Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 26

”Ora Ana Siji-sijia ing Antaramu sing Bakal Mati”

”Ora Ana Siji-sijia ing Antaramu sing Bakal Mati”

Wektu ngalami kapal karam, Paulus tetep nduwé iman sing kuwat lan nduduhké nèk sayang karo wong liya

Kisah 27:1–28:10

1, 2. (a) Kaya apa perjalanané Paulus ing Roma? (b) Apa sing mungkin dipikirké Paulus?

 FÈSTUS tau ngomong karo Paulus, ”Kowé bakal lunga marang Kaisar.” Paulus mesthi isih kepikiran kata-katané Fèstus merga kuwi ana hubungané karo uripé Paulus. Paulus wis dipenjara rong taun, saiki dhèwèké arep lunga adoh ing Roma. Iki mesthi dadi suasana sing béda kanggo Paulus. (Kis. 25:12) Tapi Paulus ya ngerti nèk perjalanan liwat laut kuwi ora gampang, cuacané ora mesthi apik, lan perjalanané ora mesthi lancar. Kuwi mesthi ya nggawé Paulus kuwatir, apa manèh dhèwèké arep nggawé pembélaan ing ngarepé Kaisar.

2 Paulus wis kerep ngadhepi ”bahaya . . . ing laut”. Paulus ya tau ping telu ngalami karam kapal lan sedina muput ana ing tengah-tengah laut. (2 Kor. 11:25, 26) Perjalanané iki béda karo perjalanané Paulus pas dhèwèké dadi utusan injil, soalé saiki dhèwèké dadi tahanan. Paulus bakal lunga numpak kapal saka Kaisaréa ing Roma sing adohé kira-kira 3.000 kilomèter. Apa Paulus isa slamet tekan Roma? Nèk dhèwèké isa slamet tekan Roma, apa dhèwèké bakal dihukum mati? Sedhéla manèh Paulus bakal diadili karo pamréntah sing paling gedhé kuwasané wektu kuwi.

3. Apa tékadé Paulus, lan apa sing bakal dibahas ing bab iki?

3 Sakwisé njenengan maca kisahé Paulus, menurut njenengan apa Paulus bakal putus asa merga kuwatir mikirké uripé bakal piyé? Mesthi ora. Paulus ngerti nèk dhèwèké bakal ngalami kesusahan, tapi dhèwèké ora ngerti persisé apa. Dadi, ora ana gunané nèk Paulus terlalu kuwatir nganti ora semangat nginjil manèh merga mikirké apa sing bakal kelakon. (Mat. 6:27, 34) Paulus ngerti nèk Yéhuwah péngin bèn dhèwèké nginjil ing endi waé lan kapan waé, termasuk nyampèkké kabar apik karo para pejabat. (Kis. 9:15) Embuh ana tantangan apa, Paulus nduwé tékad kanggo tetep nginjil. Apa awaké dhéwé ya nduwé tékad kaya ngono? Ayo awaké dhéwé mbahas perjalanané Paulus ing Roma. Awaké dhéwé ya bakal sinau pelajaran apik sing isa ditiru.

”Keterjang Angin” (Kis. 27:1-7a)

4. Paulus mangkat numpak kapal apa, lan sapa sing ngancani Paulus?

4 Paulus karo tahanan liyané lunga ing Roma lan dijaga perwira pasukan Romawi sing jenengé Yulius. Meréka lunga saka Kaisaréa numpak kapal sing biasané dienggo ngangkut barang dagangan. Kapal kuwi saka Adramitium, pelabuhan sing ana ing kuloné Asia Kecil lan ana ing sebrangé kutha Mitiléné ing Pulau Lésbos. Kapalé mlaku ngalor terus ngulon, terus kapalé mandheg ing beberapa pelabuhan kanggo njupuk lan ngedhunké barang. Kapal kuwi dudu kapal penumpang, dadi Paulus karo tahanan liyané sakjané ora nyaman numpak kapal kuwi. (Deloken kothak ” Perjalanan Liwat Laut”.) Untungé Paulus dikancani Aristarkhus lan Lukas. Dadi, mesthiné Lukas sing nulis kisah iki. Awaké dhéwé mémang ora ngerti apa Aristarkhus karo Lukas mbayar dhéwé selama perjalanan numpak kapal kuwi, utawa meréka numpak kapal gratis merga dianggep pelayané Paulus.​—Kis. 27:1, 2.

5. (a) Pas ing Sidon Paulus ketemu karo sapa? (b) Apa pelajarané kanggo awaké dhéwé?

5 Sakwisé sedina perjalanan, kapal kuwi wis mlaku ngalor kira-kira 110 kilomèter. Terus kapal kuwi mandheg ing Sidon, ing pesisir Siria. Kétoké sikapé Yulius karo Paulus béda karo sikapé Yulius karo tahanan liyané. Yulius apikan karo Paulus mungkin merga Paulus warga negara Romawi lan durung terbukti bersalah. (Kis. 22:27, 28; 26:31, 32) Yulius ngéntukké Paulus ketemu karo sedulur-sedulur ing Sidon. Sedulur-sedulur mesthi seneng isa ketemu lan mbantu Paulus sing wis suwé dipenjara. Apa njenengan gelem niru sedulur-sedulur kuwi sing seneng mbantu lan murah hati? Nèk njenengan murah hati, kuwi mesthi bermanfaat lan isa nguwatké njenengan.​—Kis. 27:3.

6-8. (a) Jelasna perjalanané Paulus saka Sidon ing Knidus. (b) Selama perjalanan, Paulus isa ngapa?

6 Sakwisé saka Sidon, kapalé mlaku ngalor lan ngliwati kutha Kilikia sing cedhak kutha asalé Paulus yaiku Tarsus. Bar kuwi, Lukas ora nyebutké kapalé mandheg ing kutha endi, tapi Lukas nyebutké nèk kapalé isa ”keterjang angin” lan kuwi bahaya. (Kis. 27:4, 5) Meskipun ngalami bahaya, Paulus tetep nginjil. Dhèwèké mesthi nyritakké kabar apik karo tahanan liyané, awak kapal, lan para prajurit. Terus pas kapalé mandheg, dhèwèké ya nginjil karo wong-wong sing ana ing pelabuhan. Kaya Paulus, apa njenengan nggunakké kesempatan lan berusaha nginjil ing endi waé lan kapan waé?

7 Terus kapalé tekan Mira, pelabuhan sing ana ing kidulé Asia Kecil. Ing pelabuhan kuwi, Paulus karo wong-wong liyané kudu pindhah kapal bèn isa nglanjutké perjalanan ing Roma. (Kis. 27:6) Wektu kuwi Mesir ngirim gandum ing Roma, makané ana kapal-kapal saka Mesir sing ngangkut biji-bijian lan mandheg ing Mira. Yulius ngongkon para prajurit lan tahanan numpak kapal kuwi. Kapal iki luwih gedhé timbang kapal sing sakdurungé, kapal iki isa ngangkut gandum lan wong 276 sing termasuk para prajurit, tahanan, awak kapal, lan wong-wong sing arep lunga ing Roma. Sakwisé pindhah kapal, Paulus isa nginjil karo luwih akèh wong.

8 Terus kapalé mandheg ing Knidus sing ana ing barat daya Asia Kecil. Sakjané nèk ora ana badai perjalanané mung sedina bèn isa tekan Knidus. Tapi Lukas nyebutké, ”Kapalé mlaku alon-alon nganti pirang-pirang dina lan perjalanané rekasa banget. Ning akhiré, aku lan sedulur-sedulur tekan ing Knidus.” (Kis. 27:7a) Ternyata wektu kuwi perjalanané angèl soalé cuacané èlèk. (Deloken kothak ” Angin Laut Tengah Nerjang saka Arah sing Béda”.) Coba bayangna piyé perasaané wong-wong pas ngerti nèk kapalé kena angin sing banter lan ombak sing gedhé.

”Kapalé Terus Diterjang Badai” (Kis. 27:7b-26)

9, 10. Pas ing cedhak Kréta, apa waé masalah sing dialami Paulus lan sing liyané?

9 Saka Knidus, kaptèn kapal kuwi péngin nglanjutké perjalanan ing arah kulon. Tapi, Lukas sing ndelok dhéwé peristiwané nyebutké nèk ”anginé nerjang saka arah sing béda”. (Kis. 27:7b) Pas kapalé wis adoh saka pelabuhan, kapal kuwi kena angin banter saka barat laut, terus kapalé kesèrèt ing arah kidul. Kaya Pulau Siprus, Pulau Kréta ya isa nglindhungi kapal sing ditumpaki Paulus bèn ora keterjang angin. Keadaané dadi luwih tenang pas kapal kuwi ngliwati Tanjung Salmoné sing ana ing wétané Pulau Kréta. Kok isa? Soalé kapal kuwi ana ing kidulé Pulau Kréta, dadi ora bakal keterjang angin. Wektu kuwi para penumpang kapal mesthi lega. Tapi selama meréka ana ing laut mesthi ana bahaya, apa manèh arep musim dingin. Dadi wong-wong ing kapal kuwi mesthi kuwatir banget.

10 Lukas nulis, ”Sakwisé rekasa banget ngliwati pesisir [Kréta], aku lan sedulur-sedulur tekan ing panggonan sing disebut Pelabuhan Indah.” Ternyata pas ing kidul Pulau Kréta kapalé tetep angèl diarahké, tapi akhiré kapalé isa mandheg ing teluk sing cilik sing ana ing Pulau Kréta sisih kidul. Nganti kapan meréka mandheg ing kono? Kaya sing disebutké Lukas, meréka mandheg ing kono nganti ”pirang-pirang dina”. Tapi meréka ora isa suwé-suwé ing kono, soalé pas sasi September utawa Oktober perjalanan nganggo kapal kuwi bahaya banget.​—Kis. 27:8, 9.

11. Paulus ngekèki saran apa karo wong-wong sing ana ing kapal, lan akhiré keputusané piyé?

11 Beberapa penumpang mungkin njaluk sarané Paulus merga dhèwèké wis tau numpak kapal ngliwati Laut Tengah. Paulus ngomong bèn perjalanané ora dilanjutké soalé nèk dilanjutké perjalanané bakal ”angèl banget lan bahaya”, malah wong-wong sing ana ing kapal kuwi ya isa mati. Tapi, kaptèn kapal lan sing nduwé kapal tetep péngin neruské perjalanané mungkin bèn isa cepet tekan dhaérah sing luwih aman. Meréka ya nggawé Yulius yakin nèk kapalé kudu cepet-cepet mangkat. Wong-wong ing kono ya yakin nèk kapalé kudu cepet-cepet mlaku ngulon nganti tekan pelabuhan Fèniks. Kétoké, pelabuhan Fèniks kuwi luwih gedhé lan luwih apik dadi kapalé isa mandheg ing kana selama musim dingin. Mula wektu ana angin semilir saka kidul, kapal kuwi mangkat.​—Kis. 27:10-13.

12. (a) Sakwisé lunga saka Kréta, ana bahaya apa? (b) Bèn isa terus nglanjutké perjalanan, wong-wong sing ana ing kapal kuwi ngapa waé?

12 Terus ana bahaya manèh, ”ana badai” saka arah timur laut. Tapi akhiré kapalé isa terlindung saka terjangan angin merga ana ing ”cedhak pulau cilik sing jenengé Kauda”, sing adohé kira-kira 65 kilomèter saka Pelabuhan Indah. Ning sakjané tetep bahaya, kapalé isa waé kesèrèt ngidul lan nabrak tumpukan pasir ing pantai Afrika. Mula, awak kapal ngunggahké sekoci ing kapal. Kuwi mesthi angèl merga kétoké sekociné wis kebak banyu. Terus, meréka nalèni bagéan ngisoré kapal nganggo tali lan ranté. Meréka ya ngedhunké layar bèn kapalé isa mlaku ngetutké angin lan ora diterjang badai manèh. Meskipun wis berusaha tenanan kaya ngono, tapi ”kapalé terus diterjang badai”. Keadaané mesthi medèni banget. Terus pas dina ketelu wong-wong padha mbuwangi alat-alat kapal bèn kapalé isa tetep ngapung.​—Kis. 27:14-19.

13. Piyé keadaané selama kapal sing ditumpaki Paulus diterjang badai?

13 Wong-wong ing kapal mesthi kewedèn, tapi Paulus karo kanca-kancané yakin nèk bakal slamet. Soalé, Yésus tau kandha nèk Paulus bakal mènèhi penjelasan ing Roma. Sakliyané kuwi, kaya sing mengko arep dibahas, ana malaékat sing nggawé Paulus yakin nèk kata-katané Yésus mesthi dadi kenyataan. (Kis. 19:21; 23:11) Tapi selama rong minggu badainé ora mandheg, saben dina udan lan mendhung nganti matahari karo bintang-bintang ora kétok. Kuwi nggawé kaptèn kapal ora isa ndelok jelas perjalanané wis tekan endi lan ora isa ngarahké kapalé. Wektu kuwi hawané adhem banget, wong-wong padha mabuk laut, padha kewedèn, lan kudanan. Lha nèk keadaané kaya ngono, masuk akal ta nèk meréka nganti ora doyan mangan?

14, 15. (a) Ngapa kok Paulus ngélingké nèk sakjané dhèwèké wis ngomong karo wong-wong sing ana ing kapal bèn ora neruské perjalanané? (b) Apa sing isa dipelajari saka harapan sing disampèkké Paulus?

14 Terus, Paulus ngadeg lan ngélingké manèh nèk sakjané Paulus wis ngomong karo wong-wong ing kapal kuwi bèn ora neruské perjalanané. Tapi, Paulus ora seolah-olah ngomong ngéné, ’Salahé padha ora gelem manut aku, wis tak kandhani kok ngèyèl.’ Sakjané saka bahaya sing diadhepi selama perjalanan kuwi nduduhké nèk omongané Paulus kuwi bener lan kuduné dirungokké. Terus Paulus ngomong, ”Kowé ora usah kuwatir. Senajan kapal iki bakal hancur, ning ora ana siji-sijia ing antaramu sing bakal mati.” (Kis. 27:21, 22) Omongané Paulus kuwi mesthi nggawé tenang wong-wong sing ana ing kapal. Paulus mesthi ya seneng merga Yéhuwah mènèhi harapan kanggo wong-wong ing kono lan dhèwèké isa nyampèkké harapan kuwi. Saka kisah kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk saben wong berharga kanggo Yéhuwah. Rasul Pétrus nulis, ”Yéhuwah . . . ora péngin ana wong sing disingkirké. Dhèwèké péngin kabèh wong mertobat.” (2 Ptr. 3:9) Mula, awaké dhéwé ya kudu nganggep uripé kabèh wong kuwi berharga. Awaké dhéwé semangat nyampèkké harapan saka Yéhuwah karo luwih akèh wong bèn meréka isa dislametké.

15 Mesthiné Paulus wis crita karo wong-wong sing ana ing kapal nèk ”Gusti Allah bakal nepati janji sing wis disampèkké”. (Kis. 26:6; Kol. 1:5) Nah saiki kapalé arep karam, Paulus isa nggunakké kesempatan kuwi kanggo nyritakké soal harapan saka Gusti Allah nèk meréka isa tetep slamet. Paulus kandha, ”Mau bengi, Gusti Allah sing tak sembah . . . ngutus malaékaté kanggo ngadeg ing cedhakku. Malaékat kuwi kandha, ’Aja wedi, Paulus. Kowé kudu ngadeg ing ngarepé Kaisar. Gusti Allah bakal nylametké kowé lan wong-wong sing numpak kapal bareng karo kowé.’ Mula, aja kuwatir kanca-kancaku. Aku percaya nèk Gusti Allah bakal nindakké persis kaya sing wis diomongké marang aku liwat malaékat kuwi. Ning, awaké dhéwé bakal kandhas ing salah siji pulau.”​—Kis. 27:23-26.

