Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 18

Ana Manfaaté

Ana Manfaaté

1 Korintus 9:19-23

RINGKESAN: Mbantu sing ngrungokké bèn isa mikirké topiké lan ngerti manfaaté.

CARANÉ:

  • Mikirké apa sing wis dipahami wong sing ngrungokké. Aja mung mbalèni penjelasan sing wis dipahami wong sing ngrungokké. Awaké dhéwé isa nyampèkké topiké luwih cetha manèh.

  • Persiapan. Awaké dhéwé isa ngekèki katrangan sing mungkin durung dingertèni wong akèh utawa berita sing paling anyar. Ning, kuwi kudu ana hubungané karo topik sing dirembug.

  • Duduhna manfaaté topik kuwi. Terangna manfaaté ngetrapké ayat sing dirembug. Rembugen ing keadaan apa waé kuwi isa ditrapké wong sing ngrungokké.