Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 23

”Tulung Rungokna Pembélaanku”

”Tulung Rungokna Pembélaanku”

Paulus nyampèkké pembélaan ing ngarepé Sanhèdrin lan wong-wong sing nggawé gègèr

Kisah 21:18–23:10

1, 2. (a) Ngapa kok Paulus lunga ing Yérusalèm? (b) Masalah apa sing diadhepi ing kono?

 PAULUS ngliwati dalan-dalan ing Yérusalèm sing sempit lan ramé. Selama atusan taun, Yérusalèm kuwi dadi pusat ibadah marang Yéhuwah. Penduduk ing kono mbanggak-mbanggakké sejarahé kutha Yérusalèm sing makmur. Paulus ngerti nèk wong-wong Kristen ing Yérusalèm kuwi akèh-akèhé angèl manut karo arahané Yéhuwah sing paling anyar, merga kèt mbiyèn meréka terbiasa manut Hukum Musa. Mula pas ing Éfésus, Paulus mutuské lunga ing Yérusalèm. Dhèwèké lunga ing Yérusalèm ora mung kanggo mènèhké dhuwit sumbangan, tapi dhèwèké ya péngin mbantu wong-wong Kristen ing kono bèn paham karo arahané Yéhuwah sing anyar. (Kis. 19:21) Meskipun ngerti nèk ing Yérusalèm dhèwèké bakal dianiaya, tapi Paulus tetep mrana.

2 Nah, sakwisé Paulus tekan ing Yérusalèm piyé? Ana sedulur-sedulur sing percaya karo berita sing ora bener soal Paulus. Sakliyané kuwi, ana wong-wong sing sengit karo Yésus sing marahi keadaané tambah parah. Meréka nudhuh, nggebugi, lan ngancem arep matèni Paulus. Merga peristiwa kuwi, Paulus isa nyampèkké pembélaan ing ngarepé wong-wong. Wektu ngadhepi masalah, Paulus tetep rendah hati, kendel, lan nduwé iman sing kuwat. Kuwi dadi conto kanggo wong Kristen jaman saiki. Ayo dibahas critané.

”Para Sedulur Mulai Ngluhurké Gusti Allah” (Kis. 21:18-20a)

3-5. (a) Pas ing Yérusalèm Paulus ketemu karo sapa, lan apa sing dibahas? (b) Apa sing isa awaké dhéwé pelajari saka pertemuané Paulus karo para pinituwa ing Yérusalèm?

3 Sedina sakwisé tekan Yérusalèm, Paulus karo kanca-kancané nemoni para pinituwa sing ana ing kono. Wektu Paulus ing kono, ing Alkitab ora disebutké soal rasul-rasul liyané merga kétoké para rasul lagi nglayani ing dhaérah liya. Tapi, Yakobus adhiné Yésus isih ana ing kono. (Gal. 2:9) Kétoké wektu Paulus ketemu para pinituwa ing Yérusalèm, Yakobus sing mimpin pertemuan kuwi lan ”kabèh pinituwa ya ana ing kana”.​—Kis. 21:18.

4 Paulus ngucapké salam kanggo para pinituwa ing kono, terus ”Paulus nyritakké kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah marang bangsa-bangsa liwat gawéan nginjilé Paulus”. (Kis. 21:19) Kuwi mesthi nguwatké para pinituwa ing kono. Jaman saiki awaké dhéwé mesthi ya seneng nèk krungu pengalamané sedulur-sedulur ing dhaérah liya sing isa mbantu luwih akèh wong sinau Alkitab.​—WB. 25:25.

5 Wektu kuwi Paulus mesthiné ya nyritakké soal dhuwit sumbangan sing digawa saka sedulur-sedulur ing Eropa. Sedulur-sedulur sing mèlu pertemuan kuwi mesthi ngrasa dikuwatké merga ngerti nèk sedulur-sedulur saka jemaat liya sing adoh ternyata perduli karo meréka. Bar krungu critané Paulus, ing Alkitab disebutké, ”Para sedulur [para pinituwa] mulai ngluhurké Gusti Allah.” (Kis. 21:20a) Jaman saiki, sedulur-sedulur sing kena bencana utawa lara parah ya ngrasa dikuwatké merga sedulur-sedulur liyané mènèhi bantuan lan nyemangati meréka.

