Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 19

Mbantu Bèn Gelem Ngetrapké

Mbantu Bèn Gelem Ngetrapké

Wulang Bebasan 3:1

RINGKESAN: Mbantu sing ngrungokké bèn ngerti manfaaté topik sing dirembug lan gelem ngetrapké.

CARANÉ:

  • Mbantu sing ngrungokké nggawé pemeriksaan diri. Gunakna pitakonan bèn sing ngrungokké nggawé pemeriksaan diri.

  • Mbantu sing ngrungokké bèn nduwé alesan sing bener. Ajaken sing ngrungokké mikirké alesané nindakké sing bener, yaiku merga nresnani Yéhuwah, nresnani wong liya, lan péngin ngetrapké Alkitab. Wektu njelaské manfaaté ngetrapké Alkitab, aja meksa lan nggawé sing ngrungokké dadi isin utawa rumangsa salah. Dhèwèké malah kudu disemangati bèn gelem ngetrapké.

  • Mbantu sing ngrungokké bèn nresnani Yéhuwah. Duduhna sipat-sipaté Yéhuwah sing kétok saka ajaran, pathokan, lan prentahé. Sing ngrungokké disemangati bèn péngin nyenengké lan mikirké perasaané Yéhuwah.