Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 4

Nggunakké Ayat Alkitab

Nggunakké Ayat Alkitab

Matius 22:41-45

RINGKESAN: Kudu ana kata pengantar sakdurungé macakké ayat.

CARANÉ:

  • Terangna alesané macakké ayat. Wektu arep macakké ayat, awaké dhéwé isa mbantu sing ngrungokké bèn ngerti hubungané ayat kuwi karo topik sing dirembug.

  • Duduhna nèk penjelasané awaké dhéwé saka Alkitab. Wektu ngomong karo wong sing percaya karo Gusti Allah, wacakna Alkitab bèn wong kuwi ngerti pandhangané Gusti Allah.

  • Duduhna manfaaté ayat sing diwaca. Gunakna pitakonan sing jawabané ana ing ayat sing arep diwaca, sebutna masalah sing jalan keluaré ana ing ayat kuwi, utawa terangna pathokan Alkitab sing ana ing ayat kuwi.