Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 18

Carané Gawéan Kratoné Allah Diragadi

Carané Gawéan Kratoné Allah Diragadi

INTINÉ BAB IKI

Alesan lan carané umaté Allah ndhukung gawéan Kraton nganggo dhuwit

1, 2. (a) Piyé Sedulur Russell njelaské pas ana pendhéta sing péngin ngerti carané kagiyatané Siswa Alkitab diragadi? (b) Apa sing bakal dirembug ing bab iki?

 ANA pendhéta Gréja Réformasi nyedhaki Sedulur Charles T. Russell merga péngin ngerti piyé kagiyatané Siswa Alkitab diragadi.

 ”Aku kabèh ora tau njaluk kolèkte,” Sedulur Russell nerangké.

 ”Terus ragadé saka endi?” pendhéta kuwi takon.

 ”Nèk aku njelaské sing sakbeneré, Njenengan ora bakal percaya,” jawabé Russell. ”Wektu teka ing pakumpulan, wong-wong ora dijaluki kolèkte. Ning, wong-wong kuwi ngerti nèk ana ragad sing kudu diwetokké. Wong-wong kuwi mikir, ’Pakumpulan iki mesthi butuh ragad . . . Piyé aku isa mènèhi dhuwit senajan mung sithik?’”

 Pendhéta kuwi mandeng Sedulur Russell lan kétoké ora percaya.

 ”Aku wis njelaské sing sakbeneré,” kandhané Russell. ”Wong-wong kuwi nakoni aku, ’Piyé carané aku isa mènèhi dhuwit senajan mung sithik?’ Wektu ana sing éntuk rejeki lan gelem nyumbang, dhèwèké nggunakké kuwi kanggo Gusti. Ning nèk ora nduwé, apa ya kudu dipeksa?” a

2 Sedulur Russell pancèn ngomong ”sing sakbeneré”. Wiwit mbiyèn, umaté Allah mènèhi sumbangan saka lilané ati kanggo ndhukung ibadah sejati. Ing bab iki, awaké dhéwé bakal ngrembug conto Alkitab jaman mbiyèn lan sejarah jaman modhèren. Wektu ngerti piyé kagiyatan Kratoné Allah diragadi ing jaman saiki, awaké dhéwé isa takon, ’Piyé carané aku isa ndhukung Kratoné Allah?’

”Saben Wong kang Legawa Atiné Iku Nggawaa Pisungsung”

3, 4. (a) Yéhuwah yakin umaté bakal nindakké apa? (b) Piyé wong Israèl ndhukung gawéan mbangun kémah suci?

3 Yéhuwah yakin nèk umaté sing sejati dikèki kesempatan kanggo nduduhké pangabektiné, umaté bakal mènèhi sumbangan saka lilané ati. Gatèkna rong conto saka sejarahé bangsa Israèl.

4 Sakwisé mimpin wong Israèl metu saka Mesir, Yéhuwah ndhawuhi umaté mbangun tabernakel, utawa kémah suci kanggo ngibadah, sing isa dibongkar pasang. Dibutuhké ragad sing akèh kanggo mbangun kémah suci lan prabotané. Liwat Musa, Yéhuwah maringi umaté kesempatan kanggo ndhukung gawéan kuwi. Musa kandha, ”Saben wong kang legawa atiné iku nggawaa pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yéhuwah.” (Pa. 35:5) Piyé tanggepané bangsa kuwi, sing bar dibébaské saka Mesir lan ngrasakké susahé dadi budhak? (Pa. 1:14) Wong-wong Israèl nyumbang emas, pérak, lan barang sing aji liyané, sing kétoké éntuk saka wong-wong Mesir sing dadi juragané ndhisik. (Pa. 12:35, 36) Wong-wong kuwi ngekèki akèh banget sumbangan, nganti Musa kudu ’menggak [utawa, nyegah] anggoné ngaturaké pisungsung manèh’.​—Pa. 36:4-7.

5. Piyé tanggepané wong Israèl wektu diwènèhi kesempatan kanggo nyumbang?

5 Kira-kira 475 taun sakwisé, Dawud nyumbangké duwèké sing paling aji kanggo ngragadi pembangunan baité Allah, yaiku bangunan kapisan ing bumi sing dadi pusat ibadah sejati. Terus, Dawud takon, ”Sapa kang ing dina iki kanthi éklas nyaosaké pisungsung marang Pangéran Yéhuwah?” Piyé tanggepané wong Israèl marang kesempatan kuwi? Wong-wong Israèl ”kalawan gumolonging ati anggoné padha nyaosaké pisungsung manasuka marang Pangéran Yéhuwah”. (1 Bb. 29:3-9) Dawud ngakoni nèk sumbangan kuwi sakjané saka Yéhuwah. Pas ndonga, dhèwèké kandha, ”Sedaya gadhahan kawula menika peparing Paduka piyambak, lan menapa ingkang kawula caosaken menika inggih kagungan Paduka piyambak.”​—1 Bb. 29:14, BJP.

6. Apa sebabé dibutuhké ragad kanggo nindakké gawéan Kratoné Allah saiki, lan ana pitakonan penting apa?

6 Musa utawa Dawud ora meksa umaté Allah kanggo nyumbang. Ning, umat kuwi ngekèki sumbangan saka lilané ati. Saiki, awaké dhéwé sadhar nèk gawéan sing ditindakké Kratoné Allah uga mbutuhké ragad. Akèh ragad dibutuhké kanggo nerbitké lan nyiarké Alkitab uga wacan-wacan Alkitab, kanggo mbangun lan ngrumat panggonan ibadah uga fasilitas cabang. Lan kanggo mbantu sedulur-sedulur sing kena bencana. Mula ana pitakonan penting: Ragadé saka ngendi? Apa rakyaté Sang Raja kudu dipeksa kanggo nyumbang?

”Majalah Iki Ora Bakal Ngemis utawa Njaluk-Njaluk marang Manungsa kanggo Mbantu”

7, 8. Ngapa umaté Yéhuwah ora ngemis utawa njaluk-njaluk sumbangan?

7 Sedulur Russell lan kanca-kancané ora gelem niru cara sing wis umum ditindakké gréja-gréja Kristen kanggo nggolèk dana. Ing terbitan kapindho Watch Tower ana judhul ”Apa Panjenengan Péngin ’Zion’s Watch Tower’?” Ing kono Russell nerangké, ”Awaké dhéwé percaya nèk majalah ’Zion’s Watch Tower’ didhukung YÉHUWAH. Mula, majalah iki ora bakal ngemis utawa njaluk-njaluk marang manungsa kanggo mbantu. Nèk Gusti Allah sing ngendika, ’sakèhé slaka lan emas sajagad kuwi kagungan-Ku’ wis ora nyedhiyakké ragad manèh, aku bakal ngerti nèk kuwi wektuné kanggo ngendheg gawéan nerbitké wacan iki.” (Hg. 2:7-9, BJP) Luwih saka 130 taun sakwisé, The Watchtower isih diterbitké, lan pakumpulan sing nerbitké wacan kuwi isih madeg.

8 Umaté Yéhuwah ora bakal ngemis, lan ora bakal ngiderké wadhah kanggo kolèkte utawa ngirim surat kanggo njaluk sumbangan. Uga ora nggunakké konsèr doa, pasar murah, acara penyembuhan, utawa acara liya kanggo ngumpulké dana. Kuwi ngetrapké apa sing dikandhakké Watch Tower mbiyèn, ”[Umaté Yéhuwah] ora tau nganggep bener tumindak njaluk-njaluk sumbangan nggunakké jenengé Gusti, kaya sing wis umum ditindakké . . . Nèk nganti nggunakké jenengé Gusti kanggo njaluk-njaluk dhuwit, dhuwit kuwi ora bakal ditampa Gusti lan ora bakal nyenengké atiné. Gusti uga ora bakal mberkahi wong sing nyumbang utawa gawéan sing ditindakké.” b

”Saben Wong Pawèwèhé Dikaya kang Dadi Rilaning Atiné”

9, 10. Apa alesan kapisan awaké dhéwé lila mènèhi sumbangan?

9 Rakyat Kratoné Allah saiki ora perlu dipeksa kanggo ngekèki sumbangan. Ning, lila nggunakké dhuwit lan apa sing diduwèni kanggo ndhukung kagiyatan Kratoné Allah. Apa sebabé awaké dhéwé lila ngekèki? Ayo dirembug telung alesan.

10 Kapisan, awaké dhéwé mènèhi sumbangan saka lilané ati merga nresnani Yéhuwah lan péngin ”nglakoni apa kang ndadèkaké keparengé”. (1 Yo. 3:22) Yéhuwah bakal seneng nèk umaté ngekèki saka lilané ati. Ayo ngrembug omongané rasul Paulus bab sikapé wong Kristen pas ngekèki sumbangan. (Wacanen 2 Korinta 9:7.) Wong Kristen sejati mènèhi sumbangan ora merga kepeksa, ning merga ”rilaning atiné”. c Tegesé, wektu ngerti ana kebutuhan sing perlu diragadi, dhèwèké bakal ngekèki sumbangan sakwisé mikirké tenanan carané bèn isa nyumbang. Yéhuwah nganggep wong kuwi aji, merga ”Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawèwèhé kanthi suka-rila”.

Bocah-bocah cilik ing Mozambik uga seneng nyumbang

11. Apa sebabé awaké dhéwé gelem mènèhi sumbangan sing paling apik?

11 Kapindho, awaké dhéwé mènèhi sumbangan kanggo nduduhké rasa sokur marang Yéhuwah merga wis diparingi akèh berkah. Gatèkna pathokan saka Hukum Musa. (Wacanen Pangandharing Torèt 16:16, 17.) Wektu nekani telung riyaya saben taun, saben wong lanang Israèl kudu nggawa sumbangan sing ”cundhuk karo berkah peparingé Pangéran Yéhuwah”. Mula, sakdurungé nekani riyaya kuwi, saben wong lanang kudu mikirké berkah-berkah sing wis ditampa lan mutuské mènèhi sumbangan sing paling apik marang Yéhuwah. Semono uga, nèk mikirké berkah sing wis diparingké Yéhuwah, awaké dhéwé uga bakal mènèhi sumbangan sing paling apik miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé. Sumbangan saka lilané ati kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni berkah-berkah saka Yéhuwah.​—2 Kr. 8:12-15.

12, 13. Kok isa sumbangan saka lilané ati nduduhké nèk awaké dhéwé nresnani Sang Raja Yésus?

12 Katelu, sumbangan saka lilané ati nduduhké nèk awaké dhéwé nresnani Sang Raja Yésus. Kok isa? Gatèkna omongané Yésus marang para muridé wektu bengi sakdurungé séda. (Wacanen Yokanan 14:23.) Yésus kandha, ”Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu.” ’Pituturé’ Yésus kuwi klebu préntah martakké kabar apik bab Kratoné Allah ing saklumahing bumi. (Mt. 24:14; 28:19, 20) Awaké dhéwé nindakké ’pituturé’ Yésus kuwi nganggo cara nggunakké wektu, tenaga, lan dhuwit kanggo martakké Injil bab Kratoné Allah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé nresnani Sang Raja Yésus.

13 Awaké dhéwé péngin terus setya ndhukung Kratoné Allah, mula awaké dhéwé mènèhi sumbangan dhuwit. Sepira akèhé? Kuwi panjenengan dhéwé sing mutuské. Saben wong mènèhi sing paling apik miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé. Akèh sedulur seiman sing miskin lan ora mampu ngekèki akèh sumbangan matèri. (Mt. 19:23, 24; Yb. 2:5) Ning, para sedulur kuwi kelipur merga ngerti nèk Yéhuwah lan Putrané ngajèni sumbangan sing diwènèhké saka ati, senajan mung sithik.​—Mk. 12:41-44.

Ragadé saka Ngendi?

14. Saksuwéné pirang-pirang taun, apa sing ditindakké Seksi-Seksi Yéhuwah wektu nawakké wacan Alkitab?

14 Wis pirang-pirang taun, Seksi-Seksi Yéhuwah nawakké wacan Alkitab lan nyebutké jumlah sumbangan kanggo ngganti ongkos nyétak wacan kuwi. Jumlah sing disebutké ora gedhé supaya wong isa éntuk wacan kuwi senajan miskin. Nèk ana wong sing bener-bener péngin éntuk wacan kuwi ning ora nduwé dhuwit, Seksi Yéhuwah lila ninggalké wacan kuwi. Kuwi ditindakké merga para sedulur péngin wong sing tulus atiné isa nampa wacan lan éntuk paédah saka wacan kuwi.

15, 16. (a) Apa owah-owahan sing digawé Pengurus Pusat ing taun 1990 bab carané nawakké wacan? (b) Piyé carané sumbangan saka lilané ati isa diwènèhké? (Deloken uga kothak ” Piyé Dhuwit Sumbangan Digunakké?”)

15 Taun 1990, Pengurus Pusat mulai nggawé owah-owahan bab carané nawakké wacan. Wiwit taun kuwi ing Amerika Serikat, kabèh wacan mulai ditawakké tanpa mathok rega, ning nganggo sumbangan saka lilané ati. Surat kanggo kabèh jemaat ing negara kuwi nerangké, ”Majalah lan wacan bakal disedhiyakké kanggo para penginjil lan wong umum sing seneng nampa, tanpa njaluk utawa nyebutké jumlah dhuwit sing kudu disumbangké bèn isa éntuk wacan kuwi . . . Sapa waé sing péngin, isa nyumbang kanggo mbantu gawéan iki. Ning ora masalah péngin nyumbang utawa ora, wong-wong tetep isa éntuk wacan.” Pengaturan iki nduduhké nèk gawéané awaké dhéwé ditindakké saka lilané ati lan ing bab rohani. Iki bukti sing cetha nèk awaké dhéwé ora ”mburu kabegjan saka pangandikaning Allah” nganggo cara ngedol kuwi. (2 Kr. 2:17) Pengaturan iki wis ditrapké ing akèh cabang ing sakdonya.

16 Piyé carané mènèhi sumbangan? Ing Balé Ibadah Seksi-Seksi Yéhuwah ana kothak sumbangan sing didèlèh ing panggonan mburi. Wong-wong isa nyumbang nèng kono, utawa mènèhké sumbangané langsung nèng salah siji badan hukumé Seksi Yéhuwah. Saben taun ana artikel ing Menara Pengawal sing nerangké cara-cara kanggo mènèhi sumbangan saka lilané ati.

Dana Kuwi Digunakké kanggo Apa?

17-19. Terangna piyé sumbangan sing ditampa digunakké kanggo (a) gawéan sakdonya, (b) mbangun Balé Ibadah sakdonya, lan (c) pengeluaran sidang setempat.

17 Gawéan sakdonya. Dana sing ditampa digunakké kanggo ngragadi gawéan nginjil sakdonya. Klebu ragad kanggo nyétak lan ngirim wacan, mbangun lan ngrumat kantor cabang lan panggonan kanggo anggota Bètel, lan nganakké sekolah-sekolah téokratis. Uga kanggo para utusan injil, pinituwa wilayah, lan perintis istiméwa. Sakliyané kuwi, dana digunakké kanggo mbantu para sedulur sing kena bencana. d

18 Mbangun Balé Ibadah sakdonya. Dana digunakké kanggo mbantu akèh jemaat mbangun utawa ndandani Balé Ibadah. Senajan akèh sumbangan wis ditampa, ning isih luwih akèh manèh sumbangan sing dibutuhké kanggo mbantu jemaat liyané. e

19 Kas jemaat (Pengeluaran sidang setempat). Dana digunakké kanggo ngragadi lan ngrumat Balé Ibadah. Para pinituwa isa ngusulké supaya sebagéan dana dikirimké nèng kantor cabang ing negarané kanggo ngragadi gawéan nginjil sakdonya. Mula para pinituwa bakal ngumumké résolusi marang jemaat. Nèk disetujoni, dana kuwi bakal dikirimké nèng kantor cabang. Saben sasi, sedulur sing ngurusi keuangan jemaat bakal nyiapké laporan keuangan kanggo diwacakké ing jemaat.

20. Piyé panjenengan isa ngluhurké Yéhuwah nganggo ’bandhané’ panjenengan?

20 Nèk mikirké upaya sing wis ditindakké kanggo martakké Kratoné Allah ing sakdonya lan upaya kanggo ndadèkké wong-wong muridé Yésus, awaké dhéwé saya péngin ngluhurké Yéhuwah ’kalawan bandhané’ awaké dhéwé. (WB. 3:9, 10) Bandha kuwi klebu kekuwatan fisik, pikiran, lan rohani kanggo ngupaya sak isa-isané martakké Kratoné Allah. Élinga uga nèk awaké dhéwé isa ndhukung Kratoné Allah nganggo dhuwit. Muga-muga awaké dhéwé nduwé tékad mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. Sumbangan saka lilané ati bukti nèk awaké dhéwé ngajèni Yéhuwah lan ndhukung Kratoné Sang Mèsih.

a The Watch Tower 15 Juli 1915, kaca 218-219.

b The Watch Tower 1 Agustus 1899, kaca 201.

c Ana pakar sing kandha nèk tembung Yunani ”rilaning atiné” maksudé ”wis diputuské dhisik”. Dhèwèké uga kandha, ”Senajan langsung ngekèki sumbangan kuwi isa marahi seneng, ning kuwi kudu tetep direncanakké lan ajeg ditindakké.”​—1 Kr. 16:2.

d Deloken Bab 20 kanggo katrangan luwih akèh bab bantuan kemanusiaan.

e Deloken Bab 19 kanggo katrangan bab pembangunan Balé Ibadah.