Akèh Wong Isih ”Semangat Nindakké Taurat” (Kis. 21:20b, 21)

6. Masalah apa sing dicritakké para pinituwa ing Yérusalèm?

6 Para pinituwa ing Yérusalèm crita nèk ing Yudéa ana masalah. Ana sedulur-sedulur sing ngomongké kabar sing ora bener soal Paulus. Para pinituwa kuwi ngomong, ”Sedulurku, coba deloken, ana éwonan wong Yahudi sing dadi percaya lan kabèh wong kuwi semangat nindakké Taurat. Ning, wong-wong kuwi krungu kabar nèk kowé mulang wong-wong Yahudi ing antarané bangsa-bangsa supaya ninggalké Hukum Musa. Jaréné kowé ya mulang nèk anak-anaké wong-wong kuwi ora perlu disunat lan tradhisiné wong Yahudi ora perlu ditindakké.” aKis. 21:20b, 21.

7, 8. (a) Wong-wong Kristen ing Yudéa durung paham soal apa? (b) Merga wong-wong Yahudi ora paham nèk Hukum Musa ora berlaku manèh, apa kuwi berarti meréka dadi wong murtad? Jelasna.

7 Ngapa kok akèh wong Kristen sing isih manut Hukum Musa, padahal luwih saka 20 taun hukum kuwi wis ora dienggo manèh? (Kol. 2:14) Pas taun 49 M para rasul lan para pinituwa ngumpul ing Yérusalèm, terus meréka ngirim surat kanggo jemaat-jemaat sing njelaské nèk wong Kristen sing dudu Yahudi ora perlu disunat lan ora perlu manut Hukum Musa. (Kis. 15:23-29) Tapi ing surat kuwi ora disebutké soal wong Kristen Yahudi, dadi akèh sing ora paham nèk Hukum Musa wis ora dienggo manèh.

8 Ya mémang, ana wong-wong Kristen Yahudi sing ora paham nèk Hukum Musa wis ora berlaku manèh. Tapi kuwi ora berarti meréka murtad. Meréka dudu wong sing mbiyèné nyembah déwa-dèwi kafir lan saiki isih mèlu-mèlu kebiasaan sing salah kaya ngono. Terus, mbiyèn Yéhuwah dhéwé sing mènèhké Hukum Musa, dadi hukum kuwi penting kanggo wong Kristen Yahudi. Isiné Hukum Musa ya ora ana sing salah utawa mempengaruhi wong-wong dadi jahat. Tapi Hukum Musa mung berlaku pas perjanjian lawas padahal wong Kristen kuduné manut karo perjanjian anyar. Dadi wong Kristen wis ora perlu manut Hukum Musa manèh bèn isa nglayani Yéhuwah. Wong Kristen Yahudi sing isih manut Hukum Musa sakjané ora paham nèk hukum kuwi ora berlaku manèh merga wis ana perjanjian sing anyar. Kuwi ya nduduhké nèk meréka kurang yakin karo arahan ing jemaat. Wong-wong kuwi kudu berupaya manut karo arahan sing anyar saka Gusti Allah soal Hukum Musa. bYér. 31:31-34; Luk. 22:20.

”Kabar soal Kowé Kuwi Ora Bener” (Kis. 21:22-26)

9. Apa sing Paulus jelaské soal Hukum Musa?

9 Mau disebutké nèk ana kabar sing ora bener soal Paulus. Jaréné wong-wong Yahudi, Paulus mulang nèk ”anak-anaké wong-wong kuwi ora perlu disunat lan tradhisiné wong Yahudi ora perlu ditindakké”. Terus Paulus piyé? Paulus kuwi rasul sing diutus nyampèkké kabar apik kanggo wong dudu Yahudi lan dhèwèké setuju nèk wong dudu Yahudi ora perlu manut Hukum Musa. Dhèwèké ya ngélingké bèn wong-wong ora ngongkon wong Kristen sing dudu Yahudi kanggo disunat utawa manut Hukum Musa. (Gal. 5:1-7) Paulus ya nyampèkké kabar apik karo wong-wong Yahudi ing kutha-kutha sing ditekani. Dhèwèké mesthi ya njelaské karo wong sing gelem ngrungokké nèk Hukum Musa wis ora berlaku manèh sakwisé Yésus mati dadi tebusan. Terus, Paulus ya njelaské nèk wong isa dianggep bener karo Gusti Allah merga nduwé iman, dudu merga manut Hukum Musa.​—Rm. 2:28, 29; 3:21-26.

10. Apa buktiné nèk Paulus menghargai keputusané wong-wong soal Hukum Musa lan sunat?

10 Paulus ngerti nèk isih ana wong-wong Kristen Yahudi sing terbiasa nglakoni kebiasaan-kebiasaan Yahudi. Paulus tetep menghargai keputusané wong-wong kuwi. Misalé, ora kerja pas dina Sabat utawa ora mangan panganan tertentu. (Rm. 14:1-6) Paulus ya ora nggawé aturan-aturan dhéwé soal sunat. Malah, Paulus ngongkon Timotius disunat bèn wong-wong Yahudi gelem nampa Timotius sing bapaké wong Yunani. (Kis. 16:3) Paulus nulis kanggo wong-wong Galatia, ”Sing penting kuwi dudu disunat utawa ora, ning sing penting kuwi nduduhké iman lan katresnan.” (Gal. 5:6) Arep disunat apa ora, kuwi keputusané dhéwé-dhéwé. Dadi, salah nèk disunat mung merga péngin manut Hukum Musa. Terus nèk ngomong wong liya kudu disunat kanggo nyenengké Yéhuwah kuwi ya salah. Wong sing kaya ngono kuwi nduduhké nèk imané ora kuwat.

11. (a) Para pinituwa mènèhi saran apa kanggo Paulus? (b) Paulus ora gelem ngapa? (Deloken cathetan ngisor.)

11 Ana wong-wong Kristen Yahudi sing isih percaya karo kabar sing ora bener soal Paulus. Mula, para pinituwa ngomong karo Paulus, ”Ing kéné, ana wong papat sing wis nggawé janji marang Gusti Allah. Gawanen wong-wong kuwi bareng kowé lan tindakna upacara nyucèkké badan bareng karo wong-wong kuwi. Terus, bayaren kabèh biaya sing ditokké wong-wong kuwi supaya wong-wong kuwi isa nyukur rambuté. Dadi, wong-wong bakal ngerti nèk kabar soal kowé kuwi ora bener merga tumindakmu apik lan kowé nindakké Taurat.” cKis. 21:23, 24.

12. Apa buktiné Paulus ora kaku lan gelem kerja sama karo para pinituwa ing Yérusalèm?

12 Paulus isa waé nganggep sing dadi masalah kuwi dudu kabar sing ora bener soal dhèwèké, tapi wong Kristen Yahudi sing meksa bèn tetep manut Hukum Musa. Tapi Paulus ora kaya ngono. Dhèwèké ora kaku, dhèwèké gelem manut karo sarané para pinituwa sing penting kuwi ora nglanggar pathokané Gusti Allah. Sakdurungé, Paulus tau nulis, ”Marang wong sing nindakké hukum, aku dadi wong sing nindakké hukum bèn aku isa mbantu wong-wong kuwi, senajan aku dhéwé ora nindakké hukum.” (1 Kor. 9:20) Pas peristiwa ing Yérusalèm iki, Paulus gelem kerja sama karo para pinituwa ing kono lan ”dadi wong sing nindakké hukum”. Awaké dhéwé isa niru contoné Paulus sing apik kuwi. Awaké dhéwé gelem kerja sama karo para pinituwa lan ora nganggep nèk pendapaté awaké dhéwé sing paling bener.​—Ibr. 13:17.

Paulus gelem ngalah nèk ora ana pathokané Alkitab sing dilanggar. Nèk njenengan?

”Dhèwèké Kudu Mati” (Kis. 21:27–22:30)

13. (a) Ngapa kok ana wong-wong Yahudi sing marahi gègèr ing bait? (b) Piyé critané kok Paulus ora sida dipatèni?

13 Paulus karo wong papat liyané mèlu upacara nyucèkké badan sing suwéné pitung dina. Wektu upacara kuwi wis arep rampung, ana wong-wong Yahudi saka Asia sing ndelok Paulus ing bait. Wong-wong kuwi nudhuh Paulus ngejak wong sing dudu Yahudi mlebu ing bait. Akhiré keadaan ing bait dadi gègèr. Nèk ora ana komandan militèr sing teka, Paulus mesthi wis digebugi nganti mati. Terus, Paulus ditangkep lan ditahan. Luwih saka patang taun bar kuwi, Paulus lagi dibébaské. Peristiwa sing dialami Paulus iki bahaya banget. Wektu komandan militèr takon karo wong-wong Yahudi ngapa kok meréka arep matèni Paulus, wong-wong kuwi mbengok-mbengok lan ngomongké tudhuhan sing béda-béda. Komandan kuwi nganti ora ngerti sakjané sing bener sing endi. Akhiré Paulus kudu digawa lunga saka kono. Pas arep digawa mlebu ing markas prajurit, Paulus ngomong karo komandan militèr kuwi, ”Tulung ijinké aku bèn isa njelaské marang wong-wong kuwi.” (Kis. 21:39) Sakwisé diijinké, Paulus ngadeg lan kendel mènèhi penjelasan.

14, 15. (a) Apa waé sing Paulus sampèkké karo wong-wong Yahudi? (b) Bèn ngerti alesané wong Yahudi péngin matèni Paulus, komandan militèr ngapa waé?

14 Paulus ngomong, ”Tulung rungokna pembélaanku.” (Kis. 22:1) Merga Paulus ngomong nganggo basa Ibrani, wong-wong kuwi akhiré meneng. Paulus njelaské kenapa dhèwèké isa dadi muridé Yésus. Pas njelaské, Paulus nyebutké keterangan-keterangan sing isa dipercaya wong-wong Yahudi. Paulus nyebutké nèk dhèwèké tau dadi muridé Gamalièl lan tau nganiaya murid-muridé Yésus. Wong-wong sing ana ing kono mungkin ya ngerti soal kuwi. Tapi pas perjalanan ing Damaskus, Yésus sing wis diuripké manèh ngomong karo Paulus liwat wahyu. Wong-wong sing lunga bareng Paulus ya ndelok cahaya sing padhang banget lan krungu ana swara, tapi wong-wong kuwi ora krungu jelas apa sing diomongké swara kuwi. (Deloken keterangan tambahan Kis. 9:7; 22:9 saka Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru edisi pelajaran.) Sakwisé ndelok cahaya sing padhang kuwi, Paulus dadi ora isa ndelok apa-apa. Terus, wong-wong sing lunga bareng Paulus kudu nuntun dhèwèké tekan Damaskus. Ing Damaskus ana wong lanang jenengé Ananias sing wis dikenal kabèh wong Yahudi. Dhèwèké nggawé Paulus isa ndelok manèh liwat mukjijat.

15 Terus, Paulus crita nèk sakwisé bali ing Yérusalèm, dhèwèké ing bait lan ketemu Yésus liwat wahyu. Pas crita soal kuwi, wong Yahudi nesu lan mbengok, ”Patèni waé wong kaya ngono kuwi. Dhèwèké kudu mati.” (Kis. 22:22) Bèn Paulus ora dipatèni, komandan militèr nggawa Paulus ing markas prajurit. Merga péngin ngerti kenapa kok wong-wong kuwi péngin Paulus dipatèni, komandan kuwi ngongkon bèn Paulus ditakon-takoni karo dipecuti. Tapi Paulus ora sida ditakon-takoni karo dipecuti merga ngomong nèk dhèwèké kuwi warga negara Romawi lan dhèwèké nggunakké hak warga negarané. Jaman saiki, umaté Yéhuwah ya nggolèk perlindungan saka hukum sing berlaku bèn isa tetep ngibadah lan nginjil. (Deloken kothak ” Hukum Romawi lan Warga Negara Romawi”, lan ” Seksi-Seksi Yéhuwah Nggunakké Hukum”.) Wektu kuwi, komandan militèr péngin banget ngerti alesané wong-wong Yahudi péngin matèni Paulus, tapi merga ngerti nèk Paulus warga negara Romawi, sésuké komandan militèr kuwi nggawa Paulus ing Sanhèdrin, Mahkamah Agung Yahudi.

”Aku Iki Wong Farisi” (Kis. 23:1-10)

16, 17. (a) Apa sing kelakon pas Paulus nyampèkké pembélaané ing ngarepé Sanhèdrin? Critakna. (b) Wektu lambéné Paulus ditapuk, apa buktiné nèk dhèwèké tetep rendah hati?

16 Pas nyampèkké pembélaané ing ngarepé Sanhèdrin, Paulus ngomong, ”Sedulur-sedulur, nganti dina iki, aku wis tumindak nganggo hati nurani sing bener-bener resik ing ngarepé Gusti Allah.” (Kis. 23:1) Tapi Paulus ora isa nglanjutké omongané merga ”wektu krungu kuwi, Imam Agung Ananias ngongkon wong-wong sing ana ing cedhaké Paulus napuk lambéné Paulus”. (Kis. 23:2) Wong-wong kuwi ngrendhahké Paulus. Wektu meréka napuk lambéné Paulus, kuwi nduduhké nèk meréka nudhuh Paulus ngapusi padahal durung ana buktiné. Terus Paulus piyé? Dhèwèké ngomong, ”Hé, wong munafik, Gusti Allah ya bakal napuk kowé. Kowé lungguh ngadili aku nganggo Taurat, ning kowé dhéwé nglanggar Taurat merga ngongkon wong napuk aku. Apa kaya ngono kuwi bener?”​—Kis. 23:3.

17 Wong-wong sing ana ing kono kagèt, dudu merga ana sing napuk lambéné Paulus tapi merga tanggepané Paulus. Wong-wong kuwi ngomong, ”Kowé ora ngajèni imam agungé Gusti Allah.” Terus Paulus piyé? Jawabané Paulus nduduhké nèk dhèwèké rendah hati lan menghargai Hukum Musa. Paulus ngomong, ”Sedulur-sedulur, aku ora ngerti nèk dhèwèké kuwi imam agung. Merga Kitab Suci kandha, ’Aja ngrèmèhké pemimpiné bangsamu.’” d (Kis. 23:4, 5; Pa. 22:28) Saiki, Paulus njelaskéné nganggo cara liya bèn wong-wong kuwi gelem ngrungokké. Paulus ngerti nèk anggotané Sanhèdrin kuwi wong Farisi lan Saduki, mula Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, aku iki wong Farisi, keturunané wong Farisi. Aku saiki lagi diadili merga aku percaya nèk wong mati isa diuripké manèh.”​—Kis. 23:6.

Kaya Paulus, awaké dhéwé nggolèki persamaané wektu ngobrol karo wong-wong sing béda agama

18. (a) Ngapa Paulus ngomong nèk dhèwèké kuwi wong Farisi? (b) Wektu nginjil, piyé awaké dhéwé niru carané Paulus njelaské?

18 Ngapa kok Paulus ngomong nèk dhèwèké kuwi wong Farisi? Merga dhèwèké ”keturunané wong Farisi”, maksudé Paulus kuwi keturunané wong-wong sing manut ajaran Farisi. Mula, wong-wong ing kono ya isih mikir nèk Paulus kuwi wong Farisi. e Ngapa kok Paulus ngomong nèk dhèwèké wong Farisi, padahal wong Farisi nduwé kepercayaan sing salah soal wong mati isa urip manèh? Ana keterangan sing nyebutké nèk wong Farisi percaya nèk wong sing wis mati kuwi sakjané isih urip lan jiwané wong sing sipaté apik isa urip manèh ing badan sing anyar. Mémang Paulus ora percaya ajarané wong Farisi kuwi, Paulus percaya nèk wong mati bakal diuripké manèh kaya sing diajarké Yésus. (Yoh. 5:25-29) Tapi, Paulus setuju karo ajarané wong Farisi nèk wong sing wis mati nduwé harapan isa diuripké manèh. Kuwi béda banget karo ajarané wong Saduki sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh. Wektu ngobrol karo wong sing agamané Kristen utawa Katolik, awaké dhéwé isa niru carané Paulus njelaské. Awaké dhéwé isa nggolèki persamaané karo meréka. Awaké dhéwé isa ngomong nèk awaké dhéwé padha karo meréka sing percaya karo Gusti Allah. Ya mémang meréka percaya nèk Gusti Allah kuwi tritunggal, nèk awaké dhéwé percaya karo Gusti Allah sing ngarang Alkitab. Sing jelas, awaké dhéwé karo wong kuwi padha-padha percaya nèk Gusti Allah kuwi ana.

