Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 20

Bagéan Penutup sing Cocog

Bagéan Penutup sing Cocog

Kohèlèt 12:13, 14

RINGKESAN: Ing bagéan penutup, awaké dhéwé isa nyemangati wong sing ngrungokké bèn gelem ngetrapké topik sing wis dirembug.

CARANÉ:

  • Kudu cocog karo topiké. Ing bagéan penutup, awaké dhéwé isa mbalèni manèh topik lan gagasan utama sing wis dirembug.

  • Nyemangati sing ngrungokké. Terangna apa waé sing kudu ditrapké lan alesané. Awaké dhéwé kudu yakin wektu nerangké.

  • Nggunakké kalimat sing singkat lan sederhana. Senajan isih ana hubungané karo topiké, aja ngrembug gagasan sing anyar manèh. Gunakna kalimat singkat sing isa nyemangati wong liya bèn gelem ngetrapké.