Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Surat saka Pengurus Pusat

Surat saka Pengurus Pusat

Sedulur-sedulur sing nresnani Yéhuwah,

Taun 1971, ana Kebaktian Distrik basa Inggris sing témané ”Jenengé Gusti Allah”. Wektu kuwi, sedulur-sedulur seneng banget merga nampa buku-buku anyar. Buku taunan 1972 nyebutké nèk buku-buku kuwi ”apik banget”. Sakwisé nampa salah siji buku kuwi, ana sedulur sing kandha, ”Lagi iki ana buku sing kaya ngéné. Aku dadi ngerti apa sing bakal kelakon ing masa depan.” Sing dimaksud yaiku buku ”Bangsa-Bangsa Bakal Ngerti Nèk Aku Iki Yéhuwah” (”The Nations Shall Know That I Am Jehovah”—How?). Ngapa kok para sedulur péngin banget maca buku kuwi? Buku kuwi njelaské keterangan sing paling anyar soal ramalan-ramalan sing ana ing kitab Yèhèzkièl. Ramalan-ramalan kuwi ana hubungané karo masa depané manungsa.

Pirang-pirang taun sakwisé buku kuwi dirilis, umaté Yéhuwah jumlahé tambah akèh, saka 1,5 yuta dadi luwih saka 8 yuta. (Yés. 60:22) Wong-wong kuwi nggunakké basa sing béda-béda. Ana luwih saka 1.000 basa sing digunakké. (Za. 8:23) Wong-wong kuwi akèh-akèhé durung tau maca buku kuwi, sing isiné njelaské soal ramalan sing ditulis nabi Yèhèzkièl.

Kèt taun 1971 nganti saiki, pemahamané awaké dhéwé soal isiné Alkitab dadi saya jelas, kaya cahaya sing saya padhang. (WB. 4:18) Misalé, taun 1985, awaké dhéwé mulai ngerti nèk ’domba-domba liya’ isa dianggep bener lan dadi kancané Gusti Allah. (Yoh. 10:16; Rm. 5:18; Yak. 2:23) Terus, taun 1995, awaké dhéwé ngerti nèk ”domba” lan ”kambing” bakal diadili pas ”sengsara gedhé”. (Mat. 24:21; 25:31, 32) Merga ana keterangan-keterangan anyar kuwi, mula keterangan soal kitab Yèhèzkièl perlu diganti.

”Hé anaké manungsa, deloken sing tliti, rungokna tenanan, lan gatèkna kabèh sing arep Tak duduhké marang kowé, merga kuwi alesané Gusti Allah nggawa kowé mréné.”​—YÈHÈZKIÈL 40:4

Akhir-akhir iki ya ana akèh keterangan sing anyar. Contoné, arti saka perumpamaan-perumpamaané Yésus saiki dadi saya jelas. Beberapa perumpamaan kuwi njelaské soal peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon pas sengsara gedhé. Keterangan soal ramalan ing kitab Yèhèzkièl ya dadi saya jelas. Misalé, awaké dhéwé éntuk keterangan sing anyar soal Gog saka Magog (bab 38 lan 39), wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis sekretaris (bab 9), balung-balung garing sing pating slebar ing lembah (bab 37), lan tongkat loro sing didadèkké siji (bab 37). Kabèh keterangan sing anyar kuwi ngganti keterangan sing ana ing buku sing dirilis taun 1971 mau.

Mula, akèh sing péngin ngerti apa ana buku sing isiné njelaské keterangan sing paling anyar soal ramalané Yèhèzkièl. Akhiré ana buku anyar sing judhulé Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh. Isiné buku iki lan gambar-gambaré cocog karo keterangan sing ana ing kitab Yèhèzkièl. Wektu maca buku iki, njenengan bakal kagum merga buku iki wis disiapké tenanan. Pengurus Pusat ndonga lan mikirké tenanan bèn isa ngerti apa sebabé Yéhuwah nyedhiakké kitab Yèhèzkièl sing isiné apik banget. Pengurus Pusat ya mikirké tenanan pertanyaan-pertanyaan iki: Apa manfaaté kitab Yèhèzkièl kanggo wong-wong ing jamané Yèhèzkièl lan jaman saiki? Ramalan apa waé sing bakal kelakon sukmbèn? Apa awaké dhéwé perlu nggolèki gambaran lan persamaan saka ramalané Yèhèzkièl? Jawaban saka pertanyaan-pertanyaan kuwi isa mbantu awaké dhéwé luwih ngerti isiné kitab Yèhèzkièl.

Wektu maca kitab Yèhèzkièl saka awal nganti akhir, njenengan mesthi bakal kagum karo organisasiné Yéhuwah sing ana ing swarga. Njenengan ya bakal kagum karo pathokané Yéhuwah sing luhur kanggo umaté ing swarga lan ing bumi. Buku Ibadah Murni iki bakal mbantu njenengan isa luwih ngajèni apa sing wis ditindakké Yéhuwah lan sing bakal ditindakké ing masa depan. Intiné buku iki ana loro. Pertama, bèn isa nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé kudu kenal lan nganggep Dhèwèké sing Mahakuwasa ing alam semesta. Keloro, ibadahé awaké dhéwé kudu cocog karo sing dikarepké Yéhuwah, lan awaké dhéwé ya kudu manut karo pathokané sing luhur.

Pengurus Pusat péngin banget bèn buku iki isa mbantu njenengan nduwé tékad kanggo ngluhurké jenengé Yéhuwah sing suci lan ngibadah sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah. Muga-muga, buku iki ya isa mbantu njenengan terus ngentèni nganti kabèh bangsa ngerti nèk Yéhuwah kuwi Sing Mahakuwasa ing alam semesta.​—Yèh. 36:23; 38:23.

Muga-muga Yéhuwah, Bapak sing sayang karo awaké dhéwé, terus mberkahi njenengan sing wis ngupaya bèn isa paham isiné kitab Yèhèzkièl.

Sedulur-sedulurmu,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah