Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 8

Perumpamaan sing Cocog

Perumpamaan sing Cocog

Matius 13:34, 35

RINGKESAN: Gunakna perumpamaan sing sederhana lan cocog karo topik sing dirembug.

CARANÉ:

  • Nggunakké perumpamaan sing sederhana. Kaya Yésus, gunakna perumpamaan sing sederhana kanggo njelaské topik sing angèl dingertèni. Aja nambahi katrangan sing ora perlu. Perumpamaané kudu cocog karo topik sing dirembug.

  • Milih perumpamaan sing cocog. Gunakna perumpamaan sing cocog karo hobi lan kegiatan saben dinané wong sing ngrungokké. Aja nggunakké perumpamaan sing isa nyinggung perasaané wong liya.

  • Ngrembug sing penting waé. Rembugen bagéan sing penting waé saka perumpamaan kuwi. Aja nganti sing ngrungokké mung éling karo perumpamaané, ning ora ngerti manfaaté kanggo dhèwèké.