Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 8

”Aku Bakal Nglantik Gembala”

”Aku Bakal Nglantik Gembala”

YÈHÈZKIÈL 34:23

INTINÉ: Papat ramalan soal Mésias lan piyé Yésus nggawé ramalan-ramalan kuwi kelakon

1-3. Ngapa kok Yèhèzkièl sedhih banget? Dhèwèké dikongkon nulis ramalan apa?

 WIS mèh enem taun Yèhèzkièl ditawan ing Babilon sing adohé atusan kilomèter saka omahé ing Yéhuda. * Yèhèzkièl sedhih banget merga pamréntahan ing Yéhuda bobrok. Kèt cilik, Yèhèzkièl wis ndelok raja-raja ing Yéhuda gonta-ganti.

2 Yèhèzkièl lair pas pamréntahané Raja Yosia. Yèhèzkièl mesthi seneng banget pas ngerti Raja Yosia ngongkon rakyaté nyingkirké brahala bèn ibadah ing Yéhuda dadi murni manèh. (2 Bb. 34:1-8) Tapi, raja-raja sakwisé Yosia ora niru Yosia merga wong-wong kuwi nyembah brahala. Akhiré, bangsa Israèl dadi tumindak bejat lan ora nyembah Yéhuwah manèh. Ning, wong Israèl isih nduwé harapan.

3 Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl nulis ramalan soal Mésias. Mésias kuwi Pemimpin lan Gembala sing bakal nggawé ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh nganti saklawasé. Dhèwèké ya bakal ngopèni domba-dombané Yéhuwah. Ning, iki lagi ramalan sing pertama saka beberapa ramalané Yèhèzkièl soal Mésias. Awaké dhéwé kudu nggatèkké ramalan-ramalan kuwi merga kuwi ana pengaruhé kanggo uripé awaké dhéwé sukmbèn. Saiki, ayo mbahas papat ramalané Yèhèzkièl soal Mésias.

’Tunas sing Isih Enom’ Dadi ”Wit Aras sing Gedhé”

4. Yèhèzkièl ngramalké apa? Tapi sakdurungé ngramalké soal kuwi, Yèhèzkièl dikongkon ngapa?

4 Kira-kira taun 612 SM, ”Yéhuwah kandha” karo Yèhèzkièl bèn ngramalké soal pamréntahané Mésias lan ngapa kok wong-wong kudu percaya karo pamréntahan kuwi. Tapi sakdurungé kuwi, Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl nyritakké teka-teki sing isiné ramalan soal raja-raja Yéhuda sing ora setya. Teka-teki kuwi ya nduduhké ngapa kok kudu ana Mésias sing bakal dadi Pemimpin sing apik.​—Yèh. 17:1, 2.

5. Teka-tekiné apa?

5 Wacanen Yèhèzkièl 17:3-10. Teka-tekiné kaya ngéné: Ana ”manuk elang gedhé” sing nyeklèk tunasé wit aras sing paling dhuwur. Terus, tunas kuwi ditandur ing ”kuthané para pedagang”. Manuk kuwi ya njupuk ”benih saka tanah kuwi”, terus ditandur ing ladhang sing subur ”pinggir kali”. Benih kuwi thukul dadi ’wit anggur sing mrambat’. Bar kuwi, ana ”manuk elang gedhé” liyané. Wit anggur mau ”ngupaya ngrambatké” akaré marang manuk kuwi bèn ditandur ing ladhang liyané sing akèh banyuné. Kuwi nggawé Yéhuwah ora seneng. Wit anggur kuwi bakal dicabut akaré lan dadi ”garing banget”.

Manuk elang gedhé sing pertama nggambarké Nébukhadnézar raja Babilon (Deloken paragraf 6)

6. Jelasna artiné teka-teki kuwi.

6 Maksudé teka-teki kuwi apa? (Wacanen Yèhèzkièl 17:11-15.) Taun 617 SM, Nébukhadnézar raja Babilon (”manuk elang gedhé” sing pertama) ngepung Yérusalèm. Dhèwèké nglèngsèrké Yéhoyakhin raja Yéhuda (’tunas sing paling dhuwur’). Terus, Yéhoyakhin digawa menyang Babilon (”kuthané para pedagang”). Bar kuwi, Nébukhadnézar nglantik Zédékia (salah siji ”benih saka tanah kuwi”, yaiku keturunan raja) dadi raja ing Yérusalèm. Zédékia dikongkon sumpah nganggo jenengé Gusti Allah nèk bakal dadi abdiné Nébukhadnézar. (2 Bb. 36:13) Ning, Zédékia ora nepati sumpahé. Dhèwèké malah nglawan Babilon lan njaluk bantuané Firaun raja Mesir (”manuk elang gedhé” sing keloro). Tapi, kuwi ora berhasil. Yéhuwah ora seneng merga Zédékia ora nepati sumpahé. (Yèh. 17:16-21) Akhiré, Zédékia dilèngsèrké, dipenjara ing Babilon, lan mati ing kana.​—Yér. 52:6-11.

7. Apa sing isa disinaoni saka teka-tekiné Yèhèzkièl?

7 Apa sing isa disinaoni saka teka-tekiné Yèhèzkièl? Pertama, awaké dhéwé kudu nepati janji. Yésus ngomong, ”Nèk ya, ngomonga ’Ya’. Nèk ora, ngomonga ’Ora’.” (Mat. 5:37) Nèk awaké dhéwé kudu sumpah, misalé pas mènèhi keterangan ing pengadilan, awaké dhéwé kudu nganggep sumpah kuwi serius. Keloro, aja ngendelké manungsa. Alkitab ngomong, ”Aja percaya karo manungsa utawa para pemimpin sing ora isa nylametké.”​—Mzm. 146:3.

8-10. Yéhuwah ngramalké apa soal Mésias sing bakal dadi Raja? Piyé ramalan kuwi kelakon? (Deloken kothak ”Ramalan soal Mésias​—Wit Aras sing Gedhé”.)

8 Tapi, ana pemimpin sing isa dipercaya lan diendelké, yaiku Mésias. Sakwisé nyritakké teka-teki soal tunas sing dipindhah ing ladhang, Yéhuwah nyritakké manèh teka-teki sing ngramalké soal Mésias sing bakal dadi Pemimpin.

9 Ramalané apa? (Wacanen Yèhèzkièl 17:22-24.) Saiki sing njupuk tunas dudu manuk elang sing gedhé, tapi Yéhuwah dhéwé. Yéhuwah njupuk tunas sing isih enom ’saka pucuk wit aras sing dhuwur, terus ditandur ing gunung sing dhuwur banget’. Tunas kuwi bakal dadi ”wit aras sing gedhé”. Terus, ”kabèh jenis manuk” bakal manggon ing ranting lan godhongé. ”Kabèh wit ing ladhang” bakal ngerti nèk Yéhuwah sing nukulké tunas kuwi dadi wit aras sing gedhé.

10 Piyé ramalan kuwi kelakon? Yéhuwah nglantik Yésus, keturunané Daud (”wit aras sing dhuwur”), dadi Raja ing Gunung Zion ing swarga (”gunung sing dhuwur banget”). (Mzm. 2:6; Yér. 23:5; Why. 14:1) Senajan Yésus dianggep ”wong sing paling rendhah” karo mungsuhé, Yéhuwah bakal nggawé dhèwèké dadi ”raja kaya Daud nènèk moyangé”. (Dan. 4:17; Luk. 1:32, 33) Kaya wit aras sing gedhé, Yésus Kristus bakal dadi Raja ing swarga sing mréntah bumi lan mberkahi kabèh rakyaté. Yésus Kristus kuwi Pemimpin sing isa diendelké. Wektu Yésus dadi Raja, wong-wong sing manut ”bakal ngrasa aman lan ora wedi karo bencana apa waé”.​—WB. 1:33.

11. Apa sing isa disinaoni saka ramalan soal ’tunas sing isih enom’ dadi ”wit aras sing gedhé”?

11 Apa sing isa disinaoni? Sakwisé mbahas ramalan soal ’tunas sing isih enom’ dadi ”wit aras sing gedhé”, awaké dhéwé dadi ngerti kudu ngendelké sapa. Aja nganti awaké dhéwé ngendelké pamréntahané manungsa lan pasukan militèré. Awaké dhéwé kudu ngendelké Yésus Kristus, Mésias sing dadi Raja. Mung pamréntahané Mésias sing isa mènèhi harapan kanggo manungsa.​—Why. 11:15.

”Wong sing Nduwé Hak sing Sah”

12. Piyé Yéhuwah mbuktèkké nèk Dhèwèké bakal nepati janjiné karo Daud?

12 Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl artiné teka-teki soal manuk elang loro kuwi. Mula, Yèhèzkièl ngerti nèk Raja Zédékia sing ora setya, keturunané Daud, bakal dilèngsèrké lan ditawan ing Babilon. Mungkin Yèhèzkièl mikir, ’Lha terus piyé janjiné Gusti Allah soal keturunané Daud sing bakal dadi raja saklawasé?’ (2 Sam. 7:12, 16) Nèk Yèhèzkièl mémang mikir kaya ngono, dhèwèké éntuk jawaban saka Yéhuwah taun 611 SM. Wektu kuwi, Yèhèzkièl wis mèh pitung taun ditawan ing Babilon lan Zédékia isih dadi raja ing Yéhuda. (Yèh. 20:2) Yéhuwah ngongkon dhèwèké nyampèkké ramalan liyané soal Mésias, sing mbuktèkké nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné karo Daud. Ramalan kuwi nduduhké nèk Mésias kuwi keturunané Daud sing nduwé hak sing sah kanggo mréntah.

13, 14. (a) Apa isiné ramalan ing Yèhèzkièl 21:​25-27? (b) Piyé ramalan kuwi kelakon?

13 Ramalané apa? (Wacanen Yèhèzkièl 21:25-27.) Liwat Yèhèzkièl, Yéhuwah ngomong nèk ”para pemimpin Israèl sing jahat” bakal dihukum. Yéhuwah ya ngandhani nèk ’serban’ lan ’mahkotané’ para pemimpin sing jahat kuwi (maksudé kekuasaané) bakal dicopot. Terus, pemimpin sing ”biasa” bakal diunggulké lan pemimpin sing ”penting” bakal direndhahké. Pemimpin sing diunggulké mung mréntah nganti ”wong sing nduwé hak sing sah teka”. Bar kuwi, Yéhuwah bakal nglantik wong kuwi dadi Raja.

14 Piyé ramalan kuwi kelakon? Wektu Yérusalèm dihancurké Babilon taun 607 SM, kerajaan Yéhuda sing ”penting” direndhahké. Zédékia dilèngsèrké lan ditawan ing Babilon. Merga ora ana keturunané Daud sing mréntah ing Yérusalèm, para pemimpin ”biasa” saka bangsa-bangsa liya diunggulké lan nguwasani bumi. Tapi, kuwi mung sementara. Terus, ”wektu sing ditentokké kanggo bangsa-bangsa” rampung taun 1914 wektu Yéhuwah nglantik Yésus dadi Raja. (Luk. 21:24) Yésus kuwi keturunané Raja Daud sing ”nduwé hak sing sah” dadi Raja. * (PD. 49:10) Wektu nglantik Yésus, Yéhuwah nepati janjiné karo Daud nèk bakal ana keturunané sing mréntah nganti saklawasé.​—Luk. 1:32, 33.

Yésus nduwé hak sing sah dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah (Deloken paragraf 15)

15. Ngapa kok awaké dhéwé isa bener-bener percaya karo Yésus sing dadi Raja?

15 Apa sing isa disinaoni? Awaké dhéwé isa bener-bener percaya karo Yésus Kristus sing dadi Raja. Lha ngapa? Merga Yéhuwah dhéwé sing milih Yésus dadi Raja. Yésus ya ’diwènèhi kerajaan’ merga dhèwèké sing nduwé hak sing sah kanggo mréntah. (Dan. 7:13, 14) Kuwi ora kaya pemimpin ing donya iki sing isa mréntah merga dipilih manungsa utawa ngrebut kekuasaané pemimpin sakdurungé. Dadi, mung Yésus Raja sing dipilih Yéhuwah sing bener-bener isa diendelké.

”Abdi-Ku Daud” Bakal ”Dadi Gembalané”

16. Yéhuwah kuwi Gembala sing kaya apa? Umaté Yéhuwah diapakké karo ”para gembalané Israèl”?

16 Yéhuwah, Gembala sing Utama, perduli banget karo domba-dombané, yaiku umaté sing ana ing bumi. (Mzm. 100:3) Yéhuwah mènèhi tanggung jawab karo gembala-gembala sing ana ing bumi kanggo nggatèkké domba-dombané. Yéhuwah ya ndelok piyé gembala-gembala kuwi ngopèni lan njaga domba-dombané. Dadi, coba bayangna piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok ’para gembalané Israèl kejem lan kasar’ karo umaté Yéhuwah. Akibaté, wong-wong pas jamané Yèhèzkièl sengsara lan ora ngibadah marang Yéhuwah manèh.​—Yèh. 34:1-6.

17. Piyé Yéhuwah nylametké domba-dombané?

17 Apa Yéhuwah meneng waé? Ora. Yéhuwah ngomong nèk para pemimpin sing kejem kuwi ’bakal dikongkon tanggung jawab’. Yéhuwah janji, ”Aku bakal nylametké domba-domba-Ku.” (Yèh. 34:10) Yéhuwah mesthi nepati janjiné. (Yos. 21:45) Taun 607 SM, Yéhuwah nggunakké pasukan Babilon kanggo nyingkirké para gembala sing kejem lan nylametké domba-dombané. Terus 70 taun sakwisé kuwi, Yéhuwah mbébaské umaté saka Babilon lan nggawa bali umaté ing Yérusalèm bèn isa ngibadah marang Yéhuwah manèh. Tapi, umaté Yéhuwah tetep ngadhepi bahaya. Wong-wong kuwi bakal dikuwasani pamréntah donya nganti atusan taun, nganti ”wektu sing ditentokké kanggo bangsa-bangsa kuwi rampung”.​—Luk. 21:24.

18, 19. Taun 606 SM, Yèhèzkièl nyampèkké ramalan apa? (Deloken gambar ing awal bab.)

18 Taun 606 SM, kira-kira setaun sakwisé Yérusalèm dihancurké, Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl nyampèkké ramalan soal Mésias sing bakal dadi Gembalané domba-dombané Yéhuwah. Kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah, Gembala sing Utama, perduli karo domba-dombané lan péngin bèn domba-dombané urip saklawasé.

19 Ramalané apa? (Wacanen Yèhèzkièl 34:22-24.) Yéhuwah ”bakal nglantik gembala” sing disebut ”abdi-Ku Daud”. Ing ramalan kuwi mung ana ”gembala” utawa ’abdi’ siji, berarti pemimpin sing dijanjèkké kuwi bakal dadi siji-sijiné keturunané Daud sing mréntah saklawasé. Gembala kuwi bakal nyedhiakké panganan lan dadi ”pemimpiné” domba-dombané Gusti Allah. Yéhuwah bakal ”nggawé perjanjian damai” karo umaté. ”Berkah bakal diesokké kaya udan” lan wong-wong kuwi bakal ngrasa aman, urip makmur, lan bahagia. Wong-wong bakal urip rukun, ora mung karo wong liyané ning ya karo kéwan.​—Yèh. 34:25-28.

20, 21. (a) Piyé ramalan soal ”abdi-Ku Daud” kelakon? (b) Piyé omongané Yèhèzkièl soal ”perjanjian damai” bakal kelakon?

20 Piyé ramalan kuwi kelakon? Sing disebut ”abdi-Ku Daud” kuwi maksudé Yésus, keturunané Daud sing nduwé hak sing sah kanggo mréntah. (Mzm. 89:35, 36) Wektu ing bumi, Yésus kuwi ”gembala sing apik” merga dhèwèké gelem ’ngorbanké uripé kanggo domba-dombané’. (Yoh. 10:14, 15) Saiki, Yésus kuwi Gembala ing swarga. (Ibr. 13:20) Taun 1914, Yéhuwah nglantik Yésus dadi Raja. Yésus nduwé tanggung jawab kanggo ngopèni lan nyedhiakké panganan kanggo domba-dombané Yéhuwah ing bumi. Terus taun 1919, Yésus nglantik ”budhak sing setya lan wicaksana” sing dikongkon nyedhiakké panganan kanggo ’pelayan-pelayan omah’, yaiku umaté Yéhuwah sing nduwé harapan urip ing swarga lan ing bumi. (Mat. 24:45-47) Budhak sing setya iki manut karo arahané Kristus lan terus nyedhiakké bahan-bahan kanggo sinau Alkitab. Hasilé, umaté Yéhuwah isa ngrasakké firdaus rohani sing aman lan damai.

