BAB 10
”Saya Akèh Wong sing Dadi Murid”
Pétrus dibébaské saka penjara, lan murid-muridé Yésus tetep nginjil meskipun dianiaya
1-4. (a) Apa sing dialami Pétrus? (b) Nèk dadi Pétrus, piyé perasaané njenengan?
PÉTRUS krungu swara gerbang wesi sing ditutup. Tangané diranté ing antarané loro prajurit. Terus, Pétrus dilebokké ing penjara. Selama berjam-jam utawa mungkin nganti pirang-pirang dina, isa waé Pétrus mikir, ’Bar iki aku arep diapakké ya?’ Ing kono, dhèwèké mung isa ndelok témbok penjara, gerbang sèlé, ranté ing tangané, lan penjaga penjarané.
2 Saiki, Pétrus wis dikandhani keputusané. Raja Hérodès Agripa I mutuské bèn Pétrus dipatèni. a Malah, Hérodès ya péngin ngadili Pétrus ing ngarepé wong-wong sakwisé Paskah. Wong-wong kuwi mesthi seneng banget nèk Pétrus dipatèni. Kuwi ora mung ancaman thok. Pétrus mesthi bakal dipatèni soalé Rasul Yakobus ya lagi waé dipatèni karo Hérodès.
3 Bengi sakdurungé dipatèni, Pétrus mikir apa ya ing penjara? Apa Pétrus kèlingan karo omongané Yésus beberapa taun sakdurungé nèk Pétrus bakal diiket, digawa ing panggonan sing ora dipéngini, lan akhiré dipatèni? (Yoh. 21:18, 19) Mungkin Pétrus mikir nèk omongané Yésus kelakon wektu kuwi.
4 Nèk dadi Pétrus, piyé perasaané njenengan? Nèk wong liya mungkin bakal putus asa lan pasrah. Tapi nèk muridé Yésus apa ya bakal ngrasa kaya ngono? Apa sing isa awaké dhéwé pelajari saka Pétrus lan murid-murid liyané sing dianiaya? Ayo dibahas.
”Jemaat Ndongakké Pétrus Tenanan” (Kis. 12:1-5)
5, 6. (a) Ngapa kok Raja Hérodès nganiaya wong Kristen, lan piyé carané? (b) Kenapa kematiané Yakobus dadi masalah sing abot kanggo jemaat Kristen wektu kuwi?
5 Kaya sing dibahas ing bab sakdurungé, Kornélius lan keluargané sing dudu Yahudi dadi muridé Yésus. Kuwi peristiwa sing luar biasa. Tapi, wong Yahudi sing dudu muridé Yésus mesthi kagèt banget wektu ngerti murid-muridé Yésus sing Yahudi lan dudu Yahudi ngibadah bareng.
6 Hérodès kuwi licik banget. Bèn wong Yahudi seneng karo dhèwèké, dhèwèké nganiaya wong Kristen. Dhèwèké mungkin tau krungu nèk Rasul Yakobus akrab banget karo Yésus. Mula, Hérodès ”ngongkon prajurité matèni Yakobus seduluré Yohanes nganggo pedhang”. (Kis. 12:2) Masalah iki mesthi abot banget merga Yakobus kuwi salah siji saka telu murid sing ndelok wajahé Yésus berubah. Terus, Yakobus ya ndelok mukjijat-mukjijaté Yésus sing ora didelok rasul-rasul liyané. (Mat. 17:1, 2; Mrk. 5:37-42) Sakliyané kuwi, Yésus nyebut Yakobus lan Yohanes seduluré Yakobus kuwi ”Anak-Anak Bledhèg” merga meréka semangat banget. (Mrk. 3:17) Mula, murid-murid ngrasa kélangan sedulur sing kendel, sing setya, lan sing disayangi.
7, 8. Pas Pétrus dipenjara, sedulur-sedulur piyé?
7 Pas Yakobus dipatèni, wong-wong Yahudi seneng banget. Iki cocog karo rencanané Hérodès. Mula, Hérodès dadi péngin matèni Pétrus. Mau wis dibahas nèk Pétrus dipenjara. Tapi Hérodès ngerti nèk dipenjara thok ora cukup, merga ing Bab 5 wis dibahas nèk para rasul isa bébas saka penjara. Dadi, bèn Pétrus ora isa bébas saka penjara, Hérodès ngongkon bèn tangané Pétrus diranté ing antarané loro prajurit. Sakliyané kuwi, ana 16 penjaga sing gentènan ngawasi Pétrus bèn ora metu saka penjara. Nèk Pétrus nganti metu, penjaga-penjaga kuwi bakal dihukum mati. Lha pas Pétrus dipenjara, sedulur-sedulur piyé?
8 Ing Kisah 12:5 disebutké, ”Wektu Pétrus dipenjara, jemaat ndongakké Pétrus tenanan.” Dongané sedulur-sedulur kuwi bener-bener tulus. Pas Yakobus dipatèni meréka ora putus asa. Meréka ya ora nganggep nèk dongané ora dirungokké Yéhuwah. Nèk dongané sesuai karepé Yéhuwah, Yéhuwah bakal ngrungokké lan njawab dongané umaté. (Ibr. 13:18, 19; Yak. 5:16) Wong-wong Kristen saiki isa sinau saka contoné sedulur-sedulur ing jemaat Kristen mbiyèn.
9. Piyé carané niru sedulur-sedulur ing jemaat Kristen sing ndongakké Pétrus?
9 Apa njenengan ngerti sedulur-sedulur sing lagi ngadhepi akèh masalah, misalé dianiaya, dilarang karo pamréntah, utawa ngadhepi bencana alam? Njenengan isa ndongakké sedulur-sedulur kuwi. Njenengan ya isa ndongakké sedulur-sedulur sing lagi ana masalah keluarga, sing lagi cilik ati, lan sing lagi berupaya kanggo terus manut pathokané Alkitab. Sakdurungé ndonga, njenengan isa mikirké sapa waé sing arep didongakké. Njenengan isa nyebutké jenengé sedulur-sedulur kuwi pas ndonga karo Yéhuwah, Gusti Allah ”Sing ngrungokké donga”. (Mzm. 65:2) Nèk lagi susah, njenengan ya péngin didongakké karo sedulur-sedulur, ta?
”Etutna Aku” (Kis. 12:6-11)
10, 11. Critakna piyé critané malaékaté Yéhuwah mbébaské Pétrus saka penjara.
10 Sakwisé ngerti nèk bakal dipatèni, apa Pétrus wedi? Awaké dhéwé mémang ora ngerti kenyataané, tapi sing jelas pas bengi sakdurungé diadili Hérodès, Pétrus isa turu padahal tangané diranté ing antarané loro prajurit. Embuh apa sing bakal kelakon sésuk, Pétrus yakin nèk Yéhuwah ora ninggalké dhèwèké. (Rm. 14:7, 8) Ujug-ujug ana cahaya sing bersinar ing penjara kuwi. Ana malaékaté Yéhuwah sing nggugah Pétrus. Kemungkinan, para penjaga penjara ora ngerti nèk ana malaékaté Yéhuwah ing kono. Terus ranté sing kuwat banget sing diranté ing tangané Pétrus langsung ucul. Pétrus mungkin ora nyangka bakal ngalami peristiwa sing luar biasa kaya ngono.
11 Malaékat kuwi ngongkon Pétrus ngéné, ”Ayo ndang tangi. . . . Kowé kudu siap-siap lan nganggo sandhalmu. . . . Enggonen klambi njabamu.” Pétrus manut préntahé malaékat kuwi. Terus malaékat kuwi ngomong manèh, ”Etutna aku.” Pétrus metu lan ngetutké malaékat kuwi. Meréka metuné alon-alon ngliwati para penjaga penjara sing lagi njaga ing njaba. Akhiré meréka isa tekan gerbang wesi sing gedhé. Mungkin, Pétrus mikir piyé carané dhèwèké isa ngliwati gerbang wesi sing gedhé kuwi. Ujug-ujug gerbang wesi kuwi ”mbukak dhéwé” lan meréka berhasil metu. Wektu mlaku ing salah siji dalan, malaékat kuwi ninggalké Pétrus. Pétrus isih bingung banget. Iki dudu mung wahyu thok, dhèwèké tenanan bébas saka penjara.—Kis. 12:7-11.
12. Ngapa kok awaké dhéwé ngrasa dikuwatké nèk ngrenungké kisahé Pétrus sing dislametké Yéhuwah?
12 Awaké dhéwé mesthi dikuwatké nèk ngrenungké kuwasané Yéhuwah sing isa nylametké umaté. Sing nggawé Pétrus dipenjara kuwi Raja Hérodès Agripa I. Dhèwèké didhukung karo pamréntahan sing paling berkuasa wektu kuwi, tapi Pétrus tetep isa metu saka penjara. Mémang Yéhuwah ora selalu nggawé mukjijat kanggo nylametké umaté. Misalé, Yéhuwah ora nggawé mukjijat wektu Yakobus dipatèni. Wektu ramalané Yésus soal kematiané Pétrus kelakon, Yéhuwah ya ora nggawé mukjijat kanggo nylametké Pétrus. Jaman saiki, awaké dhéwé ora isa berharap Yéhuwah nggawé mukjijat kanggo nylametké umaté, tapi awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ora berubah. (Mal. 3:6) Liwat Yésus, ing masa depan Yéhuwah ya bakal mbébaské akèh wong saka penjara sing paling kuwat, yaiku kematian. (Yoh. 5:28, 29) Nèk ngrenungké janji-janjiné Gusti Allah, awaké dhéwé isa dikuwatké meskipun dianiaya.
”Sedulur-Sedulur Kagèt Ndelok Pétrus” (Kis. 12:12-17)
13-15. (a) Pas Pétrus teka ing omahé Maria, sedulur-sedulur piyé? (b) Sakwisé mbahas soal Pétrus sing dibébaské, buku Kisah mbahas soal apa? (c) Awaké dhéwé isa yakin nèk Pétrus piyé karo sedulur-sedulur?
13 Pétrus ngadeg ing dalan sing peteng. Dhèwèké bingung arep ing endi, terus dhèwèké kèlingan nèk ing cedhak kono ana omahé sedulur seiman sing jenengé Maria. Kétoké Maria kuwi randha sing sugih, soalé omahé gedhé lan isa dienggo ngumpul sedulur-sedulur sak jemaat. Maria kuwi ibuné Yohanes Markus. Iki pertama kaliné Yohanes Markus disebutké ing buku Kisah. Pétrus nganggep Yohanes Markus kaya anaké dhéwé. (1 Ptr. 5:13) Meskipun wektu kuwi wis bengi banget, sedulur-sedulur ngumpul ing omahé Maria kanggo ndonga bareng-bareng. Sedulur-sedulur kuwi mesthi ndongakké bèn Pétrus dibébaské saka penjara. Tapi meréka ora nyangka nèk dongané langsung dijawab Yéhuwah.
14 Pétrus ndhodhogi gerbang omahé Maria, terus ana pembantuné Maria sing metu merga péngin ngerti sapa sing teka kuwi. Dhèwèké jenengé Roda sing artiné ”Mawar” ing basa Yunani. Dhèwèké kagèt banget krungu swarané Pétrus. Saking kagèté, dhèwèké ora mbukakké gerbangé tapi malah mlayu mlebu ing omah lan ngandhani sedulur-sedulur nèk Pétrus ana ing gerbang. Sedulur-sedulur ora percaya, tapi Roda terus ngandhani sedulur-sedulur kuwi bèn padha percaya nèk kuwi mémang Pétrus. Beberapa sedulur tetep ora percaya lan ana sing ngomong nèk kuwi mungkin malaékat sing mirip Pétrus. (Kis. 12:12-15) Tapi Pétrus terus ndhodhogi gerbang, nganti akhiré sedulur-sedulur kuwi mbukakké gerbangé.
15 Pas gerbangé dibukak, ”sedulur-sedulur kagèt ndelok Pétrus”. (Kis. 12:16) Saking kagèté, sedulur-sedulur kudu ditenangké karo Pétrus bèn Pétrus isa nyritakké apa sing kelakon. Pétrus ya ngongkon sedulur-sedulur nyritakké soal kuwi karo Yakobus adhiné Yésus lan sedulur-sedulur liyané. Bar kuwi, Pétrus cepet-cepet lunga sakdurungé ditangkep karo prajurité Hérodès. Pétrus terus nginjil ing panggonan liya sing luwih aman. Sakwisé peristiwa kuwi, buku Kisah nyritakké soal pelayanané Rasul Paulus. Pétrus terakhir kali disebutké ing Kisah bab 15 pas ngurusi masalah sunat. Tapi awaké dhéwé isa yakin nèk Pétrus terus nguwatké imané sedulur-sedulur ing dhaérah tugasé. Sakwisé Pétrus lunga saka omahé Maria, murid-murid seneng banget.
16. Kenapa kok sukmbèn awaké dhéwé isa bahagia?
16 Kadhang, berkahé Yéhuwah kuwi ora disangka-sangka lan nggawé umaté seneng banget. Kuwi sing dirasakké murid-muridé Yésus wektu ngerti Pétrus dibébaské. Jaman saiki awaké dhéwé ya seneng isa ngrasakké akèh berkah saka Yéhuwah. (WB. 10:22) Sukmbèn, awaké dhéwé bakal ndelok dhéwé kabèh janjiné Yéhuwah dadi kenyataan ing bumi. Berkah-berkahé Yéhuwah ing masa depan mesthi nggawé awaké dhéwé kagum. Nèk tetep setya, awaké dhéwé mesthi ya bakal bahagia nganti saklawasé.
”Malaékaté Yéhuwah Langsung Nggawé Hérodès Lara” (Kis. 12:18-25)
17, 18. Piyé critané Hérodès nganti dipuji-puji wong akèh?
17 Hérodès kagèt lan nesu pas ngerti Pétrus metu saka penjara. Hérodès cepet-cepet nggolèki Pétrus ing endi-endi tapi ora ketemu. Terus, Hérodès nakoni para penjaga penjara lan ”ngongkon supaya para penjaga kuwi dihukum”. Kemungkinan meréka dihukum mati. (Kis. 12:19) Hérodès Agripa kuwi wong sing kejem banget. Sedhéla manèh, raja sing kejem iki bakal dihukum Yéhuwah.
18 Hérodès ngrasa diisin-isinké merga dhèwèké gagal matèni Pétrus. Tapi bar iki dhèwèké ora isin manèh soalé ana peristiwa sing isa nggawé dhèwèké dipuji-puji. Ana pertemuan khusus antara Hérodès karo mungsuh-mungsuhé. Meréka njaluk damai karo Raja Hérodès. Kuwi dadi kesempatan sing cocog kanggo Hérodès bèn isa pidato ing ngarepé wong akèh. Lukas njelaské nèk pas acara kuwi, Hérodès ”nganggo jubah raja”. Ahli sejarah Yahudi sing jenengé Yosefus njelaské nèk jubahé Hérodès digawé saka pérak, dadi nèk kena sinar jubahé kuwi kétok berkilau lan apik banget. Terus pas raja sing sombong kuwi mulai pidato, wong-wong padha mbengok, ”Iki swarané allah, dudu swarané manungsa.”—Kis. 12:20-22.
19, 20. (a) Kenapa Hérodès dihukum karo Yéhuwah? (b) Kenapa awaké dhéwé isa terhibur nèk maca kisahé Hérodès Agripa sing dihukum Yéhuwah?
19 Gusti Allah mesthi ndelok peristiwa kuwi. Sing kuduné dimulyakké kuwi Gusti Allah. Sakjané Hérodès isa waé nolak dipuji-puji kaya ngono. Dhèwèké kuduné ngandhani wong-wong bèn ora muji-muji kaya ngono, tapi dhèwèké meneng waé. Kisahé Hérodès cocog karo ayat Alkitab sing kandha ngéné, ”Wong sing sombong bakal kena bencana.” (WB. 16:18) Malaékaté Yéhuwah ”langsung nggawé Hérodès lara”. Raja sing sombong banget kuwi ”dipangan cacing-cacing lan mati”. Kematiané Raja Hérodès medèni lan njijiki banget. (Kis. 12:23) Yosefus njelaské nèk Raja Hérodès ujug-ujug lara lan Raja Hérodès ngerti nèk dhèwèké lara merga dipuji-puji. Yosefus ya njelaské nèk Raja Hérodès larané limang dina terus mati. b
20 Mémang, kadhang-kadhang wong sing jahat ora dihukum. Awaké dhéwé ora kagèt merga ”donya iki dikuwasani Sétan”. (1 Yoh. 5:19) Isa waé awaké dhéwé ya dadi kena akibaté merga wong-wong jahat ora dihukum. Mula, nèk maca kisah-kisah sing kaya ngéné, awaké dhéwé isa terhibur merga yakin nèk Yéhuwah kuwi adil lan bakal ngukum wong jahat. (Mzm. 33:5) Yéhuwah ora bakal meneng waé nèk ana wong sing jahat.
21. Apa inti pelajaran saka Kisah bab 12, lan kuwi nggawé awaké dhéwé yakin soal apa?
21 Ing akhir kisah iki disebutké, ”Omongané Yéhuwah saya nyebar ing endi-endi, lan saya akèh wong sing dadi murid.” (Kis. 12:24) Keterangan iki nduduhké nèk Yéhuwah mberkahi gawéan nginjil jaman mbiyèn lan saiki. Dadi, inti saka Kisah bab 12 iki ora mung nyritakké soal rasul sing dipatèni lan rasul sing dibébaské saka penjara. Tapi awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah nggawé rencanané Sétan gagal. Sétan ora isa ngendhegké gawéan nginjil lan nggawé jemaat Kristen bubar. Kabèh rencanané Sétan lan wong-wong sing nentang mesthi gagal. (Yés. 54:17) Awaké dhéwé isa yakin nèk kerja sama karo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé isa terus nginjil lan ora ana sing isa ngendhegké gawéan nginjil. Awaké dhéwé mesthi seneng isa mbantu wong liya ngerti ”omongané Yéhuwah”.
a Deloken kothak ” Raja Hérodès Agripa I”.
b Ana dokter sing nulis buku njelaské soal ciri-ciri penyakité Hérodès sing disebutké Yosefus lan Lukas. Dhèwèké njelaské nèk penyakit kuwi kétoké disebabké cacing-cacing sing menyumbat usus. Kadhang cacing-cacing kuwi metu wektu wong sing lara penyakit kuwi muntah. Nèk sing lara penyakit kuwi wis mati, cacing-cacing kuwi isa waé metu saka awaké. Ana buku sing nulis ngéné, ”Merga keterangan iki ditulis karo Lukas sing dadi dokter, keterangané isa dipercaya. Lukas nduduhké nèk kematiané [Hérodès] medèni lan njijiki banget.”