Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Surat saka Pengurus Pusat

Surat saka Pengurus Pusat

Para Penginjil Kratoné Allah sing Taktresnani,

BAYANGNA panjenengan dadi anggota keluarga Bètel Brooklyn. Ésuk kuwi, dina Jumat tanggal 2 Oktober 1914, panjenengan lagi lungguh nèng kursi, arep sarapan. Kabèh lagi nunggu Sedulur C. T. Russell teka. Ngerti-ngerti lawangé ruang makan mbukak lan Sedulur Russell mlebu. Kaya biyasané, dhèwèké mandheg sedhéla. Terus ngomong karo sumringah, ”Sugeng énjang, para sedulur.” Ning, ora langsung lungguh, Sedulur Russell malah keplok-keplok terus ngumumké warta sing nyenengké iki, ”Jamané Wong Kafir wis rampung, lan wektu kanggo raja-rajané wis entèk.” Panjenengan dadi seneng banget, merga wis suwé ngentèni iki. Bebarengan karo anggota keluarga Bètel liyané, panjenengan keplok-keplok karo semangat.

Puluhan taun sakwisé Sedulur Russell ngumumké warta sing nyenengké iki, akèh banget sing wis ditindakké Kratoné Allah. Taun 1914, umaté Gusti Allah jumlahé mung pirang-pirang éwu, ning saiki wis luwih saka pitung setengah yuta wong. Liwat Kratoné, Yéhuwah wis nglatih lan nggawé murni umaté. Ing bab apa waé panjenengan éntuk paédah saka pelatihan kuwi?

Saiki awaké dhéwé kerep krungu ana sedulur sing kandha, ”Kréta surgawiné Yéhuwah lagi mlaku!” lan kuwi pancèn bener. Ning, nèk panjenengan nggatèkké tenanan wektu maca buku iki, kréta surgawiné Yéhuwah sing nggambarké bagéan saka pakumpulané Yéhuwah sing ora kétok, terus mlaku cepet banget wiwit taun 1914. Supaya kabar apik isa diwartakké nganti saklumahing bumi, para penginjil Kratoné Allah nggunakké akèh cara, contoné nginjil nganggo plakat, koran, pertunjukan gambar, kertu kanggo nginjil, fonograf, radhio, malah uga Internèt.

Merga berkahé Yéhuwah, awaké dhéwé saiki isa nyétak wacan Alkitab sing apik ing luwih saka 670 basa, lan kuwi ditawakké gratis kanggo kabèh wong. Ana sedulur-sedulur sing lila mèlu mbangun Balé Ibadah, Balé Kebaktian, lan fasilitas cabang ing negara sing makmur lan sing sumber dayané kurang. Terus wektu ana bencana alam, sedulur-sedulur sing nresnani cepet-cepet mbantu wong-wong sing ana ing dhaérah bencana, kuwi mbuktèkké nèk sedulur-sedulur kuwi ”dadi sadulur ing sajroning kasusahan”.—WB. 17:17.

Kadhang kala, pemimpin agama lan wong-wong liya sing nentang padha ngrancang ”bilai adhedhasar katetepan”. Ning, imané awaké dhéwé mesthi saya dikuwatké merga ngerti ping bola-bali, nèk upaya-upaya kuwi malah ”ndadèkaké kamajuaning Injil”.—Ms. 94:20; Fp. 1:12.

Bener-bener pakurmatan gedhé isa kerja bareng karo panjenengan ”abdi-abdi liyané”. Panjenengan kudu ngerti nèk sedulur-sedulur anggota Pengurus Pusat bener-bener tresna karo panjenengan. Muga-muga wacan iki isa nggawé panjenengan saya ngajèni warisan rohaniné panjenengan luwih saka sakdurungé.—Mt. 24:45, Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan [BJP].

Salam katresnanku,

Sedulur-sedulurmu,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah