Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 25

”Aku Njaluk Bandhing marang Kaisar”

”Aku Njaluk Bandhing marang Kaisar”

Paulus dadi conto sing apik wektu mbéla kabar apik

Kisah 25:1–26:32

1, 2. (a) Apa sing dialami Paulus? (b) Pertanyaan apa sing awaké dhéwé pikirké soal Paulus sing njaluk bandhing marang Kaisar?

 PAULUS dijaga ketat ing Kaisaréa. Rong taun sakdurungé, sakwisé dhèwèké bali ing Yudéa, wis ping telu Paulus arep dipatèni wong Yahudi. (Kis. 21:27-36; 23:10, 12-15, 27) Nganti saiki mungsuh-mungsuhé ora berhasil matèni Paulus, tapi meréka ora nyerah. Terus wektu ngerti nèk dhèwèké isa waé dipatèni wong-wong kuwi, Paulus ngomong karo Gubernur Fèstus, ”Aku njaluk bandhing marang Kaisar.”​—Kis. 25:11.

2 Apa Yéhuwah ndhukung keputusané Paulus kanggo njaluk bandhing marang Kaisar? Jawaban saka pertanyaan kuwi penting banget, merga ing akhir jaman awaké dhéwé ya martakké soal Kerajaané Gusti Allah. Mengko awaké dhéwé ya bakal sinau contoné Paulus sing ”nggunakké hukum kanggo mbéla kabar apik”.​—Flp. 1:7.

”Ngadeg ing Ngarepé Kursi Pengadilan” (Kis. 25:1-12)

3, 4. (a) Pas wong-wong Yahudi njaluk bèn Paulus digawa ing Yérusalèm, sakjané wong-wong kuwi nduwé rencana apa? (b) Piyé critané kok Paulus isa slamet manèh lan ora sida dipatèni? (c) Piyé carané Yéhuwah mbantu umaté jaman saiki?

3 Telung dina sakwisé Fèstus dadi gubernur Yudéa, Fèstus lunga ing Yérusalèm. a Ing kono, imam kepala lan pemimpiné wong Yahudi ngomong karo Fèstus lan nudhuh Paulus nglakoni kejahatan. Meréka ngerti nèk pamréntah Romawi péngin Fèstus nggawé wong Yahudi seneng. Mula, meréka njaluk karo Fèstus bèn Paulus digawa ing Yérusalèm lan diadili, tapi sakjané meréka wis nduwé rencana jahat arep matèni Paulus pas Paulus perjalanan saka Kaisaréa ing Yérusalèm. Fèstus ora gelem nuruti wong-wong kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Ngéné waé, para pemimpinmu bèn mèlu aku [ing Kaisaréa] lan ngomongké tudhuhané nèk pancèn Paulus wis tumindak salah.” (Kis. 25:5) Akhiré wong-wong ora berhasil matèni Paulus manèh.

4 Selama diadili ping bola-bali, Yéhuwah terus nguwatké Paulus liwat Yésus. Yésus tau ngomong karo Paulus, ”Kowé kudu terus kendel.” (Kis. 23:11) Jaman saiki, umaté Yéhuwah ya ngadhepi akèh kesusahan lan penganiayaan. Yéhuwah mémang ora selalu langsung nyingkirké kabèh masalah kuwi, tapi Yéhuwah isa mènèhi kekuwatan lan kawicaksanan bèn awaké dhéwé tetep setya. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhi awaké dhéwé ”kekuwatan sing luar biasa”.​—2 Kor. 4:7.

5. Wektu ngadili Paulus, Fèstus piyé?

5 Sakwisé pirang-pirang dina ing Yérusalèm, Fèstus bali ing Kaisaréa lan ”lungguh ing kursi pengadilan”. b Terus, Paulus lan wong-wong sing nudhuh Paulus ngadeg ing ngarepé Fèstus. Wektu wong-wong kuwi nudhuh Paulus, Paulus mènèhi pembélaan lan ngomong, ”Aku ora tumindak salah marang Tauraté wong Yahudi, utawa marang bait, utawa marang Kaisar.” Rasul Paulus mémang ora salah lan sakjané isa dibébaské. Terus Fèstus piyé? Fèstus péngin nggawé wong Yahudi seneng, mula dhèwèké takon karo Paulus, ”Apa kowé péngin lunga menyang Yérusalèm bèn kasusmu iki diadili ing kana?” (Kis. 25:6-9) Kuwi usulan sing ora masuk akal. Nèk Paulus digawa ing Yérusalèm, dhèwèké bakal diadili karo wong-wong sing sengit karo dhèwèké lan mesthi bakal dipatèni. Wektu kuwi Fèstus ora adil lan mung nggolèk untungé dhéwé. Sakdurungé, Gubernur Pontius Pilatus ya kaya ngono, dhèwèké ora adil wektu ngadili Yésus. (Yoh. 19:12-16) Jaman saiki, wektu umaté Yéhuwah diadili isa waé hakim-hakimé nggawé keputusan sing ora adil merga péngin nyenengké wong liya. Dadi, awaké dhéwé ora kagèt nèk ana hakim utawa pejabat sing ora adil karo awaké dhéwé.

6, 7. (a) Ngapa Paulus njaluk bandhing marang Kaisar? (b) Piyé awaké dhéwé isa niru contoné Paulus?

6 Usulané Fèstus bèn wong Yahudi seneng karo dhèwèké kuwi bahaya banget lan isa nggawé Paulus dipatèni. Mula, Paulus nggunakké haké dadi warga negara Romawi. Paulus ngomong karo Fèstus, ”Aku saiki lagi ngadeg ing ngarepé kursi pengadilan Kaisar. Ya ing kéné iki kuduné aku diadili. Aku ora tumindak salah marang wong Yahudi, lan njenengan mesthi ya ngerti soal iki. . . . Aku njaluk bandhing marang Kaisar.” Nèk wis ngomong arep njaluk bandhing marang Kaisar, kuwi wis ora isa dibatalké. Terus Fèstus njawab, ”Kowé njaluk bandhing marang Kaisar, ya wis, kowé bakal lunga marang Kaisar.” (Kis. 25:10-12) Awaké dhéwé isa niru contoné Paulus sing njaluk bandhing karo wong sing wewenangé luwih dhuwur. Wektu para penentang ”nggunakké hukum kanggo nggawé masalah”, Seksi-Seksi Yéhuwah isa nggunakké hukum lan haké bèn isa tetep bébas nginjil lan ngibadah. cMzm. 94:20.

7 Paulus wis dipenjara selama rong taun, padahal dhèwèké ora salah apa-apa. Akhiré, dhèwèké nduwé kesempatan kanggo mènèhi pembélaan ing Roma. Tapi sakdurungé mangkat ing Roma, ana pejabat sing péngin ketemu Paulus.

Nèk ana keputusan pengadilan sing ora adil, awaké dhéwé isa njaluk bandhing

”Aku Nindakké Préntahé Yésus” (Kis. 25:13–26:23)

8, 9. Ngapa kok Raja Agripa teka ing Kaisaréa?

8 Pirang-pirang dina sakwisé Fèstus ngerti nèk Paulus péngin njaluk bandhing marang Kaisar, Raja Agripa karo seduluré wédok sing jenengé Bèrnike nemoni Fèstus sing lagi waé dadi gubernur. d Meréka teka ing Kaisaréa kanggo ”kunjungan resmi”. Pas jaman Romawi, biasané para pejabat ngunjungi wong-wong sing lagi waé dadi gubernur. Agripa ngucapké selamat karo Fèstus sing wis dadi gubernur. Dhèwèké kaya ngono merga péngin nduwé hubungan sing apik lan akrab karo Fèstus lan mengkoné isa saling mbantu.​—Kis. 25:13.

9 Fèstus crita karo Agripa soal Paulus, lan Raja Agripa péngin ngrungokké langsung pembélaané Paulus. Mula, sésuké Raja Agripa karo Fèstus lungguh ing kursi pengadilan. Mémang Raja Agripa lan Fèstus nduwé kuwasa sing gedhé lan nggawé wong-wong terkesan. Tapi, kuwi ora ana apa-apané timbang pembélaan sing disampèkké Paulus.​—Kis. 25:22-27.

10, 11. (a) Apa buktiné nèk Paulus ngajèni Agripa? (b) Apa waé sing Paulus critakké karo Agripa soal uripé sakdurungé dadi wong Kristen?

10 Paulus ngajèni Raja Agripa. Buktiné, Paulus ngomong nèk dhèwèké seneng banget isa nyampèkké pembélaané ing ngarepé Agripa. Paulus ya ngakoni nèk Agripa ahli soal kebiasaan lan masalahé wong Yahudi. Terus, Paulus nyritakké soal uripé sakdurungé dadi wong Kristen. Paulus ngomong, ”Mbiyèn aku kuwi wong Farisi. . . . Sèkte iki luwih kaku timbang sèkte Yahudi liyané.” (Kis. 26:5) Pas Paulus dadi wong Farisi, dhèwèké ngentèni tekané Mésias. Sakwisé dadi wong Kristen, Paulus kendel nyritakké nèk Yésus kuwi Mésias. Paulus karo wong-wong sing nentang Paulus sakjané padha-padha percaya nèk Gusti Allah bakal nepati janji soal Mésias. Tapi kuwi malah dadi masalah lan nggawé Paulus diadili. Agripa dadi penasaran lan péngin ngrungokké penjelasané Paulus luwih akèh. e

11 Paulus nyritakké pas dhèwèké kejem banget nganiaya wong Kristen. Dhèwèké ngomong, ”Mbiyèn, aku ya yakin banget nèk embuh piyé carané, Yésus wong Nazarèt kuwi kudu tak lawan. . . . Saking sengité, wong-wong kuwi [murid-muridé Yésus] tak oyak nganti tekan kutha-kutha liyané bèn isa tak aniaya.” (Kis. 26:9-11) Sing dicritakké Paulus kuwi kenyataané mémang kaya ngono. Akèh wong ya ngerti nèk Paulus kejem banget nganiaya wong Kristen. (Gal. 1:13, 23) Agripa mungkin mikir, ’Kok isa wong kaya ngono berubah?’

12, 13. (a) Paulus crita apa waé soal peristiwa sing nggawé dhèwèké gelem dadi wong Kristen? (b) Apa maksudé Paulus ”nendhang tongkat wesi”?

12 Terus Paulus ngomong ngéné, ”Aku lunga menyang Damaskus merga aku diwènèhi wewenang lan tugas saka para imam kepala. Wektu kuwi, ya Raja, pas awan, aku ndelok ana cahaya sing padhang banget saka langit. Padhangé ngluwihi matahari lan bersinar ing sekitarku lan wong-wong sing lunga bareng karo aku. Pas aku lan kanca-kancaku tiba, aku krungu swara sing ngomong karo aku nganggo basa Ibrani, ’Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku? Nèk kowé terus nendhang tongkat wesi, kowé nglarani awakmu dhéwé.’ Ning aku takon, ’Njenengan sapa, Pak?’ Terus, dhèwèké njawab, ’Aku Yésus, sing mbok aniaya.’” fKis. 26:12-15, cathetan ngisor.

13 Sakdurungé peristiwa kuwi, Paulus seolah-olah ”nendhang tongkat wesi” utawa tongkat kanggo nggiring kéwan. Pucuké tongkat wesi kuwi biasané landhep, nèk kéwan kuwi nendhang-nendhang pucuké tongkat wesi, kéwan kuwi mesthi kelaran dhéwé. Paulus ya kaya ngono, nèk dhèwèké ora manut karo karepé Gusti Allah kuwi ya bakal nglarani dhèwèké dhéwé, maksudé ngalang-ngalangi dhèwèké kanggo nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. Nah wektu Paulus lagi perjalanan ing Damaskus, Yésus sing wis diuripké manèh nemoni Paulus liwat wahyu. Yésus mbantu Paulus gelem berubah merga sakjané Paulus kuwi wong sing tulus tapi ora ngerti apa sing bener.​—Yoh. 16:1, 2.

14, 15. Paulus crita apa waé soal uripé sakwisé dhèwèké mertobat?

14 Paulus nyritakké nèk dhèwèké wis bener-bener mertobat. Dhèwèké ngomong karo Agripa, ”Aku nindakké préntahé Yésus sing disampèkké liwat wahyu kuwi. Aku ngumumké nèk wong-wong kudu mertobat, bali marang Gusti Allah, lan nduduhké pertobatan liwat tumindaké. Aku ngumumké kuwi sing pertama marang wong-wong ing Damaskus, terus marang wong-wong ing Yérusalèm lan ing kabèh dhaérah ing Yudéa, bar kuwi marang bangsa-bangsa liya.” (Kis. 26:19, 20) Wektu Yésus nemoni Paulus liwat wahyu, Paulus éntuk tugas saka Yésus, lan selama bertaun-taun Paulus manut karo préntahé Yésus kuwi. Hasilé, akèh wong sing gelem nampa kabar apik sing diwartakké Paulus. Wong-wong kuwi mertobat saka tingkah lakuné sing bejat lan ora jujur. Meréka ya gelem manut karo Gusti Allah. Sakliyané kuwi, meréka ya dadi warga negara sing apik lan gelem manut aturan pamréntah.

15 Tapi para penentangé Paulus ora perduli karo hasil sing apik kuwi. Paulus ngomong, ”Kuwi sebabé, wong Yahudi nangkep aku ing bait lan arep matèni aku. Ning, merga aku wis ngrasakké dhéwé bantuané Gusti Allah, nganti saiki aku terus mènèhi kesaksian marang wong biasa lan wong penting.”​—Kis. 26:21, 22.

16. Piyé carané niru Paulus wektu njelaské kepercayaané awaké dhéwé karo para hakim lan para pejabat?

16 Merga awaké dhéwé wong Kristen, awaké dhéwé ”kudu siap mènèhi jawaban” karo wong-wong soal kepercayaané awaké dhéwé. (1 Ptr. 3:15) Wektu njelaské kepercayaané awaké dhéwé karo para hakim lan para pejabat, awaké dhéwé isa niru contoné Paulus wektu nyampèkké pembélaané ing ngarepé Agripa lan Fèstus. Wektu nyampèkké pembélaan, awaké dhéwé kudu tetep ngajèni para hakim lan para pejabat. Awaké dhéwé isa nyritakké pengalamané awaké dhéwé utawa wong liya sing isa dadi wong sing luwih apik lan éntuk manfaat merga sinau Alkitab. Nèk nyritakké soal kuwi, mungkin para hakim utawa para pejabat isa dadi nduwé pandhangan sing apik soal awaké dhéwé.

”Mengko Ndhak Suwé-Suwé Aku Dadi Wong Kristen” (Kis. 26:24-32)

17. (a) Piyé tanggepané Fèstus wektu krungu pembélaané Paulus? (b) Kok isa sikapé wong-wong jaman saiki padha kaya sikapé Fèstus?

17 Pas Paulus lagi ngomong, Agripa karo Fèstus ora gelem ngrungokké Paulus manèh. Ing Alkitab disebutké, ”Wektu Paulus isih nyampèkké pembélaané, Fèstus mbengok, ’Paulus, kowé kuwi bener-bener wis édan. Kowé kuwi kakèhan sinau, mulané dadi édan.’” (Kis. 26:24) Nganti saiki ya ana wong-wong sing sikapé kaya Fèstus. Meréka nganggep wong-wong sing nyritakké isiné Alkitab kuwi wong sing bodho. Sakliyané kuwi, wong-wong sing sekolahé dhuwur akèh-akèhé ya ora percaya wulangané Alkitab soal wong mati isa diuripké manèh.

18. (a) Piyé Paulus njawab Fèstus? (b) Piyé tanggepané Agripa?

