Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 15

”Aku Bakal Nggawé Kowé Ora Nindakké Pelacuran Manèh”

”Aku Bakal Nggawé Kowé Ora Nindakké Pelacuran Manèh”

YÈHÈZKIÈL 16:41

INTINÉ: Sing isa dipelajari saka critané para pelacur ing buku Yèhèzkièl lan Wahyu

1, 2. Awaké dhéwé mesthi sengit karo wong wédok sing kaya apa?

 PIYÉ perasaané njenengan wektu ndelok pelacur? Ana sing mungkin dadi mesakké lan mikir ngapa kok dhèwèké nganti dadi pelacur. Mungkin dhèwèké dadi pelacur merga pas cilik tau ngalami pelècèhan utawa dikasari karo keluargané. Ana manèh sing dadi pelacur merga butuh dhuwit utawa dadi korban KDRT nganti kudu minggat saka omah. Ana akèh banget sing kaya ngono. Mulané, Yésus apikan karo beberapa pelacur sing tau ketemu karo dhèwèké. Yésus ngomong nèk wong-wong sing mertobat uripé isa dadi luwih apik.​—Mat. 21:28-32; Luk. 7:36-50.

2 Nah saiki, bayangna nèk ana wong wédok sing dadi pelacur dudu merga kepeksa, ning merga pancèn seneng dadi pelacur. Dhèwèké ora isin, ning malah bangga merga isa éntuk akèh keuntungan. Sing luwih parah manèh, dhèwèké sakjané nduwé bojo sing setya lan apikan, tapi bojoné kuwi malah ditinggal. Awaké dhéwé mesthi sengit karo wong wédok sing kaya ngono. Ya kaya ngono kuwi perasaané Yéhuwah wektu ndelok agama palsu. Mulané, Yéhuwah bola-bali ngomong nèk agama palsu kuwi kaya pelacur.

3. Ing bab iki, awaké dhéwé arep mbahas rong crita apa saka buku Yèhèzkièl?

3 Ing buku Yèhèzkièl, ana rong crita soal pelacur sing nggambarké wong-wong Israèl lan Yéhuda sing ora setya. (Yèh., bab 16 lan 23) Sakdurungé mbahas kuwi, awaké dhéwé arep mbahas pelacur sing dicritakké ing buku Wahyu. Dhèwèké wis dadi pelacur kèt sakdurungé jamané Yèhèzkièl, malah sakdurungé bangsa Israèl ana. Nganti saiki, dhèwèké ya isih dadi pelacur.

”Mbok-mbokané Kabèh Pelacur”

4, 5. ”Babilon Gedhé” kuwi nggambarké apa, lan kenapa kuwi cocog? (Deloken gambar ing awal bab.)

4 Ing buku Wahyu dicritakké nèk Rasul Yohanes tau éntuk wahyu saka Yésus. Dhèwèké ndelok ana wong wédok sing disebut ”pelacur gedhé” lan ”Babilon Gedhé, mbok-mbokané kabèh pelacur”. (Why. 17:1, 5) Para pemimpin agama lan pakar Alkitab ora ngerti sapa sakjané sing dimaksud kuwi. Ana sing ngira nèk kuwi maksudé Babilon, Roma, utawa Gréja Katolik Roma. Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah wis suwé ngerti sapa sing dimaksud ”pelacur gedhé” kuwi. Kuwi nggambarké agama palsu sak donya. Kenapa kuwi cocog?

5 Pelacur kuwi nindakké hubungan sèks sing ora pantes karo ”raja-raja ing bumi”, yaiku pamréntahané manungsa. Dadi jelas sing dimaksud pelacur kuwi dudu pamréntahané manungsa. Terus, wektu Babilon Gedhé disingkirké, ”para pedagang ing bumi” padha sedhih lan nangis. Dadi, Babilon Gedhé kuwi ya dudu organisasi perdagangan. Lha terus, dhèwèké kuwi sapa? Alkitab ngomong nèk dhèwèké ”nindakké spiritisme”, nyembah brahala, lan nyesatké wong-wong. Terus, pelacur kuwi lungguh ing ndhuwuré kéwan buas, maksudé dhèwèké senengané mèlu-mèlu urusan politik. Dhèwèké ya nganiaya umaté Yéhuwah. (Why. 17:2, 3; 18:11, 23, 24) Kuwi kabèh sing ditindakké agama palsu kèt mbiyèn nganti saiki.

