Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 28

”Nganti Tekan Panggonan sing Paling Adoh ing Bumi”

”Nganti Tekan Panggonan sing Paling Adoh ing Bumi”

Seksi-Seksi Yéhuwah nglanjutké gawéan nginjil sing wis dimulai murid-muridé Yésus kèt jamané para rasul

1. Apa persamaané murid-muridé Yésus ing jamané para rasul karo Seksi-Seksi Yéhuwah jaman saiki?

 MURID-MURIDÉ Yésus ing jamané para rasul lan Seksi-Seksi Yéhuwah jaman saiki semangat nginjil. Meréka gelem manut arahané roh suci lan meréka ya ora mandheg nginjil meskipun dianiaya. Meréka bener-bener diberkahi Yéhuwah.

2, 3. Apa sing nggawé buku Kisah Para Rasul iki béda karo liyané?

2 Sakwisé sinau kisah-kisah ing buku Kisah Para Rasul, imané njenengan mesthi dadi tambah kuwat. Buku Kisah iki béda karo liyané, soalé mung buku Kisah sing nyritakké soal jemaat Kristen sing mulai ana sakwisé Yésus munggah swarga.

3 Buku Kisah nyritakké soal 95 wong saka 32 negara lan wilayah, 54 kutha, lan 9 pulau. Ing buku iki ana crita menarik soal wong-wong, misalé wong biasa, wong sing fanatik karo agamané, pejabat sing sombong, lan wong-wong sing kejem nganiaya. Tapi sing paling penting, buku iki ya nyritakké soal sedulur- sedulur pas jamané para rasul sing tetep semangat nginjil meskipun ngadhepi akèh kesusahan.

4. Apa persamaané awaké dhéwé karo Paulus, Tabita, lan murid-muridé Yésus jaman mbiyèn?

4 Wong-wong sing disebutké ing buku Kisah kuwi termasuk Rasul Pétrus lan Rasul Paulus sing semangat, Lukas sing dadi dokter sing disayangi, Barnabas sing murah hati, Stéfanus sing kendel, Tabita sing apikan, Lidia sing murah hati lan apikan, terus ya ana murid-muridé Yésus liyané sing kuwat imané. Mémang wong-wong kuwi uripé ing jaman mbiyèn, tapi awaké dhéwé nduwé persamaan karo meréka. Apa persamaané? Awaké dhéwé nduwé tugas sing padha yaiku mbantu wong-wong dadi muridé Yésus. (Mat. 28:19, 20) Awaké dhéwé mesthi seneng banget isa mèlu ndhukung gawéan sing istiméwa kuwi.

”. . . nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.”—Kisah 1:8

5. Murid-muridé Yésus mulai nginjil ing endi waé?

5 Coba pikirna tugas sing Yésus wènèhké kanggo murid-muridé. Yésus ngomong, ”Pas kowé nampa roh suci, kowé bakal nduwé kuwasa. Kowé ya bakal dadi seksiku ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.” (Kis. 1:8) Pertama, merga nampa roh suci, murid-muridé Yésus nduwé kuwasa kanggo martakké kabar apik ”ing Yérusalèm”. (Kis. 1:1–8:3) Keloro, merga tuntunané roh suci, meréka isa martakké kabar apik ”ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria”. (Kis. 8:4–13:3) Ketelu, meréka mulai nginjil tekan ”panggonan sing paling adoh ing bumi”.​—Kis. 13:4–28:31.

6, 7. Ora kaya umaté Yéhuwah pas jamané para rasul, saiki awaké dhéwé nduwé apa kanggo nginjil?

6 Mbiyèn, pas jamané para rasul durung ana salinan Kitab Suci sing lengkap kanggo nginjil. Malah, Injil Matius lagi waé rampung ditulis kira-kira taun 41 M. Terus, meskipun beberapa suraté Paulus wis rampung ditulis sakdurungé buku Kisah rampung ditulis kira-kira taun 61 M, wong-wong Kristen wektu kuwi durung nduwé salinan Kitab Suci sing lengkap utawa wacan-wacan sing isa diwènèhké wektu nginjil. Sakdurungé dadi muridé Yésus, wong-wong Kristen Yahudi mesthi ya wis tau ngrungokké Kitab-Kitab Ibrani diwacakké ing sinagogé. (2 Kor. 3:14-16) Tapi akèh-akèhé, meréka ora nduwé salinan Kitab-Kitab Ibrani. Dadi pas nginjil, meréka mung isa nyampèkké ayat-ayat sing meréka éling thok.

7 Umaté Yéhuwah jaman saiki wis nduwé Alkitab lan wacan-wacan sing dhasaré Alkitab. Awaké dhéwé ya wis nginjil ing 240 negara sing basané béda-béda.

Nduwé Kuwasa Merga Nampa Roh Suci

8, 9. (a) Merga nampa roh suci, murid-muridé Yésus isa ngapa? (b) Merga nampa roh suci, budhak sing setya lan wicaksana isa nggawé apa waé?

8 Wektu Yésus ngongkon murid-muridé kanggo dadi seksiné, Yésus ngomong karo meréka, ”Pas kowé nampa roh suci, kowé bakal nduwé kuwasa.” Liwat tuntunané roh suci, murid-muridé Yésus isa nginjil nganti sak donya. Merga nampa roh suci, Pétrus karo Paulus isa marèkké wong lara, ngusir roh jahat, malah isa nguripké manèh wong sing wis mati. Tapi, apa tujuan sing luwih penting? Merga nampa roh suci, murid-muridé Yésus isa nyampèkké wulangan sing bener bèn wong-wong isa urip saklawasé.​—Yoh. 17:3.

9 Pas Péntakosta 33 M, murid-muridé Yésus ”ngomong nganggo akèh basa sesuai karo tuntunané roh suci”. Merga mukjijat kuwi meréka isa ngomongké ”tumindaké Gusti Allah sing luar biasa”. (Kis. 2:1-4, 11) Jaman saiki, ora ana mukjijat sing nggawé awaké dhéwé isa ngomong nganggo basa liya. Tapi merga nampa roh suciné Gusti Allah, budhak sing setya lan wicaksana isa nggawé wacan-wacan Alkitab ing akèh basa. Misalé, ana jutaan majalah Warta Penting lan Gatèkna! sing dicétak saben sasi. Terus, ing jw.org ya ana wacan-wacan lan vidéo sing dhasaré Alkitab sing basané luwih saka 1.000. Kabèh sing disedhiakké organisasi nggawé awaké dhéwé isa ngomongké soal ”tumindaké Gusti Allah sing luar biasa” karo wong-wong saka kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa.​—Why. 7:9.

10. Kèt taun 1989, piyé perkembangan penerjemahan Alkitab?

10 Kèt taun 1989, budhak sing setya lan wicaksana berusaha bèn Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar diterjemahké ing akèh basa. Alkitab kuwi wis diterjemahké luwih saka 200 basa lan wis dicétak nganti ping puluhan juta, terus ya bakal diterjemahké lan dicétak luwih akèh manèh. Kuwi kabèh isa kelakon merga dibantu Yéhuwah lan roh suciné.

11. Piyé perkembangané proyèk penerjemahané Seksi-Seksi Yéhuwah?

11 Ana akèh proyèk penerjemahan sing dikerjakké karo éwonan sedulur-sedulur ing luwih saka 150 negara lan dhaérah sing béda-béda. Kuwi luar biasa banget, soalé ora ana organisasi liyané sing dituntun roh suci sing isa ”mènèhi penjelasan sing lengkap” soal Yéhuwah, Yésus, lan Kerajaané Gusti Allah sing wis mréntah ing swarga.​—Kis. 28:23.

12. Paulus lan wong Kristen liyané isa berhasil nginjil merga apa?

12 Pas Paulus nginjil karo wong Yahudi lan wong sing dudu Yahudi ing Antiokhia Pisidia, ”kabèh wong sing nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé dadi percaya”. (Kis. 13:48) Terus kaya sing disebutké ing akhir buku Kisah, Paulus ”martakké soal Kerajaané Gusti Allah . . . tanpa ana sing ngalang-ngalangi”. (Kis. 28:31) Wektu kuwi Paulus nginjilé ing endi? Ing kutha sing paling gedhé kuwasané, yaiku Roma. Embuh cara nginjilé piyé, murid-muridé Yésus isa berhasil nginjil merga bantuané roh suci.

Tetep Setya Meskipun Dianiaya

13. Ngapa kok awaké dhéwé kudu ndonga wektu dianiaya?

13 Wektu murid-muridé Yésus jaman mbiyèn dianiaya, meréka njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa kendel. Hasilé, meréka isa terus dituntun roh suci lan tetep kendel martakké omongané Gusti Allah. (Kis. 4:18-31) Awaké dhéwé ya kudu ndonga karo Gusti Allah bèn isa wicaksana lan bèn kendel nginjil meskipun dianiaya. (Yak. 1:2-8) Merga dituntun roh suci lan diberkahi Gusti Allah, awaké dhéwé dadi tetep semangat nginjil. Meskipun umaté Yéhuwah dianiaya kejem banget, tapi gawéan nginjil ora bakal mandheg. Wektu dianiaya awaké dhéwé isa ndonga njaluk tuntunané roh suci lan kawicaksanan bèn isa tetep kendel nyritakké kabar apik.​—Luk. 11:13.

14, 15. (a) ”Sakwisé Stéfanus dipatèni [lan] murid-murid dianiaya”, apa sing kelakon? (b) Piyé wong-wong ing Siberia isa ngerti wulangan sing bener?

14 Sakdurungé dipatèni, Stéfanus tetep kendel martakké kabar apik. (Kis. 6:5; 7:54-60) Wektu murid-muridé Yésus ngalami ”penganiayaan sing parah”, murid-murid kuwi mlayu ing dhaérah Yudéa lan Samaria, tapi meréka tetep nginjil. Misalé, Filipus sing lunga ing Samaria tetep ”martakké soal Kristus” lan akèh sing gelem ngrungokké. (Kis. 8:1-8, 14, 15, 25) Sakliyané kuwi, ing Alkitab disebutké, ”Sakwisé Stéfanus dipatèni, murid-murid dianiaya lan mencar ing Fénisia, Siprus, lan Antiokhia. Ning, murid-murid kuwi martakké kabar apik mung marang wong Yahudi. Tapi, ana murid-murid saka Siprus lan Kiréné sing teka ing Antiokhia, lan mulai martakké kabar apik soal Gusti Yésus marang wong-wong sing basané Yunani.” (Kis. 11:19, 20) Wektu kuwi merga murid-muridé Yésus dianiaya lan pindhah ing dhaérah liya, kabar apik malah isa diwartakké ing endi-endi.

15 Jaman saiki ya padha kaya jamané para rasul. Misalé, ing taun 1950-an, ana éwonan Seksi-Seksi Yéhuwah ing bekas Uni Soviet sing dipeksa pindhah ing Siberia. Merga meréka dipeksa pindhah ing dhaérah sing béda-béda, kabar apik isa diwartakké ing kabèh wilayah ing Siberia. Nèk ora merga dipeksa pindhah, Seksi-Seksi Yéhuwah ora mungkin isa nginjil ing kono, soalé Siberia kuwi dhaérahé adoh banget lan butuh dhuwit akèh bèn isa tekan kono. Dadi, sakjané malah keputusan pamréntah kuwi sing nggawé Seksi-Seksi Yéhuwah isa nginjil ing panggonan sing adoh. Ana salah siji sedulur sing kandha, ”Jebulé éwonan wong ing Siberia isa ngerti wulangan sing bener saka Alkitab merga upayané pamréntah kuwi dhéwé.”

Nampa Akèh Berkah Saka Yéhuwah

16, 17. Saka sing dicathet ing buku Kisah, apa waé buktiné nèk Yéhuwah mberkahi gawéan nginjil?

16 Yéhuwah bener-bener mberkahi upayané wong-wong Kristen jamané para rasul. Paulus lan murid-murid liyané sing nandur lan nyirami, ”ning Gusti Allah sing nukulké”. (1 Kor. 3:5, 6) Saka buku Kisah awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah mberkahi gawéan nginjil, buktiné akèh sing dadi wong Kristen. Misalé ing Alkitab disebutké, ”Omongané Gusti Allah terus kesebar, lan jumlahé murid-murid dadi saya akèh banget ing Yérusalèm.” (Kis. 6:7) Terus merga kabar apik terus diwartakké, ”kabèh jemaat ing Yudéa, Galiléa, lan Samaria ngrasakké ayem tentrem lan saya semangat. Jumlahé murid-murid dadi saya akèh merga padha wedi marang [utawa bener-bener ngajèni] Yéhuwah lan nampa penghiburan saka roh suci”.​—Kis. 9:31.

17 Ing Antiokhia Siria, wong Yahudi lan wong-wong sing basané Yunani isa ngerti wulangan sing bener merga murid-muridé Yésus kendel nginjil. Ing Alkitab disebutké, ”Yéhuwah ndhukung murid-murid kuwi. Akèh wong sing percaya lan dadi muridé Gusti.” (Kis. 11:21) Terus, apa manèh hasilé? Ing buku Kisah dicritakké nèk ”omongané Yéhuwah saya nyebar ing endi-endi, lan saya akèh wong sing dadi murid”. (Kis. 12:24) Sakliyané kuwi, Paulus lan murid-murid liyané terus semangat martakké kabar apik karo wong-wong sing dudu Yahudi. Hasilé, ”merga kuwasané Yéhuwah, omongané Gusti Allah dadi saya nyebar lan saya gedhé kuwasané”.​—Kis. 19:20.

18, 19. (a) Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ”ndhukung” awaké dhéwé? (b) Critakna pengalaman sing nduduhké nèk Yéhuwah ndhukung umaté.

18 Jaman saiki Yéhuwah ya ”ndhukung” umaté. Buktiné, akèh sing gelem sinau Alkitab lan akhiré dibaptis. Sakliyané kuwi, kaya Yéhuwah mbantu Paulus lan wong Kristen pas jamané para rasul, saiki Yéhuwah ya mbantu awaké dhéwé bèn isa semangat nginjil lan tetep setya meskipun dianiaya nganti parah. (Kis. 14:19-21) Yéhuwah mesthi siap mbantu awaké dhéwé. ”Lengené [Yéhuwah] sing ana saklawasé” bakal terus mbantu awaké dhéwé wektu ngadhepi masalah apa waé. (PT. 33:27, cathetan ngisor) Awaké dhéwé kudu éling, Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté ”merga jenengé sing mulya”.​—1 Sam. 12:22; Mzm. 94:14.

19 Ayo nggatèkké conto sing nduduhké nèk Yéhuwah ndhukung umaté. Sedulur Harald Abt dicekel karo Nazi lan ditahan ing kamp konsèntrasi Sachsenhausen selama Perang Donya II merga dhèwèké terus nginjil. Ing sasi Mei 1942, Gestapo utawa polisi rahasia Nazi teka ing omahé bojoné Harald Abt sing jenengé Elsa. Elsa dicekel lan bayiné digawa polisi kuwi. Terus Elsa ditahan lan dipindhah ing kamp sing béda-béda. Elsa ngomong, ”Selama bertaun-taun aku ditahan ing kamp konsèntrasi Jerman, aku ngrasakké tenan nèk roh suciné Yéhuwah isa nguwatké aku wektu dianiaya nganti parah. Sakdurungé ditahan, aku tau maca surat saka salah siji sedulur wédok. Sedulur kuwi nulis nèk wektu dianiaya, roh suciné Yéhuwah isa nggawé awaké dhéwé tenang. Awalé aku mikir, apa kuwi mungkin ta? Tapi, wektu aku ngalami dhéwé, jebulé kata-katané sedulur kuwi bener. Kenyataané, roh suci isa nggawé aku tenang. Mémang nèk durung ngalami dhéwé angèl mbayangkéné, tapi ya kuwi sing tak rasakké.”

Terus Mènèhi Penjelasan sing Lengkap

20. Wektu ditahan ing omah Paulus tetep ngapa, lan piyé contoné Paulus isa nguwatké sedulur-sedulur?

20 Ing akhir buku Kisah disebutké nèk Paulus semangat ”martakké soal Kerajaané Gusti Allah”. (Kis. 28:31) Selama ing Roma, meskipun ditahan ing omah lan ora isa nginjil saka omah ing omah, Paulus tetep nyampèkké wulangané Kitab Suci karo wong-wong sing teka ing omahé. Mungkin, saiki ana sedulur-sedulur sing manggon ing panti jompo merga wis tuwa, utawa ora isa lunga-lunga lan isané mung turonan ing kasur merga lara. Tapi merga sedulur-sedulur kuwi sayang karo Yéhuwah, meréka tetep semangat nginjil. Awaké dhéwé mesthi seneng ndongakké sedulur-sedulur kuwi bèn meréka isa ketemu karo wong-wong sing gelem sinau soal Yéhuwah lan janjiné ing masa depan.

21. Ngapa kok saiki awaké dhéwé kudu tambah semangat nginjil?

21 Nèk awaké dhéwé isih séhat, isa nginjil saka omah ing omah, lan nginjil nganggo cara liyané, awaké dhéwé kudu semangat nginjil. Awaké dhéwé kudu berusaha tenan nginjil ”nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi”. Sedhéla manèh gawéan nginjil wis mèh rampung merga ”tandhané” akhir jaman wis kelakon. (Mat. 24:3-14) Mula, awaké dhéwé kudu nginjil kapan waé lan ing ngendi waé, soalé saiki isih ana ”akèh gawéan kanggo nglayani Gusti”.​—1 Kor. 15:58.

22. Karo ngentèni dinané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngapa?

22 Awaké dhéwé mesthi nunggu-nunggu ”dinané Yéhuwah” sing ”hébat lan luar biasa”. Karo ngentèni dina kuwi, awaké dhéwé mesthi péngin terus kendel lan semangat nginjil. (Yl. 2:31) Pas nginjil, awaké dhéwé mesthi bakal ketemu karo wong-wong sing ”semangat banget” nampa omongané Gusti Allah kaya wong Béréa. (Kis. 17:10, 11) Awaké dhéwé kudu terus semangat nginjil nganti awaké dhéwé krungu Yéhuwah seolah-olah ngomong, ”Hé budhak sing apik lan setya, sing mbok tindakké kuwi apik.” (Mat. 25:23) Nèk awaké dhéwé terus mbantu wong-wong dadi muridé Yésus lan tetep setya karo Yéhuwah mesthi awaké dhéwé bakal bahagia merga isa ”mènèhi penjelasan sing lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”.