Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 16

Ngumpul Bareng kanggo Ngibadah

Ngumpul Bareng kanggo Ngibadah

INTINÉ BAB IKI

Nggatèkké kemajuan lan pentingé pakumpulan ibadah

1. Apa sing ditampa para murid wektu ngumpul bareng, lan ngapa para murid mbutuhké kuwi?

 ORA suwé sakwisé Yésus diuripké manèh, para murid ngumpul bareng kanggo nguwatké siji lan sijiné. Ning, murid-murid ngancing lawangé merga wedi karo wong-wong sing nentang. Rasa wediné mesthiné ilang wektu Yésus teka ing tengah-tengahé para murid, lan kandha, ”Padha nampanana Roh Suci.” (Wacanen Yokanan 20:19-22.) Sakwisé kuwi, para murid ngumpul manèh, lan Yéhuwah maringi roh suciné marang para murid. Gedhé banget kekuwatan sing ditampa kanggo nindakké gawéan nginjil.​—PR. 2:1-7.

2. (a) Piyé Yéhuwah maringi kekuwatan marang umaté, lan ngapa awaké dhéwé butuh kekuwatan kuwi? (b) Apa sebabé Ibadah Sakeluarga penting banget? (Deloken cathetan lan kothak ” Ibadah Sakeluarga”, kaca 175.)

2 Saiki, awaké dhéwé uga ngadhepi tantangan sing padha kaya para sedulur ing abad kapisan. (1 Pt. 5:9) Kadhang, ana sing wedi karo manungsa, lan awaké dhéwé butuh kekuwatan saka Yéhuwah bèn isa terus nginjil. (Éf. 6:10) Yéhuwah maringi kekuwatan liwat pakumpulan ibadah. Ana rong pakumpulan ibadah, sing kapisan, yaiku Ceramah Umum lan Sinau Warta Penting. Sing kapindho, yaiku pakumpulan ibadah sakliyané dina Setu utawa Minggu, sing disebut Urip lan Nginjilé Wong Kristen. a Saben taun awaké dhéwé uga nekani patang acara, yaiku kebaktian gabungan wilayah, rong kebaktian sawilayah, lan Pèngetan sédané Yésus. Ngapa teka nèng kabèh pakumpulan ibadah kuwi penting banget? Piyé pakumpulan ibadah ing jaman modhèren saya maju? Lan, tanggepané awaké dhéwé marang pakumpulan ibadah nduduhké apa?

Ngapa Kudu Ngibadah Bareng?

3, 4. Apa préntahé Yéhuwah kanggo umaté? Wènèhana conto.

3 Wiwit mbiyèn, Yéhuwah mréntahké supaya umaté ngumpul bareng kanggo ngibadah. Contoné ing taun 1513 SM, Yéhuwah maringi Hukumé marang bangsa Israèl. Hukum kuwi klebu Sabat saben minggu bèn saben keluarga isa ngibadah marang Yéhuwah lan diwulang Hukumé. (PT. 5:12; 6:4-9) Wektu manut préntah kuwi, keluarga-keluarga isa kuwat, lan sakbangsa isa nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah. Ning, wektu ora ngetrapké Hukum lan ora ajeg ngibadah, bangsa kuwi ora éntuk pangayomané Yéhuwah.​—Km. 10:11; 26:31-35; 2 Bb. 36:20, 21.

4 Gatèkna tuladhané Yésus. Yésus nduwé kebiyasaan lunga nèng papan pangibadah saben minggu pas dina Sabat. (Lk. 4:16) Sakwisé Yésus séda lan diuripké manèh, murid-muridé niru kebiyasaané Yésus kanggo ajeg ngumpul bareng, senajan hukum Sabat wis ora dinggo manèh. (PR. 1:6, 12-14; 2:1-4; Rm. 14:5; Kl. 2:13, 14) Ing pakumpulan-pakumpulan kuwi, wong Kristen abad kapisan ora mung nampa piwulang lan nguwatké siji lan sijiné, ning uga muji Yéhuwah liwat donga, urun rembug, lan lagu.​—Kl. 3:16; Ib. 13:15.

Murid-muridé Yésus ngumpul bareng kanggo nguwatké siji lan sijiné

5. Ngapa awaké dhéwé teka ing pakumpulan ibadah lan kebaktian? (Deloken kothak ” Kebaktian sing Ngrukunké Umaté Allah”, kaca 176.)

5 Semono uga, wektu teka ing pakumpulan ibadah lan kebaktian, awaké dhéwé mbuktèkké nèk ndhukung Kratoné Allah, nampa kekuwatan saka roh suci, lan nguwatké iman siji lan sijiné. Sing luwih penting, awaké dhéwé isa ngibadah marang Yéhuwah liwat donga, urun rembug, lan lagu. Pancèn, carané pakumpulan ibadah saiki diatur béda karo pakumpulan ibadahé wong Israèl lan wong Kristen abad kapisan, ning pakumpulan kuwi padha pentingé. Piyé pakumpulan ibadah jaman modhèren saya maju?

Pakumpulan Ibadah sing Nguwatké Katresnan lan Kabecikan

6, 7. (a) Apa tujuané pakumpulan ibadah? (b) Apa buktiné nèk pakumpulan ibadah ing saben kelompok Siswa-Siswa Alkitab béda-béda?

6 Wektu Sedulur Charles Taze Russell mulai nggolèk wulangan sing bener saka Alkitab, dhèwèké ngerti pentingé ngumpul bareng karo wong liya sing nduwé tujuan sing padha. Taun 1879, Russell nulis, ”Aku lan kanca-kancaku ing Pittsburgh, ngatur lan nganakké kelas kanggo nliti Alkitab saben dina Minggu.” Wong-wong sing maca Zion’s Watch Tower dikongkon kanggo ngumpul bareng. Ing taun 1881, pakumpulan ibadah dianakké ing Pittsburgh, Pennsylvania saben dina Minggu lan Rebo. Majalah Watch Tower November 1895 kandha nèk tujuan pakumpulan ibadah kuwi yaiku kanggo nguwatké ”paseduluran, katresnan, lan kerukunan Kristen” uga ngekèki kesempatan sing teka kanggo nguwatké siji lan sijiné.​—Wacanen Ibrani 10:24, 25.

7 Nganti pirang-pirang taun, cara lan sepira kerepé pakumpulan ibadah saben kelompok Siswa-Siswa Alkitab kuwi béda-béda. Contoné, surat saka kelompok ing Amerika Serikat sing diwetokké taun 1911 kandha, ”Aku kabèh nganakké pakumpulan ibadah ping lima saben minggu.” Kelompok kuwi ngumpul ing dina Senèn, Rebo, Jumat, lan ping pindho ing dina Minggu. Surat liyané saka kelompok ing Afrika sing diwetokké taun 1914 kandha, ”Nèng kéné pakumpulan ibadah dianakké sesasi ping pindho, mulai dina Jumat nganti Minggu.” Ning akiré, pakumpulan ibadah sing kaya saiki mulai ana. Gatèkna sejarah singkat saben pakumpulan ibadah.

8. Apa contoné bab sing dirembug ing ceramah umum Alkitab?

8 Ceramah Umum. Sedulur Russell mènèhi conto kanggo acara Ceramah Umum. Ing taun 1880, setaun sakwisé majalah Zion’s Watch Tower dicétak, dhèwèké wis lunga nèng kutha-kutha liya kanggo martakké Injil, kaya sing ditindakké Yésus. (Lk. 4:43) Majalah Watch Tower ngumumké perjalanané Russell lan kandha nèk Russell ”seneng ngekèki ceramah umum Alkitab marang wong akèh bab ’Topik-topik sing ana hubungané karo Kratoné Allah’”. Taun 1911, sakwisé kelas utawa jemaat madeg ing akèh negara, saben kelas dikongkon ngutus sedulur sing cocog kanggo lunga ing dhaérah sekitaré lan mènèhi ceramah saka enem ceramah sing ngrembug akèh bab, contoné bab paukuman lan tebusan. Ing pungkasané ceramah, jenengé sing ceramah lan judhul ceramah kanggo minggu sésuké diumumké.

9. Ana owah-owahan apa bab Ceramah Umum, lan piyé carané panjenengan ndhukung kuwi?

9 Taun 1945, The Watchtower ngumumké dimulainé nginjil kusus kanggo Ceramah Umum ing sakdonya. Wolung ceramah Alkitab bab ”masalah-masalah penting saiki”, wis diwartakké. Nganti puluhan taun, para sedulur sing ceramah nggunakké ora mung topik saka abdi sing setya, ning uga nggunakké ceramah sing digawé dhéwé. Ing taun 1981, kabèh sedulur sing ceramah dikèki tuntunan bèn ceramah nggunakké rancangané ceramah sing wis disedhiyakké kanggo jemaat. b Nganti taun 1990, ana rancangan ceramah umum sing isih nganggo urun rembug utawa wulangan sing dilakonké. Ning mulai taun kuwi, ceramah umum mung ceramah waé. Ing sasi Januari 2008, wektuné ceramah umum sing mauné 45 menit diowahi dadi 30 menit. Senajan wis malih, ceramah-ceramah umum sing wis disiyapké kanthi apik terus nguwatké iman marang Alkitab lan ndhidhik awaké dhéwé bab Kratoné Allah. (1 Tm. 4:13, 16) Apa panjenengan semangat ngundang wong-wong sing wis nampa wacan lan wong liya kanggo ngrungokké ceramah Alkitab sing penting kuwi?

10-12. (a) Ana owah-owahan apa waé ing Sinau Warta Penting? (b) Pitakonan apa sing isa awaké dhéwé pikirké?

10 Sinau Warta Penting. Taun 1922, para sedulur sing diutus Lembaga Menara Pengawal kanggo mènèhi ceramah nèng jemaat-jemaat lan ngarahké gawéan nginjil, ngekèki saran supaya ana pakumpulan ibadah sing kusus ngrembug majalah Warta Penting. Saran kuwi ditrapké, lan awalé ditindakké ing pertengahan minggu utawa pas dina Minggu.

Sinau Warta Penting, Ghana, 1931

11 Majalah Watchtower 15 Juni 1932 mènèhi tuntunan manèh bab carané pakumpulan ibadah dianakké. Artikel kuwi nggunakké conto rembugan kaya sing ditindakké ing Bètel. Sing mimpin kudu sedulur lanang, lan telung sedulur lanang isa lungguh nèng ngarep lan gentènan macakké paragrafé. Artikel-artikel wektu kuwi ora ana pitakonané. Mula, pemandhuné dikandhani supaya ngongkon sing teka kanggo mènèhi pitakonan bab topik sing dirembug. Sakwisé kuwi, pemandhu bakal njaluk sing teka njawab pitakonan kuwi. Nèk ana katrangan tambahan, pemandhuné dikon mènèhi katrangan sing ”singkat lan sak perluné”.

12 Mauné, saben jemaat éntuk milih dhéwé terbitan majalah sing péngin disinaoni akèh sedulur. Ning, majalah Watchtower 15 April 1933 mènèhi saran supaya kabèh jemaat nggunakké terbitan sing paling anyar. Taun 1937, ana tuntunan nèk sinau Warta Penting kudu dianakké pas dina Minggu. Sakwisé owah-owahan sing dikandhakké ing majalah Watchtower 1 Oktober 1942 ditrapké, sinau Warta Penting dadi padha kaya saiki. Sing kapisan, majalah kuwi ngumumké nèk pitakonan bakal metu ing ngisor saben halaman artikel wulangan, lan pitakonan kuwi kudu digunakké. Terus, majalah kuwi uga kandha nèk sinau Warta Penting suwéné mung sakjam, lan sing teka dikon urun rembug nganggo ”omongané dhéwé”, ora mung maca saka paragrafé. Nganti saiki, Sinau Warta Penting iki dadi sarana utama sing digunakké abdi sing setya kanggo mènèhi pangan rohani ing wektu sing pas. (Mt. 24:45) Awaké dhéwé isa mikir, ’Apa aku persiyapan kanggo sinau Warta Penting saben minggu? Lan, apa aku ngupaya urun rembug?’

13, 14. Ana owah-owahan apa waé bab Sinau Alkitab Jemaat, lan apa sing panjenengan rasakké bab pakumpulan ibadah iki?

13 Sinau Alkitab Jemaat. Ing pertengahan taun 1890-an, sakwisé jilid-jilid buku Millennial Dawn diwetokké, Sedulur H. N. Rahn, salah siji Siswa Alkitab sing manggon ing kutha Baltimore, Maryland, AS, mènèhi saran supaya dianakké ”Dawn Circles” (Kelas Fajar) kanggo sinau Alkitab. Mauné, kanggo nyoba dhisik, pakumpulan kuwi kerep dianakké ing omah-omah. Ning ing sasi September 1895, Kelas Fajar dianakké nèng akèh kutha ing Amerika Serikat. Mula, majalah Watch Tower sasi kuwi ngekèki saran supaya kabèh siswa Alkitab nganakké pakumpulan ibadah kaya ngono, lan sing mandhu kudu sedulur sing pinter maca. Pemandhuné kudu maca sakalimat ing paragraf terus nunggu sing teka urun rembug. Sakwisé saben kalimat ing paragraf diwaca lan dirembug, dhèwèké bakal mbukak lan maca ayat-ayat sing dicuplik. Ing pungkasané bab sing dirembug kuwi, saben wong sing teka bakal mènèhi kesimpulan singkat bab topik sing wis dirembug.

14 Jeneng pertemuan kuwi wis malih ping bola-bali. Pertemuan kuwi tau disebut Kelas Béréa kanggo Sinau Alkitab, kuwi niru wong-wong Béréa ing abad kapisan sing sregep nliti Alkitab. (PR. 17:11) Terus, jenengé diganti dadi Pelajaran Buku Sidang. Saiki disebut Pelajaran Alkitab Sidang utawa Sinau Alkitab Jemaat. Pertemuan iki ora dianakké ing omah-omah manèh ning dianakké ing Balé Ibadah. Wis puluhan taun, ana akèh buku, brosur, lan artikel Menara Pengawal wis digunakké dadi bahan kanggo sinau. Nganti saiki, kabèh sing teka diundang kanggo urun rembug. Pakumpulan kuwi wis mbantu awaké dhéwé nduwé pangertèn Alkitab sing luwih cetha. Apa panjenengan ngupaya nggawé persiyapan lan sak isa-isané urun rembug ing pakumpulan ibadah?

15. Sekolah kanggo Mulang Alkitab dirancang kanggo apa?

15 Sekolah kanggo Mulang Alkitab. Sedulur Carey Barber sing ngabdi ing kantor pusat Brooklyn, New York kandha, ”Dina Senèn bengi tanggal 16 Februari 1942 kabèh sedulur lanang sing dadi anggota Bètel Brooklyn diundang ndaftar sekolah sing saiki disebut Sekolah kanggo Mulang Alkitab.” Sedulur Barber, sing akiré dadi anggota Pengurus Pusat nerangké nèk sekolah iki ”salah siji kemajuan sing apik banget sing nduduhké carané Yéhuwah mimpin umaté ing jaman modhèren”. Sekolah iki wis suksès mbantu para sedulur dadi luwih trampil mulang lan nginjil wiwit taun 1943, brosur Course in Theocratic Ministry (Kursus Sekolah Téokratis) mulai disedhiyakké kanggo jemaat-jemaat ing sakdonya. Majalah Watchtower 1 Juni 1943 kandha nèk Sekolah kanggo Mulang Alkitab dirancang kanggo mbantu umaté Allah ”dadi Seksi sing luwih trampil martakké Injil Kratoné Allah”.​—2 Tm. 2:15.

16, 17. Apa Sekolah kanggo Mulang Alkitab mung ngajari bèn luwih trampil? Terangna.

