Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 11

”Kowé Tak Lantik Dadi Penjaga”

”Kowé Tak Lantik Dadi Penjaga”

YÈHÈZKIÈL 33:7

INTINÉ: Yéhuwah milih penjaga lan njelaské apa waé tugasé

1. Para nabiné Yéhuwah, sing dipadhakké kaya penjaga, wis ngapa waé? Terus, ana peristiwa apa ing Yérusalèm?

 ANA penjaga ing ndhuwur témbok Yérusalèm sing lagi ndelok keadaan ing sekitar kutha kuwi pas matahari mèh terbenam. Ujug-ujug dhèwèké ndelok pasukan Babilon teka. Dhèwèké langsung nyebul trompèt sak banter-banteré bèn penduduk kutha ngerti nèk ana bahaya. Ning, wong-wong kuwi wis ora isa ngapa-ngapa manèh merga ora gèk ndang manut wektu dikandhani. Wis puluhan taun Yéhuwah ngongkon para penjaga, yaiku para nabi, kanggo ngélikké penduduk Yérusalèm nèk ora suwé manèh Yéhuwah bakal ngukum wong-wong kuwi. Tapi, wong-wong kuwi ora ngrungokké, ora nduwé iman, lan malah nyembah brahala. Saiki, Yérusalèm dikepung pasukan Babilon. Bar pirang-pirang sasi dikepung, akhiré témbok Yérusalèm dijebol, bait dihancurké, lan penduduké ditawan.

2, 3. (a) Apa sing bakal dialami wong-wong ing bumi, lan wong-wong kuwi kudu piyé? (b) Pertanyaan apa waé sing bakal dibahas?

2 Saiki, pasukané Yéhuwah ing swarga wis siap perang nglawan wong-wong ing bumi sing ora manut karo Yéhuwah. (Why. 17:12-14) Perang kuwi bakal kelakon pas akhir sengsara gedhé. (Mat. 24:21) Mula, saiki wong-wong kudu manut karo arahané penjaga sing dipilih Yéhuwah bèn isa slamet.

3 Ngapa kok Yéhuwah milih penjaga? Berita apa sing disampèkké penjaga kuwi? Sapa sing dipilih Yéhuwah dadi penjaga? Awaké dhéwé kudu piyé? Ayo mbahas jawabané.

”Kowé Kudu Ngélikké Wong-Wong Kuwi”

4. Ngapa kok Yéhuwah milih penjaga? (Deloken gambar ing awal bab.)

4 Wacanen Yèhèzkièl 33:7. Mbiyèn, penjaga biasané jaga ing ndhuwur témbok kutha kanggo nglindhungi penduduk ing kutha kuwi. Pemimpin kutha kuwi ngongkon wong dadi penjaga merga perduli karo rakyaté. Meskipun swara trompèt sing disebul penjaga isa marahi kagèt wong-wong sing lagi turu, ning kuwi isa nylametké nyawané wong-wong kuwi. Yéhuwah kaya pemimpin kutha kuwi. Dhèwèké milih penjaga dudu kanggo medèn-medèni umaté nganggo berita penghukuman, tapi kanggo nduduhké nèk Dhèwèké perduli karo umaté lan péngin umaté slamet.

5, 6. Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi adil?

5 Pas milih Yèhèzkièl dadi penjaga, sakjané Yéhuwah lagi nduduhké sipat-sipaté sing nggawé umaté ayem. Ayo mbahas loro sipaté Yéhuwah.

6 Adil. Yéhuwah adil karo saben wong. Contoné, meskipun akèh wong Israèl ora gelem ngrungokké berita sing disampèkké Yèhèzkièl, Yéhuwah ora nganggep kabèh wong kuwi mbrontak nglawan Dhèwèké. Ning, saben wong isa milih arep manut apa ora karo Yéhuwah. Yéhuwah bola-bali ngomong nèk Dhèwèké ngélikké ”wong jahat” lan ”wong bener”. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah mènèhi hukuman sesuai karo tanggepané saben wong wektu diélikké.​—Yèh. 33:8, 18-20.

