Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 17

”Hé Gog, . . . Aku Bakal Nglawan Kowé”

”Hé Gog, . . . Aku Bakal Nglawan Kowé”

YÈHÈZKIÈL 38:3

INTINÉ: Keterangan soal ”Gog” lan ”tanah” sing diserang

1, 2. Sedhéla manèh bakal ana perang apa, lan pertanyaan apa waé sing bakal dirembug? (Deloken gambar ing awal bab.)

 KÈT MBIYÈN, wis ana akèh wong sing mati merga perang, misalé merga Perang Donya I lan II. Tapi, sedhéla manèh bakal ana perang sing luwih gedhé. Iki dudu perang antarané bangsa siji karo bangsa liyané sing lagi mungsuhan. Tapi, iki ”perang sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa”. (Why. 16:14) Perang kuwi kelakon merga ana mungsuh sing nyerang tanah sing dianggep berharga karo Gusti Allah. Wektu kuwi, Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahakuwasa, bakal nyingkirké kabèh mungsuhé. Kuwi bakal dadi perang sing paling gedhé.

2 Peristiwa-peristiwa kuwi ana pengaruhé kanggo umaté Gusti Allah. Mula, awaké dhéwé mesthi péngin ngerti jawaban saka pertanyaan-pertanyaan iki: Mungsuhé kuwi sapa? Tanah apa sing bakal diserang? Kapan, kenapa, lan piyé carané tanah kuwi diserang? Jawabané ana ing ramalan sing dicathet ing Yèhèzkièl bab 38 lan 39. Ayo dirembug bareng-bareng.

Mungsuhé Kuwi Sapa?

3. Jelasna intiné ramalan sing ditulis Yèhèzkièl soal Gog saka Magog.

 3 Wacanen Yèhèzkièl 38:1, 2, 8, 18; 39:4, 11. Dadi, intiné ramalané kaya ngéné: ”Ing akhir taun-taun kuwi”, ana mungsuh sing disebut ”Gog saka . . . Magog”. Dhèwèké bakal nyerang ”tanah” duwèké umaté Yéhuwah. Kuwi nggawé Yéhuwah ”nesu banget”, terus Yéhuwah nyerang lan ngalahké Gog. * Yéhuwah ngomong karo mungsuhé kuwi lan kabèh sing dadi balané, ”Kowé bakal Tak pakakké kabèh jenis manuk lan kéwan buas.” Akhiré, Gog ”dikubur”. Bèn isa ngerti apa maksudé ramalan kuwi, ayo dirembug dhisik sapa sing dimaksud Gog kuwi.

4. Gog saka Magog kuwi sapa?

4 Dadi, Gog saka Magog kuwi sapa? Saka keterangané Yèhèzkièl mau, jelas nèk Gog kuwi mungsuhé umaté Yéhuwah. Mbiyèn, wacan-wacan saka organisasi njelaské nèk sing dimaksud Gog kuwi Sétan. Tapi, sakwisé ramalané Yèhèzkièl dipelajari manèh, ternyata keterangan kuwi perlu diubah. Ing Menara Pengawal tau dijelaské nèk sing dimaksud Gog saka Magog kuwi dudu makhluk roh, tapi gabungan bangsa-bangsa sing bakal nyerang umaté Yéhuwah. * Kok isa? Sakdurungé mbahas kuwi, ayo dibahas dhisik ramalané Yèhèzkièl sing nduduhké nèk Gog kuwi dudu makhluk roh.

5, 6. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk Gog saka Magog kuwi dudu makhluk roh?

5 ”Kowé bakal Tak pakakké kabèh jenis manuk.” (Yèh. 39:4) Ing Alkitab, nèk Yéhuwah ngomong ana wong-wong sing arep dipakakké manuk, berarti wong-wong kuwi arep dihukum karo Yéhuwah. Yéhuwah tau ngomong kaya ngono karo bangsa Israèl lan bangsa-bangsa liyané. (PT. 28:26; Yér. 7:33; Yèh. 29:3, 5) Sing diomongi kuwi manungsa, dudu makhluk roh. Apa manèh manuk lan kéwan buas kuwi mangané daging, dudu roh. Dadi jelas nèk Gog kuwi dudu makhluk roh.

6 ”Aku bakal mènèhi Gog kuburan ing Israèl.” (Yèh. 39:11) Alkitab ora tau nyritakké nèk ana makhluk roh sing dikubur ing bumi. Tapi, Alkitab nyritakké nèk Sétan karo malaékat-malaékaté bakal dilebokké ing jurang sing jero banget nganti 1.000 taun. Bar kuwi, Sétan karo malaékat-malaékaté bakal diuncalké ing danau geni, maksudé disingkirké saklawasé. (Luk. 8:31; Why. 20:1-3, 10) Dadi jelas nèk Gog kuwi dudu makhluk roh, merga dhèwèké bakal diwènèhi ”kuburan” ing bumi.

7, 8. Kaya Gog saka Magog, apa sing bakal dialami karo ”raja lor”?

7 Dadi, Gog, utawa mungsuh sing bakal nyerang umaté Yéhuwah, kuwi dudu makhluk roh. Nèk ngono, Gog kuwi sapa? Bèn isa ngerti jawabané, ayo dibahas rong ramalan iki.

8 ”Raja lor.” (Wacanen Danièl 11:40-45.) Danièl tau nulis ramalan soal pamréntahan-pamréntahan sing paling kuwat sing gonta-ganti terus kèt jamané Danièl nganti saiki. Ing ramalan kuwi ya disebutké soal ”raja kidul” lan ”raja lor” sing mungsuhan terus. Sing dadi raja kidul lan raja lor ya gonta-ganti terus, merga kèt mbiyèn nganti saiki bangsa-bangsa sing péngin dadi pamréntahan sing paling kuwat ana akèh. Danièl ya nyritakké nèk ”ing akhir jaman” raja lor bakal ”nesu banget”, terus ”bakal maju kanggo matèni lan nyingkirké akèh wong”. Sing khususé dadi sasarané yaiku umaté Yéhuwah. * Tapi, dhèwèké mesthi bakal gagal. Kaya Gog saka Magog, raja lor ”bakal disingkirké”.

9. Kaya Gog saka Magog, apa sing bakal dialami karo ”raja-raja ing bumi”?

9 ”Raja-raja ing bumi.” (Wacanen Wahyu 16:14, 16; 17:14; 19:19, 20.) Buku Wahyu nyritakké nèk ”Rajané kabèh sing mréntah dadi raja”, yaiku Yésus, bakal diserang karo ”raja-raja ing bumi”. Tapi, Yésus kan ana ing swarga, dadi sing diserang ya sing ana ing bumi, yaiku wong-wong sing ndhukung Kerajaané Gusti Allah. Ning, akhiré raja-raja ing bumi kuwi bakal dikalahké ing perang Armagédon. Kaya Gog saka Magog, raja-raja ing bumi bakal disingkirké sakwisé nyerang umaté Gusti Allah. *

10. Dadi kesimpulané Gog kuwi sapa?

10 Dadi kesimpulané Gog kuwi sapa? Pertama, Gog kuwi dudu makhluk roh. Keloro, sing dimaksud Gog kuwi bangsa-bangsa ing bumi sing sedhéla manèh bakal nyerang umaté Gusti Allah. Nèk mèh nyerang umaté Gusti Allah sak donya, bangsa-bangsa kuwi mesthiné kudu bersatu, mbuh piyé carané. (Mat. 24:9) Sing pasti dalangé kuwi Sétan, merga kèt mbiyèn dhèwèké mémang senengané mempengaruhi bangsa-bangsa bèn nyerang umaté Yéhuwah. (1 Yoh. 5:19; Why. 12:17) Tapi, ramalané Yèhèzkièl soal Gog saka Magog ora lagi ngomongké soal Sétan, ning lagi ngomongké soal bangsa-bangsa ing bumi sing bakal nyerang umaté Yéhuwah. *

”Tanah” Apa sing Bakal Diserang?

