Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 14

Gagasan Utama Diterangké

Gagasan Utama Diterangké

Ibrani 8:1

RINGKESAN: Sing ngrungokké dibantu bèn nggatèkké ceramah lan ngerti hubungané gagasan utama karo tujuan lan topiké ceramah.

CARANÉ:

  • Nduwé tujuan. Pikirna tujuan ceramahé awaké dhéwé. Apa ceramah kuwi kanggo ngekèki informasi, nyemangati, utawa nggawé wong liya yakin karo topik sing dirembug? Kabèh penjelasan lan gagasan utamané kudu cocog karo tujuané awaké dhéwé.

  • Topik ceramah kudu jelas. Awaké dhéwé isa nyebutké manèh kata kunci sing ana hubungané karo topiké utawa kata liya sing artiné padha karo kata kunci kuwi.

  • Gagasan utama kudu jelas lan sederhana. Aja kakèhan gagasan utama. Gunakna mung gagasan utama sing cocog karo topiké bèn isa tepat waktu. Kudu cetha wektu njelaské, lan aja cepet-cepet ganti gagasan. Gagasan utama sing dijelaské kudu cocog karo gagasan utama sakterusé.