19. Ngapa kok anggota Sanhèdrin dadi gègèr?

19 Omongané Paulus nggawé anggota Sanhèdrin dadi nduwé pendapat sing béda-béda. Ing Alkitab disebutké, ”Wong-wong kuwi dadi gègèr. Ana ahli-ahli Taurat saka sèkte Farisi sing ngadeg lan mulai ngomong kasar, ’Aku lan kanca-kancaku blas ora nemokké salahé wong iki. Aja-aja pancèn ana makhluk roh utawa malaékat sing ngomong karo dhèwèké.’” (Kis. 23:9) Wong Saduki ora trima pas ana sing ngomong nèk ana malaékat sing ngomong karo Paulus merga wong Saduki ora percaya nèk malaékat kuwi ana. (Deloken kothak ” Wong Saduki lan Wong Farisi”.) Keadaané dadi saya gègèr nganti komandan militèr kudu nggawa Paulus lunga saka kono bèn ora dipatèni wong-wong. (Kis. 23:10) Tapi Paulus tetep ngadhepi bahaya. Paulus bakal ngalami apa manèh? Ayo dibahas ing bab berikuté.

a Merga ana akèh wong Kristen Yahudi, kétoké ana jemaat-jemaat sing ngibadahé ing omahé sedulur-sedulur.

b Beberapa taun bar kuwi, Paulus nulis surat kanggo wong-wong Ibrani. Ing suraté kuwi, Paulus njelaské keunggulané perjanjian anyar. Dhèwèké ya njelaské nèk perjanjian lawas wis ora berlaku manèh merga wis ana perjanjian anyar. Penjelasané Paulus kuwi isa mbantu wong-wong Kristen Yahudi mènèhi penjelasan karo wong-wong sing nganggep Hukum Musa isih berlaku. Sakliyané kuwi, penjelasané Paulus sing cetha isa nguwatké imané wong-wong Kristen sing isih manut Hukum Musa.​—Ibr. 8:7-13.

c Ana penulis sing mikir nèk kétoké wong-wong lanang kuwi nggawé janji khusus arep dadi wong Nazir. (Wi. 6:1-21) Ya mémang Hukum Musa sing ngatur soal janji dadi wong Nazir wis ora berlaku manèh, tapi menurut Paulus ora salah nèk wong-wong lanang kuwi nepati janjiné karo Yéhuwah. Mula, Paulus gelem ngancani meréka lan setuju mbayar biaya sing ditokké wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ora ngerti pastiné janji apa sing digawé wong-wong kuwi. Tapi Paulus kétoké ora setuju lan ora gelem nèk kudu ngorbanké kéwan (kaya sing biasané dilakoni wong Nazir), bèn dosané diampuni. Paulus ngerti nèk saiki mung korban tebusané Yésus sing sampurna sing isa nebus dosané manungsa. Dadi ngorbanké kéwan wis ora isa dienggo nebus dosa manèh. Awaké dhéwé mémang ora ngerti Paulus ngapa waé, tapi awaké dhéwé isa yakin apa waé sing dilakoni Paulus ora nglanggar pathokané Yéhuwah dadi hati nuraniné isa tetep resik.

d Ana sing ngira nèk wektu kuwi mripaté Paulus wis ora isa ndelok jelas, mula Paulus ora ngerti nèk wong kuwi imam agung. Utawa mungkin merga Paulus wis suwé banget ora ing Yérusalèm, mula dhèwèké ora ngerti sapa sing dadi imam agung wektu kuwi. Kemungkinan liyané, merga ing kono ana wong akèh, Paulus ora isa ndelok sapa sing ngongkon wong-wong napuk lambéné.

e Pas taun 49 M, para rasul lan para pinituwa ngumpul kanggo mbahas apa wong dudu Yahudi kudu manut Hukum Musa. Wong-wong Kristen sing teka ing kono ana sing disebut ”sedulur-sedulur sing mbiyèné saka sèkte Farisi ning wis dadi muridé Yésus Kristus”. (Kis. 15:5) Kuwi nduduhké nèk ana wong-wong Kristen wektu kuwi sing dikenal merga mbiyèné meréka wong Farisi.