Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 6

Nerangké Ayat Alkitab

Nerangké Ayat Alkitab

Yohanes 10:33-36

RINGKESAN: Aja mung macakké ayat ning ora dijelaské maksudé. Terangna hubungané ayat sing diwaca karo topik sing lagi dirembug.

CARANÉ:

  • Nggunakké kata kunci. Sakwisé macakké ayat, duduhna kata kunci ing ayat kuwi sing ana hubungané karo gagasan utamané. Awaké dhéwé isa nyebutké manèh kata kunciné utawa ngekèki pitakonan bèn wong liya ngerti endi kata kunciné.

  • Nerangké gagasané. Nèk awaké dhéwé njelaské alesané maca ayat sakdurungé ayat kuwi diwacakké, terangna hubungané kata kunci ing ayat kuwi karo alesan mau.

  • Nerangké nganggo cara sing sederhana. Aja ngekèki katrangan sing ora ana hubungané karo topik sing lagi dirembug. Nèk ngerti apa waé sing wis dipahami karo wong sing ngrungokké, awaké dhéwé isa ngerti katrangan apa waé sing kudu ditambahké.