Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 16

Omongan sing Nguwatké

Omongan sing Nguwatké

Ayub 16:5

RINGKESAN: Aja kakèhan ngrembug masalah ning terangna carané ngatasi masalah kuwi, lan pikirna carané nyemangati sing ngrungokké.

CARANÉ:

  • Mikir sing apik soal wong sing ngrungokké. Awaké dhéwé kudu percaya nèk para sedulur mesthi ngupaya nyenengké Yéhuwah. Awaké dhéwé ya tetep kudu ngalem dhisik sakdurungé ngekèki naséhat.

  • Aja kakèhan ngrembug masalah. Masalah sing diadhepi wong-wong isa disebutké nèk ana hubungané karo topik sing dirembug. Omongané awaké dhéwé kudu terus nguwatké wong sing ngrungokké.

  • Nggunakké Alkitab. Critakna sing wis ditindakké, lagi ditindakké, lan arep ditindakké Yéhuwah kanggo manungsa. Awaké dhéwé kudu nyemangati sing ngrungokké bèn tetep setya.