Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 1

”Lungaa lan Dadèkna Wong-Wong . . . Dadi Muridku”

”Lungaa lan Dadèkna Wong-Wong . . . Dadi Muridku”

Keterangan buku Kisah Para Rasul lan manfaaté kanggo awaké dhéwé

1-6. Critakna pengalamané sedulur-sedulur sing tetep nginjil ing panggonan sing béda-béda.

 ANA sedulur wédok ing Ghana jenengé Rebecca. Dhèwèké seneng nginjil ing sekolahé. Mula, dhèwèké mesthi nggawa wacan-wacan Alkitab ing tasé. Pas istirahat Rebecca nginjil karo kanca-kanca sekolahé. Terus ya ana beberapa kanca sekolahé sing sinau Alkitab karo dhèwèké.

2 Ing Pulau Madagaskar, ana perintis loro sing kudu mlaku panas-panas nganti 25 kilomèter bèn isa nginjil ing dhaérah plosok. Ing kono ya ana wong-wong sing sinau Alkitab karo meréka.

3 Ana sedulur-sedulur saka Paraguay lan rélawan saka 15 negara liyané sing nggawé kapal gedhé sing isa ditumpaki wong 12. Sedulur-sedulur numpak kapal kuwi bèn isa nginjil karo wong-wong sing manggon ing Sungai Paraguay lan Parana.

4 Pas musim panas, sedulur-sedulur ing Alaska isa nginjil karo wong-wong saka akèh negara liyané sing teka ing kono. Wong-wong kuwi teka ing Alaska numpak kapal, dadi sedulur-sedulur majang wacan Alkitab sing basané macem-macem ing pelabuhan. Sakliyané kuwi, sedulur-sedulur ya numpak pesawat bèn isa nginjil ing plosok. Meréka isa nginjil karo wong Aleut, Atabaskan, Simsian, lan Tlingit.

5 Ing Texas, Amerika Serikat, ana sedulur sing jenengé Larry. Merga kecelakaan, dhèwèké manggon ing panggonan khusus kanggo wong-wong sing cacad. Tapi dhèwèké tetep semangat nginjil. Dhèwèké crita soal harapan sing ana ing Alkitab karo wong-wong ing kono. Sedulur Larry ya crita nèk sukmbèn liwat Kerajaané Gusti Allah, dhèwèké bakal isa mlaku manèh.​—Yés. 35:5, 6.

6 Bèn isa teka ing pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah sing ana ing Myanmar sisih lor, ana sedulur-sedulur sing kudu numpak kapal telung dina saka Mandalay. Merga meréka semangat nginjil, meréka nggawa wacan-wacan Alkitab terus nginjil karo penumpang liyané. Terus pas kapalé mandheg ing dermaga, sedulur-sedulur kuwi mudhun lan nginjil karo wong-wong ing dhaérah kono. Pas mèh mangkat manèh, ana penumpang liyané sing mlebu ing kapal kuwi. Sedulur-sedulur mlebu manèh ing kapal lan nginjil karo wong-wong kuwi, seolah-olah meréka nduwé ”dhaérah anyar” kanggo nginjil.

7. Umaté Yéhuwah nginjilé ing endi waé, lan apa tujuané?

7 Saka pengalaman-pengalaman sing disebutké mau, kuwi nduduhké nèk umaté Yéhuwah sak donya sregep nginjil. Meréka ”mènèhi penjelasan sing lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”. (Kis. 28:23) Nginjilé isa ing omah-omah, ing pinggir dalan, liwat télpon, liwat surat, ing bis, ing taman, utawa ing panggonan kerja pas lagi istirahat. Meréka semangat crita soal Kerajaané Gusti Allah ing endi waé lan kapan waé. Meskipun nginjilé ing panggonan sing béda-béda tapi tujuané padha, yaiku crita kabar apik karo wong sing isa ditemoni.​—Mat. 10:11.

8, 9. (a) Apa buktiné nèk gawéan nginjil kuwi luar biasa? (b) Pertanyaan apa sing mungkin awaké dhéwé pikirké, lan piyé bèn awaké dhéwé ngerti jawabané?

8 Apa njenengan termasuk penginjil sing ana ing 235 negara? Nèk iya, berarti njenengan ndhukung gawéan nginjil sak donya. Meskipun ana tantangan, dilarang pamréntah, utawa dianiaya, Seksi-Seksi Yéhuwah tetep nginjil kanggo mènèhi penjelasan soal Kerajaané Gusti Allah. Kabèh kuwi luar biasa.

9 Kok isa umaté Yéhuwah terus nginjil meskipun ana tantangan saka Sétan? Umaté Yéhuwah jaman saiki nglanjutké gawéan nginjil sing wis dimulai kèt jamané para rasul. Dadi bèn ngerti jawabané, ayo ngrembug kisah pas jamané para rasul.

Tugas sing Penting

10. (a) Yésus ngutamakké apa ing uripé? (b) Yésus ngerti apa waé soal gawéan nginjil iki?

10 Wektu ing bumi, Yésus ngutamakké gawéan nginjil. Dhèwèké ngomong, ”Kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah ya kudu tak umumké . . . Kuwi tujuané Gusti Allah ngutus aku.” (Luk. 4:43) Tapi Yésus ngerti nèk dhèwèké ora isa terus nginjil. Terus sakdurungé mati, Yésus ngomong nèk kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah bakal diwartakké ”marang kabèh bangsa”. (Mrk. 13:10) Lha terus sapa sing martakké lan piyé carané?

”Lungaa, lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku.”—Matius 28:19

11. Yésus ngongkon murid-muridé ngapa, lan apa sing dibutuhké murid-muridé bèn isa nginjil?

11 Sakwisé mati lan diuripké manèh, Yésus nemoni murid-muridé lan mènèhi tugas iki, ”Lungaa, lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku. Baptisen wong-wong kuwi nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci. Wulangen wong-wong kuwi bèn nindakké kabèh sing wis tak préntahké marang kowé. Élinga nèk aku terus ngancani kowé nganti akhir jaman.” (Mat. 28:19, 20) Kata-kata ”Aku terus ngancani kowé” kuwi berarti Yésus bakal mbantu murid-muridé bèn isa terus nginjil. Kenapa kok butuh bantuané Yésus? Soalé meréka bakal ”disengiti kabèh bangsa”. (Mat. 24:9) Terus sakdurungé Yésus munggah swarga, Yésus ngomong nèk murid-muridé bakal nampa roh suci. Dadi meréka isa nginjil ”tekan panggonan sing paling adoh ing bumi”.​—Kis. 1:8.

12. Pertanyaan apa waé sing mungkin awaké dhéwé pikirké, lan kenapa jawabané penting?

12 Awaké dhéwé mungkin mikir, ’Apa murid-muridé Yésus mbiyèn nganggep tugasé kuwi penting? Apa isa wong Kristen sing jumlahé sithik isa tetep nginjil meskipun dianiaya? Apa Yéhuwah mènèhi meréka roh suciné bèn meréka isa mbantu wong-wong dadi muridé Yésus?’ Jawabané ana ing buku Kisah. Kenapa kok jawabané penting? Mbiyèn Yésus janji nèk gawéan nginjil iki bakal ana ”nganti akhir jaman”. Dadi, iki tugas kanggo kabèh wong Kristen termasuk awaké dhéwé sing urip ing akhir jaman. Mulané, sing ditulis ing buku Kisah menarik banget kanggo dibahas.

Keterangan Buku Kisah

13, 14. (a) Sapa sing nulis buku Kisah, lan dhèwèké éntuk informasi saka sapa? (b) Apa waé isiné buku Kisah?

13 Sapa sing nulis buku Kisah? Ing buku kuwi ora disebutké sapa sing nulis, tapi saka kata-kata pembukané awaké dhéwé ngerti nèk sing nulis kuwi padha kaya sing nulis buku Lukas. (Luk. 1:1-4; Kis. 1:1, 2) Dadi sing nulis buku Kisah kuwi Lukas. Dhèwèké kuwi ”dokter” lan wong sing seneng mriksa lan nliti sejarah. (Kol. 4:14) Buku Kisah isiné peristiwa-peristiwa sing kelakon selama 28 taun, saka taun 33 M pas Yésus munggah ing swarga nganti kira-kira taun 61 M pas Paulus dipenjara ing Roma. Pas nulis buku Kisah, nèk Lukas ngomong ”aku lan sedulur-sedulur” berarti dhèwèké ngalami dhéwé peristiwa-peristiwa kuwi. (Kis. 16:8-10; 20:5; 27:1) Lukas nggolèk akèh informasi bèn sing ditulis bener. Mesthiné dhèwèké isa éntuk akèh informasi saka Paulus, Barnabas, Filipus, lan wong-wong liyané.

14 Apa waé isiné buku Kisah? Nèk ing buku Lukas, Lukas nyritakké soal kata-kata lan kisahé Yésus. Nèk ing buku Kisah, Lukas nyritakké soal murid-muridé Yésus sing tetep nginjil meskipun dianggep ”wong biasa lan sekolahé ora dhuwur”. (Kis. 4:13) Ing kono ya ditulis soal wong-wong Kristen lan jemaat-jemaat sing tambah akèh. Terus, Lukas nulis nèk sedulur-sedulur wektu kuwi semangat pas nginjil. Dhèwèké ya njelaské wektu kuwi nginjilé piyé lan ing endi waé. (Kis. 4:31; 5:42) Ing buku Kisah ya dijelaské piyé Yéhuwah mbantu liwat roh suciné bèn sedulur-sedulur isa nginjil. (Kis. 8:29, 39, 40; 13:1-3; 16:6; 18:24, 25) Topik utama ing Alkitab kuwi soal jenengé Gusti Allah sing disucèkké liwat Kerajaané Gusti Allah sing dipimpin Yésus. Nah, kuwi ya dadi topik utama ing buku Kisah. Sakliyané kuwi, buku iki ya nyritakké piyé sedulur-sedulur isa tetep nginjil meskipun dianiaya.​—Kis. 8:12; 19:8; 28:30, 31.

15. Apa waé manfaaté sinau buku Kisah Para Rasul?

15 Nèk sinau buku Kisah, imané awaké dhéwé mesthi saya dikuwatké. Pas sinau soal wong-wong Kristen ing jamané para rasul sing kendel lan semangat, awaké dhéwé mesthi kagum lan péngin niru semangaté wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ya mesthi bakal luwih siap kanggo nginjil lan ’ndadèkké murid’. Nèk sinau buku iki, awaké dhéwé isa ngerti luwih akèh soal buku Kisah Para Rasul.

Tambah Semangat Nginjil Nèk Sinau Buku Iki

16. Apa manfaaté buku iki?

16 Apa waé manfaaté buku iki? Sing pertama, nèk sinau buku iki awaké dhéwé isa saya yakin nèk Yéhuwah liwat roh suciné mbantu awaké dhéwé nginjil lan mbantu wong-wong dadi muridé Yésus. Sing keloro, nèk sinau contoné wong-wong jamané para rasul, awaké dhéwé dadi tambah kendel wektu nginjil. Sing ketelu, awaké dhéwé dadi luwih menghargai organisasiné Yéhuwah lan wong-wong sing dilantik kanggo ngawasi gawéan nginjil.

17, 18. (a) Apa waé isiné buku iki? (b) Apa manèh sing menarik saka buku iki?

17 Apa waé isiné buku iki? Ing buku iki ana wolung bagéan, saben bagéan njelaské beberapa pasal saka buku Kisah. Sing dibahas ora ayat per ayat, tapi pelajaran saka peristiwa-peristiwa ing buku Kisah. Mengko ya bakal dibahas pelajaran sing isa awaké dhéwé trapké. Saben awal bab, ana topik utama sing arep dibahas terus ya ana ayat sing dadi dhasar pembahasané.

18 Terus, apa manèh sing menarik saka buku iki? Ing buku iki ana gambar-gambar sing mbantu awaké dhéwé isa mbayangké peristiwa-peristiwa ing buku Kisah. Ing beberapa bab ana kothak keterangan sing apik banget. Ing kothak kuwi ana penjelasan soal tokoh Alkitab sing isa ditiru, keterangan tempat, peristiwa, kebudayaan setempat, utawa tokoh-tokoh liyané sing disebutké ing buku Kisah.

Kudu semangat pas nginjil

19. Apa waé sing kudu terus dipikirké?

19 Pas sinau buku iki, ora soal njenengan lagi waé utawa wis suwé nglayani Yéhuwah, njenengan isa terus mikirké apa njenengan wis ngutamakké gawéan nginjil. (2 Kor. 13:5) Terus pikirna iki, ’Meskipun aku wis suwé dibaptis, apa aku isih nganggep nèk gawéan nginjil kuwi penting? (1 Kor. 7:29-31) Apa aku semangat lan kendel pas nginjil? (1 Tés. 1:5, 6) Apa aku sregep nginjil lan mbantu wong liya dadi muridé Yésus?’​—Kol. 3:23.

20, 21. Ngapa kok nginjil kuwi tugas sing penting banget, lan apa tékadé njenengan?

20 Awaké dhéwé kudu terus ngéling-éling nèk nginjil lan mbantu wong liya dadi muridé Yésus kuwi tugas sing penting banget. Merga saiki wis akhir jaman, awaké dhéwé kudu tambah semangat nginjil lan mbantu wong-wong sing nduwé sikap sing bener kanggo nampa kabar apik. (Kis. 13:48) Mumpung isih ana wektu, awaké dhéwé kudu ngupaya mbantu wong liya bèn isa dislametké.​—1 Tim. 4:16.

21 Awaké dhéwé ya isa niru contoné wong-wong Kristen jaman mbiyèn sing semangat nginjil. Nèk sinau buku iki njenengan isa tambah semangat lan kendel nginjil. Muga-muga njenengan terus nduwé tékad kanggo ”mènèhi penjelasan sing lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”.​—Kis. 28:23.