Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Indèks Gambar

Indèks Gambar

Indèks Gambar Sesuai Halamané

  • Sampul Paulus, Tabita, Galio, Lukas, penjaga bait karo para rasul, wong Saduki, Paulus digawa ing Kaisaréa, lan umaté Yéhuwah nginjil nganggo mobil sing dikèki pengeras suara lan fonograf.

  • Halaman 1 Paulus sing diranté lagi ing ndhuwur kapal karo Lukas. Meréka arep ing Roma.

  • Halaman 2, 3 Anggota Pengurus Pusat yaiku J. E. Barr karo T. Jaracz lagi ndelok péta.

  • Halaman 11 Ing gunung sing ana ing Galiléa, Yésus ngekèki tugas 11 rasul lan murid-muridé liyané.

  • Halaman 14 Murid-murid ndeloki Yésus sing keangkat munggah swarga.

  • Halaman 20 Pas Péntakosta, murid-murid ngomong nganggo basa asliné wong-wong sing teka ing kono.

  • Halaman 36 Para rasul ngadhep Kayafas sing nesu banget. Petugas bait dikongkon nangkep para rasul lan nggawa meréka ngadhep Sanhèdrin.

  • Halaman 44 Ngisor: Sakwisé Perang Donya II, pengadilan ing Jerman Timur nggawé keputusan sing klèru soal Seksi Yéhuwah. Meréka nganggep Seksi Yéhuwah kuwi mata-mata Amerika.​—Majalah Neue Berliner Illustrierte, 3 Oktober 1950.

  • Halaman 46 Stéfanus diadili ing ngarepé Sanhèdrin. Ing kono ana wong-wong Saduki sing sugih lan wong-wong Farisi.

  • Halaman 54 Pétrus numpangké tangané ing ndhuwur sirahé wong-wong sing lagi waé dadi muridé Yésus. Simon nggawa kanthong sing isiné dhuwit.

  • Halaman 75 Pétrus lan sedulur-sedulur liyané mlebu ing omahé Kornélius. Kornélius nganggo jubah khusus ing pundhak kiwané sing nduduhké nèk Kornélius kuwi perwira pasukan utawa sènturion.

  • Halaman 83 Pétrus dituntun malaékat metu saka penjara, sing kétoké ana ing Bèntèng Antonia.

  • Halaman 84 Ngisor: Kerusuhan ing cedhak Montreal, Quebec, taun 1945.​—Majalah Weekend Magazine, Juli 1956.

  • Halaman 91 Paulus karo Barnabas diusir saka Antiokhia Pisidia. Ing kono kétok akuaduk (jembatan saluran banyu) sing anyar. Kemungkinan akuaduk kuwi dibangun pas jamané para rasul.

  • Halaman 94 Paulus karo Barnabas ora gelem disembah-sembah ing Listra. Biasané pas mènèhi korban, kutha kuwi akèh hiasané lan akèh sing main musik.

  • Halaman 100 Ndhuwur: Silas lan Yudas nguwatké sedulur-sedulur ing jemaat Antiokhia Siria. (Kis. 15:30-32) Ngisor: Pinituwa wilayah ceramah ing jemaat sing ana ing Uganda.

  • Halaman 107 Sedulur-sedulur jemaat Yérusalèm ngumpul ing salah siji omah.

  • Halaman 124 Paulus karo Timotius lagi ing ndhuwur kapal dagang Romawi. Ana mercusuar sing isa didelok saka adoh.

  • Halaman 139 Paulus karo Silas ing halaman sing ana pintu gerbangé lan isa lolos saka grombolan wong sing nesu.

  • Halaman 155 Galio ngongkon wong-wong sing nudhuh Paulus bubar. Dhèwèké nganggo klambi sing nduduhké jabatané yaiku jubah warna putih lan ana garisé ungu, terus dhèwèké ya nganggo calcei utawa sepatu.

  • Halaman 158 Démétrius lagi ngomong karo tukang pérak ing Éfésus sing ngedol kuil-kuilan Artémis saka pérak.

  • Halaman 171 Paulus karo kanca-kancané ing ndhuwur kapal. Ing mburiné ana Monumen Pelabuhan Besar sing dibangun antara taun 100-1 SM.

  • Halaman 180 Ngisor: Selama pelarangan taun 1940-an ing Kanada, cah enom Seksi Yéhuwah ndhelik-ndhelik ngirim wacan Alkitab. (Mung peragaan.)

  • Halaman 182 Paulus manut sarané para pinituwa. Ing mburi ana Lukas lan Timotius sing nggawa dhuwit sumbangan.

  • Halaman 190 Ponakané Paulus ngomong karo Klaudius Lisias ing Bèntèng Antonia, kétoké Paulus ditahan ing kono. Ing bagéan mburi kétok bait Hérodès.

  • Halaman 206 Paulus mimpin donga ing kapal.

  • Halaman 222 Paulus sing dadi tahanan, tangané diranté ing prajurit Romawi. Dhèwèké ndelok kutha Roma.