Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 10

”Kowé Bakal Urip Manèh”

”Kowé Bakal Urip Manèh”

YÈHÈZKIÈL 37:5

INTINÉ: Wahyu soal ”balung-balung sing garing” lan piyé ramalan saka wahyu kuwi kelakon manèh

1-3. Ngapa kok wong Yahudi sing ditawan ing Babilon dadi sedhih banget? (Deloken gambar ing awal bab.)

 KIRA-KIRA wis limang taun Yèhèzkièl ngandhani wong Yahudi sing ditawan ing Babilon nèk Yérusalèm bakal dihancurké. Yèhèzkièl wis nyampèkké berita penghukuman, nyampèkké perumpamaan, lan meragakké hukuman saka Yéhuwah. Tapi, wong-wong kuwi tetep ora percaya nèk Yéhuwah bakal meneng waé pas Yérusalèm dihancurké. Malah, pas ngerti nèk Yérusalèm dikepung pasukan Babilon, wong-wong kuwi isih mikir nèk penduduké bakal tetep aman. Tapi, pas ngerti kenyataané, wong-wong kuwi kagèt.

2 Rong taun sakwisé Yérusalèm dikepung, wong sing berhasil mlayu saka Yérusalèm lunga ing Babilon lan ngomong ngéné, ”Kutha kuwi wis dikalahké.” Wong-wong sing ditawan ing Babilon dadi sedhih banget merga kuthané, baité Gusti Allah, lan negara asalé dihancurké. Wong-wong kuwi wis ora nduwé harapan manèh.​—Yèh. 21:7; 33:21.

3 Pas wong Yahudi padha sedhih, Yèhèzkièl nampa wahyu saka Yéhuwah. Liwat wahyu kuwi, Yéhuwah ngandhani wong Yahudi nèk isih ana harapan. Yéhuwah mènèhi harapan apa kanggo wong Yahudi? Apa hubungané wahyu kuwi karo umaté Yéhuwah jaman saiki? Apa manfaaté wahyu kuwi kanggo njenengan? Bèn isa ngerti jawabané, ayo mbahas wahyu sing didelok Yèhèzkièl.

”Sampèkna Ramalan soal Balung-Balung Iki” lan ”Sampèkna Ramalan marang Angin”

4. Apa sing marahi Yèhèzkièl nggumun pas éntuk wahyu saka Yéhuwah?

4 Wacanen Yèhèzkièl 37:1-10. Ing wahyu kuwi, Yèhèzkièl digawa ing lembah sing kebak balung. Bèn wahyu kuwi saya jelas, Yèhèzkièl dikongkon ”ngubengi lembah mau”. Yèhèzkièl nggumun banget ndelok jumlahé lan keadaané balung-balung kuwi. Dhèwèké ngomong, ’Aku ndelok ana akèh banget balung. Balung-balung kuwi garing banget.’

5. (a) Yéhuwah mènèhi préntah apa waé kanggo Yèhèzkièl? (b) Apa sing kelakon sakwisé Yèhèzkièl nyampèkké ramalan?

5 Terus, Yéhuwah mènèhi loro préntah kanggo Yèhèzkièl bèn balung-balung kuwi isa urip manèh. Pertama, Yèhèzkièl dikongkon nyampèkké ”ramalan soal balung-balung” bèn balung-balung kuwi ”urip manèh”. (Yèh. 37:4-6) Sakwisé Yèhèzkièl nyampèkké ramalan, ”ana swara pating klothak, lan balung-balung kuwi mulai nglumpuk dadi siji”. Bar kuwi, ”ana otot lan daging ing balung-balung kuwi, terus balung kuwi ketutup kulit”. (Yèh. 37:7, 8) Keloro, Yèhèzkièl dikongkon nyampèkké ”ramalan marang angin” bèn anginé ’teka’, terus awaké wong-wong sing dipatèni kuwi kena angin. Sakwisé Yèhèzkièl nyampèkké ramalan, ”wong-wong sing dipatèni kuwi mulai ambegan, terus urip manèh lan ngadeg. Jumlahé kaya pasukan sing akèh banget”.​—Yèh. 37:9, 10.

”Balung-balungku Wis Garing” lan ”Aku Wis Ora Nduwé Harapan Manèh”

6. Yéhuwah ngomong apa bèn Yèhèzkièl isa ngerti artiné wahyu kuwi?

6 Terus, Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl artiné wahyu kuwi. Yéhuwah ngomong, ”Balung-balung iki maksudé kabèh wong Israèl.” Wektu ngerti nèk Yérusalèm wis dihancurké, wong-wong sing ditawan ing Babilon sedhih banget nganti rasané kaya mèh mati. Wong-wong kuwi ngomong, ”Balung-balungku wis garing. Aku wis ora nduwé harapan manèh. Aku bener-bener wis dihancurké.” (Yèh. 37:11; Yér. 34:20) Tapi, liwat wahyu sing didelok Yèhèzkièl, Yéhuwah sakjané arep ngandhani nèk wong Israèl isih nduwé harapan.

7. Ing Yèhèzkièl 37:12-14, Yéhuwah ngomong apa? Apa pengaruhé omongané Yéhuwah kanggo wong Yahudi sing ditawan?

7 Wacanen Yèhèzkièl 37:12-14. Liwat wahyu kuwi, Yéhuwah péngin bèn wong-wong sing ditawan yakin nèk Yéhuwah bakal nggawé wong-wong kuwi ”urip manèh”, bali ing negara asalé, lan manggon ing kana. Yéhuwah ya nyebut wong-wong kuwi ”umat-Ku”. Kuwi mesthi nguwatké wong-wong sing ditawan sing lagi putus asa. Ngapa kok wong-wong sing ditawan isa yakin nèk janji kuwi bakal kelakon? Merga Yéhuwah dhéwé sing janji. Yéhuwah ngomong, ”Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi lan wis nindakké kuwi.”

8. (a) Apa maksudé keadaané ”kabèh wong Israèl” kaya balung-balung sing garing banget? (b) Menurut Yèhèzkièl 37:9, ngapa kok keadaané wong Israèl kaya wong mati? (Deloken cathetan ngisor 1.)

8 Piyé wong Israèl ndelok dhéwé nèk ramalan ing wahyu sing didelok Yèhèzkièl kelakon? Taun 740 SM, kerajaan Israèl sepuluh suku dihancurké lan penduduké ditawan. Wektu kuwi, hubungané wong Israèl karo Yéhuwah wis mèh rusak. Kira-kira 130 taun bar kuwi, wong Yéhuda ya ditawan. Dadi, ”kabèh wong Israèl” ditawan. (Yèh. 37:11) Kuwi berarti hubungané kabèh wong sing ditawan kuwi karo Yéhuwah wis bener-bener rusak. Kuwi digambarké kaya balung-balung ing wahyu sing didelok Yèhèzkièl. * Balung-balung sing didelok Yèhèzkièl kuwi ”garing banget”. Kuwi nduduhké nèk hubungané wong Israèl karo Yéhuwah rusak nganti suwé banget. Kuwi pancèn bener. Wong Yéhuda lan wong Israèl wis adoh saka Yéhuwah nganti luwih saka 200 taun. *Yér. 50:33.

9. Wong Israèl mbiyèn karo ”Israèl duwèké Gusti Allah” padha-padha ngalami apa?

9 Ramalané Yèhèzkièl soal wong Israèl kuwi kelakon manèh. (Kis. 3:21) Wong Israèl mbiyèn keadaané kaya wong sing wis mati suwé banget merga ”dipatèni”. ”Israèl duwèké Gusti Allah”, yaiku wong Kristen sing dipilih munggah swarga, keadaané ya kaya ngono. (Gal. 6:16) Wong-wong kuwi kaya wong sing dipatèni merga ditawan agama palsu nganti suwé banget. Akibaté, wong-wong kuwi dadi adoh saka Gusti Allah lan keadaané kaya balung sing ”garing banget”. (Yèh. 37:2) Kaya sing wis dibahas ing bab sakdurungé, wong Kristen sing dipilih munggah swarga mulai ditawan sakwisé taun 100 M. Wong-wong kuwi ditawan nganti atusan taun, kaya sing dijelaské ing perumpamaané Yésus soal gandum lan alang-alang.​—Mat. 13:24-30.

Balung-balung sing ”garing banget” nggambarké wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga sing ditawan nganti suwé banget. Keadaané wong-wong kuwi kaya wong sing dipatèni (Deloken paragraf 8, 9)

”Balung-Balung Kuwi Mulai Nglumpuk Dadi Siji”

10. (a) Ana ramalan apa ing Yèhèzkièl 37:7, 8? (b) Ngapa kok para tawanan sing manut karo Gusti Allah akhiré yakin nèk wong-wong kuwi bakal bali ing Israèl?

10 Pas jamané Yèhèzkièl, Yéhuwah wis ngramalké nèk umaté suwé-suwé bakal ”urip manèh”, utawa dipulihké. (Yèh. 37:7, 8) Ngapa kok para tawanan sing manut karo Gusti Allah akhiré yakin nèk wong-wong kuwi bakal bali ing Israèl? Wong-wong kuwi yakin merga ana ramalan-ramalan sing tau disampèkké para nabi. Misalé, Yésaya ngramalké nèk ”keturunan sing suci”, maksudé beberapa tawanan, bakal bali ing Israèl. (Yés. 6:13; Ayb. 14:7-9) Ramalan-ramalané Yèhèzkièl soal keadaan sing dipulihké mesthi ya nggawé wong-wong kuwi nduwé harapan. Harapané wong-wong kuwi tambah kuwat merga ana wong-wong sing setya ing Babilon, misalé Nabi Danièl. Sakliyané kuwi, merga Babilon dihancurké taun 539 SM, para tawanan dadi tambah yakin nèk wong-wong kuwi bakal bali ing Israèl.

11, 12. (a) Apa buktiné nèk ”Israèl duwèké Gusti Allah” suwé-suwé dipulihké? (Deloken kothak ”Ibadah marang Yéhuwah Suwé-Suwé Dadi Murni Manèh”.) (b) Sakwisé maca Yèhèzkièl 37:10, pertanyaan apa sing isa dipikirké?

11 ”Israèl duwèké Gusti Allah”, utawa wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga, suwé-suwé ya dipulihké. Apa buktiné? Atusan taun sakwisé ditawan lan keadaané kaya wong mati, wong-wong sing manut karo Gusti Allah mulai nggawé ibadah marang Gusti Allah dadi murni manèh. Kuwi kaya ”swara pating klothak” ing wahyu sing didelok Yèhèzkièl. Contoné, taun 1500-an, William Tyndale nerjemahké Alkitab ing basa Inggris. Kuwi nggawé para pemimpin Gréja Katolik Roma nesu merga Alkitab isa diwaca rakyat biasa. Akhiré, Tyndale dipatèni. Tapi, isih ana wong-wong sing kendel nerjemahké Alkitab ing basa-basa liyané. Hasilé, Alkitab isa diwaca akèh wong.

12 Terus, ”ana otot lan daging ing balung-balung kuwi”. Kuwi kelakon wektu Charles T. Russell karo kanca-kancané mulai nggolèk keterangan sing bener saka Alkitab. Wong-wong kuwi ya mbantu wong liyané ngerti keterangan sing bener saka Alkitab liwat majalah ”Menara Pengawal Zion” (Zion’s Watch Tower) lan wacan-wacan liyané. Hasilé, akèh wong dadi umaté Gusti Allah lan nglayani bareng karo wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. Awal 1900-an, ana ”Drama-Foto Penciptaan” lan buku ”Rahasia sing Kelakon” (The Finished Mystery). Kuwi nguwatké imané wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. Ora let suwé, Gusti Allah nggawé umaté ”ngadeg”. (Yèh. 37:10) Kapan lan piyé kuwi kelakon? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk nggatèkké apa sing kelakon ing Babilon jaman mbiyèn.

’Wong-Wong sing Dipatèni Kuwi Urip Manèh lan Ngadeg’

13. (a) Critakna piyé wahyu sing dicathet ing Yèhèzkièl 37:10, 14 kelakon mulai taun 537 SM. (b) Ayat endi waé sing nduduhké nèk ana wong-wong saka kerajaan Israèl sepuluh suku sing bali ing Israèl?

13 Mulai 537 SM, wahyu sing didelok Yèhèzkièl kelakon tenan. Yéhuwah nggawé wong Yahudi sing ditawan ing Babilon ”urip manèh lan ngadeg”. Kuwi kelakon wektu wong-wong kuwi dibébaské lan bali ing Israèl. Wektu kuwi, sing lunga saka Babilon ana 42.360 wong Yahudi lan kira-kira 7.000 wong sing dudu wong Yahudi. Wong-wong kuwi mbangun manèh bait Yérusalèm lan manggon ing Israèl. (Ézr. 1:1-4; 2:64, 65; Yèh. 37:14) Terus, kira-kira 70 taun bar kuwi, sekitar 1.750 tawanan bali ing Yérusalèm bareng karo Ézra. (Ézr. 8:1-20) Dadi, jumlahé wong Yahudi sing bali ing Israèl ana luwih saka 44.000. Wong-wong kuwi kaya ”pasukan sing akèh banget”. (Yèh. 37:10) Sakliyané kuwi, Alkitab ngomong nèk wong-wong saka kerajaan Israèl sepuluh suku, sing nènèk moyangé ditawan ing Asiria taun 740 SM, ya bali ing Israèl lan mèlu mbangun manèh bait Yérusalèm.​—1 Bb. 9:3; Ézr. 6:17; Yér. 33:7; Yèh. 36:10.

14. (a) Piyé Yèhèzkièl 37:24 nduduhké kapan ramalané Yèhèzkièl kelakon manèh? (b) Apa sing kelakon taun 1919? (Deloken kothak ”Apa Hubungané ’Balung-Balung sing Garing’ karo ’Seksi Loro’?”)

14 Piyé ramalané Yèhèzkièl kelakon manèh? Kaya ramalan liyané sing disampèkké Yéhuwah marang Yèhèzkièl, ramalan iki ya bakal kelakon manèh sakwisé Yésus Kristus, keturunané Daud, mréntah dadi Raja. * (Yèh. 37:24) Taun 1919, Yéhuwah mberkahi umaté nganggo roh suciné. Hasilé, umaté ”urip manèh” lan dibébaské saka agama palsu. (Yés. 66:8) Terus, Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi manggon ing ’tanahé’ wong-wong kuwi, maksudé firdaus rohani. Tapi, piyé critané kok umaté Yéhuwah saiki isa dadi ”pasukan sing akèh banget”?

15, 16. (a) Kok isa umaté Yéhuwah saiki dadi ”pasukan sing akèh banget”? (b) Pas lagi ngadhepi masalah, ngapa kok awaké dhéwé isa dikuwatké nèk maca ramalané Yèhèzkièl? (Deloken kothak ”Yéhuwah Isa Nggawé Awaké Dhéwé Kuwat Manèh”.)

15 Sakwisé Kristus nglantik budhak sing setya taun 1919, umaté Gusti Allah ndelok dhéwé nèk ramalané Zakharia kelakon. Nabi Zakharia sing manggon bareng para tawanan sing bali ing Yérusalèm ngomong, ’Akèh wong lan bangsa sing kuwat bakal teka nglayani Yéhuwah.’ Zakharia nggambarké wong-wong kuwi kaya ”wong lanang sepuluh saka kabèh bangsa”. Wong-wong kuwi nyekel kenceng jubahé ”wong Yahudi siji”, yaiku ”Israèl duwèké Gusti Allah”. Wong-wong kuwi ngomong, ”Aku bakal mèlu karo kowé, merga aku krungu nèk Gusti Allah ndhukung kowé.”​—Za. 8:20-23; Gal. 6:16.

16 Saiki, ”pasukan sing akèh banget” kuwi jumlahé jutaan, lan jumlahé bakal tambah akèh. (Yèh. 37:10) Sing dadi pasukan kuwi yaiku ”Israèl duwèké Gusti Allah” (wong-wong sing dipilih munggah swarga sing isih urip ing bumi) lan ”wong lanang sepuluh” (domba-domba liyané). Merga dadi prajurité Yésus, awaké dhéwé péngin manut karo Yésus, Rajané awaké dhéwé sing bakal mènèhi akèh berkah.​—Mzm. 37:29; Yèh. 37:24; Flp. 2:25; 1 Tés. 4:16, 17.

17. Apa sing bakal dibahas ing Bab 11?

17 Wektu ibadah marang Gusti Allah dadi murni manèh, umaté Gusti Allah nduwé tugas sing penting. Tugas apa? Bèn isa ngerti jawabané, awaké dhéwé kudu ngerti dhisik tugas apa sing ditampa Yèhèzkièl sakdurungé Yérusalèm dihancurké. Kuwi sing bakal dibahas ing Bab 11.

^ par. 8 Sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu balung-balungé wong sing mati merga lara utawa wis tuwa, tapi kuwi balung-balungé ”wong-wong sing dipatèni”. (Yèh. 37:9) Keadaané ”kabèh wong Israèl” kaya wong sing dipatèni merga kerajaan Israèl sepuluh suku lan kerajaan Yéhuda loro suku dikalahké, terus penduduké ditawan ing Asiria lan Babilon. Kuwi nduduhké nèk hubungané wong Israèl karo Yéhuwah rusak.

^ par. 8 Kuwi diétung saka taun 740 nganti 537 SM, wektu wong Yahudi bali ing Israèl.

^ par. 14 Ramalan soal Mésias dibahas ing Bab 8.