18 Paulus njawab Fèstus, ”Gubernur Fèstus sing tak hormati, aku ora édan. Sing tak omongké iki bener lan asalé saka pikiran sing waras. Aku wani ngomong kaya ngéné ing ngarepé njenengan, ya Raja, kuwi merga aku ngerti nèk njenengan wis paham banget soal iki. . . . Raja Agripa, apa njenengan percaya karo Tulisané Para Nabi? Aku ngerti njenengan mesthi percaya.” Terus Agripa ngomong, ”Kowé kuwi pancèn pinter ngomong. Wis kowé ora usah ngomong manèh, mengko ndhak suwé-suwé aku dadi wong Kristen.” (Kis. 26:25-28) Embuh sing diomongké Agripa kuwi tulus apa ora, tapi sing jelas Agripa mikirké kata-katané Paulus.

19. Sakwisé ngrungokké pembélaané Paulus, Agripa karo Fèstus ngomong apa soal Paulus?

19 Terus Agripa karo Fèstus ngadeg lan pengadilan kuwi rampung. Ing Alkitab disebutké, ”Karo metu, wong-wong kuwi padha rasan-rasan, ’Wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati utawa dipenjara.’ Terus, Agripa ngomong karo Fèstus, ’Sakjané, wong kuwi isa dibébaské nèk ora njaluk bandhing marang Kaisar.’” (Kis. 26:31, 32) Meréka ngerti nèk sakjané Paulus ora salah apa-apa. Sakwisé ngrungokké penjelasané Paulus, mungkin meréka dadi luwih apik karo wong Kristen.

20. Apa waé manfaaté Paulus nyampèkké kabar apik karo para pejabat?

20 Kétoké Fèstus lan Agripa ora ana sing dadi wong Kristen lan gelem nampa kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. Lha terus apa ana manfaaté Paulus nyampèkké pembélaan ing ngarepé meréka? Ya mesthi ana. Justru merga Paulus ”digawa ing ngarepé raja-raja lan gubernur-gubernur” ing Yudéa, Paulus malah isa nyampèkké kabar apik karo para pejabat Romawi. Nèk Paulus ora diadili, Paulus ora mungkin isa nyampèkké kabar apik karo meréka. (Luk. 21:12, 13) Sakliyané kuwi, pengalaman lan imané Paulus sing kuwat mesthi isa nyemangati sedulur-sedulur.​—Flp. 1:12-14.

21. Nèk awaké dhéwé tetep semangat nginjil, apa manfaaté?

21 Jaman saiki awaké dhéwé ya isa kaya Paulus. Nèk awaké dhéwé tetep semangat nginjil meskipun ana masalah utawa tantangan, kuwi mesthi ana manfaaté. Awaké dhéwé isa nginjil karo para pejabat sing mungkin ora isa awaké dhéwé temoni pas nginjil saka omah ing omah. Pengalamané awaké dhéwé ya isa nyemangati sedulur-sedulur bèn luwih kendel nyampèkké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah.

a Deloken kothak ” Gubernur Romawi Porkius Fèstus”.

b ”Kursi pengadilan” kuwi kursi sing ana ing ndhuwur panggung. Posisi kuwi nduduhké nèk keputusané hakim ora isa diubah lan kudu ditaati. Pilatus lungguh ing kursi pengadilan pas ngadili Yésus.

d Deloken kothak ” Raja Hérodès Agripa II”.

e Merga dadi wong Kristen, Paulus percaya nèk Yésus kuwi Mésias. Tapi nèk wong Yahudi ora percaya karo Yésus lan nganggep nèk Paulus murtad.​—Kis. 21:21, 27, 28.

f Ing Alkitab dicritakké nèk Paulus lunga ing Damaskus ”pas awan”. Ana ahli Alkitab sing kandha, ”Nèk ora lagi kesusu wektu ing perjalanan, wong-wong biasané istirahat pas awan merga cuacané panas banget. Dadi awaké dhéwé isa ngerti nèk Paulus niat banget nganiaya wong Kristen.”