Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 9

”Gusti Allah Kuwi Ora Mbédak-mbédakké”

”Gusti Allah Kuwi Ora Mbédak-mbédakké”

Wong dudu Yahudi sing ora disunat mulai nampa kabar apik

Kisah 10:1–11:30

1-3. (a) Pétrus nampa wahyu apa? (b) Ngapa kok awaké dhéwé kudu ngerti artiné wahyu sing didelok Pétrus?

 WEKTU kuwi taun 36 M. Ing Yopa, Pétrus pirang-pirang dina nginep ing omahé Simon sing ana ing cedhak laut. Simon kuwi tukang nggawé bahan saka kulit. Biasané wong Yahudi ngrèmèhké wong sing kerja kaya ngono lan ora gelem nginep ing omahé, tapi Pétrus gelem nginep ing kono. a Kuwi nduduhké nèk Pétrus ora mbédakké-mbédakké wong. Nah, Yéhuwah péngin Pétrus ngerti nèk Yéhuwah ya ora mbédak-mbédakké wong. Mula, wektu awan-awan pas Pétrus ndonga ing ndhuwur omah, Yéhuwah ngajari Pétrus pelajaran sing penting.

2 Wektu lagi ndonga, Pétrus éntuk wahyu. Nèk dicritakké, wahyu kuwi mesthi nggawé wong Yahudi kagèt banget. Wektu kuwi, Pétrus ndelok langit kebukak lan ana kaya kain linèn mudhun. Ing njeroné ana kéwan sing najis menurut hukum Taurat. Pas dikongkon mbelèh lan mangan kéwan-kéwan kuwi, Pétrus ngomong, ”Aku kan ora tau mangan apa sing haram lan najis.” Bar kuwi, Pétrus ping telu dikandhani, ”Nèk Gusti Allah wis nganggep kuwi suci, kowé ora éntuk nganggep kuwi haram manèh.” (Kis. 10:14-16) Pétrus awalé bingung, tapi akhiré Yéhuwah mbantu dhèwèké ngerti maksudé wahyu kuwi.

3 Apa artiné wahyu sing didelok Pétrus? Awaké dhéwé kudu ngerti artiné wahyu kuwi bèn isa nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé isa martakké kabar apik karo kabèh wong. Ayo mbahas peristiwa-peristiwa sing ana hubungané karo wahyu kuwi bèn awaké dhéwé ngerti artiné.

”Rajin Ndonga marang Gusti Allah” (Kis. 10:1-8)

4, 5. Kornélius kuwi sapa, lan pas dhèwèké ndonga ana peristiwa apa?

4 Ing Kaisaréa sing adohé kira-kira 50 kilomèter saka Yopa, ana wong lanang sing jenengé Kornélius. Dhèwèké kuwi perwira pasukan Roma. b Sedina sakdurungé Pétrus nampa wahyu, Kornélius ya nampa wahyu saka Gusti Allah, tapi Pétrus ora ngerti soal kuwi. Kornélius dadi conto sing apik kanggo keluargané, buktiné ing Alkitab disebutké nèk ”keluargané wedi marang Gusti Allah”. Kornélius ora pindhah agama dadi Yahudi. Dhèwèké wong dudu Yahudi sing ora disunat. Tapi, pas ana wong Yahudi sing butuh bantuan, dhèwèké apikan lan gelem mbantu. Kornélius ya ”rajin ndonga marang Gusti Allah”.​—Kis. 10:2.

5 Kira-kira jam telu soré, Kornélius ndonga lan éntuk wahyu. Dhèwèké ndelok malaékat sing kandha, ”Gusti Allah wis ngrungokké donga-dongamu lan nggatèkké nèk kowé wis apikan karo wong mlarat. Kuwi ora bakal dilalèkké karo Gusti Allah.” (Kis. 10:4) Malaékat kuwi ya ngongkon Kornélius nggolèki Pétrus. Kornélius manut karo préntahé malaékat kuwi. Kornélius bakal dadi wong dudu Yahudi sing ora disunat sing pertama kali nampa kabar apik.

6, 7. (a) Critakna pengalamané wong sing ndonga marang Gusti Allah bèn ngerti apa sing bener. (b) Apa kesimpulané saka pengalaman kuwi?

6 Nèk jaman saiki piyé? Apa Gusti Allah njawab dongané wong-wong sing péngin ngerti apa sing bener? Ana pengalaman wong wédok ing Albania. Dhèwèké nampa Menara Pengawal sing mbahas carané ndhidhik anak. c Wong wédok kuwi ngomong karo Seksi Yéhuwah sing teka ing omahé, ”Njenengan ngerti ora? Aku lagi waé ndonga. Aku njaluk karo Gusti Allah bèn dibantu ndhidhik anak-anakku. Éh, jebulé njenengan sing diutus Gusti Allah teka mréné. Aku seneng banget, iki sing bener-bener tak butuhké.” Wong wédok kuwi karo anak-anaké sinau Alkitab. Akhiré, bojoné ya mèlu sinau Alkitab.

7 Apa iki mung kebetulan? Ora. Ing sak donya ana akèh pengalaman kaya ngono. Apa kesimpulané? Pertama, Yéhuwah njawab dongané wong-wong sing péngin ngerti soal Dhèwèké. (1 Raj. 8:41-43; Mzm. 65:2) Keloro, para malaékat ndhukung gawéan nginjil.​—Why. 14:6, 7.

”Pétrus Isih Bingung Apa Artiné Wahyu Kuwi” (Kis. 10:9-23a)

8, 9. Liwat roh suciné, Gusti Allah ngomong apa karo Pétrus, lan piyé tanggepané Pétrus?

8 Pas ing ndhuwur omah, ”Pétrus isih bingung apa artiné wahyu kuwi”. Terus, wong-wong kongkonané Kornélius teka ing omahé Simon. (Kis. 10:17) Pétrus mauné nolak panganan sing dianggep najis karo Hukum Musa. Dadi, apa dhèwèké gelem mèlu ing omahé Kornélius sing dudu wong Yahudi? Terus, Gusti Allah liwat roh suciné ngomong karo Pétrus, ”Ana wong telu sing lagi nggolèki kowé. Mula, ndang mudhuna lan lungaa bareng karo wong-wong kuwi. Kowé ora usah ragu-ragu merga aku sing ngutus wong-wong kuwi.” (Kis. 10:19, 20) Wahyu sing didelok Pétrus mau nggawé Pétrus yakin lan manut karo arahané roh suci.

9 Bar kuwi, kongkonané Kornélius crita karo Pétrus soal wahyu sing ditampa Kornélius. Terus, ”Pétrus ngejak wong-wong kuwi . . . nginep ing kono”. (Kis. 10:23a) Pétrus nduwé pandhangan sing padha karo Gusti Allah lan gelem manut karo petunjuk sing anyar saka Yéhuwah.

10. Piyé Yéhuwah nuntun umaté, lan pertanyaan apa sing isa dipikirké?

10 Nganti saiki, Yéhuwah terus nuntun umaté lan mènèhi petunjuk sing saya suwé saya jelas. (WB. 4:18) Liwat roh suciné, Yéhuwah ngarahké ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45) Kadhang, ana keterangan sing anyar soal isiné Alkitab utawa petunjuk sing anyar. Awaké dhéwé isa mikirké, ’Pas ana petunjuk sing anyar utawa keterangan sing anyar soal isiné Alkitab, piyé tanggepanku? Apa aku gelem manut arahané roh suci?’

”Pétrus Ngongkon Wong-Wong Kuwi Dibaptis” (Kis. 10:23b-48)

11, 12. (a) Pas tekan ing Kaisaréa, Pétrus ngapa? (b) Saiki, Pétrus ngerti soal apa?

11 Sedina sakwisé nampa wahyu, Pétrus lunga saka Yopa ing Kaisaréa karo telu utusané Kornélius lan ”sedulur enem”. Sedulur enem kuwi wong Yahudi. (Kis. 11:12) Wektu kuwi, Kornélius ngentèni Pétrus. Dhèwèké ngundang ”kabèh seduluré lan kanca-kanca cedhaké ing omahé”. Kétoké kabèh sing diundang kuwi dudu wong Yahudi. (Kis. 10:24) Pétrus mesthi ora tau mbayangké dhèwèké teka ing omahé wong dudu Yahudi sing ora disunat. Pétrus ngomong, ”Mémang nèk nurut hukum, wong Yahudi ora éntuk bergaul utawa mara ing omahé wong saka bangsa liya. Ning, Gusti Allah wis nduduhké marang aku nèk aku ora éntuk nganggep wong liya najis.” (Kis. 10:28) Saiki, Pétrus ngerti artiné wahyu sing ditampa. Kuwi ora mung soal panganan thok, tapi dhèwèké ya ”ora éntuk nganggep wong liya [termasuk wong sing dudu Yahudi] najis”.

”Kornélius lagi ngentèni wong-wong kuwi. Dhèwèké ya wis ngundang kabèh seduluré lan kanca-kanca cedhaké ing omahé.”—Kisah 10:24

12 Kabèh wong ing omahé Kornélius ngentèni Pétrus. Kornélius ngomong karo Pétrus, ”Saiki aku lan keluargaku ngumpul ing ngarepé Gusti Allah merga péngin ngrungokké kabèh sing Yéhuwah préntahké marang njenengan sing kudu njenengan omongké.” (Kis. 10:33) Nèk pas nginjil ketemu karo wong sing péngin ngerti soal Yéhuwah lan ngomong kaya ngono, njenengan mesthi seneng banget, ta? Bar kuwi, Pétrus ngomong, ”Saiki aku bener-bener ngerti nèk Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké. Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.” (Kis. 10:34, 35) Pétrus saiki ngerti pandhangané Gusti Allah. Pétrus ngerti nèk Gusti Allah ora mbédak-mbédakké, ora soal sukuné apa, bangsané apa, lan perbédaan-perbédaan liyané. Bar kuwi, Pétrus nyritakké soal pelayanané Yésus, kematiané Yésus, lan soal Yésus sing wis diuripké manèh.

13, 14. (a) Peristiwa taun 36 M kuwi nduduhké apa? (b) Ngapa kok pas nginjil awaké dhéwé ora éntuk mbédak-mbédakké?

13 Bar kuwi, ana peristiwa sing luar biasa. ”Wektu Pétrus isih ngomong”, ngerti-ngerti ”wong-wong saka bangsa liya” nampa roh suci. (Kis. 10:44, 45) Ing Alkitab, mung kisah iki sing nyritakké nèk wong-wong nampa roh suci sakdurungé dibaptis. Pétrus ngerti nèk Gusti Allah wis nampa wong-wong kuwi dadi umaté. Mula, Pétrus ”ngongkon wong-wong kuwi [sing dudu Yahudi] dibaptis”. (Kis. 10:48) Peristiwa taun 36 M iki nduduhké nèk mulai wektu kuwi Yéhuwah ora mung milih wong Yahudi thok kanggo dadi umaté. (Dan. 9:24-27) Ing peristiwa iki, Pétrus nggunakké ’kunci Kerajaan’ sing ketelu. (Mat. 16:19) Kuwi berarti wong-wong dudu Yahudi sing ora disunat éntuk kesempatan dadi umaté Yéhuwah lan mengkoné bakal munggah swarga.

14 Pas nginjil awaké dhéwé niru ”Gusti Allah [sing] ora pilih kasih”. (Rm. 2:11) Gusti Allah péngin bèn ”kabèh wong dislametké”. (1 Tim. 2:4) Mula, aja mbédak-mbédakké wong liya mung merga penampilan utawa sikapé. Awaké dhéwé nginjil karo kabèh wong ora soal ana perbédaan suku, bangsa, penampilan, utawa agama.

”Murid-Murid . . . Ora Protès Manèh. Murid-Murid Kuwi Ngluhurké Gusti Allah” (Kis. 11:1-18)

15, 16. Ngapa wong Kristen Yahudi protès marang Pétrus, terus Pétrus njelaskéné piyé?

15 Pétrus péngin cepet-cepet bali ing Yérusalèm kanggo nyritakké soal peristiwa-peristiwa mau. Kétoké, sedulur-sedulur ing Yérusalèm wis krungu nèk wong dudu Yahudi sing ora disunat ”nampa omongané Gusti Allah”. Pas Pétrus tekan Yérusalèm, ”murid-murid sing péngin wong-wong saka bangsa liya disunat mulai protès marang Pétrus”. Meréka ora seneng merga Pétrus ”mara ing omahé wong sing ora disunat lan mangan bareng karo wong-wong kuwi”. (Kis. 11:1-3) Sing dadi masalah kuwi dudu merga wong saka bangsa liya dadi umaté Yéhuwah. Tapi, meréka pénginé wong-wong saka bangsa liya sing dadi umaté Yéhuwah kudu manut Hukum Musa, termasuk soal sunat. Kuwi nduduhké ana wong Kristen Yahudi sing ora trima nèk Hukum Musa wis ora dienggo manèh.

16 Terus Pétrus njelaské alesané dhèwèké mbaptis wong-wong dudu Yahudi. Saka Kisah 11:4-16, Pétrus nduduhké papat bukti nèk Yéhuwah wis mènèhi arahan sing anyar. Pertama, wahyu sing ditampa Pétrus (Ayat 4-10). Keloro, arahané Yéhuwah liwat roh suci (Ayat 11, 12). Ketelu, ana malaékat sing nemoni Kornélius (Ayat 13, 14). Kepapat, ana wong-wong dudu Yahudi sing nampa roh suci (Ayat 15, 16). Ing akhir penjelasané, Pétrus nggunakké pertanyaan sing nggawé wong-wong kuwi mikir. Dhèwèké takon, ”Gusti Allah wis mènèhi hadiah [roh suci] marang awaké dhéwé [wong Yahudi] merga awaké dhéwé percaya karo Gusti Yésus Kristus. Lha nèk saiki Gusti Allah ya mènèhi wong-wong kuwi [wong dudu Yahudi] hadiah sing padha kaya sing awaké dhéwé tampa, mosok aku isa ngalang-ngalangi karepé Gusti Allah?”​—Kis. 11:17.

17, 18. (a) Sakwisé ngrungokké penjelasané Pétrus, wong Kristen Yahudi piyé? (b) Kenapa ngupaya rukun lan bersatu karo sedulur-sedulur kuwi isa waé ora gampang, lan pertanyaan apa sing isa awaké dhéwé pikirké?

17 Sakwisé ngrungokké penjelasané Pétrus, wong Kristen Yahudi kudu milih arep manut arahan kuwi apa ora. Apa meréka gelem berubah lan ora mbédak-mbédakké manèh? Apa meréka gelem bergaul karo wong-wong dudu Yahudi sing wis dibaptis lan dadi muridé Yésus? Ing Alkitab disebutké, ”Wektu krungu kuwi, murid-murid [para rasul lan wong Kristen Yahudi liyané] sing péngin wong-wong saka bangsa liya disunat mau dadi ora protès manèh. Murid-murid kuwi ngluhurké Gusti Allah lan kandha, ’Saiki wis jelas. Gusti Allah ya mènèhi kesempatan wong-wong sing dudu Yahudi bèn isa mertobat supaya nampa urip.’” (Kis. 11:18) Hasilé, jemaat Kristen dadi rukun lan bersatu.

18 Saiki, umaté Yéhuwah sak donya asalé saka ”kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa”. Dadi, isa waé ora gampang kanggo bersatu lan rukun. (Why. 7:9) Ing jemaat, isa waé ana akèh perbédaan, misalé budaya, ras, lan liya-liyané. Coba pikirna, ’Apa aku babar blas ora seneng mbédak-mbédakké? Meskipun wong-wong saiki seneng mbédak-mbédakké menurut bangsané, sukuné, budayané, lan warna kulité, apa aku mèlu-mèlu kaya ngono? Piyé sikapku karo sedulur-sedulur ing jemaat?’ Awaké dhéwé mesthi éling beberapa taun sakwisé Kornélius dadi muridé Yésus, Pétrus (Kéfas) ”ngedoh” saka wong-wong sing dudu Yahudi. Pétrus akhiré kudu dinaséhati karo Paulus. (Gal. 2:11-14) Pelajarané, awaké dhéwé kudu terus ngati-ati bèn ora mbédak-mbédakké utawa ngrasa luwih unggul timbang liyané.

”Akèh Wong sing Percaya” (Kis. 11:19-26a)

19. Wong Kristen Yahudi ing Antiokhia mulai nginjil karo sapa, lan apa hasilé?

19 Apa murid-muridé Yésus gelem nginjil marang wong dudu Yahudi sing ora disunat? Ayo mbahas sing kelakon ing Antiokhia Siria. d Mémang penduduk ing kono akèh-akèhé wong Yahudi, tapi ing kono wong Yahudi lan dudu Yahudi tetep isa rukun. Dadi, murid-murid isa bébas nginjil marang wong dudu Yahudi. Ing Antiokhia Siria iki, murid-muridé Yésus sing Yahudi mulai martakké kabar apik marang ”wong-wong sing basané Yunani”. (Kis. 11:20) Murid-murid nginjilé ora mung marang wong Yahudi sing basané Yunani, tapi ya marang wong-wong dudu Yahudi sing ora disunat. Yéhuwah mberkahi gawéan nginjil ing kono lan ”akèh wong sing percaya”.​—Kis. 11:21.

20, 21. Apa buktiné nèk Barnabas rendah hati, lan piyé carané awaké dhéwé isa niru Barnabas?

20 Sedulur-sedulur ing Yérusalèm ngutus Barnabas bèn isa mbantu gawéan nginjil ing Antiokhia. Tapi, ing kono akèh banget sing gelem ngrungokké kabar apik. Dadi, nèk mung Barnabas thok, mesthi dhèwèké kewalahan. Sing cocog mbantu Barnabas mesthiné Saul, sing dipilih Yésus kanggo nginjil marang bangsa-bangsa. (Kis. 9:15; Rm. 1:5) Apa Barnabas nganggep Saul kuwi saingané? Ora. Barnabas rendah hati. Dhèwèké malah gelem methuk Saul ing Tarsus, terus mangkat bareng-bareng ing Antiokhia. Selama setaun, meréka nginjil bareng lan nguwatké murid-murid ing Antiokhia.​—Kis. 11:22-26a.

21 Piyé awaké dhéwé isa niru Barnabas? Awaké dhéwé kudu rendah hati lan sadhar nèk isih ana kurangé. Saben wong mesthi nduwé ketrampilané dhéwé-dhéwé. Misalé, awaké dhéwé mungkin trampil nginjil saka omah ing omah utawa mènèhi kesaksian ora resmi, tapi durung trampil marani manèh utawa ngejak wong liya sinau Alkitab. Apa awaké dhéwé gelem njaluk bantuané sedulur liya nèk ngrasa durung trampil? Nèk gelem dibantu wong liya, awaké dhéwé isa luwih seneng lan berhasil pas nginjil.​—1 Kor. 9:26.

”Ngirim Bantuan” (Kis. 11:26b-30)

22, 23. (a) Apa buktiné nèk sedulur-sedulur ing Antiokhia sayang karo sedulur liyané? (b) Piyé awaké dhéwé isa niru contoné sedulur-sedulur ing Antiokhia?

22 Ing Antiokhia, ”liwat tuntunané Gusti Allah murid-murid disebut Kristen kanggo pertama kaliné”. (Kis. 11:26b) Sebutan kuwi cocog kanggo wong-wong sing niru contoné Yésus. Suwé-suwé, wong-wong saka bangsa liya sing dadi Kristen jumlahé tambah akèh, apa wong Kristen Yahudi lan sing dudu Yahudi isa tetep rukun? Iya. Awaké dhéwé isa ngerti buktiné saka peristiwa taun 46 M pas ana kelaparan sing parah. e Mbiyèn pas ana bencana kelaparan, wong sing miskin babar blas ora nduwé dhuwit lan panganan. Nah, wong-wong Kristen Yahudi ing Yudéa kétoké akèh sing miskin. Sakwisé ngerti keadaané meréka, sedulur-sedulur ing Antiokhia, termasuk sing dudu Yahudi, ”ngirim bantuan” kanggo meréka. (Kis. 11:29) Kuwi bukti nèk wong Kristen saling menyayangi.

23 Awaké dhéwé saiki ya niru murid-muridé Yésus jaman mbiyèn. Pas ana sedulur-sedulur sing manggon ing dhaérah liya utawa ing cedhaké awaké dhéwé lagi butuh dibantu, awaké dhéwé ya gelem mbantu meréka. Misalé, Panitia Cabang ngatur bèn Panitia Penanggulangan Bencana cepet-cepet mbantu sedulur-sedulur sing kena bencana alam kaya badai, gempa bumi, lan tsunami. Kuwi bukti nèk umaté Yéhuwah saiki saling menyayangi.​—Yoh. 13:34, 35; 1 Yoh. 3:17.

24. Saka wahyu sing didelok Pétrus, apa sing isa dipelajari?

24 Ana akèh pelajaran sing isa ditrapké saka wahyu sing ditampa Pétrus ing Yopa taun 36 M. Awaké dhéwé nyembah Gusti Allah sing ora mbédak-mbédakké. Gusti Allah péngin awaké dhéwé nginjil karo kabèh wong ora soal dhèwèké kuwi sapa lan asalé saka endi. Ayo awaké dhéwé semangat nginjil bèn kabèh wong isa krungu kabar apik lan dadi umaté Yéhuwah.​—Rm. 10:11-13.

Nèk ana sing butuh bantuan, awaké dhéwé siap mbantu

a Wong Yahudi biasané ngrèmèhké tukang nggawé bahan saka kulit merga meréka kudu nyekel kulit kéwan sing wis mati lan bahan-bahan liyané sing njijiki. Wong sing kerja kaya ngono biasané dianggep ora pantes teka ing bait. Jarak panggonan kerjané saka kutha paling ora kudu 20 mèter. Mungkin, kuwi alesané kenapa omahé Simon ana ”ing cedhak laut”.​—Kis. 10:6.

b Deloken kothak ” Kornélius lan Pasukan Roma”.

c Artikel kuwi judhulé ”Nasihat yang Andal untuk Membesarkan Anak”, ana ing Menara Pengawal 1 November 2006, halaman 4-7.

d Deloken kothak ” Antiokhia Siria”.

e Ahli sejarah Yahudi sing jenengé Yosefus ngomong nèk ”kelaparan sing parah” kuwi kelakon pas pamréntahané Kaisar Klaudius (41-54 M).