwé bakal ngrasa aman lan damai. Wektu kuwi awaké dhéwé bakal ngrawat bumi lan nyukupi kebutuhané keluargané awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa mbangun omah lan nggawé kebon anggur.

39. Ngapa kok njenengan isa yakin nèk kabèh janjiné Yéhuwah soal Firdaus sing disampèkké liwat Yèhèzkièl bakal kelakon?

39 Apa janji-janji kuwi bakal kelakon tenan? Njenengan isa yakin merga wis ndelok dhéwé nèk ”wektuné kabèh dipulihké” kelakon saiki. Meskipun Sétan ngupaya nggagalké, ning Yésus berhasil nggawé ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh merga dibantu Yéhuwah. Kuwi bukti nèk kabèh janjiné Yéhuwah sing disampèkké léwat Yèhèzkièl mesthi bakal kelakon.

^ par. 2 Wong Yahudi sing ditawan akèh-akèhé manggon rada adoh saka kutha Babilon. Misalé, Yèhèzkièl lan wong-wong Yahudi liyané manggon ing cedhak Kali Khébar. (Yèh. 3:15) Tapi ya ana sing manggon ing kutha, misalé ”keluarga kerajaan lan keturunané bangsawan”.​—Dan. 1:3, 6; 2 Raj. 24:15.

^ par. 25 Contoné, awaké dhéwé ora ngerti apa ana anggota réformasi gréja pas taun 1500-an sing termasuk wong Kristen sing dipilih munggah swarga. Nèk ana, awaké dhéwé ya ora ngerti sapa wongé.