Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 9

Nggunakké Gambar lan Video

Nggunakké Gambar lan Video

Purwaning Dumadi 15:5

RINGKESAN: Gunakna gambar lan video bèn sing dirembug dadi luwih jelas lan gampang diéling-éling.

CARANÉ:

  • Nggunakké gambar sing cocog. Gunakna gambar, diagram, péta, garis waktu, utawa liyané bèn sing dirembug dadi luwih jelas. Aja nganti sing ngrungokké mung éling karo gambaré. Awaké dhéwé kudu njelaské manfaaté kanggo dhèwèké.

  • Nyiapké gambaré. Contoné, wektu ceramah ing mimbar, gambar sing digunakké kudu cetha lan isa didelok kabèh sing teka.