7. Yéhuwah ngadili wong-wong sesuai karo apa?

7 Sipaté Yéhuwah sing adil ya kétok saka carané Dhèwèké ngadili wong-wong. Saben wong diadili sesuai karo tanggepané wektu diélikké, dudu sesuai karo kesalahané mbiyèn. Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl, ’Misalé Aku kandha marang wong jahat, ”Kowé mesthi bakal mati,” terus wong kuwi ora nindakké dosa manèh lan nindakké sing adil lan sing bener, dhèwèké bakal tetep urip.’ Terus, Yéhuwah mènèhi keterangan sing penting iki, ”Dosané ora ana sing bakal diéling-éling.” (Yèh. 33:14-16) Tapi, umaté Yéhuwah ora éntuk mikir nèk nglanggar préntahé Yéhuwah kuwi ora apa-apa merga mbiyèn wis manut karo Yéhuwah. Yéhuwah ngomong nèk misalé wong bener ”nindakké sing salah merga rumangsa nèk tumindaké mbiyèn isa nylametké dhèwèké”, ”kabèh tumindaké sing bener ora bakal ana sing diéling-éling” lan ”dhèwèké bakal mati merga kesalahané”.​—Yèh. 33:13.

8. Sakdurungé mènèhi hukuman, piyé Yéhuwah nduduhké nèk Dhèwèké adil?

8 Yéhuwah pancèn adil merga sakdurungé mènèhi hukuman, Dhèwèké mesthi ngélikké dhisik lan mènèhi wektu umaté kanggo berubah. Kira-kira enem taun sakdurungé pasukan Babilon nyerang Yérusalèm, Yèhèzkièl wis nyampèkké ramalan nèk Yérusalèm bakal dihukum. Tapi, sakdurungé Yèhèzkièl, sakjané wis ana akèh nabi sing ngélikké wong Israèl. Kira-kira 200 taun sakdurungé Yérusalèm dihancurké, Yéhuwah milih Nabi Hoséa, Yésaya, Mikha, Odèd, lan Yérémia dadi penjaga. Yéhuwah ngongkon Yérémia ngélikké wong Israèl. ”Aku wis nglantik penjaga-penjaga sing kandha, ’Gatèkna swara trompèt.’” (Yér. 6:17) Mula, nèk akhiré penduduk Yérusalèm mati wektu kuthané dihancurké pasukan Babilon, kuwi dudu salahé Yéhuwah utawa para penjaga sing dipilih Yéhuwah.

9. Apa buktiné nèk Yéhuwah tresna karo manungsa?

9 Tresna. Yéhuwah tresna banget karo manungsa. Buktiné, Yéhuwah ora mung ngélikké wong-wong sing bener, tapi ya ngélikké wong-wong sing jahat, sing wis nglarani atiné lan ngèlèk-èlèk jenengé. Contoné, wong Israèl dikenal dadi umaté Yéhuwah, tapi wong-wong kuwi wis ping bola-bali ora manut karo Yéhuwah lan malah nyembah allah-allah palsu. Yéhuwah lara ati banget, kaya wong lanang sing lara ati merga bojoné selingkuh. (Yèh. 16:32) Tapi, Yéhuwah ora langsung ninggalké umaté. Yéhuwah ora péngin balas dendam, tapi péngin umaté bali manèh karo Dhèwèké. Yéhuwah mung ngukum umaté nèk pancèn wis kebangeten. Lha ngapa? Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl, ”Aku ora seneng nèk wong jahat mati. Aku pénginé wong jahat mertobat lan ora mati.” (Yèh. 33:11) Perasaané Yéhuwah isih tetep padha nganti saiki.​—Mal. 3:6.

10, 11. Apa sing isa disinaoni saka Yéhuwah sing adil lan tresna karo wong Israèl?

10 Apa sing isa disinaoni saka Yéhuwah sing adil lan tresna karo wong Israèl? Pertama, awaké dhéwé ora éntuk mikir nèk kabèh wong sing awaké dhéwé temoni pas nginjil kuwi padha kabèh. Saben wong kuwi béda. Aja nganti nganggep nèk wong-wong tertentu ora perlu dikandhani kabar apik merga kelakuané mbiyèn utawa merga latar belakangé, misalé budaya, suku, basa, lan keadaan ékonominé. Yéhuwah ngomong karo Paulus, ”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké. Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.”​—Kis. 10:34, 35.

Apa awaké dhéwé niru Yéhuwah sing nganggep nèk saben wong nduwé kesempatan kanggo ngrungokké kabar apik? (Deloken paragraf 10)

11 Keloro, awaké dhéwé kudu ngati-ati lan terus njaga kelakuané awaké dhéwé. Awaké dhéwé kudu ngakoni nèk awaké dhéwé isa nggawé dosa kaya wong-wong liyané. Awaké dhéwé kudu manut karo naséhaté Rasul Paulus kanggo jemaat Korintus, ”Wong sing rumangsa nèk dhèwèké terus ngadeg lan kuwat kudu ngati-ati supaya ora tiba. Kowé ngadhepi godhaan sing biasa diadhepi karo wong-wong.” (1 Kor. 10:12, 13) Sakliyané kuwi, nèk mbiyèn awaké dhéwé wis nglakoni apa sing bener, ora berarti saiki éntuk nglakoni apa sing salah. Aja ”rumangsa nèk tumindaké” awaké dhéwé mbiyèn isa nggawé awaké dhéwé ora dihukum. (Yèh. 33:13) Ora soal wis suwé nglayani Yéhuwah utawa lagi waé, awaké dhéwé kudu tetep rendah hati lan terus manut.

12. Nèk wis tau nggawé dosa gedhé, awaké dhéwé aja mikir apa?

12 Lha terus piyé nèk awaké dhéwé tau nggawé dosa gedhé ning nganti saiki isih ngrasa bersalah? Saka berita sing disampèkké Yèhèzkièl, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah ngukum wong dosa sing ora mertobat. Tapi, awaké dhéwé ya ngerti nèk Yéhuwah sayang banget karo umaté. (1 Yoh. 4:8) Nèk awaké dhéwé bener-bener mertobat lan wis berubah, aja mikir nèk dosané awaké dhéwé ora isa diapura Gusti Allah. (Yak. 5:14, 15) Yéhuwah gelem ngapura wong Israèl sing nyembah brahala, lan Dhèwèké mesthi ya gelem ngapura awaké dhéwé.​—Mzm. 86:5.

”Ngomonga marang Bangsamu”

13, 14. (a) Berita apa sing kudu disampèkké penjaga? (b) Berita apa sing disampèkké Yésaya?

13 Wacanen Yèhèzkièl 33:2, 3. Berita apa sing kudu disampèkké penjaga sing dipilih Yéhuwah? Penjaga pancèn nduwé tugas sing penting kanggo ngélikké wong-wong. Tapi, penjaga ya nyampèkké kabar apik. Gatèkna contoné.

14 Yésaya, sing dadi nabi kira-kira taun 778 nganti 732 SM, ngélikké umaté Gusti Allah nèk wong Babilon bakal nyerang Yérusalèm lan nggawa penduduké ing Babilon. (Yés. 39:5-7) Tapi, Yéhuwah ya ngongkon Yésaya nyampèkké iki, ”Rungokna kaé, para penjaga padha mbengok. Para penjaga kuwi padha sorak-sorak, merga wong-wong kuwi bakal ndelok dhéwé wektu Yéhuwah ngumpulké manèh penduduk Zion.” (Yés. 52:8) Kuwi kabar sing apik merga ibadah marang Yéhuwah bakal dadi murni manèh.

15. Berita apa sing disampèkké Yérémia?

15 Yérémia, sing dadi nabi taun 647 nganti 580 SM, kerep disebut ”wong sing nyampèkké soal bencana”. Dhèwèké ngupaya tenanan ngélikké wong Israèl soal bencana saka Yéhuwah. * Tapi, Yérémia ya nyampèkké kabar apik. Dhèwèké ngandhani nèk umaté Yéhuwah bakal bali ing Israèl lan ngibadah marang Yéhuwah ing kana.​—Yér. 29:10-14; 33:10, 11.

16. Apa pengaruhé kabar apik sing disampèkké Yèhèzkièl kanggo wong Yahudi sing ditawan ing Babilon?

16 Yèhèzkièl dipilih dadi penjaga taun 613 nganti 591 SM. Kaya sing dibahas ing Bab 5 lan 6 buku iki, Yèhèzkièl semangat banget ngélikké wong Israèl soal hukuman saka Yéhuwah. Merga wis ngélikké, dhèwèké ora salah nèk misalé ana wong sing mati dihukum Yéhuwah. Sakjané, Yèhèzkièl ora mung ngandhani nèk Yéhuwah bakal ngukum wong murtad ing Yérusalèm. Tapi, dhèwèké ya nyampèkké kabar apik sing mbantu wong Yahudi sing ditawan ing Babilon tetep cedhak karo Yéhuwah. Dadi, wong-wong kuwi isa siap nglakoni tugas saka Yéhuwah. Sakwisé wong Yahudi 70 taun ditawan ing Babilon, Yéhuwah bakal nggawa bali beberapa wong Yahudi ing negara asalé sing keadaané wis dadi apik manèh. (Yèh. 36:7-11) Wong Yahudi sing bali kuwi akèh-akèhé anak-putuné wong-wong sing ngrungokké berita sing disampèkké Yèhèzkièl. Kaya sing dibahas ing Bagéan 3 buku iki, Yèhèzkièl nyampèkké akèh kabar apik nèk ibadah marang Yéhuwah ing Yérusalèm bakal dadi murni manèh.

17. Kapan Yéhuwah milih penjaga?

17 Sakliyané nabi-nabi sing ngélikké umaté Gusti Allah sakdurungé taun 607 SM, apa ana wong liyané manèh sing dipilih Yéhuwah dadi penjaga? Ya, ana. Sakdurungé ana peristiwa penting sing ana hubungané karo tujuané Yéhuwah, Yéhuwah mesthi milih penjaga kanggo ngélikké wong jahat lan nyampèkké kabar apik.

Penjaga Sakdurungé Taun 100 M

18. Apa tugasé Yohanes Pembaptis?

18 Sakdurungé taun 100 M, Yohanes Pembaptis dadi penjaga. Dhèwèké ngélikké bangsa Israèl nèk sedhéla manèh, Yéhuwah ora bakal nganggep bangsa kuwi dadi umaté manèh. (Mat. 3:1, 2, 9-11) Tapi, ora mung kuwi sing disampèkké Yohanes. Yésus ngomong nèk Yohanes kuwi ”utusan” sing nyiapké dalan kanggo Mésias. (Mal. 3:1; Mat. 11:7-10) Salah siji tugasé Yohanes yaiku nyampèkké kabar apik nèk Yésus, ”Anak Dombané Gusti Allah”, wis teka lan bakal ”ngilangi dosané donya”.​—Yoh. 1:29, 30.

19, 20. Merga dadi penjaga, apa tugasé Yésus lan murid-muridé?

19 Saka antarané kabèh penjaga, Yésus kuwi penjaga sing utama. Kaya Yèhèzkièl, Yésus diutus Yéhuwah kanggo nyampèkké omongané Yéhuwah marang ”wong Israèl”. (Yèh. 3:17; Mat. 15:24) Yésus ngélikké bangsa Israèl nèk sedhéla manèh, Yéhuwah ora bakal nganggep bangsa kuwi dadi umaté manèh lan Yérusalèm bakal dihancurké. (Mat. 23:37, 38; 24:1, 2; Luk. 21:20-24) Tapi, tugas utamané Yésus kuwi nyampèkké kabar apik.​—Luk. 4:17-21.

20 Wektu ing bumi, Yésus ngongkon murid-muridé bèn ”terus jaga-jaga” lan dadi penjaga. (Mat. 24:42) Murid-muridé Yésus manut karo préntah kuwi. Wong-wong kuwi ngélikké bangsa Israèl nèk Yéhuwah wis ora nganggep bangsa kuwi dadi umaté manèh. Wong-wong kuwi ya ngandhani nèk kutha Yérusalèm ing bumi dudu kutha sing suci manèh. (Rm. 9:6-8; Gal. 4:25, 26) Tapi kaya para penjaga liyané, murid-muridé Yésus ya nyampèkké kabar apik. Contoné, wong-wong kuwi ngandhani nèk wong-wong saka bangsa liya isa dadi bagéan saka ”Israèl duwèké Gusti Allah”, yaiku wong-wong sing dipilih munggah swarga, lan nduwé kesempatan kanggo mbantu Yésus nggawé ibadah marang Yéhuwah ing bumi dadi murni manèh.​—Kis. 15:14; Gal. 6:15, 16; Why. 5:9, 10.

21. Ngapa kok Paulus disebut penjaga sing apik?

21 Paulus dadi penjaga sing mènèhi conto sing apik. Dhèwèké nganggep kuwi tugas sing penting banget. Kaya Yèhèzkièl, Paulus ngerti nèk dhèwèké bakal dianggep salah wektu ana sing dihukum mati merga durung diélikké. (Kis. 20:26, 27) Kaya penjaga-penjaga liyané, Paulus ora mung ngélikké wong-wong, ning dhèwèké ya nyampèkké kabar apik. (Kis. 15:35; Rm. 1:1-4) Merga dituntun roh suci, Paulus ngutip ramalané Yésaya iki, ”Seneng banget ndelok wong sing teka ing gunung-gunung karo nggawa kabar apik.” Terus, dhèwèké ngomong nèk ramalan kuwi kelakon wektu murid-muridé Yésus martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah.​—Yés. 52:7, 8; Rm. 10:13-15.

