Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 18

”Aku Bakal Nesu Banget”

”Aku Bakal Nesu Banget”

YÈHÈZKIÈL 38:18

INTINÉ: Yéhuwah nesu merga Gog nyerang umaté, lan Yéhuwah bakal nglindhungi umaté pas perang Armagédon

1-3. (a) Apa sing bakal kelakon wektu Yéhuwah ”nesu banget”? (b) Apa sing bakal dirembug?

 BAYANGNA ana wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah lagi ngibadah bareng. Wong-wong kuwi ngadeg lan nyanyi. Bar kuwi, ana pinituwa sing ndonga njaluk dilindhungi karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nglindhungi. Tapi, wong-wong kuwi tetep butuh dikuwatké, merga ing njaba keadaané lagi ora karu-karuan. Perang Armagédon wis dimulai.​—Why. 16:14, 16.

2 Pas perang Armagédon, Yéhuwah bakal matèni wong-wong karo ”nesu banget”. (Wacanen Yèhèzkièl 38:18.) Yéhuwah nesuné ora mung karo bangsa siji loro thok. Alkitab kandha nèk wong-wong sing dipatèni Yéhuwah ”bakal pating glimpang saka ujung bumi tekan ujung bumi”.​—Yér. 25:29, 33.

3 Alkitab kandha nèk Yéhuwah kuwi nresnani wong-wong, ”apikan, gampang mesakké, [lan] sabar”. (Pa. 34:6; 1 Yoh. 4:16) Dadi, kenapa Yéhuwah ”nesu banget”? Ayo dirembug apa jawabané, merga kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi kendel, luwih semangat nginjil, lan ngrasa dikuwatké.

Kenapa Yéhuwah ”Nesu Banget”?

4, 5. Apa bédané nesuné Yéhuwah karo nesuné manungsa?

4 Nesuné Yéhuwah béda karo nesuné manungsa. Wong nèk wis nesu banget biasané ngawur. Misalé, Kain tau ”nesu banget” merga persembahané ditolak Yéhuwah, ning persembahané Habèl ditampa Yéhuwah. Akibaté, Kain matèni adhiné, padahal adhiné ora salah apa-apa. (PD. 4:3-8; Ibr. 11:4) Conto liyané yaiku Daud. Alkitab kandha nèk Daud kuwi wong sing nyenengké atiné Yéhuwah. (Kis. 13:22) Tapi, Daud ya tau nesu banget karo Nabal, merga Nabal ngrèmèhké Daud lan utusané. Akibaté, Daud péngin matèni Nabal lan wong-wong lanang sing ana ing omahé Nabal. Daud karo anak buahé malah wis ”nglebokké pedhangé ing sabuké” arep matèni wong-wong kuwi. Untungé, Abigail bojoné Nabal berhasil nyegah Daud lan anak buahé bèn ora balas dendam. (1 Sam. 25:9-14, 32, 33) Dadi, sing ditulis Yakobus iki pancèn bener: ”Wong sing nesu kuwi tumindaké ora cocog karo apa sing bener kanggoné Gusti Allah.”​—Yak. 1:20.

Yéhuwah nesuné ora ngawur lan mesthi ana alesané

5 Tapi, Yéhuwah nesuné ora kaya manungsa sing biasané sok ngawur. Senajan lagi nesu banget, Yéhuwah tetep adil. Yéhuwah ora bakal matèni ”wong sing bener bareng karo wong sing jahat”. (PD. 18:22-25) Terus, Yéhuwah nèk nesu mesthi ana alesané, lan alesané mesthi bener. Ayo dirembug apa waé alesané lan apa sing isa dipelajari.

6. Piyé tanggepané Yéhuwah wektu jenengé dièlèk-èlèk?

6 Alesané: Jenengé Yéhuwah dièlèk-èlèk. Yéhuwah nesu merga ana wong-wong sing ngakuné dadi umaté, tapi kelakuané bejat lan nggawé jenengé dadi èlèk. (Yèh. 36:23) Kaya sing wis dibahas ing bab-bab sakdurungé ing buku iki, kelakuané bangsa Israèl nggawé jenengé Yéhuwah dadi èlèk. Mula, Yéhuwah nesu lan ngukum umaté. Tapi, Yéhuwah nesuné ora ngawur. Yéhuwah ngukum umaté nganggo cara sing bener. (Yér. 30:11) Nèk hukumané wis kelakon, Yéhuwah ora nesu terus.​—Mzm. 103:9

7, 8. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané bangsa Israèl?

7 Sing isa dipelajari: Apa sing isa dipelajari saka pengalamané bangsa Israèl? Kaya bangsa Israèl mbiyèn, awaké dhéwé ya éntuk kehormatan dadi umaté Yéhuwah lan disebut Seksi-Seksi Yéhuwah. (Yés. 43:10) Omongan lan tumindaké awaké dhéwé ana pengaruhé kanggo jenengé Yéhuwah. Mula, aja nganti awaké dhéwé sengaja nindakké dosa lan akhiré nggawé jenengé Yéhuwah dadi èlèk. Nèk nganti kaya ngono, Yéhuwah mesthi bakal nesu lan Dhèwèké ya ora bakal meneng waé.​—Ibr. 3:13, 15; 2 Ptr. 2:1, 2.

8 Dadi, awaké dhéwé wis ngerti nèk Yéhuwah isa ”nesu banget”. Tapi, apa kuwi berarti awaké dhéwé ora isa cedhak karo Dhèwèké? Ora ngono, merga awaké dhéwé ya ngerti nèk Yéhuwah kuwi sabar lan seneng ngapura. (Yés. 55:7; Rm. 2:4) Ning, nèk ana sing ora bener, Dhèwèké ora bakal meneng waé. Wong-wong sing terus-terusan nindakké dosa lan ora isa dikandhani mesthi bakal disingkirké saka umaté. (1 Kor. 5:11-13) Mula, awaké dhéwé mesthi dadi tambah ngajèni Yéhuwah. Yéhuwah wis ngandhani apa waé sing isa nggawé Dhèwèké nesu. Mula, awaké dhéwé ya aja nganti nggawé Dhèwèké nesu.​—Yoh. 3:36; Rm. 1:26-32; Yak. 4:8.

9, 10. Piyé tanggepané Yéhuwah wektu umaté sing setya arep diserang? Wènèhana conto.

9 Alesané: Umaté Yéhuwah sing setya arep diserang. Yéhuwah mesthi nesu nèk ana mungsuh sing arep nyerang umaté sing setya. Misalé, sakwisé metu saka Mesir, wong-wong Israèl dioyak karo Firaun lan pasukané. Wong Mesir mikir nèk wong Israèl ora isa ngapa-ngapa manèh. Terus, wektu Laut Merah dibelah karo Yéhuwah, wong Mesir isih ngoyak wong Israèl nganti tengah laut. Tapi, Yéhuwah nggawé rodha-rodha krétané Mesir copot lan banyuné dibalèkké manèh nganti Firaun lan pasukané kleleb kabèh. Alkitab kandha, ”Ora ana siji-sijia sing slamet.” (Pa. 14:25-28) Yéhuwah nesu karo wong Mesir merga Dhèwèké ’nresnani’ umaté.​—Wacanen Pangentasan 15:9-13.

Malaékat nglindhungi umaté Yéhuwah saka pasukan Asiria pas jamané Hizkia, lan mengko malaékat ya bakal nglindhungi awaké dhéwé (Deloken paragraf 10, 23)

10 Conto liyané, Yéhuwah nylametké umaté pas jamané Raja Hizkia. Wektu kuwi, umaté Yéhuwah arep dikepung karo pasukan Asiria sing kuwat lan kejem banget. Nèk Yérusalèm nganti dikepung, wong-wong ing kono suwé-suwé isa mati kabèh. (2 Raj. 18:27) Mula, Yéhuwah ngutus malaékaté siji kanggo matèni tentara Asiria. Akhiré, 185.000 tentara Asiria dipatèni karo malaékaté Yéhuwah, mung sewengi thok. (2 Raj. 19:34, 35) Ésuké, keadaan ing perkémahané Asiria mesthi medèni banget. Mayaté wong Asiria pating glimpang. Ora ana sing bengok-bengok, ora ana sing ngunèkké trompèt. Keadaané sepi banget. Malah, tombaké, tamèngé, karo pedhangé waé durung sempet dienggo.

