Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Katrangan kanggo sing Teka Kebaktian

Katrangan kanggo sing Teka Kebaktian

PETUGAS TATA TERTIB Para petugas tata tertib ditugasi kanggo mbantu njenengan. Njenengan isa manut karo pengarahané petugas soal parkir, mlebu metu panggonan kebaktian, nyisihké kursi, lan liya-liyané.

ACARA BAPTISAN Kursi kanggo calon baptis disedhiakké ing ngarep panggung, kecuali nèk mengko ana perubahan. Para calon baptis kudu wis lungguh ing kono sakdurungé acara ceramah baptisan dina Setu ésuk. Sing arep baptis kudu nggawa andhuk lan klambi ganti sing pantes.

SUMBANGAN Ana akèh biaya sing dibutuhké kanggo nyéwa kursi, peralatan tata suara lan vidéo, lan kebutuhan liyané bèn acara kebaktian iki isa lancar lan awaké dhéwé isa dibantu bèn luwih cedhak karo Yéhuwah. Nèk njenengan seneng lan lila mènèhi sumbangan, kuwi isa dienggo nutupi biaya sing ditokké lan ndhukung gawéan nginjil sakdonya. Ana kothak-kothak sumbangan sing didèlèhké ing beberapa tempat ing panggonan iki. Njenengan ya isa nyumbang léwat situs wèb donate.pr418.com. Kabèh sumbangané njenengan mesthi bakal diajèni. Pengurus Pusat ngucapké maturnuwun merga njenengan wis lila ndhukung gawéané Kratoné Allah.

P3K Bagéan iki mung kanggo situasi darurat.

BARANG SING ILANG LAN DITEMOKKÉ Nèk ana barang sing ditemokké lan njenengan ora ngerti barang kuwi duwèké sapa, tulung digawa ing bagéan Barang sing Ilang lan Ditemokké. Nèk njenengan kélangan barang, njenengan isa mara ing bagéan iki lan sebutna barang apa sing ilang. Bocah-bocah sing kesasar ya isa digawa ing bagéan iki. Ning, bèn ora ana kejadian sing isa nggawé panik, para wong tuwa kudu terus ngawasi lan njaga anak-anaké.

LUNGGUHAN Awaké dhéwé perlu mikirké kepentingané wong liya. Élinga nèk kursi isa disisihké mung kanggo keluarga cedhaké njenengan, sing sak kendaraan karo njenengan, sing sak omah karo njenengan, utawa sing lagi sinau Alkitab karo njenengan. Tulung aja ndèlèhké barang-barangé njenengan ing kursi sing ora njenengan sisihké.

DINAS SUKARÉLA Nèk njenengan péngin mbantu gawéan sing ana hubungané karo kebaktian iki, njenengan isa ngandhani bagéan Informasi lan Dinas Sukaréla.

PERTEMUAN KHUSUS

Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah Para perintis sing umuré antara 23 nganti 65 lan péngin tumindak luwih akèh kanggo nglayani isa teka ing pertemuan kanggo sing péngin mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah ing dina Minggu awan. Panggonan kanggo pertemuané lan jamé bakal diumumké mengko.

Diatur karo Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah

© 2020 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania