Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ringkesan saka Keterangan-Keterangan sing Anyar

Ringkesan saka Keterangan-Keterangan sing Anyar

Ana beberapa keterangan anyar soal ramalan sing ditulis Yèhèzkièl sing wis dijelaské ing Warta Penting. Nah, buku Ibadah Murni iki ya nyebutké keterangan anyar liyané soal ramalan sing ditulis Yèhèzkièl. Ayo coba dijawab pertanyaan-pertanyaan iki:

Wajah papat saka kerub-kerub nggambarké apa?

Keterangan sing mbiyèn: Wajah papat saka kerub-kerub nggambarké papat sipaté Yéhuwah sing utama.

Keterangan sing anyar: Wajah papat saka kerub-kerub kuwi pancèn nggambarké papat sipaté Yéhuwah sing utama. Tapi nèk didelok secara keseluruhan, wajah papat kuwi nggambarké kabèh sipaté Yéhuwah. Sakliyané kuwi, wajah papat saka kerub-kerub nduduhké nèk Yéhuwah kuwi pantes diluhurké lan kuwasané gedhé.

Alesané: Ing Alkitab, angka papat biasané nggambarké sesuatu sing lengkap utawa sing mencakup kabèh. Dadi, nèk didelok secara keseluruhan, wajah papat saka kerub-kerub kuwi ora mung nggambarké papat sipaté Yéhuwah. Tapi, kabèh sipat kuwi dadi bagéan penting saka kepribadiané Yéhuwah sing luar biasa. Terus, saben kerub kuwi nduwé wajah papat, yaiku wajah manungsa, singa, sapi lanang, lan elang. Papat-papaté kuwi ciptaan sing hébat, kuwat, lan nduwé kuwasa. Tapi, papat ciptaan sing hébat kuwi ana ing ngisor takhtané Yéhuwah. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Penguasa sing Mahakuwasa.

Wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis nggambarké sapa?

Keterangan sing mbiyèn: Wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis kuwi nggambarké wong-wong sing dipilih munggah swarga sing isih urip ing bumi. Wong-wong kuwi nginjil lan mulang wong liya. Kuwi isa dipadhakké kaya mènèhi tandha ing bathuké wong-wong sing bakal dadi bagéan saka ”kumpulan gedhé”.​—Why. 7:9.

Keterangan sing anyar: Wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis kuwi nggambarké Yésus Kristus. Yésus mènèhi tandha, utawa ngadili, pas ”sengsara gedhé”. (Mat. 24:21) Wektu kuwi Yésus bakal nentokké sapa waé sing isa dianggep domba lan dadi bagéan saka kumpulan gedhé.

Alesané: Yéhuwah wis mènèhi Yésus wewenang kanggo ngadili. (Yoh. 5:22, 23) Nurut Matius 25:31-33, Yésus bakal ngadili wong-wong, utawa nentokké endi sing dianggep ”domba” lan endi sing dianggep ”kambing”.

Apa Ohola lan Oholiba, yaiku mbakyu adhi sing dadi pelacur, nggambarké gréja-gréja Katolik lan Protèstan?

Keterangan sing mbiyèn: Mbakyuné sing jenengé Ohola (Samaria, ibu kotané Israèl) nggambarké gréja-gréja Katolik. Nèk adhiné sing jenengé Oholiba (Yérusalèm, ibu kotané Yéhuda) nggambarké gréja-gréja Protèstan.

Keterangan sing anyar: Ohola lan Oholiba ora nggambarké gréja-gréja. Tapi saka critané Ohola lan Oholiba, awaké dhéwé dadi ngerti piyé perasaané Yéhuwah karo wong-wong sing mauné dadi umaté ning akhiré ora setya. Perasaané Yéhuwah karo agama palsu ya kaya ngono.

Alesané: Ing Alkitab, ora ana keterangan sing njelaské nèk Ohola lan Oholiba kuwi nggambarké gréja-gréja. Israèl lan Yéhuda mauné dadi bojoné Yéhuwah, tapi nèk gréja-gréja ora tau dadi bojoné Yéhuwah. Sakliyané kuwi, ing Yèhèzkièl bab 16 lan 23 disebutké nèk Yéhuwah mènèhi harapan kanggo umaté sing ora setya, sing digambarké kaya pelacur. Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal nampa umaté manèh. Tapi, gréja-gréja ora diwènèhi harapan kaya ngono. Gréja-gréja kuwi bakalé disingkirké bareng karo agama palsu liyané.

Apa Yérusalèm sing ora setya nggambarké gréja-gréja?

Keterangan sing mbiyèn: Yérusalèm sing ora setya kuwi nggambarké gréja-gréja sing ngaku Kristen. Dadi, gréja-gréja sukmbèn bakal dihancurké, kaya Yérusalèm mbiyèn ya dihancurké.

Keterangan sing anyar: Sing dilakoni karo wong-wong sing ora setya ing Yérusalèm ya dilakoni karo gréja-gréja sing ngaku Kristen, misalé padha-padha nyembah brahala lan bejat kelakuané. Tapi, Yérusalèm kuwi ora nggambarké gréja-gréja sing ngaku Kristen.

Alesané: Ing Alkitab, ora ana keterangan sing njelaské nèk Yérusalèm kuwi cocog dienggo nggambarké gréja-gréja sing ngaku Kristen. Yérusalèm mauné dadi panggonan kanggo ngibadah marang Yéhuwah, tapi gréja-gréja ora tau ngibadah marang Yéhuwah. Sakliyané kuwi, Yérusalèm tau ditampa manèh karo Yéhuwah, tapi gréja-gréja ora tau ditampa karo Yéhuwah lan malah bakal disingkirké saklawasé.

Piyé ramalan soal balung-balung sing garing kelakon?

Keterangan sing mbiyèn: Taun 1918, wong-wong sing dipilih munggah swarga dianiaya lan ditawan Babilon Gedhé. Keadaané wong-wong kuwi kaya wong mati merga kegiatané mandheg. Terus taun 1919, wong-wong kuwi dibébaské wektu Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi ”urip manèh” bèn isa nginjil.

Keterangan sing anyar: Wong-wong sing dipilih munggah swarga ditawan Babilon Gedhé nganti suwé banget, yaiku kèt sakdurungé taun 1918. Wong-wong kuwi mulai ditawan sakwisé taun 100 M nganti 1919 M. Kuwi kaya perumpamaané Yésus soal alang-alang sing diejarké thukul nganti suwé banget ing antarané gandum.

Alesané: Wong Israèl jaman mbiyèn ditawan nganti suwé banget, yaiku kèt taun 740 SM nganti 537 SM. Ing ramalané Yèhèzkièl disebutké nèk ana balung-balung sing ”garing”, malah ”garing banget”. Berarti kuwi balung-balungé wong sing wis mati suwé banget. Dadi, butuh wektu sing suwé kanggo nguripké manèh balung-balung kuwi.

Apa artiné tongkat loro sing didadèkké siji?

Keterangan sing mbiyèn: Pas Perang Donya I, wong Kristen sing dipilih munggah swarga ora bersatu. Terus, wong-wong kuwi bersatu manèh taun 1919.

Keterangan sing anyar: Ramalan iki nduduhké nèk Yéhuwah bakal nggawé umaté bersatu. Sakwisé taun 1919, suwé-suwé wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi jumlahé tambah akèh lan nggabung karo wong-wong sing nduwé harapan urip ing swarga. Loro kelompok kuwi bersatu nglayani Yéhuwah.

Alesané: Ramalan iki ora nggambarké tongkat siji sing ditugel dadi loro terus didadèkké siji manèh. Dadi, ramalan iki ora njelaské soal sak kelompok sing misah dadi loro terus dadi siji manèh. Tapi, ramalan iki njelaské nèk ana loro kelompok sing didadèkké siji.

Gog saka Magog kuwi sapa?

Keterangan sing mbiyèn: Gog saka Magog kuwi sebutan kanggo Sétan sakwisé dhèwèké diusir saka swarga.

Keterangan sing anyar: Gog saka Magog kuwi gabungan bangsa-bangsa sing bakal nyerang umaté Yéhuwah pas sengsara gedhé.

Alesané: Ing Alkitab dicritakké nèk Gog bakal dipakakké manuk lan diwènèhi kuburan ing bumi. Dadi jelas nèk Gog kuwi dudu makhluk roh. Sakliyané kuwi, keterangané Alkitab soal Gog mèh padha karo ramalan ing buku Danièl lan Wahyu, yaiku padha-padha nyebutké bangsa-bangsa sing nyerang umaté Gusti Allah.​—Dan. 11:40, 44, 45; Why. 17:14; 19:19.

Apa bait sing didelok Yèhèzkièl padha karo bait rohani sing dijelaské Paulus?

Keterangan sing mbiyèn: Bait sing didelok Yèhèzkièl pas éntuk wahyu padha karo bait rohani sing dijelaské Rasul Paulus.

Keterangan sing anyar: Sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu bait rohani sing mulai ana taun 29 M. Sing dibahas ing wahyu sing ditampa Yèhèzkièl yaiku pathokané Yéhuwah soal ibadah sing murni sing sesuai karo Hukum Musa. Nèk bait rohani sing dijelaské Paulus kuwi intiné soal apa sing dilakoni Yésus pas dadi Imam Agung kèt taun 29 nganti 33 M. Tapi, ing wahyu sing ditampa Yèhèzkièl ora ana keterangan soal imam agung. Dadi, intiné wahyu kuwi yaiku soal ibadah marang Yéhuwah sing bakal dadi murni manèh kèt taun 1919. Awaké dhéwé ora perlu nggolèk-nggolèk artiné saben bagéan lan ukuran sing ana ing bait sing didelok Yèhèzkièl. Tapi, awaké dhéwé perlu ngerti apa waé sing isa dipelajari saka wahyu kuwi soal ibadah sing murni.

Alesané: Bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi mémang béda karo bait rohani. Misalé, ing bait sing didelok Yèhèzkièl, sing dikorbanké yaiku kéwan lan kuwi diwènèhké ping bola-bali. Tapi, ing bait rohani, sing dikorbanké mung siji, lan kuwi diwènèhké ”ping pisan kanggo saklawasé”. (Ibr. 9:11, 12) Yèhèzkièl éntuk wahyu kuwi atusan taun sakdurungé Yésus teka ing bumi. Wektu kuwi, Yéhuwah mémang ora lagi ngandhani soal bait rohani, merga kuwi durung wektuné.