22. Apa sing kelakon sakwisé para rasul mati?

22 Sakwisé para rasul mati, wong murtad ing jemaat Kristen dadi saya akèh, kaya sing wis diramalké mbiyèn. (Kis. 20:29, 30; 2 Tés. 2:3-8) Nganti suwé banget, wong Kristen palsu sing dipadhakké kaya alang-alang jumlahé luwih akèh timbang wong Kristen sing bener sing dipadhakké kaya gandum. Wong-wong ora isa ngerti ajaran sing bener soal Kerajaané Gusti Allah merga ajaran palsu wis nyebar. (Mat. 13:36-43) Tapi, ing wektu sing wis ditentokké, Yéhuwah akhiré nggawé ibadah marang Dhèwèké dadi murni manèh. Ning sakdurungé kuwi, merga Yéhuwah adil lan sayang karo umaté, Dhèwèké milih para penjaga kanggo ngélikké umaté lan nyampèkké kabar apik. Sapa penjaga sing dipilih Yéhuwah?

Yéhuwah Milih Penjaga Liyané kanggo Ngélikké Wong-Wong

23. Apa tugasé C. T. Russel karo kanca-kancané?

23 Beberapa taun sakdurungé 1914, Charles Taze Russel karo kanca-kancané dadi ”utusan” sing ”nyiapké dalan” sakdurungé Kerajaané Mésias mréntah. * (Mal. 3:1) Wong-wong kuwi ya dadi penjaga. Wong-wong kuwi nggunakké majalah ”Menara Pengawal Zion dan Pengumuman Kehadiran Kristus” (Zion’s Watch Tower and Herald of Christ’s Presence) kanggo ngélikké wong-wong soal hukuman saka Gusti Allah lan nyampèkké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah.

24. (a) Merga dadi penjaga, apa tugasé ”budhak sing setya”? (b) Njenengan isa sinau apa saka wong-wong sing dadi penjaga jaman mbiyèn? (Deloken kothak ”Para Penjaga sing Dadi Conto”.)

24 Sakwisé Kerajaané Gusti Allah mréntah, Yésus nglantik beberapa wong dadi ”budhak sing setya”, sing saiki disebut Pengurus Pusat. (Mat. 24:45-47) Sejak kuwi, Pengurus Pusat diwènèhi tugas dadi penjaga. Wong-wong kuwi ora mung ngélikké soal ”wektuné Gusti Allah mbales mungsuh-mungsuhé”, ning ya nyampèkké soal ”wektuné Yéhuwah nduduhké rasa mesakké”.​—Yés. 61:2; deloken 2 Korintus 6:1, 2.

25, 26. (a) Yésus ngongkon murid-muridé ngapa, lan piyé murid-muridé nglakoni kuwi? (b) Apa sing bakal dibahas ing Bab 12?

25 Sing diwènèhi tugas dadi penjaga kuwi pancèn ”budhak sing setya”. Tapi, Yésus ya ngongkon ”kabèh” muridé bèn ”terus jaga-jaga”. (Mrk. 13:33-37) Kuwi berarti awaké dhéwé kudu tetep waspada lan ndhukung penjaga jaman saiki. Awaké dhéwé isa terus waspada nèk sregep nginjil. (2 Tim. 4:2) Ngapa kok awaké dhéwé gelem nginjil? Ora suwé manèh, wong-wong sing ora ngrungokké wektu diélikké penjaga bakal mati. Mula, awaké dhéwé nginjil merga péngin nylametké wong-wong. (Yèh. 3:19; 1 Tim. 4:16) Tapi, alesan utamané awaké dhéwé nginjil kuwi merga awaké dhéwé péngin martakké kabar apik nèk ibadah marang Gusti Allah wis dadi murni manèh. Saiki, pas ”wektuné Yéhuwah nduduhké rasa mesakké”, akèh wong isih nduwé kesempatan kanggo mèlu ngibadah marang Yéhuwah, Gusti Allah sing adil lan sayang karo umaté. Ora suwé manèh, wong-wong sing slamet saka Armagédon bakal ngrasakké akèh berkah wektu Yésus Kristus dadi Raja. Awaké dhéwé mesthi péngin terus semangat martakké kabar apik kuwi kanggo ndhukung penjaga sing dipilih Yéhuwah.​—Mat. 24:14.

Awaké dhéwé seneng martakké kabar apik kanggo ndhukung penjaga jaman saiki (Deloken paragraf 25)

26 Sakdurungé akhir jaman iki rampung, Yéhuwah wis nggawé umaté bersatu. Kuwi mukjijat sing luar biasa. Ing Bab 12, awaké dhéwé bakal mbahas ramalan soal tongkat loro sing nggambarké umaté Gusti Allah sing bersatu.

^ par. 15 Kata ”bencana” disebutké kira-kira ping 70 ing buku Yérémia.