16 Mauné, akèh sing ngrasa angèl ceramah nèng ngarepé wong akèh. Sedulur Clayton Woodworth, Jr., sing bapaké tau dipenjara bareng Sedulur Rutherford lan sedulur liyané ing taun 1918, ngéling-éling rasané wektu sepisanan mèlu sekolah kuwi ing taun 1943. Dhèwèké kandha, ”Kanggoku, mènèhi ceramah kuwi angèl banget. Ilatku kayané tambah dawa, lambéku garing, lan swaraku ora karuwan.” Ning wektu Sedulur Clayton luwih trampil, dhèwèké nampa tugas istiméwa kanggo mènèhi ceramah umum. Sekolah kuwi ora mung ngajari bèn luwih trampil, ning uga mbantu dhèwèké saya andhap asor lan ngendelké Yéhuwah. Dhèwèké kandha, ”Aku dadi sadhar nèk sapa sing ceramah kuwi ora penting. Nèk dhèwèké persiyapan tenanan lan ngendelké Yéhuwah, dhèwèké bakal mènèhi ceramah sing apik lan sing teka bakal éntuk piwulang sing apik.”

17 Ing taun 1959, kabèh sedulur wadon uga diundang kanggo mèlu sekolah iki. Sedulur Edna Bauer isih éling suasanané kebaktian pas pengumuman kuwi digawé. Dhèwèké cerita, ”Para sedulur wadon seneng banget merga saiki nduwé kesempatan kanggo dilatih.” Nganti pirang-pirang taun, akèh sedulur lanang lan wadon wis mèlu Sekolah kanggo Mulang Alkitab, lan diwulang Yéhuwah. Saiki, awaké dhéwé terus nampa pelatihan iki liwat pakumpulan ibadah Urip lan Nginjilé Wong Kristen.​—Wacanen Yésaya 54:13.

18, 19. (a) Saiki, piyé awaké dhéwé nampa tuntunan sing apik kanggo nginjil? (b) Ngapa awaké dhéwé nyanyi ing pakumpulan ibadah? (Deloken kothak ” Nyanyi kanggo Yéhuwah”.)

18 Piwulang kanggo Nginjil (Perhimpunan Dinas). Wiwit taun 1919, pakumpulan ibadah dianakké kanggo ngarahké gawéan nginjil. Wektu kuwi, ora kabèh sedulur teka ing pakumpulan ibadah iki, sing teka mung para sedulur sing nyiarké wacan. Saksuwéné taun 1923, Perhimpunan Dinas dianakké sesasi pisan lan kabèh sakjemaat kudu teka. Ing taun 1928, saben jemaat dikongkon nganakké Perhimpunan Dinas seminggu pisan, lan ing taun 1935 majalah The Watchtower ngongkon kabèh jemaat kanggo nganakké Perhimpunan Dinas sing dhasaré katrangan sing dicétak ing Director (akiré disebut Informant terus diganti dadi Pelayanan Kerajaan Kita). Ora let suwé, pakumpulan ibadah iki dadi bagéan sing ajeg ditindakké saben jemaat.

19 Saiki, awaké dhéwé nampa tuntunan sing apik kanggo nginjil ing pakumpulan ibadah Urip lan Nginjilé Wong Kristen. (Mt. 10:5-13) Nèk panjenengan wis netepi syarat éntuk jadwal kagiyatan, apa panjenengan nyinaoni lan ngetrapké wulangané wektu nginjil?

Pertemuan Paling Penting Saben Taun

Wiwit abad kapisan M, wong-wong Kristen ngumpul bareng saben taun kanggo mèngeti sédané Yésus (Deloken paragraf 20)

20-22. (a) Ngapa awaké dhéwé mèngeti sédané Yésus? (b) Apa paédahé kanggo panjenengan teka ing acara Pèngetan saben taun?

20 Yésus ngongkon murid-muridé mèngeti sédané nganti Yésus rawuh. Kaya riyaya Paskah, Pèngetan sédané Yésus ditindakké setaun pisan. (1 Kr. 11:23-26) Jutaan wong nekani pakumpulan ibadah iki saben taun. Iki ngélingké wong Kristen sing dipilih munggah swarga bab kaurmatan kanggo mréntah bareng Yésus. (Rm. 8:17) Pakumpulan ibadah iki uga mbantu wedhus liyané saya ngajèni lan péngin terus setya karo Raja Kratoné Allah.​—Yo. 10:16.

21 Sedulur Russell lan kanca-kancané ngerti pentingé mèngeti sédané Yésus, lan ngerti nèk kuwi dianakké mung setaun pisan. Majalah Watch Tower April 1880 kandha, ”Wis dadi kebiyasaanku lan para sedulur ing Pittsburgh kanggo . . . mèngeti Paskah [Pèngetan] lan mangan roti lan anggur sing nglambangké badan lan getihé Yésus. Lan kuwi wis ditindakké pirang-pirang taun iki.” Ora let suwé, kebaktian-kebaktian dianakké bareng karo Pèngetan. Laporan sing kapisan bab acara iki yaiku taun 1889, lan ana 225 sing teka uga 22 sing dibaptis.

22 Saiki, acara Pèngetan ora dianakké bareng karo kebaktian. Ning, awaké dhéwé tetep ngundang akèh wong kanggo teka ing Balé Ibadah utawa gedhung sing diséwa. Ing taun 2013, ana luwih saka 19 yuta wong mèngeti sédané Yésus. Bener-bener kaurmatan gedhé, merga awaké dhéwé ora mung teka ing Pèngetan, ning uga ngundang wong liya teka ing wengi paling suci kuwi. Apa panjenengan semangat ngundang sak akèh-akèhé wong kanggo teka ing acara Pèngetan saben taun?

Tanggepané Awaké Dhéwé Nduduhké Apa?

23. Piyé pandhangané panjenengan bab pakumpulan ibadah?

23 Abdiné Yéhuwah sing setya ora nganggep préntah kanggo teka ing pakumpulan ibadah dadi beban. (Ib. 10:24, 25; 1 Yo. 5:3) Contoné Raja Dawud sing seneng banget teka nèng padalemané Yéhuwah kanggo ngibadah. (Ms. 27:4) Dawud utamané seneng ngibadah bareng karo wong-wong sing nresnani Allah. (Ms. 35:18) Lan pikirna bab tuladhané Yésus. Wiwit enom, Yésus nduwé pepénginan gedhé ana nèng padalemané Bapaké kanggo ngibadah.​—Lk. 2:41-49.

Pepénginan kanggo ngumpul bareng kuwi nduduhké sepira nyatané Kratoné Allah kanggo awaké dhéwé

24. Wektu awaké dhéwé teka ing pakumpulan ibadah, kuwi nduduhké apa?

24 Wektu teka ing pakumpulan ibadah, awaké dhéwé nduduhké katresnan marang Yéhuwah lan péngin nguwatké sedulur seiman. Nèk teka ing pakumpulan ibadah lan kebaktian, awaké dhéwé mbuktèkké nèk péngin dilatih kanggo dadi rakyat Kratoné Allah lan dadi penginjil sing luwih trampil. Sakliyané kuwi, pakumpulan ibadah mènèhi kekuwatan lan ketrampilan sing dibutuhké kanggo nindakké kagiyatan sing paling penting saiki, yaiku gawéan mulang lan nggawé wong dadi muridé Sang Raja Yésus. (Wacanen Matéus 28:19, 20.) Dadi, pepénginan kanggo ngumpul bareng kuwi nduduhké sepira nyatané Kratoné Allah kanggo awaké dhéwé. Muga-muga awaké dhéwé terus ngajèni pakumpulan ibadah.

a Sakliyané pakumpulan ibadah kuwi, saben keluarga utawa saben wong dikon nyedhiyakké wektu kanggo nganakké ibadah sakeluarga utawa sinau Alkitab dhéwé.

b Ing taun 2013, ana luwih saka 180 rancangan ceramah umum Alkitab.