Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 22

Kratoné Allah Mujudké Kersané Allah ing Bumi

Kratoné Allah Mujudké Kersané Allah ing Bumi

INTINÉ BAB IKI

Kratoné Allah mujudké kabèh janjiné Yéhuwah kanggo bumi lan manungsa

1, 2. (a) Apa sing nggawé pangarep-arep urip ing Pirdus dadi ora pati nyata? (b) Apa sing isa mbantu bèn imané awaké dhéwé marang janji-janjiné Yéhuwah saya kuwat?

 SEDULUR lanang sing setya teka ing pakumpulan ibadah. Dhèwèké kesel lan strès merga bar kerja sedina muput. Dhèwèké uga bar ngadhepi juragan sing ora apikan, strès merga angèl nyukupi kebutuhan keluargané, ditambah rasa kuwatir merga bojoné lagi lara. Wektu musik kanggo lagu pambuka disetèl, atiné ngrasa ayem. Dhèwèké seneng merga isa teka ing Balé Ibadah kanggo ngumpul bareng sedulur seiman. Isi laguné bab pangarep-arep urip ing Pirdus. Kuwi lagu senengané, lan liriké nggawé sedulur kuwi mbayangké ana nèng Pirdus. Wektu nyanyèkké kuwi bareng keluargané, pangarep-arep kuwi nglipur atiné.

2 Akèh sedulur klebu awaké dhéwé mesthi tau ngrasakké sing padha. Pancèn, urip ing donya sing saya bobrok iki nggawé pangarep-arep kanggo urip ing Pirdus dadi ora pati nyata. Saiki, awaké dhéwé urip ing ”mangsa kang rekasa” sing angèl diadhepi, lan donya saiki babar blas ora kaya pirdus. (2 Tm. 3:1) Apa sing isa mbantu awaké dhéwé yakin nèk pangarep-arep kuwi pancèn nyata? Apa buktiné nèk Kratoné Allah bakal mréntah umat manungsa sedhéla manèh? Ayo ngrembug dhisik ramalané Yéhuwah sing kelakon lan dialami umaté Allah jaman mbiyèn. Terus ayo ngrembug piyé ramalan kuwi lan ramalan liya sing mèh padha, kelakon ing jaman saiki. Akiré, nganggo iman sing kuwat, awaké dhéwé bakal ndelok piyé ramalan kuwi kelakon sukmbèn.

Yéhuwah Netepi Janjiné ing Jaman Mbiyèn

3. Janjiné Yéhuwah apa sing nentremké atiné wong Yahudi ing Babil?

3 Bayangna kahanan uripé wong Yahudi ing pembuwangan Babil abad enem SM. Kaya wong tuwané, akèh wong Yahudi urip dadi budhak wiwit cilik. Uripé susah, lan wong-wong Babil ngécé wong Yahudi merga imané marang Yéhuwah. (Ms. 137:1-3) Wis puluhan taun suwéné wong Yahudi sing setya terus percaya karo pangarep-arep apik, yaiku janjiné Yéhuwah kanggo nggawa bali manèh umaté menyang negarané. Yéhuwah ngendika nèk kahanan nèng kana bakal nyenengké banget. Yéhuwah madhakké kahanané Yéhuda karo kahanané pirdus ing Taman Èden. (Wacanen Yésaya 51:3.) Janji kuwi pancèn nentremké ati, senajan umaté Allah mungkin nduwé akèh kekuwatiran. Piyé carané? Ayo digatèkké.

4. Piyé Yéhuwah ngyakinké wong Yahudi nèk bakal aman ing negarané?

4 Keamanan. Wong Yahudi akiré bali saka pembuwangan, ning ora menyang pirdus sing saktenané. Wong Yahudi bali nèng negarané sing adoh, lan wis 70 taun negara kuwi ora diurus. Akèh wong Yahudi durung tau ngerti sakdurungé panggonan kuwi. Wektu kuwi, ana akèh banget singa, serigala, macan, lan kéwan buwas liyané. Mula, ora nggumunké nèk bapak-bapak dadi mikir, ’Piyé carané bèn anak lan bojoku tetep slamet? Piyé aku isa njaga wedhus lan ternakku?’ Kekuwatiran kaya ngono kuwi biyasa. Ning saiki, bayangna perasaan ayem wektu krungu janjiné Allah ing Yésaya 11:6-9 (Wacanen.) Nganggo gambaran sing apik banget, Yéhuwah njamin umaté lan ternaké bakal aman. Singa bakal mangan dami, sing tegesé ora bakal nyerang ternaké wong Yahudi. Umaté Allah sing setya ora perlu wedi karo kéwan buwas. Yéhuwah wis janji nèk umaté bakal terus aman ing tanah Yéhuda sing anyar, malah senajan ing padhang belantara utawa ing alas.​—Yk. 34:25.

5. Ramalan-ramalan apa sing mbantu wong Yahudi yakin nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané nganti lubèr?

5 Kalubèran. Wong Yahudi isa waé mikir, ’Apa aku isa nyukupi kebutuhan keluargaku ing negara kuwi? Aku lan keluargaku bakal manggon nèng ngendi? Apa aku bakal nduwé gawéan, lan apa uripku isa luwih kepénak timbang pas dadi budhak mbiyèn?’ Yéhuwah ngerti banget kekuwatirané wong-wong kuwi, mula Yéhuwah ngramalké nèk umaté sing setya bakal éntuk udan ing wayahé, lan bakal éntuk ”roti kang énak lan akèh banget”. (Yé. 30:23) Apa wong Yahudi bakal nduwé panggonan sing cocog lan gawéan sing maremké? Yéhuwah janji, ”Bakal padha ngadegaké omah lan iya banjur dienggoni; bakal padha nandur anggur ana ing kebon lan iya banjur padha mangan wohé. Ora bakal padha ngedegaké apa-apa, kang banjur dienggoni ing wong liya, lan ora bakal padha nenandur, kang wohé banjur dipangan wong liya.” (Yé. 65:21, 22) Dadi, uripé wong Yahudi bakal luwih pénak timbang pas dadi budhaké wong kafir. Ning, apa masalah paling penting sing nyebabké wong Yahudi dibuwang nèng Babil uga bakal dirampungké?

6. Masalah apa sing wis suwé dialami umaté Allah, lan apa jaminan saka Yéhuwah marang wong Yahudi buwangan sing bali nèng Yéhuda?

6 Keséhatan rohani. Sakdurungé dibuwang nèng Babil, umaté Allah wis lara rohaniné. Liwat nabi Yésaya, Yéhuwah ngendika, ”Sirahé wus lara kabèh, lan atiné wus lungkrah lesu kabèh.” (Yé. 1:5) Ing bab rohani, umaté Allah diumpamakké wuta lan budheg, merga ora gelem ngrungokké naséhaté Yéhuwah lan ora gelem ndelok pencerahan sing diparingké Yéhuwah. (Yé. 6:10; Ym. 5:21; Yk. 12:2) Nèk sakwisé bali nèng Yéhuda isih ngalami manèh masalah sing padha, apa jaminané? Apa Yéhuwah bakal nolak manèh umaté? Janjiné Yéhuwah ngyakinké, ”Ing dina kuwi wong budheg bakal krungu pamecané kitab kalawan sora, lan wong wuta sing ana ing petengan, bakal bisa ndeleng.” (Yé. 29:18, BJP) Yéhuwah bakal nggawé umaté sing wis mertobat isa séhat manèh rohaniné. Nèk umaté terus manut lan nggatèkké préntahé, Yéhuwah bakal maringi tuntunan lan pencerahan sing isa nylametké.

7. Piyé janjiné Yéhuwah marang umaté kelakon, lan ngapa kuwi nguwatké imané awaké dhéwé?

7 Apa Yéhuwah netepi janjiné? Ayo digatèkké saka cathetan sejarah ing Alkitab. Wong Yahudi sing bali ing negarané ngrasakké kaslametan, kalubèran, lan keséhatan rohani. Contoné, Yéhuwah nglindhungi umaté saka bangsa-bangsa ing sakiwa tengené sing luwih kuwat lan luwih akèh jumlahé. Ternaké wong Yahudi ora diserang kéwan buwas. Ramalan bab pirdus sing ditulis Yésaya, Yérémia, lan Yéheskièl kelakon kanggo wong Yahudi. Senajan mung sebagéan, ning apa sing kelakon wis isa nguwatké imané wong Yahudi wektu kuwi. Nèk mikirké tenanan tumindaké Yéhuwah marang umaté jaman mbiyèn, imané awaké dhéwé bakal luwih kuwat. Nèk ramalan-ramalan sing mbiyèn kelakon mung sebagéan waé wis nggumunké, apamanèh nèk kuwi kelakon kabèh sukmbèn. Ayo digatèkké sing ditindakké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé ing jaman saiki.

Yéhuwah Mulai Netepi Janjiné ing Jaman Modhèren

8. Apa ”nagara” sing diparingké Yéhuwah marang awaké dhéwé?

8 Umaté Yéhuwah jaman saiki dudu bangsa sing manggon ing saknegara waé. Ning, wong Kristen sing dipilih munggah swarga dadi kelompok sing disebut ”Israèl kagungané Gusti Allah”, yaiku bangsa rohani. (Gl. 6:16) Kelompok ”wedhus liyané” uga mèlu nggabung lan ngabdi marang Yéhuwah bebarengan ing ”nagara” rohani. Ibadahé umaté Allah uga klebu carané tumindak ing urip saben dina. (Yo. 10:16; Yé. 66:8) Apa ”nagara” sing diparingké Yéhuwah marang awaké dhéwé? Kuwi pirdus rohani. Ing pirdus kuwi, Gusti Allah netepi janjiné kanggo nyedhiyakké apa waé ing bab rohani sing diumpamakké kaya kahanan ing Taman Èden. Ayo digatèkké conto-contoné.

9, 10. (a) Piyé ramalan ing Yésaya 11:6-9 kelakon saiki? (b) Apa bukti sing kuwat nèk umaté Allah ngrasakké kahanan ayem tentrem?

9 Keamanan. Ramalan ing Yésaya 11:6-9 mènèhi gambaran sing apik bab kahanan sing rukun lan ayem antarané kéwan karo kéwan, lan antarané kéwan karo manungsa. Apa gambaran kuwi kelakon saiki? Iya ing bab rohani. Ing ayat 9, awaké dhéwé ngerti alesané kéwan-kéwan kuwi ora marahi cilaka utawa ngrusak. Ayat kuwi kandha, ”Amarga saindenging bumi kapenuhan ing kawruh bab Sang Yéhuwah, kayadéné banyuning sagara kang nasabi dhasaré.” Apa ’kawruh bab Yéhuwah’ nggawé tumindaké kéwan dadi malih? Ora, manungsa sing malih merga kenal Allah Yéhuwah Sing Mahakuwasa lan terus sinau pathokané Yéhuwah sing nggawé rukun. Kuwi sebabé ing pirdus rohani saiki, awaké dhéwé ngrasakké kelakoné ramalan Yésaya mau. Kratoné Allah mulang para muridé Yésus supaya ora nduwé sipat kaya kéwan buwas. Para muridé Yésus diwulang kanggo urip ayem lan rukun karo sedulur seimané.

10 Contoné, ing buku iki wis dirembug pathokan Alkitab kanggo wong Kristen sejati bab ora mèlu-mèlu urusan politik. Awaké dhéwé uga wis ngrembug bab aniaya sing dialami umaté Allah merga tetep nétral. Pancèn nggumunké banget ana ”bangsa” gedhé sing pendhudhuké ora gelem mèlu nindakké apa waé sing ana hubungané karo kekerasan, senajan diancem arep dipatèni. Kuwi bukti sing kuwat nèk rakyaté Sang Raja Yésus lagi ngrasakké kahanan ayem tentrem kaya sing digambarké Yésaya. Yésus kandha nèk para muridé dikenal merga padha tresna siji lan sijiné. (Yo. 13:34, 35) Ing jemaat, Yésus kanthi sabar nggunakké ”abdi kang setya lan pinter” kanggo mulang kabèh wong Kristen sejati bèn seneng rukun, tresna, lan apikan.​—Mt. 24:45-47.

11, 12. Wong-wong saiki lagi kaliren ing bab apa, lan piyé Yéhuwah maringi kalubèran marang umaté?

11 Kalubèran. Donya iki lagi kaliren ing bab rohani. Alkitab ngélingké, ”’Lah bakal tumeka ing titi-mangsané,’ mangkono pangandikané Pangéran Yéhuwah, ’Ingsun bakal ndhatengaké pailan ana ing nagara kéné, dudu pailan pangan utawa kasatan banyu, nanging ngorong marang pangandikané Pangéran Yéhuwah.’” (As. 8:11) Apa rakyat Kratoné Allah uga ngalami kaliren kuwi? Yéhuwah ngramalké bédané umaté Allah lan mungsuh-mungsuhé. Yéhuwah ngendika, ”Para abdiningSun bakal mangan, nanging sira bakal padha kaliren; para abdiningSun bakal padha ngombé, nanging sira bakal padha kasatan; para abdiningSun bakal padha bungah-bungah, nanging sira bakal padha nandhang wirang.” (Yé. 65:13) Apa panjenengan wis ndelok kelakoné ramalan kuwi?

12 Awaké dhéwé nampa pangan rohani sing ora tau mandheg, kaya kali sing amba lan jero. Senajan ing bab rohani akèh wong ing donya iki padha kekurangan, ning awaké dhéwé malah ngrasakké kalubèran. Contoné, ana akèh wacan-wacan Alkitab, rekaman audhio vidhéo, pakumpulan ibadah, kebaktian, lan bahan sing ana ing situs Wèbé Seksi Yéhuwah. (Yk. 47:1-12; Yl. 3:18) Panjenengan mesthi seneng ngrasakké dhéwé janjiné Yéhuwah iki. Apa panjenengan bakal terus mangan ing méjané Yéhuwah?

Ing jemaat, awaké dhéwé éntuk pangan, keamanan, lan keséhatan rohani

13. Piyé janjiné Yéhuwah kelakon bab wong wuta sing isa ndelok lan wong budheg sing isa krungu manèh?

13 Keséhatan rohani. Wong sing wuta lan budheg ing bab rohani saiki saya akèh. (2 Kr. 4:4) Ning, Yésus lagi marèkké wong-wong sing cacad lan lara ing sakdonya. Apa panjenengan tau ngerti wong wuta isa ndelok lan sing budheg isa krungu manèh? Nèk panjenengan ndelok wong-wong nampa wulangan sing bener saka Alkitab, lan dibébaské saka ajaran palsu sing nggawé wong dadi wuta lan budheg ing bab rohani, panjenengan wis ndelok dhéwé kelakoné janji iki, ”Ing dina kuwi wong budheg bakal krungu pamecané kitab kalawan sora, lan wong wuta sing ana ing petengan, bakal bisa ndeleng.” (Yé. 29:18, BJP) Saben taun ana atusan éwu wong ing sakdonya sing dimarèkké ing bab rohani. Saben wong sing ninggalké Babil Gedhé lan nggabung karo umaté Allah kanggo ngibadah ing pirdus rohani dadi bukti nèk janjiné Yéhuwah kuwi kelakon.

14. Apa sing kudu dipikirké bèn imané awaké dhéwé marang janjiné Yéhuwah bab urip mbésuk dadi saya kuwat?

14 Saben bab ing buku iki mènèhi bukti sing ampuh nèk Kristus wis nggawa para muridé nèng pirdus rohani ing dina-dina wekasan saiki. Ayo terus mikirké berkah sing saiki awaké dhéwé tampa ing pirdus rohani, bèn imané awaké dhéwé marang janjiné Yéhuwah bab urip mbésuk, dadi saya kuwat.

”Kraton Paduka Mugi Rawuh”

15. Ngapa awaké dhéwé isa yakin nèk bumi bakal dadi pirdus?

15 Saka wiwitan, Yéhuwah nduwé tujuan ndadèkké bumi iki dadi pirdus. Yéhuwah nyedhiyakké taman pirdus kanggo panggonané Adam lan Kawa, lan maringi préntah kanggo nduwé keturunan uga ngebaki lan ngopèni bumi saisiné. (Pd. 1:28) Ning, merga Adam lan Kawa manut Sétan lan mbrontak marang Yéhuwah, kabèh keturunané dadi ora sampurna, nduwé dosa, lan mati. Senajan ngono, kersané Allah ora bakal malih. Apa sing wis dingendikakké mesthi kelakon. (Wacanen Yésaya 55:10, 11.) Mula, awaké dhéwé isa yakin nèk keturunané Adam lan Kawa bakal ngebaki bumi lan ngopèni kanthi apik kabèh sing digawé Yéhuwah. Wektu kuwi, akèh ramalan bab pirdus sing mauné kanggo wong Yahudi sing metu saka pembuwangan, bakal bener-bener kelakon. Gatèkna conto-contoné.

16. Piyé Alkitab nggambarké rasa aman sing bakal dirasakké ing Pirdus?

16 Keamanan. Gambaran sing nentremké ati ing Yésaya 11:6-9 akiré bakal bener-bener kelakon. Lanang, wadon, lan bocah-bocah bakal ngrasa aman lan ora ana bebaya wektu lunga ing ngendi waé. Ora ana manungsa utawa kéwan sing mbebayani. Bayangna, wektu bumi iki dadi omahé panjenengan, panjenengan isa aman wektu njlajah gunung, padang rumput, renang ing kali, danau, lan segara. Ing wayah bengi, panjenengan ora perlu kuwatir merga kabèh aman. Yéheskièl 34:25 bakal dadi nyata, umaté Allah malah isa ”manggon ana ing pasamunan kalawan ayem tentrem lan bisa turu ana ing alas”.

