Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 12

”Wong-Wong Kuwi Bakal Tak Dadèkké Sak Bangsa”

”Wong-Wong Kuwi Bakal Tak Dadèkké Sak Bangsa”

YÈHÈZKIÈL 37:22

INTINÉ: Liwat ramalan soal tongkat loro, Yéhuwah janji nèk bakal ngumpulké umaté

1, 2. (a) Ngapa kok wong Yahudi sing ditawan ngrasa kuwatir? (b) Jebulé apa ramalané Yèhèzkièl? (c) Pertanyaan apa waé sing bakal dibahas?

 YÈHÈZKIÈL wis meragakké beberapa ramalan saka Gusti Allah kanggo wong Yahudi sing ditawan ing Babilon. Ramalan pertama, keloro, ketelu lan sakterusé isiné berita penghukuman saka Gusti Allah. (Yèh. 3:24-26; 4:1-7; 5:1; 12:3-6) Wektu kuwi, kabèh ramalan sing wis diperagakké Yèhèzkièl isiné mung berita penghukuman kanggo wong Yahudi.

2 Bayangna perasaané wong Yahudi wektu Yèhèzkièl arep meragakké ramalan liyané ing ngarepé wong-wong kuwi. Mungkin wong-wong kuwi dadi kuwatir banget lan mikir, ’Wadhuh, ana berita penghukuman apa manèh iki?’ Tapi, jebulé ramalan sing disampèkké Yèhèzkièl ora kaya sing dibayangké wong-wong kuwi. Ramalané Yèhèzkièl kuwi isiné dudu berita penghukuman tapi janji sing nyenengké. (Yèh. 37:23) Apa ramalané? Apa artiné? Apa pengaruhé ramalan kuwi kanggo umaté Gusti Allah jaman saiki? Ayo mbahas jawabané.

”Loro-loroné Dadi Tongkat Siji ing Tangan-Ku”

3. (a) Tongkat ”kanggo Yéhuda” nggambarké apa? (b) Kok isa ”tongkaté Éfraim” nggambarké kerajaan Israèl sepuluh suku?

3 Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl njupuk tongkat loro. Tongkat sing pertama ditulisi ”kanggo Yéhuda” lan tongkat sing keloro ditulisi ”kanggo Yusuf, yaiku tongkaté Éfraim”. (Wacanen Yèhèzkièl 37:15, 16.) Tongkat loro kuwi nggambarké apa? Tongkat ”kanggo Yéhuda” nggambarké kerajaan loro suku, yaiku Yéhuda karo Bènyamin. Sing mréntah loro suku kuwi raja-raja keturunané Yéhuda. Para imam ya manggon ing wilayahé kerajaan kuwi lan nglayani ing bait Yérusalèm. (2 Bb. 11:13, 14; 34:30) Dadi, sing termasuk ing kerajaan Yéhuda kuwi raja-raja keturunané Daud lan para imam Lèwi. ”Tongkaté Éfraim” nggambarké kerajaan Israèl sepuluh suku. Kok isa? Raja pertama sing mréntah kerajaan kuwi yaiku Yéroboam saka suku Éfraim. Terus, Éfraim kuwi suku sing kuwat banget ing Israèl. (PT. 33:17; 1 Raj. 11:26) Raja-raja keturunané Daud lan para imam Lèwi ora termasuk ing kerajaan Israèl sepuluh suku.

4. Yèhèzkièl njelaské apa wektu nggabungké tongkat loro kuwi? (Deloken gambar ing awal bab.)

4 Terus, Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl nggabungké tongkat loro kuwi ”bèn loro-loroné dadi tongkat siji”. Merga kuwatir, wong-wong Yahudi sing ditawan ngomong karo Yèhèzkièl, ”Tulung jelasna apa maksudé kabèh kuwi.” Yèhèzkièl njelaské nèk saka peragaan kuwi, wong-wong kuwi isa ngerti Yéhuwah bakal ngapa. Yéhuwah ngomong, ”Tongkat loro kuwi bakal Tak dadèkké siji bèn loro-loroné dadi tongkat siji ing tangan-Ku.”​—Yèh. 37:17-19.

