Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 7

Bangsa-Bangsa ”Bakal Ngerti Nèk Aku Iki Yéhuwah”

Bangsa-Bangsa ”Bakal Ngerti Nèk Aku Iki Yéhuwah”

YÈHÈZKIÈL 25:17

INTINÉ: Sing isa disinaoni saka bangsa Israèl lan bangsa-bangsa sing ngrèmèhké Yéhuwah

1, 2. (a) Ngapa kok bangsa Israèl kaya domba ing tengah-tengahé serigala? (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Piyé kelakuané raja Israèl lan rakyaté?

 WIS atusan taun Israèl kaya domba ing tengah-tengahé serigala. Ing wétané Israèl, ana bangsa Ammon, Moab, lan Édom sing kerep ngancam bangsa Israèl. Ing kulon, ana bangsa Filistin sing dadi mungsuhé bangsa Israèl kèt mbiyèn. Ing lor, ana kutha Tirus sing sugih lan dadi pusat perdagangan. Ing kidul, ana bangsa Mesir sing dipimpin Firaun, raja sing dianggep déwa.

2 Wektu bangsa Israèl ngendelké Yéhuwah, bangsa kuwi dilindhungi saka mungsuh-mungsuhé. Tapi, raja lan rakyaté malah kerep mèlu-mèlu bangsa sekitaré sing bejat. Misalé, Raja Ahab ora setya karo Yéhuwah merga gampang terpengaruh. Dhèwèké mréntah kerajaan Israèl sepuluh suku lan urip sak jaman karo Raja Yéhosyafat sing mréntah ing Yéhuda. Dhèwèké nikah karo Izebèl, anaké raja Sidon sing nguwasani kutha Tirus sing makmur. Dhèwèké péngin banget wong Israèl nyembah Baal. Dhèwèké ya ngojok-ojoki bojoné bèn ora nyembah Yéhuwah manèh. Wektu kuwi, ibadah sing murni bener-bener tercemar.​—1 Raj. 16:30-33; 18:4, 19.

3, 4. (a) Wektu Yérusalèm dikepung, Yèhèzkièl ngramalké soal sapa? (b) Pertanyaan apa waé sing bakal dibahas?

3 Yéhuwah wis ngandhani wong Israèl apa akibaté nèk ora manut karo Dhèwèké. Saiki, Yéhuwah nesu banget karo wong Israèl. (Yér. 21:7, 10; Yèh. 5:7-9) Taun 609 SM, pasukan Babilon nyerang Tanah Perjanjian. Pasukan Babilon ngambrukké témbok Yérusalèm lan matèni wong-wong sing nglawan Nébukhadnézar. Kuwi serangan sing ketelu sing kelakon kira-kira sepuluh taun sakwisé serangan sing keloro. Wektu Yérusalèm dikepung lan dihancurké kaya sing wis diramalké, Yèhèzkièl mulai ngramalké soal bangsa-bangsa sing ana ing sekitaré Tanah Perjanjian.

Bangsa-bangsa mesthi bakal dihukum merga wis ngrèmèhké Yéhuwah

4 Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl nèk bangsa-bangsa sing dadi mungsuhé Yéhuda bakal seneng wektu Yérusalèm dihancurké. Bangsa-bangsa kuwi ya nindhes penduduk Yérusalèm sing isih urip lan mempengaruhi wong-wong kuwi bèn ora manut karo Yéhuwah. Tapi, bangsa-bangsa kuwi mesthi bakal dihukum merga wis ngrèmèhké Yéhuwah lan nganiaya umaté Yéhuwah. Apa sing isa disinaoni saka bangsa Israèl lan bangsa-bangsa sing ana ing sekitaré? Kok isa ramalané Yèhèzkièl soal bangsa-bangsa kuwi nggawé awaké dhéwé nduwé harapan?

Seduluré Bangsa Israèl sing Seneng ”Ngécé”

5, 6. Wong Ammon kuwi sapané wong Israèl?

5 Ammon, Moab, lan Édom sakjané isih seduluran karo Israèl. Tapi kèt mbiyèn, bangsa-bangsa kuwi seneng ”ngécé” lan jahat karo wong Israèl.​—Yèh. 25:6.

6 Bangsa Ammon kuwi keturunané anaké wédok Lot sing paling cilik. Lot kuwi ponakané Abraham. (PD. 19:38) Basané wong Ammon mirip banget karo basa Ibrani, dadi umaté Gusti Allah mungkin ngerti basa kuwi. Merga isih seduluran, Yéhuwah nglarang wong Israèl nyerang wong Ammon. (PT. 2:19) Tapi pas jamané Para Hakim, wong Ammon karo Raja Églon saka Moab nindhes wong Israèl. (PH. 3:12-15, 27-30) Terus pas Saul dadi raja, wong Ammon nyerang wong Israèl. (1 Sam. 11:1-4) Bar kuwi, pas jamané Raja Yéhosyafat, wong Ammon kerja sama manèh karo wong Moab kanggo nyerang Tanah Perjanjian.​—2 Bb. 20:1, 2.

7. Wong Israèl diapakké karo wong Moab?

7 Bangsa Moab kuwi keturunané anaké wédok Lot sing paling gedhé. (PD. 19:36, 37) Yéhuwah nglarang wong Israèl nyerang wong Moab. (PT. 2:9) Tapi, wong Moab kuwi jahat. Pas wong Israèl bébas saka Mesir, wong Moab malah ngalang-alangi wong Israèl sing arep mlebu ing Tanah Perjanjian. Balak raja Moab ngongkon Biléam ngutuki wong Israèl. Terus, Biléam ngandhani Balak carané bèn wong lanang Israèl gelem tumindak bejat lan nyembah brahala. (Wi. 22:1-8; 25:1-9; Why. 2:14) Bangsa Moab terus nindhes Israèl nganti atusan taun, malah nganti jamané Yèhèzkièl.​—2 Raj. 24:1, 2.

8. Ngapa kok Yéhuwah ngomong nèk Édom kuwi seduluré Israèl? Ning, wong Israèl malah diapakké karo wong Édom?

8 Bangsa Édom kuwi keturunané Ésau, kembarané Yakub (Israèl). Malah, Yéhuwah dhéwé ngomong nèk Édom kuwi seduluré Israèl. (PT. 2:1-5; 23:7, 8) Tapi, kèt wong Israèl dibébaské saka Mesir nganti Yérusalèm dihancurké taun 607 SM, wong Édom mungsuhi wong Israèl. (Wi. 20:14, 18; Yèh. 25:12) Wektu kuwi, wong Édom malah seneng ndelok wong Israèl sengsara lan ndhukung pasukan Babilon sing nyerang Yérusalèm. Sakliyané kuwi, wong Édom ya nyegat wong Israèl sing mlayu lan masrahké wong-wong kuwi marang mungsuh.​—Mzm. 137:7; Ob. 11, 14.

9, 10. (a) Apa sing dialami wong Ammon, Moab, lan Édom? (b) Apa buktiné nèk ora kabèh wong Ammon, Moab, lan Édom kuwi jahat?

9 Yéhuwah mesthi bakal ngukum Ammon, Moab, lan Édom merga wis jahat karo umaté. Yéhuwah ngomong, ’Aku bakal nyerahké wong Ammon marang wong-wong saka Wétan bèn wong Ammon ora diéling-éling manèh ing antarané bangsa-bangsa. Moab bakal Tak hukum bèn wong-wong kuwi ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’ (Yèh. 25:10, 11) Ramalan kuwi kelakon kira-kira limang taun sakwisé Yérusalèm dihancurké. Wektu kuwi, pasukan Babilon ngalahké Ammon lan Moab. Yéhuwah ya ngomong nèk Dhèwèké bakal ”matèni wong Édom lan ternaké, lan tanahé bakal telantar”. (Yèh. 25:13) Kaya sing wis diramalké, Ammon, Moab, lan Édom akhiré hancur.​—Yér. 9:25, 26; 48:42; 49:17, 18.

10 Tapi, ora kabèh wong Ammon, Moab, lan Édom kuwi jahat. Zèlèk wong Ammon lan Itma wong Moab kuwi prajurit sing ndhukung Raja Daud. (1 Bb. 11:26, 39, 46; 12:1) Sakliyané kuwi, Rut wong Moab dadi umaté Yéhuwah.​—Rut 1:4, 16, 17.

Aja nglanggar pathokané Alkitab senajan kétoké sepélé

11. Apa sing isa disinaoni saka bangsa Israèl sing isih seduluran karo bangsa Ammon, Moab, lan Édom?

11 Apa sing isa disinaoni saka bangsa Israèl sing isih seduluran karo bangsa Ammon, Moab, lan Édom? Merga wong Israèl nggampangké hukumé Gusti Allah, wong-wong kuwi terpengaruh nyembah déwa-déwa, misalé nyembah Baal Péor déwané wong Moab karo nyembah Molèkh déwané wong Ammon. (Wi. 25:1-3; 1 Raj. 11:7) Awaké dhéwé ya isa ngalami kaya ngono. Seduluré awaké dhéwé sing ora nyembah Yéhuwah mungkin ngojok-ojoki awaké dhéwé bèn nggampangké hukumé Yéhuwah. Contoné, seduluré awaké dhéwé mungkin ora paham ngapa kok awaké dhéwé ora ngrayakké Lebaran, Imlèk, utawa Paskah, ora mènèhi hadiah Natal, utawa ora mèlu-mèlu kebiasaan sing ana hubungané karo agama palsu. Wong-wong kuwi isa waé mempengaruhi awaké dhéwé bèn mèlu-mèlu kebiasaan sing kétoké sepélé, tapi sakjané kuwi nglanggar pathokané Alkitab. Senajan wong-wong kuwi niaté apik, aja nganti awaké dhéwé terpengaruh. Kaya pengalamané bangsa Israèl, nèk nglanggar pathokané Alkitab senajan kétoké sepélé, kuwi isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah.

12, 13. (a) Isa waé, piyé tanggepané keluarga nèk awaké dhéwé ngibadah marang Yéhuwah? (b) Apa hasilé nèk tetep setya karo Yéhuwah?

12 Ana manèh sing isa disinaoni. Isa waé keluargané awaké dhéwé nglarang awaké dhéwé ngibadah marang Yéhuwah. Nèk ngalami kuwi, awaké dhéwé ora perlu kagèt merga Yésus wis tau ngomong, ”Tekaku iki nggawé wong mungsuhan. Anak lanang nglawan bapaké, anak wédok nglawan ibuné.” (Mat. 10:35, 36) Tapi, awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah nglarang wong Israèl padu karo sedulur-seduluré. Mula, aja nganti awaké dhéwé dhisik sing marahi padu karo keluargané awaké dhéwé.​—2 Tim. 3:12.

13 Senajan keluargané awaké dhéwé ora nglarang awaké dhéwé ngibadah marang Yéhuwah, awaké dhéwé tetep kudu ngati-ati. Aja nganti awaké dhéwé luwih manut karo keluarga timbang karo Yéhuwah. Lha ngapa? Merga awaké dhéwé kudu luwih sayang karo Yéhuwah. (Wacanen Matius 10:37.) Sakliyané kuwi, nèk awaké dhéwé tetep manut karo Yéhuwah, keluargané awaké dhéwé mungkin dadi gelem ngibadah marang Yéhuwah kaya Zèlèk, Itma, lan Rut. (1 Tim. 4:16) Hasilé, wong-wong kuwi bakal bahagia merga nglayani Yéhuwah. Wong-wong kuwi ya bakal disayangi lan dilindhungi Yéhuwah.

Yéhuwah ”Nesu Banget” lan Bakal ’Ngukum’ Mungsuhé

14, 15. Wong Israèl diapakké karo wong Filistin?

14 Bangsa Filistin pindhah saka Pulau Kréta menyang Kanaan. Kuwi tanah sing dijanjèkké Yéhuwah kanggo Abraham lan keturunané. Abraham lan Ishak wis tau urusan karo wong-wong kuwi. (PD. 21:29-32; 26:1) Wektu bangsa Israèl mlebu ing Tanah Perjanjian, wong Filistin wis dadi bangsa sing kuwat lan nduwé pasukan tentara sing hébat. Wong Filistin nyembah déwa-déwa, misalé Baal-zébub lan Dagon. (1 Sam. 5:1-4; 2 Raj. 1:2, 3) Wong Israèl kerep mèlu-mèlu nyembah déwa-déwa kuwi.​—PH. 10:6.

15 Merga wong Israèl ora setya, Yéhuwah meneng waé wektu wong Filistin nindhes wong Israèl nganti pirang-pirang taun. (PH. 10:7, 8; Yèh. 25:15) Wong Filistin nggawé akèh aturan kanggo wong Israèl. * Sakliyané kuwi, ana akèh wong Israèl sing dipatèni. (1 Sam. 4:10) Tapi, wektu wong Israèl mertobat lan gelem manut manèh karo Yéhuwah, Yéhuwah nylametké wong-wong kuwi. Misalé, Yéhuwah nggunakké Simson, Saul, lan Daud kanggo nylametké wong-wong kuwi. (PH. 13:5, 24; 1 Sam. 9:15-17; 18:6, 7) Terus, merga ”nesu banget”, Yéhuwah ’ngukum’ wong Filistin kaya sing diramalké Yèhèzkièl. Wektu kuwi, wong Filistin diserang wong Babilon lan wong Yunani.​—Yèh. 25:15-17.

16, 17. Apa sing isa disinaoni saka wong Israèl sing ditindhes wong Filistin?

16 Apa sing isa disinaoni saka wong Israèl sing ditindhes wong Filistin? Saiki, ana bangsa-bangsa sing kuwat sing nindhes umaté Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé tetep setya karo Yéhuwah, ora kaya wong Israèl. Kadhang, upayané bangsa-bangsa kuwi kayané berhasil. Misalé, ing awal taun 1900-an, pamréntah Amerika Serikat ngupaya ngendhegké kegiatané umaté Yéhuwah. Para sedulur sing mimpin organisasi dipenjara nganti puluhan taun. Pas Perang Donya II, partai Nazi ing Jerman ngupaya nyingkirké umaté Gusti Allah. Ana éwonan sedulur sing dipenjara lan ana atusan sing dipatèni. Sakwisé perang kuwi, pamréntah Uni Soviet nganiaya Seksi-Seksi Yéhuwah. Ana sing dikongkon kerja paksa lan ana sing dikirim menyang dhaérah terpencil.

17 Pamréntah mungkin isa terus nglarang awaké dhéwé nginjil, malah mungkin ana sing dipenjara lan dipatèni. Tapi, awaké dhéwé ora perlu wedi. Imané awaké dhéwé bakal tetep kuwat merga awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nglindhungi umaté sing setya. (Wacanen Matius 10:28-31.) Akèh pamréntahan sing kuwat sing mbiyèn tau nindhes umaté Yéhuwah saiki wis ora ana manèh. Tapi, umaté Yéhuwah malah tambah akèh. Sedhéla manèh, kabèh pamréntahan ing donya bakal kepeksa ngakoni nèk Yéhuwah kuwi sing Mahakuwasa. Kabèh pamréntahan kuwi akhiré bakal disingkirké kaya bangsa Filistin jaman mbiyèn.

