Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 15

Kudu Yakin

Kudu Yakin

1 Tésalonika 1:5

RINGKESAN: Duduhna nèk awaké dhéwé yakin karo sing diomongké lan yakin nèk kuwi ana manfaaté.

CARANÉ:

  • Persiapan. Awaké dhéwé kudu ngerti gagasan utamané lan dhasar Alkitabé. Gunakna kata-kata sing sederhana. Pikirna manfaaté topik kuwi kanggo sing ngrungokké. Awaké dhéwé ya kudu ndonga njaluk roh suciné Yéhuwah.

  • Gunakna kata-kata sing cocog. Gunakna kata-katané dhéwé. Aja mung maca tèks. Duduhna nèk awaké dhéwé yakin karo sing diomongké.

  • Yakin wektu ngomong. Omonga nganggo volume swara sing pas. Awaké dhéwé ya kudu ndelok sing ngrungokké.