11. Apa sing disebutké Yèhèzkièl soal ”tanah” sing bakal diserang Gog?

11 Ing  paragraf 3 dicritakké nèk Gog saka Magog nyerang tanah sing dianggep berharga karo Yéhuwah. Mula, Yéhuwah nesu banget. Tanah apa kuwi? Ayo didelok manèh ramalané Yèhèzkièl. (Wacanen Yèhèzkièl 38:8-12.) Yèhèzkièl nyebutké nèk Gog bakal ”nyerang tanah sing penduduké wis digawa bali” lan ”diklumpukké saka akèh bangsa”. Wong-wong ing tanah kuwi ngrasa ”aman”, manggon ing panggonan sing ”ora dilindhungi karo témbok, palang, utawa gerbang”, lan ”nglumpukké kekayaan”. Tanah iki dienggoni karo umaté Yéhuwah sak donya. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti?

12. Apa sing kelakon ing Israèl mbiyèn?

12 Pertama-tama, ayo dibahas dhisik apa sing kelakon ing Israèl mbiyèn. Mauné umaté Yéhuwah manggon, kerja, lan ngibadah ing Israèl. Terus, wong-wong kuwi dadi ora setya. Mula, Yéhuwah ngomong liwat Yèhèzkièl nèk Israèl bakal dadi tanah sing gersang lan telantar. (Yèh. 33:27-29) Tapi, Yéhuwah ya ngramalké nèk wong-wong sing mertobat bakal bali saka Babilon lan ngibadah manèh marang Yéhuwah ing tanah Israèl. Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong kuwi, lan tanah Israèl bakal dadi subur ”kaya Taman Èden”. (Yèh. 36:34-36) Kuwi kelakon taun 537 SM, wektu wong Yahudi bali ing Yérusalèm lan ngibadah manèh marang Yéhuwah ing kono.

13, 14. (a) Sing dimaksud ”tanah” kuwi apa? (b) Kenapa ”tanah” kuwi dianggep berharga karo Yéhuwah?

13 Umaté Yéhuwah jaman saiki ya ngalami kaya ngono. Kaya sing dibahas ing Bab 9 buku iki, Yéhuwah mbébaské umaté saka Babilon Gedhé taun 1919. Sejak kuwi, umaté Yéhuwah manggon ing ”tanah”, yaiku firdaus rohani. Kuwi maksudé umaté Yéhuwah isa ngrasa ayem lan aman, merga isa cedhak karo Yéhuwah lan ngibadah bareng karo wong-wong liyané sing padha-padha nyembah Yéhuwah. (WB. 1:33) Ing ”tanah” kuwi, awaké dhéwé isa sinau akèh soal Alkitab lan nduwé gawéan sing nyenengké, yaiku martakké Kerajaané Gusti Allah. Awaké dhéwé isa bener-bener ngrasakké ”berkahé Yéhuwah sing nggawé wong dadi sugih, lan berkahé ora nyebabké wong dadi susah”. (WB. 10:22) Umaté Yéhuwah pancèn ana ing endi-endi. Tapi, awaké dhéwé sakjané padha-padha lagi manggon ing ”tanah”, utawa firdaus rohani. Sing penting awaké dhéwé terus ndhukung ibadah sing murni, lan kuwi kudu kétok saka omongan lan tumindaké awaké dhéwé.

14 ”Tanah” kuwi dianggep berharga karo Yéhuwah. Kenapa? Merga sing manggon ing kono kuwi ”harta sing berharga saka kabèh bangsa”, yaiku wong-wong sing ditarik Yéhuwah bèn dadi umaté. (Hag. 2:7; Yoh. 6:44) Wong-wong kuwi ngupaya bèn nduwé kepribadian sing anyar, utawa niru sipat-sipaté Yéhuwah. (Éf. 4:23, 24; 5:1, 2) Wong-wong kuwi ya semangat nglayani Yéhuwah merga péngin ngluhurké Yéhuwah lan mbuktèkké rasa sayangé marang Yéhuwah. (Rm. 12:1, 2; 1 Yoh. 5:3) Yéhuwah mesthi seneng banget, merga apa sing dilakoni wong-wong kuwi isa nggawé firdaus rohani dadi tambah apik. Dadi, nèk awaké dhéwé ngutamakké ibadah sing murni, kuwi isa nggawé firdaus rohani dadi tambah apik lan nyenengké atiné Yéhuwah.​—WB. 27:11.

Senajan ana ing endi-endi, umaté Yéhuwah padha-padha lagi manggon ing firdaus rohani nèk terus ndhukung ibadah sing murni (Deloken paragraf 13, 14)

Kapan, Kenapa, lan Piyé Carané ”Tanah” Kuwi Diserang?

15, 16. Kapan Gog saka Magog nyerang firdaus rohani?

15 Sedhéla manèh, firdaus rohani bakal diserang karo gabungan bangsa-bangsa. Peristiwa kuwi ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé, merga awaké dhéwé iki umaté Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé perlu ngerti jawaban saka telung pertanyaan sing arep dirembug bar iki.

16 Kapan Gog saka Magog nyerang firdaus rohani? Yèhèzkièl ngramalké nèk Gog bakal nyerang umaté Yéhuwah ”ing akhir taun-taun kuwi”, maksudé pas donya iki arep disingkirké. (Yèh. 38:8) Awaké dhéwé wis ngerti nèk sengsara gedhé bakal dimulai pas Babilon Gedhé, utawa agama palsu sak donya, dihancurké. Dadi, Gog bakal nyerang umaté Yéhuwah sakwisé agama palsu dihancurké lan sakdurungé Armagédon dimulai.

17, 18. Sakwisé Babilon Gedhé dihancurké, Yéhuwah bakal ngapa?

17 Kenapa Gog nyerang firdaus rohani? Yèhèzkièl ngramalké nèk sebabé ana loro: (1) arahané Yéhuwah, lan (2) kepénginané Gog dhéwé.

18 Arahané Yéhuwah. (Wacanen Yèhèzkièl 38:4, 16.) Yéhuwah ngomong karo Gog, ”Aku bakal . . . masang kait ing rahangmu,” lan ”Aku bakal nggawé kowé nyerang tanah-Ku.” Apa kuwi berarti Yéhuwah sing ngongkon bangsa-bangsa nyerang umaté? Ora. Ora mungkin Yéhuwah sengaja nggawé umaté sengsara. (Ayb. 34:12) Tapi, Yéhuwah ngerti nèk wong-wong sing dadi mungsuhé sengit karo umaté. Mula, nèk ana kesempatan, wong-wong kuwi mesthi péngin nyingkirké umaté Yéhuwah. (1 Yoh. 3:13) Dadi, masang kait ing rahangé Gog kuwi maksudé Yéhuwah bakal ngarahké bèn apa sing kelakon mengko cocog karo kepénginané Yéhuwah lan pas karo wektu sing wis ditentokké Yéhuwah. Sakwisé Babilon Gedhé dihancurké, Yéhuwah bakal ngarahké bangsa-bangsa bèn padha nglakoni apa sing dipéngini bangsa-bangsa kuwi. Bangsa-bangsa bakal nyerang umaté Yéhuwah, ning Yéhuwah ora meneng waé. Wektu kuwi, Armagédon, yaiku perang sing paling gedhé ing bumi, bakal dimulai. Yéhuwah bakal nylametké umaté, nduduhké kuwasané, lan nggawé wong-wong ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing suci.​—Yèh. 38:23.