”Kekayaan” Ora Isa Nglindhungi

18. Kutha Tirus jaman mbiyèn kuwi kutha sing kaya apa?

18 Kutha Tirus * kuwi salah siji pusat perdagangan ing jaman mbiyèn. Ing kuloné Tirus, kapal-kapalé Tirus ngliwati akèh jalur perdagangan ing Laut Tengah. Ing wétané, ana jalur darat sing isa diliwati wong-wong Tirus sing arep dagang ing negara liya sing adoh. Nganti atusan taun, kutha Tirus dadi tambah sugih merga perdagangané. Saking sugihé, para pedagang Tirus rumangsa nduwé kuwasa sing gedhé.​—Yés. 23:8.

19, 20. Apa bédané wong Tirus karo wong Gibéon?

19 Wektu Daud lan Salomo dadi raja, hubungané Israèl karo wong Tirus kuwi apik. Wong Tirus nyedhiakké bahan bangunan lan ngirim pengrajin sing trampil kanggo mbangun istanané Daud lan bait Salomo. (2 Bb. 2:1, 3, 7-16) Wektu kuwi bangsa Israèl setya karo Yéhuwah lan diberkahi. (1 Raj. 3:10-12; 10:4-9) Mula, wong-wong Tirus sing ndelok kuwi sakjané nduwé kesempatan kanggo kenal Yéhuwah, nyembah Yéhuwah, lan ngrasakké dhéwé berkahé.

20 Tapi, wong Tirus milih ngutamakké harta. Wong-wong kuwi ora kaya wong Gibéon ing Kanaan sing gelem dadi umaté Yéhuwah senajan mung krungu soal mukjijaté Yéhuwah. (Yos. 9:2, 3, 22–10:2) Wong Tirus malah nglawan umaté Gusti Allah lan ngedol wong-wong kuwi dadi budhak.​—Mzm. 83:2, 7; Yl. 3:4, 6; Am. 1:9.

Aja nganggep nèk kekayaan isa nglindhungi awaké dhéwé

21, 22. (a) Wong Tirus ngendelké apa? (b) Apa sing dialami kutha Tirus?

21 Liwat Yèhèzkièl, Yéhuwah ngomong karo wong Tirus, ”Hé Tirus, Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal nyebabké akèh bangsa nglawan kowé, lan tekané bangsa-bangsa kuwi bakal kaya ombak laut sing ora ana entèké. Bangsa-bangsa kuwi bakal ngancurké témbok-témbokmu lan ngrubuhké menara-menaramu. Lemahmu bakal Tak kikis, lan kowé bakal Tak dadèkké tebing watu.” (Yèh. 26:1-5) Wong Tirus ngendelké kekayaané lan mikir nèk hartané isa nglindhungi wong-wong kuwi kaya témbok kuthané sing dhuwuré 46 mèter. Wong-wong kuwi persis kaya kata-katané Salomo iki, ”Wong sing sugih mikir nèk hartané kuwi kaya kutha sing bèntèngé dhuwur lan kaya témbok sing nglindhungi dhèwèké.”​—WB. 18:11.

22 Ramalané Yèhèzkièl akhiré kelakon tenan wektu Babilon lan Yunani nyerang Tirus. Wong Tirus bakal sadhar nèk témboké lan hartané ora isa nglindhungi wong-wong kuwi. Sakwisé nyerang Yérusalèm, pasukan Babilon 13 taun ngepung kutha Tirus sing ana ing daratan lan akhiré ngalahké kutha kuwi. (Yèh. 29:17, 18) Terus taun 332 SM, ana siji perincian saka ramalané Yèhèzkièl sing kelakon. * Alèksander Agung lan pasukané ngumpulké watu, lemah, lan kayu saka reruntuhané kutha Tirus sing ana ing daratan. Terus, kuwi dienggo nggawé dalan menyang kutha Tirus sing ana ing pulau. (Yèh. 26:4, 12) Bar kuwi, témboké kutha Tirus diambrukké, hartané dijarah, éwonan prajurit lan penduduké dipatèni, terus puluhan èwu wong liyané diedol dadi budhak. Wong-wong Tirus akhiré ngerti nèk Yéhuwah kuwi kuwasané gedhé banget. Wong-wong Tirus ya kudu ngakoni nèk ”kekayaan” ora isa nglindhungi wong-wong kuwi.​—Yèh. 27:33, 34.

Kaya sing diramalké Yèhèzkièl, Tirus akhiré dihancurké senajan kutha kuwi kétoké kuwat banget (Deloken paragraf 22)

23. Apa sing isa disinaoni saka wong Tirus?

23 Apa sing isa disinaoni saka wong Tirus? Aja nganggep nèk ”kekayaan sing nggawé wong-wong kapusan” isa nglindhungi awaké dhéwé. (Mat. 13:22) Awaké dhéwé ora isa ”dadi budhaké Gusti Allah lan ya dadi budhaké Harta”. (Wacanen Matius 6:24.) Yéhuwah mung nglindhungi wong-wong sing saktulusé ati nglayani Dhèwèké. (Mat. 6:31-33; Yoh. 10:27-29) Kaya ramalan soal Tirus, kabèh perincian soal akhir jaman ya bakal kelakon tenan. Yéhuwah bakal nyingkirké sistem perdagangan sing srakah ing donya iki. Wektu kuwi, wong-wong sing mung ngendelké kekayaan bakal ngerti nèk Yéhuwah nduwé kuwasa sing gedhé banget.

Pamréntahané Manungsa Mung ”Kaya Jerami”

24-26. (a) Ngapa kok Yéhuwah ngomong nèk Mesir kuwi ”kaya jerami”? (b) Piyé critané kok Raja Zédékia ora manut karo Yéhuwah, lan apa akibaté?

24 Kèt Yusuf durung lair nganti Babilon nyerang Yérusalèm, Mesir kuwi pamréntahan sing pengaruhé kuwat banget ing Tanah Perjanjian. Merga wis ana kèt mbiyèn, Mesir mungkin kétok kaya wit sing akaré kuwat. Ning nèk dibandhingké karo Yéhuwah, Mesir kuwi mung ”kaya jerami” sing gampang tugel.​—Yèh. 29:6.

25 Yéhuwah ngongkon Yérémia ngandhani Zédékia bèn manut karo Nébukhadnézar raja Babilon. (Yér. 27:12) Zédékia nganti sumpah nganggo jenengé Yéhuwah nèk dhèwèké ora bakal mbrontak nglawan Nébukhadnézar. Ning, akhiré dhèwèké ora manut karo Yéhuwah lan ora nepati sumpahé. Dhèwèké njaluk bantuané Mesir bèn isa nglawan Babilon merga nganggep nèk Mesir kuwi kuwat banget. (2 Bb. 36:13; Yèh. 17:12-20) Akhiré, Israèl ngrasakké akibaté merga ngendelké kekuwatané Mesir. (Yèh. 29:7) Mesir pancèn kétok kuwat kaya ”kéwan laut sing gedhé banget”. Ning, Yéhuwah ngomong nèk Mesir kuwi kaya baya ing Kali Nil sing bakal ditangkep. Yéhuwah bakal masang kait ing rahangé lan matèni dhèwèké. (Yèh. 29:3, 4) Kuwi kelakon wektu Yéhuwah nggunakké pasukan Babilon kanggo ngalahké Mesir.​—Yèh. 29:9-12, 19.

26 Apa sing dialami Zédékia? Yèhèzkièl ngramalké nèk ’pemimpin sing jahat’ kuwi ora bakal dadi raja manèh. Pamréntahané ya bakal hancur merga dhèwèké ora manut karo Yéhuwah. Ning, Yèhèzkièl ya mènèhi ramalan sing apik. (Yèh. 21:25-27) Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl ngramalké nèk ana keturunané Daud sing nduwé ”hak sing sah” dadi raja. Ing Bab 8, awaké dhéwé bakal mbahas sapa raja sing dimaksud kuwi.

