Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 7

Bener lan Isa Dipercaya

Bener lan Isa Dipercaya

Lukas 1:3

RINGKESAN: Gunakna katrangan sing isa dipercaya bèn wong sing ngrungokké nduwé pemahaman sing bener.

CARANÉ:

  • Nggunakké katrangan sing isa dipercaya. Katrangané kudu saka Alkitab. Nèk isa, awaké dhéwé macakké langsung saka Alkitab. Nèk arep nyritakké soal ilmu pengetahuan, berita, pengalaman, utawa katrangan liyané, gunakna katrangan sing paling anyar lan isa dipercaya.

  • Nggunakké katrangan sing cocog. Wektu nerangké ayat, katrangané kudu cocog karo ayat liya, latar belakang ayaté, lan wacan saka ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45) Wektu nggunakké katrangan tambahan sing dudu saka Alkitab, aja nganti béda karo sumberé.

  • Ngrembug katrangan kuwi. Sakwisé maca ayat utawa nyebutké katrangan tambahan, gunakna pitakonan utawa conto bèn sing ngrungokké isa ngerti maksudé.