Bangsa-bangsa péngin nyerang ibadah sing murni merga ora seneng karo kuwi lan sengit karo wong-wong sing nyembah Yéhuwah

19. Kenapa Gog péngin nyerang ibadah sing murni?

19 Kepénginané Gog dhéwé. Bangsa-bangsa kèt mbiyèn sengit karo umaté Yéhuwah. Mula, bangsa-bangsa bakal ”nggawé rencana jahat” kanggo nyerang umaté Yéhuwah. Dipikiré umaté Yéhuwah kuwi gampang diserang, merga kaya ”manggon ing désa-désa sing ora dilindhungi karo témbok, palang, utawa gerbang”. Bangsa-bangsa ya bakal ”njupuk akèh jarahan” saka ”umat sing nglumpukké kekayaan”. (Yèh. 38:10-12) ”Kekayaan” apa? Kuwi maksudé harta sing dianggep paling berharga karo umaté Yéhuwah, yaiku ibadah sing murni marang Yéhuwah. Bangsa-bangsa arep njarah ora merga nganggep kuwi berharga, ning merga ora seneng karo ibadah sing murni lan sengit karo wong-wong sing nyembah Yéhuwah.

Gog bakal ”nggawé rencana jahat” kanggo nyingkirké ibadah sing murni, tapi rencanané mesthi gagal (Deloken paragraf 19)

20. Piyé carané Gog nyerang firdaus rohani?

20 Piyé carané Gog nyerang firdaus rohani? Bangsa-bangsa mungkin bakal ngupaya bèn umaté Yéhuwah ora nindakké ibadah sing murni manèh. Misalé, awaké dhéwé mungkin dialang-alangi bèn ora isa éntuk keterangan-keterangan saka Alkitab, ngumpul kanggo ngibadah, nginjil, utawa dipengaruhi bèn dadi ora rukun karo para sedulur. Kuwi berarti bangsa-bangsa lagi nyerang firdaus rohani. Bangsa-bangsa bakal dipengaruhi Sétan bèn isa nyingkirké umaté Yéhuwah lan ibadah sing murni.

21. Awaké dhéwé isa bersyukur merga apa?

21 Yéhuwah wis ngandhani nèk sukmbèn firdaus rohani bakal diserang karo Gog. Peristiwa kuwi ana pengaruhé kanggo umaté Yéhuwah kabèh. Mula, awaké dhéwé mesthi bersyukur merga wis dikandhani soal kuwi. Karo ngentèni sengsara gedhé kelakon, awaké dhéwé kudu terus ngutamakké ibadah sing murni lan nggawé firdaus rohani dadi tambah apik. Hasilé, awaké dhéwé isa mèlu ndelok peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon sukmbèn sing bakal dibahas ing bab berikuté, yaiku Yéhuwah nylametké umaté pas Armagédon lan nggawé wong-wong ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing suci.

^ par. 3 Ing Bab 18 bakal dibahas kapan Yéhuwah nesu karo Gog, Yéhuwah bakal ngapa waé, lan apa pengaruhé kanggo umaté Yéhuwah.

^ par. 4 Deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 Mei 2015 hlm. 29-30.

^ par. 8 Ing Danièl 11:45 dicritakké nèk raja lor bakal nyerang umaté Yéhuwah, merga ing kono disebutké nèk raja kuwi ”bakal ngedegké kémahé sing megah ing antarané laut sing gedhé [Laut Tengah] lan gunung suci ing Negara sing Apik [lokasi baité Yéhuwah mbiyèn lan panggonané umaté Yéhuwah ngibadah]”.

^ par. 9 Alkitab ya ngramalké nèk ing jamané awaké dhéwé bakal ana sing disebut serangan saka ”Asiria”. (Mi. 5:5) Dadi, wis diramalké nèk umaté Gusti Allah bakal diserang karo Gog saka Magog, raja lor, raja-raja ing bumi, lan Asiria. Papat-papaté mungkin maksudé padha, mung sebutané waé sing béda.

^ par. 10 Deloken Bab 22 ing buku iki bèn isa ngerti sapa sing dimaksud ”Gog lan Magog” sing disebutké ing Wahyu 20:7-9.