Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 5

”Deloken Perkara-Perkara Jahat lan Njijiki sing Ditindakké Wong-Wong Kuwi”

”Deloken Perkara-Perkara Jahat lan Njijiki sing Ditindakké Wong-Wong Kuwi”

YÈHÈZKIÈL 8:9

INTINÉ: Wong Yéhuda sing murtad nyembah déwa-déwa lan tumindak bejat

1-3. Yéhuwah péngin Yèhèzkièl ndelok apa, lan apa sebabé? (Deloken gambar lan keterangan ing Bagéan 2.)

 YÈHÈZKIÈL kuwi anaké imam. Mula, dhèwèké mesthi ngerti banget soal Hukum Musa lan bait ing Yérusalèm. Dhèwèké ya ngerti nèk wong-wong kuduné ngibadah marang Yéhuwah ing bait kuwi. (Yèh. 1:3; Mal. 2:7) Tapi pas taun 612 SM, kabèh wong Yahudi sing setya, termasuk Yèhèzkièl, kagèt banget ndelok keadaané baité Yéhuwah ing Yérusalèm.

2 Yéhuwah péngin Yèhèzkièl ndelok keadaané baité sing parah banget bèn Yèhèzkièl isa nyritakké soal kuwi marang ”para pemimpin Yéhuda” sing padha-padha ditawan ing Babilon. (Wacanen Yèhèzkièl 8:1-4; Yèh. 11:24, 25; 20:1-3) Nganggo roh suci, Yéhuwah mènèhi Yèhèzkièl wahyu. Ing wahyu kuwi, Yèhèzkièl digawa saka omahé ing Tèl-abib, sing ana ing cedhak Kali Khébar ing Babilon, menyang Yérusalèm sing jaraké atusan kilomèter. Yéhuwah nggawa Yèhèzkièl menyang bait, ing gerbang njero sing madhep ngalor. Yéhuwah nduduhké apa waé sing kelakon ing bait.

3 Ana papat sing didelok Yèhèzkièl sing nduduhké nèk ibadah ing Yérusalèm wis bener-bener najis. Apa sing kelakon ing baité Yéhuwah? Apa sing isa disinaoni saka wahyu kuwi? Ayo dibahas apa waé sing didelok Yèhèzkièl. Tapi sakdurungé kuwi, ayo dibahas dhisik apa sing dikarepké Yéhuwah saka umaté.

’Aku Péngin Kowé Mung Nyembah Aku’

4. Apa sing dikarepké Yéhuwah saka umaté?

4 Kira-kira 900 taun sakdurungé jamané Yèhèzkièl, Yéhuwah wis ngandhani bangsa Israèl * apa sing dikarepké saka umaté. Ing préntah keloro saka Sepuluh Préntah, Yéhuwah ngomong, ”Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku.” (Pa. 20:5) Kata ”mung nyembah Aku” nduduhké nèk Yéhuwah sengit banget nèk ana umaté sing nyembah allah liya. Kaya sing dibahas ing Bab 2, syarat pertama saka ibadah sing murni yaiku awaké dhéwé kudu ngibadah mung marang Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu nganggep nèk ibadah marang Yéhuwah kuwi sing paling penting ing uripé awaké dhéwé. (Pa. 20:3) Intiné, Yéhuwah péngin bèn ibadahé umaté tetep murni lan ora terpengaruh ibadah sing palsu. Taun 1513 SM, bangsa Israèl gelem manut karo perjanjian Hukum Musa sing digawé Yéhuwah. Kuwi nduduhké nèk bangsa Israèl gelem ngibadah mung marang Yéhuwah. (Pa. 24:3-8) Yéhuwah kuwi setya lan mesthi nepati janjiné. Mula, Dhèwèké ya péngin umaté setya karo Dhèwèké.​—PT. 7:9, 10; 2 Sam. 22:26.

5, 6. Ngapa kok mung Yéhuwah sing kuduné disembah bangsa Israèl?

5 Ngapa kok Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl mung nyembah Dhèwèké? Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing Mahakuwasa ing alam semesta lan Sing Nggawé Urip. (Mzm. 36:9; Kis. 17:28) Yéhuwah ya wis mbébaské bangsa Israèl. Pas mènèhi Sepuluh Préntah, Yéhuwah ngomong karo bangsa Israèl, ”Aku Yéhuwah Gusti Allahmu, sing nggawa kowé metu saka tanah Mesir, yaiku panggonan wektu kowé dadi budhak.” (Pa. 20:2) Mula, mung Yéhuwah sing kuduné disembah bangsa Israèl.

6 Yéhuwah ora berubah. (Mal. 3:6) Dhèwèké isih péngin umaté mung nyembah Dhèwèké. Dadi, bayangna perasaané Yéhuwah wektu ndelok apa sing kelakon ing bait Yérusalèm, sing diduduhké marang Yèhèzkièl liwat wahyu.

Pertama: ”Patung Brahala sing Nggawé Gusti Allah Nesu”

7. (a) Ing gerbang bait sisih lor, Yèhèzkièl ndelok wong Yahudi sing murtad lagi ngapa? Piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok kuwi? (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Ngapa kok Yéhuwah nesu? (Deloken cathetan ngisor.)

7 Wacanen Yèhèzkièl 8:5, 6. Yèhèzkièl kagèt banget. Ing gerbang bait sisih lor, wong-wong Yahudi sing murtad lagi nyembah patung. Mungkin, patung sing disembah kuwi cagak suci sing nglambangké Asyéra, dèwi sing disembah wong Kanaan lan dianggep bojoné Baal. Kuwi berarti wong Israèl nglanggar perjanjiané karo Yéhuwah. Wong Israèl nyembah patung, padahal mung Yéhuwah sing kuduné disembah. Mula, Yéhuwah nesu banget. * (PT. 32:16; Yèh. 5:13) Bayangna, wis 400 taun luwih bait kuwi dadi omahé Yéhuwah. (1 Raj. 8:10-13) Tapi, merga wong Israèl nggawa patung ing bait, Yéhuwah ’ngedohi panggonan suciné’.

8. Apa hubungané wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi karo jamané awaké dhéwé?

8 Apa hubungané wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi karo jamané awaké dhéwé? Keterangan soal wong-wong Yéhuda sing murtad kuwi ngélingké awaké dhéwé karo gréja-gréja sing ngaku Kristen. Gréja-gréja kuwi ngaku ngibadah marang Gusti Allah, ning ibadahé ora ana gunané merga gréja-gréja kuwi nyembah brahala. Yéhuwah ora berubah. Mula, Yéhuwah mesthi ya nesu karo gréja-gréja kuwi. (Yak. 1:17) Yéhuwah mesthi ora gelem nampa ibadahé gréja-gréja kuwi.

9, 10. Apa sing isa disinaoni saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal wong-wong sing nyembah brahala ing bait?

9 Apa sing isa disinaoni saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal wong-wong sing nyembah brahala ing bait? Nèk péngin ngibadah mung marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ”ngedohi penyembahan brahala”. (1 Kor. 10:14) Awaké dhéwé mungkin mikir, ’Wektu ngibadah kan aku ora nganggo patung.’ Ning, sing termasuk brahala kuwi ora mung patung. Isa waé awaké dhéwé ora sadhar nèk jebulé wis nyembah brahala. Ana buku sing kandha nèk awaké dhéwé nganggep sesuatu luwih berharga utawa luwih penting timbang nyembah Gusti Allah, kuwi padha waé awaké dhéwé nyembah brahala. Dadi, sing dimaksud brahala kuwi apa waé sing dianggep luwih penting timbang ngibadah marang Yéhuwah, misalé harta, sèks, utawa hiburan. (Mat. 6:19-21, 24; Éf. 5:5; Kol. 3:5) Aja nganti awaké dhéwé nyembah brahala. Mung Yéhuwah sing pantes disembah saktulusé ati.​—1 Yoh. 5:21.

10 Sing pertama didelok Yèhèzkièl kuwi ”perkara-perkara sing bejat lan njijiki”, yaiku penyembahan brahala ing bait. Ning, Yéhuwah kandha, ”Kowé bakal ndelok sing luwih njijiki manèh.” Apa kuwi?

Keloro: 70 Pemimpin Lagi Mènèhké Dupa marang Déwa-Déwa

11. Wektu digawa menyang halaman njero ing cedhak mézbah bait, Yèhèzkièl ndelok apa?

11 Wacanen Yèhèzkièl 8:7-12. Saka gerbang bait sisih lor, Yèhèzkièl digawa menyang halaman njero ing cedhak mézbah bait. Yèhèzkièl njebol témbok sing ana ing kono, lan dhèwèké ndelok ana ”ukiran-ukiran kéwan sing nggremet, kéwan sing njijiki, lan kabèh brahala sing njijiki”. * Kabèh ukiran kuwi nglambangké déwa-déwa. Tapi sing luwih parah manèh, Yèhèzkièl ndelok ’70 pemimpin Israèl sing ngadeg ing petengan’ lagi mènèhké dupa marang déwa-déwa. Nurut Hukum Musa, dupa sing wangi nglambangké dongané wong-wong sing setya sing dirungokké Yéhuwah. (Mzm. 141:2) Ning, dupa sing diwènèhké marang déwa-déwa kuwi ambuné ora énak kanggo Yéhuwah. Dongané 70 pemimpin kuwi njijiki kanggo Yéhuwah. (WB. 15:8) Wong-wong kuwi mikir, ’Yéhuwah ora bakal ngerti.’ Ning, sakjané Yéhuwah ngerti lan nduduhké marang Yèhèzkièl kabèh sing kelakon ing baité.

Yéhuwah ngerti kabèh tumindak njijiki sing ana ”ing petengan” (Deloken paragraf 11)

12. Ngapa kok awaké dhéwé kudu tetep setya senajan ”ing petengan”? Sapa sing kuduné mènèhi conto sing apik soal kuwi?

12 Apa sing isa disinaoni saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal 70 pemimpin sing mènèhké dupa marang déwa-déwa? Bèn dongané awaké dhéwé dirungokké lan ibadahé awaké dhéwé ditampa Gusti Allah, awaké dhéwé kudu tetep setya senajan ”ing petengan”. (WB. 15:29) Awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah ngerti kabèh kelakuané awaké dhéwé. Nèk yakin Yéhuwah bener-bener ana, awaké dhéwé ora bakal nglakoni apa waé sing marahi Yéhuwah sedhih, senajan lagi dhèwèkan. (Ibr. 4:13) Para pinituwa sing nduwé tugas mulang para sedulur ing jemaat kudu mènèhi conto sing apik soal kuwi. (1 Ptr. 5:2, 3) Para sedulur ing jemaat mesthi péngin bèn para pinituwa isa ngetrapké pathokané Alkitab senajan ”ing petengan”, maksudé wektu ora ana wong liya sing ndelok.​—Mzm. 101:2, 3.

Ketelu: ’Wong-Wong Wédok Nangisi Déwa Tamuz’

13. Ing gerbang lor omahé Yéhuwah, Yèhèzkièl ndelok wong-wong wédok lagi ngapa?

13 Wacanen Yèhèzkièl 8:13, 14. Sakwisé ndelok wahyu kuwi, Yéhuwah ngomong manèh karo Yèhèzkièl, ”Kowé bakal ndelok sing luwih njijiki manèh timbang kuwi.” Apa sing didelok Yèhèzkièl? ’Ing gerbang lor omahé Yéhuwah, ana wong-wong wédok sing lungguh lan nangisi Déwa Tamuz.’ Tamuz kuwi déwané wong Mésopotamia, sing dianggep kekasihé Istar, yaiku dèwi kesuburan. * Nangisi Déwa Tamuz kuwi mungkin bagéan saka ibadah sing ana hubungané karo kematiané Déwa Tamuz. Senajan ngibadahé ing baité Gusti Allah, ibadah palsu tetep waé najis. Kanggoné Yéhuwah, kuwi ”njijiki” banget.

14. Apa sing isa disinaoni saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal wong-wong wédok sing nangisi Déwa Tamuz?

14 Apa sing isa disinaoni saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal wong-wong wédok sing nangisi Déwa Tamuz? Bèn ibadahé awaké dhéwé tetep murni, kuwi aja dicampur karo kebiasaan kafir. Aja mèlu-mèlu nindakké kebiasaan sing ana hubungané karo perayaan tertentu. Isa waé perayaan kuwi asal-usulé saka kebiasaan kafir. Apa asal-usulé perayaan kuwi pancèn penting? Ya, kuwi penting banget. Kebiasaan-kebiasaan sing ana hubungané karo perayaan tertentu, misalé Natal, Paskah, lan ulang taun, mungkin kétoké ora bahaya. Tapi, awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah wis tau ndelok langsung kebiasaan kafir sing dadi asal-usulé perayaan-perayaan ing jaman saiki. Senajan perayaan-perayaan kuwi wis dirayakké kèt mbiyèn utawa dicampur karo ibadah sing murni, kanggoné Yéhuwah kebiasaan kafir tetep waé najis.​—2 Kor. 6:17; Why. 18:2, 4.

Kepapat: Wong Lanang 25 ”Sujud marang Matahari”

15, 16. Ing halaman njero bait, Yèhèzkièl ndelok wong lanang 25 lagi ngapa? Ngapa kok kuwi nglarani atiné Yéhuwah?

