Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 2

Wajar

Wajar

2 Korintus 2:17

RINGKESAN: Kudu wajar wektu ngomong bèn wong liya ngerti nèk awaké dhéwé tulus lan perduli.

CARANÉ:

  • Ndonga lan persiapan. Kudu ndonga bèn isa lancar wektu nyampèkké topiké. Pikirna gagasan utamané. Aja mung ngapalké, ning kudu ngupaya ngomong nganggo kata-katané dhéwé.

  • Kudu tulus. Pikirna manfaaté topik kuwi kanggo sing ngrungokké. Perasaané awaké dhéwé isa kétok saka wajah lan gerakané awaké dhéwé.

  • Ndelok sing dijak omong. Awaké dhéwé kudu ndelok wong sing dijak omong. Wektu nyampèkké ceramah, aja mung ndelok sekilas kabèh sing teka, ning isa ndelok siji-siji.