21 Piyé omongané Yèhèzkièl soal ”perjanjian damai” lan berkah sing ”diesokké kaya udan” bakal kelakon? Ing donya anyar, umaté Yéhuwah bakal ngrasakké manfaaté ”perjanjian damai”. Wektu bumi dadi firdaus, wong-wong ora bakal susah merga perang, kejahatan, kelaparan, penyakit, utawa kéwan buas. (Yés. 11:6-9; 35:5, 6; 65:21-23) Njenengan mesthi seneng ta nèk isa urip saklawasé ing bumi firdaus? Wektu kuwi, domba-dombané Gusti Allah ”bakal manggon aman lan ora ana sing bakal nggawé wedi”.​—Yèh. 34:28.

Yésus, Gembala ing swarga, nggatèkké piyé gembala-gembala ing bumi ngopèni dombané Gusti Allah (Deloken paragraf 22)

22. Piyé perasaané Yésus karo domba-dombané Yéhuwah? Piyé para gembala ing bumi isa niru Yésus?

22 Apa sing isa disinaoni? Yésus niru Bapaké sing perduli karo domba-dombané. Yésus sing dadi Raja lan Gembala mastèkké dombané Bapaké nampa bahan-bahan kanggo sinau Alkitab lan ngrasakké firdaus rohani sing aman lan damai. Mesthi awaké dhéwé seneng banget merga Yésus dadi Pemimpiné awaké dhéwé. Gembala-gembala ing bumi kudu niru contoné Yésus sing perduli karo dombané Gusti Allah. Para pinituwa kudu ”réla”, ”semangat”, lan dadi conto kanggo dombané Yéhuwah. (1 Ptr. 5:2, 3) Para pinituwa ora éntuk nindhes dombané Yéhuwah. Yéhuwah tau ngomong soal gembala sing kasar ing jamané Yèhèzkièl, ’Para gembala kuwi bakal Tak kongkon tanggung jawab.’ (Yèh. 34:10) Yéhuwah lan Yésus nggatèkké piyé para gembala ing bumi ngopèni lan njaga domba-dombané.

”Abdi-Ku Daud Bakal Dadi Pemimpiné kanggo Saklawasé”

23. Apa janjiné Yéhuwah soal bangsa Israèl? Piyé janji kuwi kelakon?

23 Yéhuwah péngin kabèh umaté bersatu. Yéhuwah ngramalké nèk Israèl bakal bersatu. Dhèwèké ya janji nèk bakal ngumpulké umaté. Ana wong-wong saka kerajaan loro suku ing Yéhuda lan kerajaan sepuluh suku ing Israèl sing bakal didadèkké ”sak bangsa”, kaya ”tongkat loro” sing ’didadèkké siji’. (Yèh. 37:15-23) Ramalan kuwi kelakon taun 537 SM wektu wong-wong Israèl bali ing Tanah Perjanjian lan dadi sak bangsa. * Ning, kuwi mung gambaran soal apa sing bakal kelakon sukmbèn. Sakwisé janji nèk Israèl bakal bersatu, Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl ramalan nèk ing masa depan ana Pemimpin sing bakal nggawé umaté Yéhuwah sak donya bersatu saklawasé.

24. (a) Yéhuwah nggunakké sebutan apa waé wektu ngomongké soal Mésias? (b) Pamréntahané Mésias ­bakal kaya apa?

24 Ramalané apa? (Wacanen Yèhèzkièl 37:24-28.) Yéhuwah nyebut Mésias kuwi ”abdi-Ku Daud”, ”gembala siji”, lan ’pemimpin’. Saiki, Yéhuwah ya nyebut Mésias kuwi ”raja”. (Yèh. 37:22) Kaya apa pamréntahané Mésias? Pamréntahan kuwi bakal ana nganti saklawasé. Kata ”saklawasé” nduduhké nèk pamréntahan kuwi bakal mènèhi berkah kanggo rakyaté nganti saklawasé. * Pamréntahan kuwi bakal nggawé rakyaté bersatu. Merga dipréntah karo ”raja siji”, rakyaté bakal manut karo ’keputusan hukum’ sing padha lan bakal manggon bareng ing tanah sing dijanjèkké Yéhuwah. Pamréntahan kuwi bakal nggawé rakyaté tambah cedhak karo Yéhuwah. Yéhuwah bakal nggawé ”perjanjian damai” karo rakyaté pamréntahan kuwi. Yéhuwah bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umaté Yéhuwah. ’Panggonan suciné’ Yéhuwah bakal ana ”ing antarané wong-wong kuwi saklawasé”.