11. Kenapa awaké dhéwé isa lega lan tambah kendel wektu ngerti tanggepané Yéhuwah pas umaté arep diserang?

11 Sing isa dipelajari: Saka conto-conto kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti piyé tanggepané Yéhuwah wektu umaté sing setya arep diserang mungsuh. Nèk Yéhuwah wis nesu karo mungsuhé, Alkitab kandha, ”Medèni banget nèk nampa hukuman saka Gusti Allah sing urip.” (Ibr. 10:31) Dadi, awaké dhéwé isa lega merga ngerti nèk Sétan ora bakal berhasil nyerang awaké dhéwé. Wektuné Sétan ”mung tinggal sedhéla”, lan dhèwèké bakal disingkirké. (Why. 12:12) Terus, awaké dhéwé isa kendel merga yakin nèk ora ana wong, organisasi, utawa pamréntahan sing isa ngalang-alangi awaké dhéwé ngibadah marang Yéhuwah. (Wacanen Mazmur 118:6-9.) Awaké dhéwé mesthi setuju karo kata-katané Paulus, yaiku, ”Nèk Gusti Allah mihak awaké dhéwé, sapa sing isa menang nglawan awaké dhéwé?”​—Rm. 8:31.

12. Apa sing nggawé Yéhuwah nesu pas sengsara gedhé?

12 Mbiyèn, Yéhuwah nglindhungi umaté pas arep diserang Mesir lan Asiria. Dadi, sukmbèn Yéhuwah ya bakal nglindhungi awaké dhéwé pas sengsara gedhé. Merga tresnané, Yéhuwah bakal nesu wektu ana mungsuh sing arep nyerang awaké dhéwé. Yéhuwah ngomong nèk wong-wong sing nyerang umaté kuwi padha karo nglarani mripaté. Mula, Yéhuwah mesthi bakal langsung nglawan wong-wong kuwi. (Za. 2:8, 9) Kabèh mungsuhé Yéhuwah bakal dipatèni. Kuwi bakal dadi peristiwa sing luar biasa. Tapi, mungsuhé Yéhuwah kuduné ora kagèt. Kenapa?

Yéhuwah Wis Ngandhani soal Apa Waé?

13. Yéhuwah wis bola-bali ngandhani apa?

13 Yéhuwah kuwi ”sabar”. (Pa. 34:6, 7) Yéhuwah wis bola-bali ngandhani nèk wong sing nglawan Dhèwèké lan arep nyerang umaté bakal disingkirké. Yéhuwah nggunakké para nabi lan para rasul, misalé Yérémia, Yèhèzkièl, Danièl, Yésus, Pétrus, Paulus, lan Yohanes, kanggo ngandhani nèk sukmbèn bakal ana perang sing gedhé banget.​—Deloken kothak ”Yéhuwah Ngandhani Nèk Bakal Ana Perang sing Gedhé Banget”.

14, 15. Yéhuwah wis nglakoni apa waé, lan apa sebabé?

14 Yéhuwah ngandhani nèk mungsuhé bakal disingkirké, lan Yéhuwah ngatur bèn kuwi dicathet ing Alkitab. Yéhuwah ya ngatur bèn Alkitab isa dadi buku sing paling akèh diterjemahké lan isa diwaca karo wong akèh. Yéhuwah ya nglumpukké wong akèh kanggo mbantu wong liya bèn cedhak karo Dhèwèké. Wong-wong kuwi réla mbantu lan jumlahé akèh banget nganti kaya pasukan. Yéhuwah ya nggunakké wong-wong kuwi kanggo ngandhani wong-wong nèk ”dinané Yéhuwah” sedhéla manèh bakal kelakon. (Zéf. 1:14; Mzm. 2:10-12; 110:3) Sakliyané kuwi, Yéhuwah nggunakké umaté kanggo nerjemahké wacan-wacan sing dienggo sinau Alkitab nganggo basa sing akèh banget. Wong-wong kuwi ya sregep ngandhani wong-wong soal apa sing bakal kelakon sukmbèn.

15 Yéhuwah nglakoni kuwi kabèh merga Dhèwèké ”ora péngin ana wong sing disingkirké”, ning péngin bèn ”kabèh wong mertobat”. (2 Ptr. 3:9) Awaké dhéwé isa mèlu ngandhani wong-wong soal kepénginané Yéhuwah, Gusti Allah sing apikan lan sabar. Kuwi kehormatan kanggo awaké dhéwé. Ora suwé manèh, dinané Yéhuwah bakal teka. Wektu kuwi, wong-wong sing ora isa dikandhani wis ora nduwé kesempatan manèh kanggo berubah.

Kapan Yéhuwah ”Nesu Banget” karo Gog?

16, 17. Kok Yéhuwah isa ngerti kapan mungsuhé bakal nyerang umaté?

16 Yéhuwah wis nentokké kapan Dhèwèké arep nglawan mungsuhé. Dhèwèké wis ngerti kapan mungsuhé bakal nyerang umaté. (Mat. 24:36) Kok isa ngerti?

17 Kaya sing wis dibahas ing Bab 17 buku iki, Yéhuwah ngandhani Gog, ”Aku bakal . . . masang kait ing rahangmu.” Dadi, Yéhuwah bakal ngarahké bangsa-bangsa sing mengko bakal nyerang umaté. (Yèh. 38:4) Kuwi ora berarti Yéhuwah sing nggolèk gara-gara utawa Dhèwèké sing ngongkon mungsuhé nyerang umaté. Tapi, Yéhuwah pancèn ngerti nèk mungsuhé bakal nyerang umaté pas ana kesempatan, merga Dhèwèké isa maca pikirané manungsa.​—Mzm. 94:11; Yés. 46:9, 10; Yér. 17:10.

18. Kenapa kok wong-wong wani-waniné nglawan Gusti Allah?

18 Nèk dudu Yéhuwah sing ngongkon, terus kenapa kok wong-wong kuwi wani-waniné nyerang umaté Gusti Allah, padahal kuwi padha waé nglawan Gusti Allah? Wektu kuwi, bangsa-bangsa wis berhasil ngancurké agama palsu sak donya. Dadi, wong-wong kuwi mungkin mikir nèk Gusti Allah ora ana utawa ora perduli karo manungsa, soalé nèk Gusti Allah pancèn ana, Dhèwèké mesthiné nglindhungi agama-agama sing ngaku dadi umaté. Wong-wong kuwi ora ngerti nèk sakjané Gusti Allah sing mènèhi kepénginan ing atiné wong-wong kuwi kanggo ngancurké agama palsu.​—Why. 17:16, 17.

19. Apa sing bakal kelakon sakwisé agama palsu dihancurké?

19 Sakwisé agama palsu dihancurké, Yéhuwah mungkin bakal ngongkon umaté nyampèkké berita sing digambarké ing buku Wahyu kaya udan ès sing nibani wong-wong. Saben ès sing tiba kuwi aboté kira-kira 20 kilogram. (Why. 16:21) Wektu kuwi, umaté Yéhuwah mungkin bakal ngumumké nèk pamréntahané manungsa lan organisasi perdagangan bakal disingkirké. Wong-wong sing ngrungokké berita kuwi mesthiné ora seneng lan dadi ngécé Gusti Allah. Mungkin gara-gara berita kuwi, wong-wong dadi péngin nyerang lan nyingkirké umaté Gusti Allah. Wong-wong kuwi mikir nèk awaké dhéwé gampang diserang. Kuwi jelas ora bener.

Merga Nesu Banget, Yéhuwah Bakal Ngapa Waé?

20, 21. Gog kuwi sapa, lan apa sing bakal dialami Gog?

20 Kaya sing wis dibahas ing Bab 17 buku iki, Yèhèzkièl nyebutké soal ”Gog saka tanah Magog”, yaiku gabungan bangsa-bangsa sing bakal bersatu kanggo nyerang awaké dhéwé. (Yèh. 38:2) Ning, hubungané bangsa-bangsa kuwi mung kaya benang sing gampang dipedhot, merga bangsa-bangsa kuwi tetep saingan senajan kétoké kerja sama lan bersatu. Mula, Yéhuwah dadi luwih gampang ngarahké bangsa-bangsa kuwi bèn padha ”patèn-patènan”. (Yèh. 38:21) Mengko bakal kétok jelas nèk sing nggawé bangsa-bangsa kuwi patèn-patènan ya Gusti Allah dhéwé.

21 Sakdurungé disingkirké, mungsuh-mungsuhé awaké dhéwé bakal ndelok ”tandha Anaké manungsa”. (Mat. 24:30) Mungkin kuwi maksudé peristiwa luar biasa sing nduduhké kuwasané Yéhuwah lan Yésus. Wong-wong sing ndelok kuwi bakal dadi wedi banget. Yésus ngramalké nèk wong-wong bakal ”semaput merga kewedèn lan kuwatir karo apa sing bakal dialami penduduk bumi”. (Luk. 21:25-27) Wektu kuwi, wong-wong bakal ngerti nèk kuduné ora nyerang umaté Yéhuwah. Wong-wong kuwi akhiré bakal ngakoni nèk Gusti Allah, sing dadi pemimpiné pasukan, bakal maju perang kanggo mbéla umaté. (Mzm. 46:6-11; Yèh. 38:23) Yéhuwah bakal nggunakké pasukané ing swarga lan kekuatan alam kanggo nyingkirké mungsuhé lan nylametké umaté sing setya.​—Wacanen 2 Pétrus 2:9.

Pas umaté arep diserang, Yéhuwah bakal nggunakké pasukané ing swarga kanggo nyingkirké mungsuhé (Deloken paragraf 21)

22, 23. Sapa waé sing éntuk tugas kanggo nglindhungi umaté Gusti Allah, lan piyé perasaané wektu nglakoni tugasé?

Sakwisé ngerti soal dinané Yéhuwah, awaké dhéwé kuduné piyé?

22 Bayangna perasaané Yésus wektu mimpin pasukané nyerang mungsuhé Gusti Allah lan nglindhungi wong-wong sing nresnani lan nglayani Bapaké. Yésus mesthi semangat banget. Terus, bayangna perasaané wong-wong sing bakal dadi raja bareng karo Yésus. Mengko sing isih urip ing bumi bakal munggah swarga sakdurungé Armagédon dimulai. Sakwisé jumlahé genep 144.000, kabèh wong kuwi bakal mèlu perang bareng karo Yésus. (Why. 17:12-14) Wong-wong sing bakal dadi raja kuwi mesthi ana sing tau cedhak karo domba-domba liyané lan kerja sama karo wong-wong kuwi pas akhir jaman. Mengko pas Armagédon, 144.000 wong bakal nglindhungi wong-wong sing setya kuwi.​—Mat. 25:31-40.

23 Para malaékat ya bakal mèlu perang bareng karo Yésus. (2 Tés. 1:7; Why. 19:14) Para malaékat kuwi wis tau mbantu Yésus ngusir Sétan lan malaékat-malaékaté saka swarga. (Why. 12:7-9) Para malaékat ya mbantu nglumpukké wong-wong sing gelem nyembah Yéhuwah. (Why. 14:6, 7) Dadi, cocog banget nèk sukmbèn Yéhuwah ya nggunakké para malaékat kanggo nglindhungi umaté sing setya. Tapi, sing paling penting kuwi ora mung nglindhungi umaté Yéhuwah. Yésus lan kabèh sing mèlu perang karo dhèwèké mesthi seneng banget, merga isa nyingkirké mungsuhé Yéhuwah lan nggawé jenengé Yéhuwah dadi suci manèh.​—Mat. 6:9, 10.

24. Piyé perasaané umaté Yéhuwah pas Armagédon?

24 Dadi, umaté Yéhuwah mengko ora perlu wedi merga bakal dilindhungi karo pasukan sing kuwat lan semangat. Umaté Yéhuwah bakal ’ngadeg jejeg lan ndhangak, merga ora suwé manèh bakal dibébaské’. (Luk. 21:28) Yéhuwah kuwi bener-bener Bapak sing apikan lan sayang karo awaké dhéwé. Mula, sakdurungé dinané Yéhuwah teka, awaké dhéwé kudu mbantu wong sak akèh-akèhé bèn isa kenal lan sayang karo Yéhuwah.​—Wacanen Zéfanya 2:2, 3.

Pas Armagédon, umaté Yéhuwah ora perlu mèlu perang merga bakal dilindhungi malaékat, lan mungsuhé Yéhuwah bakal patèn-patènan dhéwé.​—Yèh. 38:21 (Deloken paragraf 22-24)

25. Apa sing bakal dibahas ing Bab 19?

25 Sakwisé perang, keadaané biasané kacau lan wong-wong dadi susah. Tapi, sakwisé perang Armagédon keadaané malah nyenengké. Apa sing bakal kelakon mengko pas Yéhuwah wis ora nesu manèh lan perangé wis rampung? Kuwi bakal dibahas ing Bab 19.