27. Apa sing isa disinaoni saka Israèl sing ngendelké Mesir?

27 Apa sing isa disinaoni saka Israèl sing ngendelké Mesir? Aja nganti awaké dhéwé ngendelké pamréntah lan nganggep nèk pamréntah isa nglindhungi awaké dhéwé. Aja nganti kelakuan, omongan, lan pikirané awaké dhéwé ”padha kaya wong-wong ing donya iki”. (Yoh. 15:19; Yak. 4:4) Pamréntahané manungsa mungkin kétok kuwat. Tapi kaya Mesir jaman mbiyèn, pamréntahané manungsa saiki sakjané mung kaya jerami sing gampang tugel. Mula, awaké dhéwé kuduné ngendelké Gusti Allah sing Mahakuwasa, dudu ngendelké manungsa sing isa mati.​—Wacanen Mazmur 146:3-6.

Senajan ora ana sing ngerti, aja nganti awaké dhéwé mihak salah siji pemimpin politik (Deloken paragraf 27)

Bangsa-Bangsa ”Bakal Ngerti”

28-30. (a) Apa maksudé bangsa-bangsa ”bakal ngerti” sapa Yéhuwah kuwi? (b) Apa buktiné nèk awaké dhéwé ngerti sapa Yéhuwah kuwi?

28 Ing buku Yèhèzkièl, Yéhuwah bola-bali ngomong nèk bangsa-bangsa ”bakal ngerti nèk aku iki Yéhuwah”. (Yèh. 25:17) Kuwi wis kelakon ing jaman mbiyèn wektu Yéhuwah ngukum mungsuh-mungsuhé umaté. Tapi, kuwi bakal kelakon manèh saiki. Wong-wong sak donya bakal ngerti sapa Yéhuwah kuwi.

29 Kaya umaté Yéhuwah jaman mbiyèn, awaké dhéwé dianggep kaya domba sing lemah karo bangsa-bangsa ing sekitaré awaké dhéwé. (Yèh. 38:10-13) Ing Bab 17 lan 18, awaké dhéwé bakal mbahas nèk ora suwé manèh, bangsa-bangsa bakal nyerang umaté Yéhuwah. Tapi pas kuwi kelakon, Yéhuwah bakal nyingkirké bangsa-bangsa kuwi ing Armagédon. Wektu kuwi, bangsa-bangsa bakal kepeksa ngakoni nèk Yéhuwah kuwi sing Mahakuwasa.​—Why. 16:16; 19:17-21.

30 Terus, awaké dhéwé piyé? Yéhuwah bakal nglindhungi lan mberkahi awaké dhéwé merga awaké dhéwé ngendelké Yéhuwah, manut karo Yéhuwah, lan ngibadah mung marang Yéhuwah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé bener-bener ngerti sapa Yéhuwah kuwi.​—Wacanen Yèhèzkièl 28:26.

^ par. 15 Contoné, wong Filistin nglarang wong Israèl dadi pengrajin logam. Mula nèk arep ngasah alat pertanian, wong Israèl kudu marani wong Filistin. Upahé ngasah kuwi larang banget, padha kaya upahé wong kerja pirang-pirang dina.​—1 Sam. 13:19-22.

^ par. 18 Kutha Tirus jaman mbiyèn kayané dibangun ing pulau sing akèh watuné, ing loré Gunung Karmèl sing jaraké kira-kira 50 kilomèter saka kutha kuwi. Terus, wilayah liyané kutha Tirus dibangun ing daratan. Jeneng Ibraniné kutha Tirus yaiku Sur, sing artiné ”Watu”.

^ par. 22 Yésaya, Yérémia, Yoèl, Amos, lan Zakharia ya ngramalké soal kutha Tirus. Kabèh perincian saka ramalan kuwi kelakon.​—Yés. 23:1-8; Yér. 25:15, 22, 27; Yl. 3:4; Am. 1:10; Za. 9:3, 4.