25. Piyé ramalan soal Mésias sing dadi Raja kelakon?

25 Piyé ramalan kuwi kelakon? Taun 1919, Yésus Kristus sing dadi ”gembala” lan Raja nggawé wong-wong sing dipilih munggah swarga bersatu. Terus, ana ’kumpulan gedhé wong akèh saka kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa’ sing bersatu karo wong-wong sing dipilih munggah swarga. (Why. 7:9) Wong-wong kuwi dadi ”sak kelompok, lan gembalané mung siji”. (Yoh. 10:16) Ora soal nduwé harapan urip ing swarga utawa ing bumi, kabèh wong kuwi manut karo hukumé Yéhuwah. Hasilé, wong-wong kuwi ngrasakké firdaus rohani lan isa bersatu karo para sedulur sak donya. Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi ngrasa damai. Panggonan suciné Yéhuwah ana ing tengah-tengahé wong-wong kuwi, maksudé wong-wong kuwi isa ngibadah marang Yéhuwah. Yéhuwah dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bangga dadi umaté Yéhuwah nganti saklawasé.

26. Piyé carané njenengan njaga persatuan karo sedulur-sedulur liyané?

26 Apa sing isa disinaoni? Awaké dhéwé seneng banget merga bersatu karo para sedulur sak donya sing padha-padha nyembah Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé nduwé tanggung jawab kanggo njaga persatuan kuwi. Awaké dhéwé kudu percaya ajaran sing padha lan njaga kelakuané awaké dhéwé tetep apik. (1 Kor. 1:10) Mula, awaké dhéwé kudu nggunakké bahan-bahan sing padha kanggo sinau Alkitab, manut karo pathokan sing padha saka Alkitab, lan mèlu kegiatan sing padha, yaiku nginjil lan ndadèkké murid. Tapi sing paling penting, awaké dhéwé kudu sayang karo liyané bèn isa bersatu. Nèk awaké dhéwé terus sayang karo liyané, ngupaya ngerti perasaané liyané, apikan, lan seneng ngapura, awaké dhéwé bakal saya akrab karo sedulur liyané. Alkitab kandha, ”Kowé kudu sayang karo liyané, merga kuwi sing nggawé wong-wong bener-bener bersatu.”​—Kol. 3:12-14; 1 Kor. 13:4-7.

Sedulur-sedulur sak donya isa bersatu merga diberkahi Yéhuwah (Deloken paragraf 26)

27. (a) Piyé perasaané njenengan sakwisé sinau ramalan soal Mésias ing buku Yèhèzkièl? (b) Ing bab-bab berikuté, awaké dhéwé bakal mbahas apa?

27 Awaké dhéwé bersyukur merga isa sinau ramalan soal Mésias ing buku Yèhèzkièl. Nèk sinau lan mikirké tenanan ramalan-ramalan kuwi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yésus Kristus kuwi Raja sing isa diendelké, nduwé hak sing sah kanggo mréntah, Gembala sing perduli, lan isa nggawé awaké dhéwé bersatu saklawasé. Awaké dhéwé seneng banget dadi rakyaté Yésus Kristus. Awaké dhéwé kudu éling nèk ramalan-ramalan soal Mésias ana hubungané karo ramalan soal ibadah murni sing dibahas ing buku Yèhèzkièl. Yéhuwah bakal nggunakké Yésus kanggo ngumpulké umaté lan nggawé ibadah marang Dhèwèké dadi murni manèh. (Yèh. 20:41) Ing bab-bab berikuté, awaké dhéwé bakal mbahas luwih akèh keterangan ing buku Yèhèzkièl soal piyé ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh.

^ par. 1 Taun 617 SM, wong Yahudi ditawan ing Babilon. Berarti pas taun 612 SM, wong Yahudi wis mèh enem taun ditawan ing Babilon.

^ par. 14 Silsilahé Yésus, keturunané Daud, dicathet ing Injil.​—Mat. 1:1-16; Luk. 3:23-31.

^ par. 23 Ramalané Yèhèzkièl soal tongkat loro lan piyé ramalan kuwi kelakon bakal dibahas ing Bab 12.

^ par. 24 Ana buku sing ngomong ngéné soal kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”saklawasé”, ”Kata iki maksudé wektu sing suwé banget, lan isa berarti permanèn, tahan lama, ora terbatas, ora isa dibatalké, lan ora berubah.”