”Kabèh Wong Kuwi Slamet Tekan ing Daratan” (Kis. 27:27-44)

”Paulus . . . ngucap syukur marang Gusti Allah ing ngarepé kabèh wong kuwi.”—Kisah 27:35

16, 17. (a) Kapan Paulus ndonga, lan wong-wong sing ing kapal kuwi dadi piyé? (b) Piyé omongané Paulus dadi kenyataan?

16 Sakwisé rong minggu keterjang badai lan kapalé kesèrèt nganti kira-kira 870 kilomèter, para awak kapal ngira nèk kapalé wis cedhak karo daratan merga meréka krungu swara ombak ing pantai. Terus meréka ngedhunké jangkar saka bagéan mburi kapal bèn kapalé ora kandhas. Meréka ya berusaha bèn kapalé isa mandheg ing pantai. Wektu kuwi awak kapal arep mlayu ninggalké kapal tapi dilarang karo para prajurit. Paulus ngomong karo perwira lan prajurit, ”Nèk wong-wong kuwi ora tetep ing kapal, kowé ora bakal slamet.” Wektu keadaané luwih tenang, Paulus ngejak kabèh wong mangan. Paulus ya nggawé wong-wong kuwi yakin nèk meréka bakal slamet. Terus, Paulus ”ngucap syukur marang Gusti Allah ing ngarepé kabèh wong kuwi”. (Kis. 27:31, 35) Paulus sing ndonga ing ngarepé wong akèh kuwi dadi conto sing apik kanggo Lukas, Aristarkhus, lan wong Kristen jaman saiki. Wektu ndonga ing ngarepé wong akèh, apa dongané njenengan isa nyemangati lan nguwatké wong liya?

17 Sakwisé Paulus ndonga, ”wong-wong kuwi dadi ora kuwatir manèh lan mulai mangan”. (Kis. 27:36) Terus wong-wong kuwi mbuwang gandum ing laut bèn kapalé dadi luwih ènthèng lan isa cepet tekan daratan. Pas mèh awan, para awak kapal ngethok tali jangkar kapal, nguculi tali-tali kemudhiné, lan masang layar bagéan ngarep bèn kapalé isa kesurung angin lan tekan pantai. Tapi bar kuwi, bagéan ngarep kapal nyangkut merga nabrak bukit pasir sing ana ing ngisor laut. Terus bagéan mburiné remuk diterjang ombak. Wektu kuwi para prajurit arep matèni kabèh tahanan bèn ora ana sing mlayu, tapi Yulius nyegah para prajurit kuwi. Terus, Yulius ngongkon wong-wong renang utawa cekelan papan bèn isa tekan daratan. Omongané Paulus dadi kenyataan, kabèh penumpang sing jumlahé 276 isa slamet. Ing Alkitab disebutké, ”Kabèh wong kuwi slamet tekan ing daratan.” Tapi ing dhaérah endi kuwi?​—Kis. 27:44.

”Penduduk ing Pulau Kuwi Apikan Banget” (Kis. 28:1-10)

18-20. Apa buktiné nèk penduduk ing Malta ”apikan banget”, lan ana mukjijat apa wektu kuwi?

18 Meréka ana ing Pulau Malta, ing kidulé kutha Sisilia. (Deloken kothak ” Malta Kuwi ing Endi?”) Penduduk ing pulau kuwi ora ngomong nganggo basa Yunani, tapi meréka ”apikan banget”. (Kis. 28:2) Paulus karo wong-wong liyané sing numpak kapal, kudanan lan kudu renang nganti pinggir pantai. Dadi meréka mesthi teles kebes lan kadhemen. Mula, penduduk ing Pulau Malta nyumet geni supaya Paulus karo wong-wong liyané ora kadhemen manèh. Terus bar kuwi ana mukjijat.

19 Paulus ngéwangi nglumpukké kayu terus kayuné didèlèhké ing ndhuwur geni. Nah, ujug-ujug ana ula beracun sing nyokot tangané Paulus lan ulané ora gelem ucul. Wong-wong Malta mikir nèk Paulus dicokot ula merga dihukum Gusti Allah. a

20 Wong-wong ing Malta nganggep nèk sakwisé dicokot ula beracun, tangané Paulus mesthi ”bakal abuh”. Ana keterangan sing nyebutké nèk ing basa asliné kata-kata ing ayat kuwi termasuk ”istilah mèdis”. Keterangan kuwi cocog merga sing nulis buku Kisah kuwi Lukas, sing gawéané ”dokter”. (Kis. 28:6; Kol. 4:14) Lha terus Paulus piyé? Akhiré ula kuwi isa ucul saka tangané Paulus lan dhèwèké ora lara.

21. (a) Apa waé buktiné nèk tulisané Lukas ing buku Kisah kuwi rinci banget? (b) Paulus nggawé mukjijat apa, lan penduduk ing Malta piyé bar ngerti mukjijat kuwi?

21 Ana pejabat Romawi sing paling berkuasa ing Malta jenengé Publius. Dhèwèké sugih banget lan nduwé tanah ing sekitar kono. Lukas nyebut nèk Publius ”pemimpin ing pulau kuwi”, gelar kuwi cocog karo loro tulisan ing Malta jaman mbiyèn. Publius apikan ngejak Paulus karo wong-wong liyané nginep telung dina ing omahé. Wektu kuwi bapaké Publius lagi lara. Wektu nyebutké soal penyakité bapaké Publius, Lukas njelaskéné rinci banget lan nggunakké istilah mèdis. Dhèwèké nulis nèk bapaké Publius ”lagi turu merga demam lan disèntri”. Bar kuwi, Paulus ndonga, numpangké tangané ing ndhuwuré bapaké Publius, lan akhiré bapaké Publius mari. Merga kagum karo mukjijaté Paulus, penduduk sing lara ing pulau kuwi njaluk karo Paulus bèn dimarèkké. Meréka ya nggawa hadiah kanggo nyukupi kebutuhané Paulus karo kanca-kancané.​—Kis. 28:7-10.

22. (a) Ahli Alkitab ngomong apa soal perjalanané Paulus ing Roma sing ditulis Lukas? (b) Apa sing bakal dibahas ing bab berikuté?

22 Crita pas Paulus numpak kapal kuwi rinci lan kenyataané ya mémang kaya ngono. Ana ahli Alkitab sing ngomong, ”Tulisané Lukas ing buku Kisah . . . kuwi salah siji bagéan ing Alkitab sing rinci lan jelas, mula sing maca isa mbayangké peristiwané. Keterangan soal numpak kapal pas jamané para rasul kuwi cocog banget karo kenyataané. Sing dijelaské Lukas soal keadaan dhaérah ing sisih wétané Laut Tengah ya bener.” Lukas isa nulis kaya ngono mesthiné merga dhèwèké nyathet kabèh peristiwa selama perjalanané Paulus numpak kapal. Dadi selama perjalanan selanjuté, Lukas mesthi ya nulis kabèh sing kelakon. Terus, apa sing kelakon sakwisé Paulus lan kanca-kancané tekan ing Roma? Kuwi bakal dibahas ing bab berikuté.

a Iki nduduhké nèk jaman mbiyèn ing pulau kuwi ana ula beracun. Saiki ing Malta ora ana ula beracun, kétoké punah merga lingkungané wis ora kaya mbiyèn manèh, utawa merga jumlahé penduduk ing pulau kuwi saya akèh.