17. Ngapa awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal maringi kalubèran wektu Kratoné Allah wis mréntah saklumahing bumi?

17 Kalubèran. Bayangna wektu ora ana manèh wong mlarat, kurang gizi, kurang pangan, utawa mbutuhké bantuan sosial. Pangan rohani sing lubèr, sing dirasakké umaté Allah saiki, dadi jaminan nèk Sang Raja bakal nyukupi kebutuhané rakyaté. Wektu ing bumi, Yésus nduduhké nèk isa netepi janji kuwi. Mung nganggo roti lan iwak sing cacahé sithik, Yésus mènèhi pangan marang éwonan wong sing ngelih. (Mt. 14:17, 18; 15:34-36; Mk. 8:19, 20) Wektu Kratoné Allah wis mréntah saklumahing bumi, ramalan iki bakal bener-bener kelakon, ”Pangéran Yéhuwah bakal banjur paring udan marang wiji kang lagi baé koksebar ing pategalanmu, lan kowé bakal mangan roti kang énak lan akèh banget saka ing pametuné tanah iki. Ing wektu iku raja-kayamu bakal nyenggut ing ara-ara kang jembar.”​—Yé. 30:23.

18, 19. (a) Apa sing bakal panjenengan rasakké wektu ramalan ing Yésaya 65:20-22 kelakon? (b) Apa maksudé umuré awaké dhéwé kaya ’umuré wit-witan’?

18 Kanggoné akèh wong saiki, angèl mbayangké nduwé omah sing nyaman utawa gawéan sing maremké ati. Ing donya sing bubrah iki, akèh sing ngrasa senajan wis kerja mempeng saben dina, ning mung éntuk sithik kanggo nyukupi kebutuhan keluargané, malah wong-wong sugih lan srakah dadi saya makmur. Bayangna nèk ramalan iki kelakon ing sakdonya, ”Bakal padha ngadegaké omah lan iya banjur dienggoni; bakal padha nandur anggur ana ing kebon lan iya banjur padha mangan wohé. Ora bakal padha ngedegaké apa-apa, kang banjur dienggoni ing wong liya, lan ora bakal padha nenandur, kang wohé banjur dipangan wong liya; amarga umuré umatingSun iku bakal padha karo umuring wit-witan, tuwin para pepilihaningSun bakal padha ngrasakaké nikmating gegawéané tangané.”​—Yé. 65:20-22.

19 Apa maksudé umuré awaké dhéwé kaya ’umuré wit-witan’? Wektu ngadeg ing ngisoré wit sing gedhé banget, panjenengan mesthi nggumun pas mikirké umuré wit kuwi. Mungkin wit kuwi wis ana sakdurungé mbah buyuté panjenengan lair. Panjenengan isa waé mikir nèk ing kahanan sing ora sampurna saiki, kayané luwih dawa umuré wit kuwi timbang umuré panjenengan. Umur wit kuwi saya dawa, lan tetep ayem senajan panjenengan wis mati. Yéhuwah apikan banget merga njamin nèk ing Pirdus sukmbèn, awaké dhéwé isa urip suwé lan ayem tentrem. (Ms. 37:11, 29) Bakal ana wektuné awaké dhéwé ndelok nèk wit sing umuré dawa kuwi mung kaya suket sing thukul terus mati, ning awaké dhéwé bakal urip saklawasé.

20. Piyé rakyat Kratoné Allah sing setya bakal ngrasakké keséhatan sing sampurna?

20 Keséhatan sing sampurna. Saiki, penyakit lan pati nyebabké akèh wong ing donya ngrasa kuwatir. Sakjané, awaké dhéwé kabèh kuwi lara, penyakité yaiku dosa sing marahi mati, lan obaté mung tebusané Yésus. (Rm. 3:23; 6:23) Ing Pamréntahan Sèwu Taun, Yésus lan sing mréntah bareng Yésus bakal mbantu wong-wong éntuk kabèh paédah saka tebusan kuwi, lan sithik mbaka sithik manungsa sing setya bakal dibébaské saka dosa. Wektu kuwi, bakal kelakon ramalané Yésaya sing kandha, ”Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: ’Aku lara’ lan sakèhé wong kang manggon ing kono bakal kaparingan pangapura tumrap kaluputané.” (Yé. 33:24) Bayangna wektu ora ana wong wuta, budheg, utawa cacad. (Wacanen Yésaya 35:5, 6.) Ora ana penyakit sing ora isa dimarèkké karo Yésus, klebu penyakit fisik, pikiran, utawa perasaan. Rakyat Kratoné Allah sing setya bakal ngrasakké keséhatan sing sampurna.

21. Pati bakal dikapakké, lan ngapa janji iki nentremké ati?

21 Piyé bab pati, ”mungsuh kang pungkasan”? Kabèh wong sing nduwé dosa ora isa nglawan mungsuh kuwi. (1 Kr. 15:26) Ning apa pati kuwi bakal dadi mungsuh sing medèni kanggo Yéhuwah? Gatèkna ramalané Yésaya, ”Panjenengané bakal ngicali pati ing saterusé; tuwin Pangéran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakèhing rai.” (Yé. 25:8) Bayangna wektu kuwi kelakon, ora bakal ana acara layatan, ngubur wong mati, lan luh merga rasa sedhih ditinggal mati. Wektu Yéhuwah wis netepi janjiné sing nggumunké kanggo nguripké manèh wong mati, awaké dhéwé bakal nangis merga saking senengé. (Wacanen Yésaya 26:19.) a Akiré rasa susah merga pati bakal dimarèkké.

22. Apa sing bakal kelakon wektu Kratoné Sang Mèsih mujudké kabèh kersané Allah ing bumi?

22 Ing pungkasané Pamréntahan Sèwu Taun, Kratoné Allah wis mujudké kabèh kersané Allah ing bumi, lan Kristus bakal masrahké pamréntahan iki marang Bapaké. (1 Kr. 15:25-28) Manungsa sing wis sampurna bakal siyap ngadhepi ujian sing pungkasan wektu Sétan dibébaské saka jurang sing jero banget. Sakwisé kuwi, Yésus bakal nyingkirké ula sing kejem kuwi lan kabèh sing ndhukung. (Pd. 3:15; Wy. 20:3, 7-10) Ning kabèh sing setya marang Yéhuwah bakal nduwé pangarep-arep sing nyenengké. Gambaran sing paling cocog karo kahanan wektu kuwi, dikandhakké liwat janji sing kandha nèk wong sing setya bakal éntuk ”kamardikaning kamulyané para putrané Gusti Allah”.​—Rm. 8:21.

Kratoné Allah bakal mujudké kabèh janjiné Yéhuwah kanggo bumi lan manungsa

23, 24. (a) Ngapa janjiné Allah mesthi bakal kelakon? (b) Apa tékadé panjenengan?

23 Dhasar saka kabèh janji kuwi ora mung saka pangarep-arep, pepénginan, lan mimpi. Janjiné Yéhuwah mesthi bakal kelakon. Ngapa? Élinga kandhané Yésus ing bab kapisan buku iki. Yésus mulang para muridé ndonga marang Yéhuwah, ”Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.” (Mt. 6:9, 10) Kratoné Allah kuwi ora mung bayangan sing dipikirké wong, ning kuwi pancèn nyata. Lan saiki wis mréntah ing swarga. Saksuwéné satus taun iki, Kraton kuwi wis mujudké janjiné Yéhuwah. Buktiné cetha banget, lan isa dirasakké ing jemaat Kristen. Mula, awaké dhéwé isa yakin nèk kabèh janjiné Yéhuwah bakal kelakon wektu Kratoné Allah teka lan nguwasani bumi.

24 Awaké dhéwé ngerti nèk Kratoné Allah bakal teka lan nèk kabèh janjiné Yéhuwah bakal kelakon. Kuwi merga KRATONÉ ALLAH WIS MRÉNTAH! Pitakonan sing kudu dipikirké tenanan yaiku, ’Apa aku ya dipréntah Kratoné Allah?’ Ayo awaké dhéwé ngupaya sak isa-isané dadi rakyat Kratoné Allah sing setya, supaya isa ngrasakké pamréntahané sing adil lan sampurna saklawasé.

a Yésaya 26:19 (NW): ”Para wong mati duwèké Yéhuwah bakal urip manèh. Mayit-mayité bakal tangi. Tangia lan surak-suraka kanthi bungah, kowé sing dikubur ing lemah! Merga embunmu kuwi kaya embun ing wayah ésuk, lan bumi bakal ngejarké wong-wong sing wis mati urip manèh.”