5. Apa artiné peragaané Yèhèzkièl? (Deloken kothak ”Tongkat Loro Didadèkké Siji”.)

5 Terus, Yéhuwah njelaské artiné tongkat loro sing didadèkké siji kuwi. (Wacanen Yèhèzkièl 37:21, 22.) Para tawanan saka kerajaan Yéhuda loro suku lan saka kerajaan Israèl (Éfraim) sepuluh suku bakal digawa ing tanah Israèl lan didadèkké ”sak bangsa”.​—Yér. 30:1-3; 31:2-9; 33:7.

6. Apa hubungané loro ramalan sing disebutké ing Yèhèzkièl bab 37?

6 Loro ramalan ing Yèhèzkièl bab 37 kuwi ana hubungané. Yéhuwah ora mung isa mbébaské umaté sing ditawan (ayat 1-14), ning ya isa nggawé umaté bersatu manèh (ayat 15-28). Loro ramalan kuwi bener-bener nggawé ayem. Sing ditawan isa dibébaské, lan sing mencar-mencar isa bersatu manèh.

Piyé Yéhuwah ”Nglumpukké Wong-Wong Kuwi”?

7. Kok isa 1 Babad 9:2, 3 mbuktèkké nèk ”kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil”?

7 Kanggoné manungsa, wong-wong sing ditawan kuwi ora mungkin isa dibébaské lan bersatu. * Tapi, ”kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil”. (Mat. 19:26) Ramalané Yéhuwah mesthi kelakon. Wong Yahudi dibébaské saka Babilon taun 537 SM. Bar kuwi, beberapa wong saka kerajaan sepuluh suku lan loro suku bali ing Yérusalèm lan nggawé ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh. Alkitab ngomong, ’Sebagéan keturunané Yéhuda, keturunané Bènyamin, keturunané Éfraim, lan keturunané Manasyé manggon ing Yérusalèm.’ (1 Bb. 9:2, 3; Ézr. 6:17) Kaya sing diramalké Yéhuwah, wong-wong saka kerajaan Israèl sepuluh suku lan saka kerajaan Yéhuda loro suku akhiré bersatu.

8. (a) Apa sing diramalké Yésaya? (b) Ana loro keterangan penting apa ing Yèhèzkièl 37:21?

8 Kira-kira 200 taun sakdurungé wong Yéhuda lan wong Israèl dibébaské saka Babilon, Nabi Yésaya wis ngramalké apa sing bakal dialami wong-wong kuwi sakwisé dibébaské. Yésaya ngramalké nèk Yéhuwah bakal ngumpulké ”wong Israèl sing mencar-mencar” lan ”wong Yéhuda sing mencar-mencar ing bumi”, termasuk wong sing dibébaské ”saka Asiria”. (Yés. 11:12, 13, 16) Kuwi cocog karo omongané Yéhuwah iki, ”Aku bakal nggawa wong Israèl saka antarané bangsa-bangsa.” (Yèh. 37:21) Ana loro keterangan sing penting. Pertama, Yéhuwah nyebutké mung ana sak kelompok, yaiku ”wong Israèl”, ora disebut wong ”Yéhuda” lan wong ”Éfraim” manèh. Keloro, Yéhuwah ngomong nèk wong-wong kuwi teka saka bangsa-bangsa lan ”saka ngendi-endi”, ora mung saka Babilon.

9. Sakwisé wong-wong sing ditawan bali ing Israèl, piyé carané Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi bersatu?

9 Sakwisé wong-wong sing ditawan bali ing Israèl, piyé carané Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi bersatu? Yéhuwah milih gembala kanggo wong Israèl, misalé Zérubabèl, Imam Agung Yosua, Ézra, lan Néhémia. Yéhuwah ya milih nabi-nabi, misalé Hagai, Zakharia, lan Maléakhi. Wong-wong kuwi ngupaya tenanan mbantu bangsa Israèl bèn manut karo petunjuké Yéhuwah. (Néh. 8:2, 3) Sakliyané kuwi, kanggo nglindhungi bangsa Israèl, Yéhuwah nggagalké rencana jahaté mungsuhé bangsa kuwi.—Èst. 9:24, 25; Za. 4:6.

Yéhuwah milih gembala-gembala kanggo mbantu umaté bersatu (Deloken paragraf 9)

10. Sétan berhasil ngapa?

10 Yéhuwah wis kerep apikan karo wong Israèl merga sayang karo wong-wong kuwi. Tapi, akèh wong Israèl malah ora setya karo Yéhuwah. Kelakuané wong-wong kuwi dicathet ing kitab-kitab sing ditulis sakwisé wong Israèl dibébaské. (Ézr. 9:1-3; Néh. 13:1, 2, 15) Malah, ora nganti 100 taun sakwisé dibébaské, ibadahé wong-wong kuwi wis bener-bener tercemar. Yéhuwah nganti ngomong, ”Balia marang Aku.” (Mal. 3:7) Pas Yésus ing bumi, ana akèh aliran agama Yahudi sing dipimpin gembala-gembala sing murtad. Akibaté, wong Yahudi dadi ora isa bersatu. (Mat. 16:6; Mrk 7:5-8) Wektu kuwi, Sétan berhasil nggawé umaté Yéhuwah ora bersatu. Tapi, ramalané Yéhuwah soal umaté sing bersatu mesthi bakal kelakon. Piyé carané?

”Abdi-Ku Daud Bakal Dadi Rajané”

11. (a) Yéhuwah ngomong apa soal ramalan nèk umaté bakal bersatu? (b) Sakwisé diusir saka swarga, Sétan ngupaya ngapa?

11 Wacanen Yèhèzkièl 37:24. Yéhuwah ngomong nèk ramalan soal umaté sing bersatu bakal bener-bener kelakon sakwisé Yésus, sing disebut ”abdi-Ku Daud”, dadi Raja taun 1914. * (2 Sam. 7:16; Luk. 1:32) Wektu kuwi, bangsa Israèl wis diganti karo ”Israèl duwèké Gusti Allah”, yaiku wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. (Yér. 31:33; Gal. 3:29; 6:16) Sakwisé diusir saka swarga, Sétan ngupaya manèh bèn umaté Yéhuwah ora bersatu. (Why. 12:7-10) Misalé, sakwisé Sedulur Russel mati taun 1916, Sétan nggunakké wong murtad bèn wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga ora rukun. Tapi ora suwé bar kuwi, wong-wong murtad kuwi metu saka organisasi. Sétan ya berhasil nggawé sedulur-sedulur sing mimpin organisasi dipenjara. Ning, Sétan gagal nggawé umaté Yéhuwah ora bersatu. Sedulur-sedulur sing dipilih munggah swarga sing setya karo Yéhuwah tetep bersatu.

12. Ngapa kok Sétan gagal nggawé ”Israèl duwèké Gusti Allah” ora bersatu?

12 Ora kaya bangsa Israèl, ”Israèl duwèké Gusti Allah” tetep bersatu. Kuwi berarti upayané Sétan gagal. Lha ngapa? Merga wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga ngupaya tenanan manut karo pathokané Yéhuwah. Hasilé, wong-wong kuwi dilindhungi Yésus Kristus, Raja sing terus nglawan Sétan.​—Why. 6:2.

Yéhuwah Nggawé Umaté ’Dadi Siji’

13. Saka ramalan soal tongkat loro sing didadèkké siji, awaké dhéwé isa ngerti keterangan penting apa soal ibadah sing murni?

13 Apa hubungané ramalan soal tongkat loro sing didadèkké siji karo umaté Gusti Allah jaman saiki? Awaké dhéwé kudu éling nèk ramalan kuwi nggambarké piyé loro kelompok umaté Gusti Allah isa bersatu. Ramalan kuwi ya nduduhké nèk Yéhuwah sing nggawé umaté bersatu. Dadi, saka ramalan soal tongkat loro sing didadèkké siji, awaké dhéwé isa ngerti keterangan penting soal ibadah sing murni, yaiku Yéhuwah dhéwé sing nggawé umaté ’dadi siji’.​—Yèh. 37:19.

14. Piyé ramalan soal tongkat loro sing didadèkké siji kelakon manèh mulai taun 1919?

14 Taun 1919, sakwisé umaté Gusti Allah ngrasakké firdaus rohani lan ibadahé dadi murni manèh, ramalan soal tongkat loro sing didadèkké siji kelakon manèh. Wektu kuwi, akèh-akèhé wong sing bersatu yaiku wong-wong sing nduwé harapan dadi raja lan imam ing swarga. (Why. 20:6) Wong-wong kuwi kaya tongkat ”kanggo Yéhuda”, sing mencakup raja-raja keturunané Daud lan para imam Lèwi. Tapi suwé-suwé, wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi jumlahé tambah akèh lan nggabung karo wong-wong sing nduwé harapan urip ing swarga. Wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi kuwi kaya ”tongkaté Éfraim”, sing ora mencakup raja-raja keturunané Daud lan para imam Lèwi. Loro kelompok kuwi bersatu nglayani Yéhuwah, lan sing dadi Rajané wong-wong kuwi mung siji, yaiku Yésus Kristus.​—Yèh. 37:24.

”Wong-Wong Kuwi Bakal Dadi Umat-Ku”

15. Piyé ramalan ing Yèhèzkièl 37:26, 27 kelakon saiki?

15 Ramalané Yèhèzkièl ya nduduhké nèk akèh wong bakal nindakké ibadah sing murni bareng karo wong-wong sing dipilih munggah swarga. Yéhuwah ngomong, ’Aku bakal nggawé wong-wong kuwi dadi tambah akèh. Kémah-Ku bakal ana ing antarané wong-wong kuwi.’ (Yèh. 37:26, 27) Kuwi mèh padha karo ramalané Rasul Yohanes sing disampèkké kira-kira 700 taun sakwisé jamané Yèhèzkièl. Rasul Yohanes ngomong nèk ”Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi ya bakal nglindhungi” wong-wong sing termasuk ing ”kumpulan gedhé wong akèh”. (Why. 7:9, 15) Saiki, wong-wong sing dipilih munggah swarga karo kumpulan gedhé wong akèh bersatu dadi umaté Yéhuwah sing dilindhungi Yéhuwah.

16. Zakharia ngramalké apa soal persatuané wong-wong sing dipilih munggah swarga karo wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi?

16 Nabi Zakharia, salah siji tawanan sing bali ing Israèl, ya ngramalké nèk umaté Gusti Allah bakal bersatu. Dhèwèké ngomong nèk ’wong lanang sepuluh saka kabèh bangsa bakal nyekel kenceng jubahé wong Yahudi siji’ lan ngomong, ”Aku bakal mèlu karo kowé, merga aku krungu nèk Gusti Allah ndhukung kowé.” (Za. 8:23) ”Wong Yahudi siji” utawa ”kowé” ing ayat iki maksudé dudu mung wong siji, tapi sak kelompok wong, yaiku wong-wong sing dipilih munggah swarga sing isih urip ing bumi. (Rm. 2:28, 29) ”Wong lanang sepuluh” maksudé wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi. Wong-wong kuwi ”nyekel kenceng” lan ”mèlu” wong-wong sing dipilih munggah swarga. (Yés. 2:2, 3; Mat. 25:40) Kuwi nduduhké nèk loro kelompok kuwi bener-bener bersatu.

17. Piyé Yésus nggambarké persatuané awaké dhéwé?

17 Wektu Yésus ngomong nèk dhèwèké kuwi gembala sing nuntun dombané (wong-wong sing dipilih munggah swarga) lan ”domba-domba liyané” (wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi) bèn dadi ”sak kelompok”, Yésus mungkin mikirké ramalané Yèhèzkièl soal umaté Gusti Allah sing bersatu. (Yoh. 10:16; Yèh. 34:23; 37:24, 25) Ora soal nduwé harapan urip ing swarga utawa ing bumi, umaté Gusti Allah isa bersatu. Kuwi persis kaya sing diomongké Yésus lan para nabi. Wong-wong sing mèlu agama palsu ora isa bersatu lan mecah dadi akèh aliran. Tapi, awaké dhéwé terus bersatu. Kuwi mukjijat sing luar biasa.

Saiki, wong-wong sing dipilih munggah swarga lan ”domba-domba liyané” bersatu nglayani Yéhuwah dadi ”sak kelompok” (Deloken paragraf 17)

”Panggonan Suci-Ku Ana ing Antarané Wong-Wong Kuwi Saklawasé”

18. Kaya sing disebutké ing Yèhèzkièl 37:28, ngapa kok umaté Gusti Allah aja nganti ”padha kaya wong-wong ing donya iki”?

18 Bagéan terakhir saka ramalané Yèhèzkièl nduduhké nèk umaté Gusti Allah bakal bersatu saklawasé. (Wacanen Yèhèzkièl 37:28.) Umaté Yéhuwah bersatu merga panggonan suciné Yéhuwah ”ana ing antarané wong-wong kuwi”, maksudé merga wong-wong kuwi nindakké ibadah sing murni. Panggonan suciné Yéhuwah bakal terus ana ing antarané wong-wong kuwi nèk wong-wong kuwi tetep suci, utawa ora mèlu-mèlu wong-wong ing donya sing dikuwasani Sétan iki. (1 Kor. 6:11; Why. 7:14) Yésus ngomong nèk murid-muridé aja nganti mèlu-mèlu wong-wong ing donya iki. Yésus tau ndonga ngéné, ’Bapak sing suci, tulung jaganen wong-wong kuwi supaya wong-wong kuwi bersatu. Wong-wong kuwi ora padha kaya wong-wong ing donya iki. Tulung gawénen wong-wong kuwi dadi suci nganggo omongan-Mu merga omongan-Mu kuwi sing bener.’ (Yoh. 17:11, 16, 17) Yésus nduduhké nèk murid-muridé isa ”bersatu” nèk ”ora padha kaya wong-wong ing donya iki”.

19. (a) Nèk ”niru Gusti Allah”, awaké dhéwé kudu piyé? (b) Pas dina terakhir Yésus urip ing bumi, Yésus ngomong apa?

19 Ing Alkitab, Yésus nyebut Yéhuwah ”Bapak sing suci” ya mung ing dongané kuwi. Yéhuwah pancèn suci lan bener. Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl jaman mbiyèn, ”Kowé kudu suci merga Aku suci.” (Km. 11:45) Merga ”niru Gusti Allah”, awaké dhéwé bakal njaga kelakuané awaké dhéwé tetep suci. (Éf. 5:1; 1 Ptr. 1:14, 15) Nèk manungsa disebut ”suci”, kuwi maksudé ”dipisahké”. Pas dina terakhir Yésus urip ing bumi, Yésus ngomong nèk murid-muridé isa terus bersatu nèk tetep misah saka donya iki lan ora terpengaruh karo wong-wong donya iki sing ora bersatu.

”Nglindhungi Wong-Wong Kuwi saka si Iblis”

20, 21. (a) Ngapa kok awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé? (b) Awaké dhéwé kudu piyé?

20 Yésus tau ndonga bèn Yéhuwah ”nglindhungi” murid-muridé ”saka si Iblis”. (Wacanen Yohanes 17:14, 15.) Donga kuwi wis dijawab Yéhuwah. Buktiné, Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya bersatu. Sétan gagal nggawé umaté Yéhuwah ora bersatu. Mula, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé. Ing ramalané Yèhèzkièl, Yéhuwah ngomong nèk tongkat loro kuwi bakal dadi siji ing tangané. Dadi, Yéhuwah dhéwé sing nggawé umaté bersatu lan nglindhungi umaté saka Sétan.

21 Saiki awaké dhéwé kudu piyé? Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan njaga persatuané awaké dhéwé sing berharga. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu rajin ngibadah marang Yéhuwah ing bait rohani. Apa maksudé? Kuwi bakal dibahas ing Bab 13 lan 14.

^ par. 7 Kira-kira 200 taun sakdurungé Yèhèzkièl nyampèkké ramalan iki, penduduk kerajaan sepuluh suku (”tongkaté Éfraim”) ditawan Asiria.​—2 Raj. 17:23.

^ par. 11 Ramalan kuwi dibahas ing Bab 8.