15 Wacanen Yèhèzkièl 8:15-18. Sing terakhir, Yéhuwah ngomong manèh karo Yèhèzkièl, ”Kowé bakal ndelok sing luwih njijiki manèh timbang kuwi.” Yèhèzkièl mungkin mikir, ’Apa ana sing luwih njijiki timbang sing tak delok mau?’ Saiki, Yèhèzkièl ana ing halaman njero bait. Ing pintu masuk bait, dhèwèké ndelok wong lanang 25 lagi ”madhep ngétan” lan sujud ”marang matahari”. Wong-wong kuwi nggawé Yéhuwah nesu banget. Kok isa?

16 Bayangna keadaané. Baité Gusti Allah dibangun madhep ngétan. Kuwi berarti wong-wong sing teka ing bait bakal madhep ngulon, lan matahari sing ana ing wétan ana ing mburiné wong-wong kuwi. Tapi, ing wahyu kuwi, wong lanang 25 kuwi madhep ngétan lan nyembah matahari. Dadi, ”baité Yéhuwah ana ing mburiné wong-wong kuwi”. Wong-wong kuwi ngrendhahké Yéhuwah merga bait kuwi ”omahé Yéhuwah”. (1 Raj. 8:10-13) Wong lanang 25 kuwi murtad. Wong-wong kuwi ora setya karo Yéhuwah lan nglanggar préntah sing ditulis ing Pangandharing Torèt 4:15-19. Wong-wong kuwi wis nglarani atiné Yéhuwah merga mung Yéhuwah sing kuduné disembah.

Umaté Yéhuwah kuduné mung nyembah Dhèwèké

17, 18. (a) Apa sing isa disinaoni saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal wong-wong sing nyembah matahari? (b) Apa waé akibaté merga wong Yahudi nyembah brahala lan nindakké ibadah palsu? Jelasna.

17 Apa sing isa disinaoni saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal wong-wong sing nyembah matahari? Bèn ibadahé awaké dhéwé tetep murni, awaké dhéwé kudu nggolèk tuntunané Yéhuwah merga Yéhuwah kuwi sumberé apa sing bener. ”Yéhuwah kuwi kaya matahari”, lan omongané ’kaya cahaya sing madhangi dalan’. (Mzm. 84:11; 119:105) Yéhuwah mènèhi naséhat marang awaké dhéwé liwat Alkitab lan wacan-wacan saka organisasiné. Naséhat saka Gusti Allah isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener bèn saiki isa bahagia lan sukmbèn isa urip saklawasé. Nèk awaké dhéwé malah percaya karo tuntunané donya iki, kuwi berarti awaké dhéwé ngrendhahké Yéhuwah. Kuwi isa nglarani atiné Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi ora gelem nggawé Yéhuwah lara ati, ta? Wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi ngélingké awaké dhéwé bèn ngedohi wong-wong sing ora manut karo tuntunané Yéhuwah, yaiku wong-wong sing murtad.​—WB. 11:9.

18 Yèhèzkièl wis ndelok wong Yéhuda sing murtad nyembah brahala lan nindakké ibadah palsu sing parah banget. Merga ibadahé najis, hubungané wong-wong kuwi karo Yéhuwah dadi rusak. Ning ora mung kuwi, wong-wong kuwi ya dadi bejat. Merga bejat, hubungané wong-wong kuwi karo wong liya ya dadi rusak. Saiki, ayo dibahas keterangané Nabi Yèhèzkièl soal tumindak bejaté wong Yahudi sing murtad.

’Ing Antaramu Ana sing Tumindaké Bejat’

19. Yèhèzkièl mènèhi keterangan apa waé soal tumindak bejaté wong Israèl?

19 Wacanen Yèhèzkièl 22:3-12. Para pemimpin Israèl lan rakyaté kuwi bejat. ”Kabèh pemimpin” Israèl nggunakké kekuasaané kanggo matèni wong sing ora salah. Akibaté, rakyaté dadi mèlu-mèlu nglanggar Hukumé Gusti Allah. Anak-anak ”ora ngajèni wong tuwané”. Wong-wong padha nindakké hubungan sèks karo seduluré dhéwé. Wong Israèl sing seneng mbrontak ngapusi penduduk asing lan nindhes anak yatim lan randha. Wong lanang nindakké hubungan sèks karo bojoné wong liya. Wong sing srakah nampa suap, meres dhuwité wong liya, lan ngutangi wong liya nganggo bunga sing gedhé. Wong Israèl ora manut karo hukumé Yéhuwah, padahal sakjané Yéhuwah mènèhi hukum kuwi merga sayang karo wong Israèl. Mula, tumindaké wong Israèl kuwi mesthi nggawé Yéhuwah lara ati. Saking lara atiné, Yéhuwah nganti ngongkon Yèhèzkièl ngomong karo wong Israèl, ”Kowé bener-bener wis lali karo Aku.”

Merga pengaruh saka gréja-gréja sing ngaku Kristen, wong-wong ing donya iki saya suwé saya kejem lan bejat (Deloken paragraf 20)

20. Apa hubungané keterangané Yèhèzkièl soal tumindak bejaté wong Israèl karo jamané awaké dhéwé?

20 Apa hubungané keterangané Yèhèzkièl soal tumindak bejaté wong Israèl karo jamané awaké dhéwé? Wong Israèl sing bejat kuwi ngélingké awaké dhéwé karo wong jaman saiki sing bejat. Para pemimpin politik nggunakké kekuasaané kanggo nindhes rakyat. Para pemimpin agama, khususé pemimpin gréja, ndonga bèn Gusti Allah mberkahi perang-perang sing nyebabké jutaan wong mati. Pemimpin gréja ora gelem manut karo pathokané Alkitab soal sèks. Akibaté, tumindaké wong-wong ing donya iki ora sesuai karo pathokané Alkitab. Yéhuwah mesthi ya bakal kandha karo gréja-gréja, ”Kowé bener-bener wis lali karo Aku.”

21. Apa sing isa disinaoni saka keterangané Yèhèzkièl soal wong-wong Yéhuda sing bejat?

21 Apa sing isa disinaoni saka keterangané Yèhèzkièl soal wong Yéhuda sing bejat? Bèn ibadahé awaké dhéwé ditampa Yéhuwah, tumindaké awaké dhéwé kudu sesuai karo pathokané Alkitab. Pancèn kuwi ora gampang merga wong-wong saiki bejat. (2 Tim. 3:1-5) Ning, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah sengit karo tumindak sing bejat. (1 Kor. 6:9, 10) Awaké dhéwé gelem manut karo pathokané Yéhuwah merga sayang karo Yéhuwah lan seneng karo hukumé. (Mzm. 119:97; 1 Yoh. 5:3) Nèk kelakuané awaké dhéwé bejat, kuwi berarti awaké dhéwé ora sayang karo Gusti Allah sing suci. Awaké dhéwé mesthi ora gelem nganti Yéhuwah ngomong karo awaké dhéwé, ”Kowé bener-bener wis lali karo Aku.”

22. (a) Sakwisé sinau saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl, apa tékadé njenengan? (b) Apa sing bakal dibahas ing Bab 6?

22 Awaké dhéwé wis sinau akèh saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal wong Yéhuda sing nyembah brahala lan tumindak bejat. Awaké dhéwé mesthi nduwé tékad sing luwih kuwat kanggo ngibadah mung marang Yéhuwah merga mung Yéhuwah sing kuduné disembah. Mula, aja nganti awaké dhéwé nyembah brahala lan tumindak bejat. Terus, wong-wong sing ora setya bakal diapakké karo Yéhuwah? Sakwisé nduduhké apa waé sing kelakon ing bait, Yéhuwah ngomong karo Nabi Yèhèzkièl, ”Aku bakal nesu banget.” (Yèh. 8:17, 18) Awaké dhéwé péngin ngerti Yéhuwah mènèhi hukuman apa kanggo wong Yéhuda sing ora setya merga sukmbèn Yéhuwah ya bakal mènèhi hukuman kaya ngono kanggo wong-wong jaman saiki sing bejat. Ing Bab 6, awaké dhéwé bakal mbahas hukumané Yéhuwah kanggo wong Yéhuda.

^ par. 4 Ing buku Yèhèzkièl, biasané kata ”Israèl” kuwi maksudé penduduk Yéhuda lan Yérusalèm.​—Yèh. 12:19, 22; 18:2; 21:2, 3.

^ par. 7 Kata ”nesu” ing basa Ibrani isa diterjemahké dadi ”cemburu”. Iki nduduhké nèk Yéhuwah péngin banget umaté setya karo Dhèwèké. Kuwi isa dipadhakké kaya wong lanang sing cemburu lan nesu nèk bojoné ora setya. (WB. 6:34) Umaté Yéhuwah ora setya merga nyembah patung, padahal wong-wong kuwi sakjané wis nggawé perjanjian karo Yéhuwah. Mula, Yéhuwah nesu. Ana buku sing ngomong, ”Gusti Allah cemburu . . . merga Dhèwèké suci. Merga mung Dhèwèké sing suci . . . , mula Dhèwèké ora seneng nèk umaté nyembah allah liya.”​—Pa. 34:14.

^ par. 11 Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”brahala sing njijiki” mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

^ par. 13 Ing naskah sing ditulis wong Sumer, Tamuz disebut Dumuzi. Ana sing nganggep nèk Tamuz kuwi jeneng liyané Nimrod, ning ora ana bukti sing kuwat soal kuwi.