Kabèh agama palsu, termasuk ajaran lan kebiasaané, asalé saka kutha Babèl, utawa Babilon (Deloken paragraf 6)

6. Kenapa Babilon Gedhé disebut ”mbok-mbokané kabèh pelacur”?

6 Kenapa Babilon Gedhé ora mung disebut ”pelacur gedhé”, ning ya ”mbok-mbokané kabèh pelacur”? Agama palsu kuwi alirané utawa kelompoké ana akèh banget. Mbiyèn ing kutha Babèl, utawa Babilon, Yéhuwah nggawé basané wong dadi béda-béda. Sejak kuwi, ajaran agama palsu mulai nyebar nganti saiki dadi akèh banget. Mula cocog nèk agama palsu sak donya disebut ”Babilon Gedhé”, soalé kabèh agama palsu asalé saka kutha Babèl. (PD. 11:1-9) Dadi, saben agama palsu isa dianggep kaya anaké Babilon Gedhé, utawa pelacur gedhé. Sétan kerep nggunakké agama palsu kanggo mempengaruhi wong-wong bèn percaya karo ajaran sing salah, nindakké spiritisme, nyembah brahala, lan nindakké kebiasaan sing ngrèmèhké Gusti Allah. Kuwi sebabé Yéhuwah ngandhani umaté, ”Metua saka kono supaya kowé ora mèlu nindakké dosa-dosané.”​—Wacanen Wahyu 18:4, 5.

7. Kenapa umaté Yéhuwah kudu metu saka Babilon Gedhé?

7 Apa njenengan wis manut karo préntahé Yéhuwah kuwi? Wong-wong biasané nduwé agama merga butuh ”tuntunané Gusti Allah”. (Mat. 5:3) Pancèn Gusti Allah ngrancang manungsa nduwé kebutuhan kuwi. Bèn isa bener-bener éntuk tuntunané Gusti Allah, wong-wong kudu nindakké ibadah sing murni. Mula, umaté Yéhuwah ora gelem mèlu-mèlu ibadah sing palsu. Tapi, Sétan terus ngupaya bèn umaté Yéhuwah nindakké ibadah sing palsu, lan bola-bali dhèwèké wis berhasil. Pas jamané Yèhèzkièl, umaté Yéhuwah ya wis bola-bali nindakké kuwi. Saka pengalamané wong-wong kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa sing dipéngini Yéhuwah. Awaké dhéwé ya dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi apikan lan adil.

”Kowé Dadi Pelacur”

8-10. (a) Apa salah siji syarat ibadah sing murni? (b) Piyé perasaané Yéhuwah nèk umaté nyembah allah-allah liya? Wènèhana perumpamaan.

8 Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl nulis rong crita soal pelacur kanggo nggambarké perasaané marang umaté sing ora setya lan bejat kelakuané. Kenapa Yéhuwah madhakké wong-wong kuwi kaya pelacur?

9 Bèn isa ngerti jawabané, coba diéling-éling manèh salah siji syarat ibadah sing murni kaya sing dibahas ing Bab 5 buku iki. Wektu mènèhi hukum kanggo wong Israèl, Yéhuwah ngomong, ”Aja nyembah allah-allah liyané. . . . Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku.” (Pa. 20:3, 5) Hukum kuwi dibalèni manèh wektu Yéhuwah ngomong, ”Aja nyembah allah liya, merga Yéhuwah péngin mung Dhèwèké dhéwé sing disembah. Dhèwèké péngin umaté mung nyembah Dhèwèké.” (Pa. 34:14) Dadi, nèk ibadahé péngin ditampa karo Yéhuwah, awaké dhéwé kuduné ya mung nyembah Yéhuwah.

10 Kuwi isa diumpamakké kaya perkawinan. Wong sing wis nikah mesthi péngin bojoné setya karo dhèwèké. Dadi, nèk bojoné seneng karo wong liya utawa nindakké hubungan sèks karo wong liya, dhèwèké mesthi cemburu lan rumangsa dikhianati. (Wacanen Ibrani 13:4.) Padha kaya kuwi, wong-wong Israèl wis janji arep ngabdi mung marang Yéhuwah. Dadi, nèk wong-wong kuwi nyembah allah-allah liya, Yéhuwah mesthi ya rumangsa dikhianati. Yéhuwah njelaské piyé perasaané ing Yèhèzkièl bab 16.

11. Apa sing dicritakké Yéhuwah soal kutha Yérusalèm lan asal usulé?

11 Yèhèzkièl bab 16 kuwi bab sing paling dawa ing buku Yèhèzkièl. Bab kuwi isiné omongané Yéhuwah kabèh lan dadi ramalan sing paling dawa ing Kitab-Kitab Ibrani. Ing bab kuwi, Yéhuwah nyritakké soal kutha Yérusalèm. Tapi, sakjané sing dimaksud yaiku wong-wong Yéhuda sing ora setya. Yéhuwah nyritakké asal usulé kutha Yérusalèm lan piyé akhiré kutha kuwi ora setya manèh karo Yéhuwah. Mauné, kutha kuwi kaya bayi sing ora diopèni karo wong tuwané. Sing dimaksud wong tuwané kuwi wong-wong Kanaan sing nyembah brahala, soalé wektu kuwi Yérusalèm dikuwasani karo keturunan Kanaan, yaiku wong-wong Yébus. Ning, akhiré kutha kuwi direbut karo Daud. Sejak kuwi, Yérusalèm dadi kaya anak sing diopèni Yéhuwah nganti gedhé. Bar kuwi, dhèwèké dadi kaya bojoné Yéhuwah, soalé kutha kuwi akhiré dienggoni karo wong-wong Israèl sing wis nggawé perjanjian karo Yéhuwah pas jamané Musa mbiyèn. (Pa. 24:7, 8) Sakwisé dadi ibu kota, Yérusalèm dadi kutha sing apik lan makmur merga diberkahi karo Yéhuwah. Kuwi kaya wong wédok sing diwènèhi perhiasan karo bojoné sing sugih lan nduwé kekuasaan.​—Yèh. 16:1-14.

Salomo mulai nyembah allah-allah palsu merga dipengaruhi bojo-bojoné, sing ora nyembah Yéhuwah (Deloken paragraf 12)

12. Piyé critané kok Yérusalèm nganti ora setya karo Yéhuwah?

12 Apa sing kelakon bar kuwi? Yéhuwah ngomong, ”Kowé mulai terlalu percaya diri merga wajahmu ayu, lan kowé dadi pelacur merga kowé terkenal. Kowé nawak-nawakké awakmu marang sapa waé sing liwat lan mènèhké awakmu marang wong kuwi.” (Yèh. 16:15) Pas jamané Salomo, Yéhuwah mberkahi umaté nganti Yérusalèm dadi kutha sing makmur lan terkenal wektu kuwi. (1 Raj. 10:23, 27) Ning, suwé-suwé umaté mulai ora setya karo Yéhuwah. Salomo mulai nyembah allah-allah palsu merga péngin nyenengké bojo-bojoné, sing ora nyembah Yéhuwah. Akhiré, Yérusalèm dadi ora suci manèh. (1 Raj. 11:1-8) Raja-raja sakwisé Salomo malah luwih bejat manèh, nganti akhiré wong-wong ing kabèh wilayah negara kuwi padha nyembah brahala. Piyé perasaané Yéhuwah? Yéhuwah ngomong, ”Tumindak sing kaya ngono kuwi kuduné ora kelakon lan aja nganti kelakon.” (Yèh. 16:16) Ning, umaté Yéhuwah malah dadi saya bejat.

Ana wong-wong Israèl sing ngorbanké anaké kanggo allah-allah palsu, misalé kanggo Déwa Molèkh

13. Apa sing dilakoni wong-wong ing Yérusalèm?

13 Bayangna piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok kelakuané umaté sing bejat. Yéhuwah ngomong, ”Anak-anak lanang lan wédok sing mbok lairké kanggo Aku wis mbok korbanké dadi persembahan marang brahala. Apa kowé durung puas karo pelacuranmu? Kabèh anak-Ku lanang mbok patèni lan mbok obong dadi korban.” (Yèh. 16:20, 21) Yéhuwah mesthi jijik lan sedhih banget. Sing dilakoni wong-wong kuwi dadi bukti nèk Sétan jahat banget. Sétan senengané mempengaruhi umaté Yéhuwah bèn nindakké sing bejat. Tapi, Yéhuwah ngerti kabèh lan ora bakal meneng waé. Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh masalah sing disebabké karo Sétan.​—Wacanen Ayub 34:24.

14. Sapa sing dimaksud mbakyuné lan adhiné Yérusalèm, lan saka telu kuwi, sapa sing paling bejat?

14 Yérusalèm ora rumangsa nèk kelakuané bejat. Dhèwèké malah terus-terusan dadi pelacur. Nèk pelacur kuwi biasané dibayar, tapi Yéhuwah ngomong nèk Yérusalèm malah sing mbayar. Dadi, Yérusalèm kuwi luwih ngisin-isini. (Yèh. 16:34) Yéhuwah ngomong nèk Yérusalèm kaya ”ibuné”, yaiku bangsa-bangsa liya sing tau nguwasani negara kuwi. (Yèh. 16:44, 45) Terus, Yéhuwah nyritakké mbakyuné Yérusalèm, yaiku Samaria, sing luwih dhisik dadi pelacur. Yéhuwah ya nyritakké adhiné Yérusalèm, yaiku Sodom, sing wis disingkirké merga wong-wong ing kono sombong lan kelakuané bejat. Tapi, Yéhuwah ngomong nèk Yérusalèm luwih bejat timbang Samaria lan Sodom. (Yèh. 16:46-50) Wong-wong ing Yérusalèm ora gelem dikandhani lan malah terus-terusan nindakké sing bejat.

15. Apa tujuané Yéhuwah ngukum umaté, lan apa sing dipéngini Yéhuwah bar kuwi?

15 Terus Yéhuwah piyé? Yéhuwah ngomong karo Yérusalèm, ’Kabèh kekasihmu sing mbok seneng-senengké kuwi, yaiku kabèh sing mbok senengi bakal Tak klumpukké dadi siji. Aku bakal nyerahké kowé marang wong-wong kuwi.’ Yérusalèm bakal dihancurké, lan barang-barangé sing berharga bakal dirampas karo bangsa-bangsa liya sing tau nduwé hubungan karo dhèwèké. Yéhuwah ya ngomong, ’Wong-wong kuwi bakal mbandhemi kowé nganggo watu lan matèni kowé nganggo pedhang.’ Kenapa Yéhuwah ngukum umaté? Tujuané ora kanggo nyingkirké umaté, tapi bèn wong-wong kuwi ”ora nindakké pelacuran manèh”. Yéhuwah ngomong manèh, ”Aku bakal nduduhké rasa nesu-Ku marang kowé nganti puas lan ora bakal nesu manèh. Bar kuwi, Aku bakal tenang lan ora lara ati manèh.” Kaya sing wis dijelaské ing Bab 9 buku iki, Yéhuwah péngin mengkoné umaté isa dibébaské saka penawanan lan nindakké ibadah sing murni manèh. Kenapa? Yéhuwah ngomong, ”Aku bakal éling karo perjanjian sing Tak gawé karo kowé pas kowé isih cilik.” (Yèh. 16:37-42, 60) Yéhuwah ora kaya umaté sing ora setya. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing setya.​—Wacanen Wahyu 15:4.

16, 17. (a) Kenapa Ohola lan Oholiba ora cocog dienggo nggambarké gréja-gréja? (Deloken kothak ”Mbakyu Adhi sing Dadi Pelacur”.) (b) Apa sing isa dipelajari saka Yèhèzkièl bab 16 lan 23?

16 Saka omongané Yéhuwah ing Yèhèzkièl bab 16, awaké dhéwé isa ngerti apa sing dipéngini Yéhuwah. Awaké dhéwé ya dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi apikan lan adil. Kuwi kabèh ya dijelaské ing Yèhèzkièl bab 23. Awaké dhéwé perlu nggatèkké omongané Yéhuwah kuwi bèn ora nglarani atiné Yéhuwah kaya wong-wong ing Yéhuda lan Yérusalèm. Aja nganti awaké dhéwé nyembah brahala. Awaké dhéwé ya aja nganti dadi wong sing srakah lan seneng mburu bandha, merga kuwi ya padha karo nyembah brahala. (Mat. 6:24; Kol. 3:5) Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis nggawé ibadahé umaté ing akhir jaman iki dadi murni manèh. Yéhuwah ya bakal njaga bèn kuwi isa tetep murni, merga Yéhuwah wis nggawé ”perjanjian kanggo saklawasé” karo Israèl rohani. (Yèh. 16:60) Perjanjian kuwi ora bakal dibatalké, merga bangsa kuwi bakal tetep setya karo Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu bener-bener njaga bèn ibadahé awaké dhéwé tetep murni.

17 Saka crita soal pelacur sing disebutké ing buku Yèhèzkièl, apa sing isa dipelajari soal ”pelacur gedhé”, utawa Babilon Gedhé? Ayo dirembug.

’Dhèwèké Ora Isa Ditemokké Manèh’

18, 19. Para pelacur ing buku Yèhèzkièl karo pelacur ing buku Wahyu padha-padha ngalami apa?

18 Yéhuwah ora berubah. (Yak. 1:17) Kèt mbiyèn nganti saiki, perasaané Yéhuwah karo agama palsu, utawa pelacur gedhé, tetep padha. Mula, hukuman kanggo ”pelacur gedhé” sing dicritakké ing buku Wahyu mèh padha karo hukuman kanggo para pelacur sing dicritakké ing buku Yèhèzkièl.

19 Ing buku Yèhèzkièl dicritakké nèk Yéhuwah ngukum umaté merga nduwé hubungan karo bangsa-bangsa liya sing ora nyembah Yéhuwah. Terus, bangsa-bangsa kuwi digunakké Yéhuwah kanggo ngukum umaté sing ora setya. Agama palsu sak donya ya dihukum karo Yéhuwah merga nduwé hubungan karo ”raja-raja ing bumi”. Sapa sing digunakké Yéhuwah kanggo ngukum agama palsu? Alkitab kandha nèk pamréntahané manungsa ”bakal sengit karo pelacur kuwi, ngrampas kabèh duwèké, nggawé dhèwèké wuda, mangan dagingé, lan ngobong dhèwèké nganti entèk”. Kenapa kok pamréntahané manungsa ngerti-ngerti kaya ngono? Merga Gusti Allah ”mènèhi kepénginan ing atiné” pamréntahané manungsa ”bèn nindakké karepé Gusti Allah”.​—Why. 17:1-3, 15-17.

20. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk Babilon Gedhé bakal dihancurké?

20 Yéhuwah bakal nggunakké pamréntahané manungsa kanggo ngukum kabèh agama palsu, termasuk gréja-gréja sing ngaku Kristen. Hukumané kuwi wis pasti. Babilon Gedhé ora bakal diapura utawa diwènèhi kesempatan manèh. Buku Wahyu kandha nèk Babilon Gedhé bakalé ”ora isa ditemokké manèh”. (Why. 18:21) Wektu kuwi kelakon, para malaékat mèlu seneng lan kandha, ”Pujinen Yah. Asap saka geni sing ngobong pelacur kuwi bakal terus ana nganti saklawasé.” (Why. 19:3) Agama palsu wis ora isa ngganggu ibadah sing murni manèh merga bakal dihancurké, kaya-kaya wis diobong nganti entèk lan asapé bakal ana terus.

Babilon Gedhé bakal diserang lan dihancurké karo ”raja-raja ing bumi” sing mauné nduwé hubungan karo dhèwèké (Deloken paragraf 19, 20)

21. Peristiwa apa sing bakal kelakon wektu Babilon Gedhé dihancurké, lan kuwi bakal kelakon nganti kapan?

21 Bèn sing dikarepké Yéhuwah isa kelakon, Yéhuwah bakal nggunakké pamréntahané manungsa kanggo ngancurké Babilon Gedhé. Wektu kuwi, sengsara gedhé dimulai. Pas sengsara gedhé, keadaané bakal angèl banget. (Mat. 24:21) Sengsara gedhé bakal kelakon nganti Yéhuwah nyingkirké kabèh sing jahat pas perang Armagédon. (Why. 16:14, 16) Ing buku Yèhèzkièl, ana akèh keterangan sing njelaské soal sengsara gedhé, lan kuwi bakal dibahas ing bab-bab berikuté ing buku iki. Dadi, apa sing isa dipelajari saka Yèhèzkièl bab 16 lan 23?

Yéhuwah nggunakké pamréntahané manungsa kanggo ngukum Babilon Gedhé (Deloken paragraf 21)

22, 23. Sakwisé sinau soal critané para pelacur ing buku Yèhèzkièl lan Wahyu, awaké dhéwé saiki kudu piyé?

22 Sétan senengané mempengaruhi umaté Yéhuwah bèn ora nindakké ibadah sing murni manèh lan ora setya kaya para pelacur sing dicritakké ing buku Yèhèzkièl. Tapi, awaké dhéwé wis sinau nèk Yéhuwah ora seneng karo wong-wong sing ora setya lan nyembah allah-allah liya. (Wi. 25:11) Mulané, awaké dhéwé aja nganti mèlu-mèlu ibadah sing palsu, utawa ”nyekel apa waé sing najis” menuruté Yéhuwah. (Yés. 52:11) Awaké dhéwé ya aja nganti mèlu-mèlu urusan politik. (Yoh. 15:19) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé aja nganti nduwé semangat nasionalisme, merga kuwi padha karo nindakké ibadah palsu sing asalé saka Sétan.

23 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga éntuk kehormatan kanggo nindakké ibadah sing murni ing bait rohaniné Yéhuwah. Mulané, awaké dhéwé kudu tetep setya karo Yéhuwah lan ora mèlu-mèlu nindakké ibadah palsu.